꧄
, śinom,
/ sinom /
꧄
, wontěn kaholliŋ musaraṙ, duk suwuŋṅé tanaḥ jawi, pan duruŋ hana manusa, muŋ hisi laḷmbut sami, kaṙṣanira yȳaŋ widi, hapan ḍawuḥ śulthan hiŋ rum, hiŋ dalu pan supěna, kinèn wahu haṅulatti, pulo sěpi kinèn ṅisènnana jalma,
/ wontěn kaoling musarar / duk suwungé tanah jawi / pan durung ana manusa / mung isi lalěmbut sami / karsanira Yang Widi / apan dhawuh Sultan ing Rum / ing dalu pan supěna / kinèn wahu angulati / pulo sěpi kinèn ngisènana jalma /
꧄
sawuṅunira śaŋ ṇatha, pupuṅun rahossiŋ galiḥ, sigŕa mijil magělaṙran, haṇḍèṙ saguŋ pŕa diphathi, ṅandika śŕi buphathi, hèḥ phathiḥ sira sun hutus, sira hatatakonna, saguŋ kaŋ ṅambaŋ jěladŕi, ṅěndi hana pulo hiŋkaŋ maksiḥ soña,
sawungunira sang nata / pupungun raosing galih / sigra mijil magělaran / andhèr sagung pra dipati / ngandika sri bupati / èh patih sira sun utus / sira atatakona / sagung kang ngambang jěladri / ngěndi ana pulo ingkang maksih sonya /
꧄
kaŋ duruŋ hisi manusa, ki phathiḥ matuṙ wotsari, pukulun dèrèŋ wuniṅa, sakaṭaḥhé pulo sěpi, sigŕa mijil ki phathiḥ, hanimballi tukaŋ pŕahu, sakèḥhé para naŋkoda, kaŋ ḷpas ṅambaḥ jěladŕi, haṅandika ki phathiḥ mŕiŋ pŕa naŋkoda,
kang durung isi manusa / ki patih matur wotsari / pukulun dèrèng wuninga / sakathahé pulo sěpi / sigra mijil ki patih / animbali tukang prahu / sakèhé para nangkoda / kang lěpas ngambah jěladri / angandika ki patih mring pra nangkoda /
꧄
kisanak para naŋkoda, sun tanña maraŋ siréki, kaŋ paḍa lalaku dagaŋ, ṅěndi hana pulo sěpi, naŋkoda matuṙ sami, hiŋgiḥ wontěn pulo suwuŋ, winastan pulo jawa, kawan dasa dintěn něŋgiḥ, linayaṙran huběŋṅé kaŋ pulo jawa,
kisanak para nangkoda / sun tanya marang siréki / kang padha lalaku dagang / ngěndi ana pulo sěpi / nangkoda matur sami / inggih wontěn pulo suwung / winastan pulo jawa / kawan dasa dintěn něnggih / linayaran uběngé kang pulo jawa /
꧄
kula watawis wukiṙña, kaŋ hagěŋ muŋ kaliḥ dèsi, kaŋ halit kaṭaḥ waṙṇaña, kȳa phathiḥ wus malbèŋ puri, pŕapta ṅaṙṣaniŋ gusti, maněmbaḥ saṙwi humatuṙ, hatuṙré pŕa naŋkoda, pulo jawi maksiḥ sěpi, dȳan ṅandika kȳa phathiḥ maraŋ ṅaphathȳa,
kula watawis wukirnya / kang agěng mung kalih dèsi / kang alit kathah warnanya / kya patih wus malbèng puri / prapta ngarsaning gusti / maněmbah sarwi umatur / aturé pra nangkoda / pulo jawi maksih sěpi / dyan ngandika kya patih marang ngapatya /
꧄
hèḥ phathiḥ sira sahosa, woŋ roŋ ḷksa somaḥ haglis, hiya saṙta dèn napěpak, sapaŋgawéyanniŋ jalmi, měpak ṛkȳana phathiḥ, woŋ roŋ ḷksa somaḥ katuṙ, rajèŋ rum haṅandika, tanduṙṛn hiŋ pulo jawi, linayaṙkěn sapŕaptané pulo jawa,
èh patih sira saosa / wong rong lěksa somah aglis / iya sarta dèn apěpak / sapanggawéyaning jalmi / měpak rěkyana patih / wong rong lěksa somah katur / rajèng rum angandika / tandurěn ing pulo Jawi / linayarkěn sapraptané pulo Jawa /
꧄
watawis hiŋ kaliḥ wulan, woŋ roŋ ḷksa somaḥ hěntiŋ, tumapěs binaḍog sétan, roŋ puluḥ somaḥ kaŋ kari, kaplayu samȳa giris, mantuk sapŕaptanirèŋ rum, katuṙ śŕi maharaja, hiŋ rum tumpěs hiŋkaŋ habdi, hanimballi śaŋ ṇatha sakèḥ phaṇḍitha,
watawis ing kalih wulan / wong rong lěksa somah ěnting / tumapěs binadhog sétan / rong puluh somah kang kari / kaplayu samya giris / mantuk sapraptanirèng Rum / katur sri maharaja / ing rum tumpěs ingkang abdi / animbali sang nata sakèh pandhita /
꧄
haṇḍèṙ kaŋ para phaṇḍitha, śaŋ ṇatha ṅandika haris, hèḥ sakèḥ para phaṇḍitha, paran budinira sami, hiŋ pulo jawa hiki, kèḥ dŕubiksa lan lěḷmbut, janma roŋ ḷksa somaḥ, roŋ puluḥ somaḥ kaŋ kari, ya ta matuṙ wahu kaŋ para phaṇḍitha,
andhèr kang para pandhita / sang nata ngandika aris / èh sakèh para pandhita / paran budinira sami / ing pulo Jawa iki / kèh drubiksa lan lělěmbut / janma rong lěksa somah / rong puluh somah kang kari / ya ta matur wau kang para pandhita /
꧄
yèṇ suwawi śŕi ṇarèndŕa, pinasaŋṅan tumbal něŋgiḥ, tumbal kaŋ luwiḥ kuwasa, rajèŋ rum ṅandika haris, pěněd sami hakaṙdi, tumbal hiŋkaŋ luwiḥ hampuḥ, sadaya sami kaṙya, tumbal hiŋkaŋ luwiḥ mandi, sigŕa kinèn hamasaŋ hiŋ pulo jawa,
yèn suwawi sri narèndra / pinasangan tumbal něnggih / tumbal kang luwih kuwasa / rajèng Rum ngandika aris / pěněd sami akardi / tumbal ingkang luwih ampuh / sadaya sami karya / tumbal ingkang luwih mandi / sigra kinèn amasang ing pulo Jawa /
꧄
pinasaŋṅan hamajupat, pan niŋkaŋ těṅaḥ satuŋgil, nulȳa kaŋ bumi ñuwara, liṙ pèndaḥ gěraḥ sakěṭi, liṙ kocak hiŋ jaladŕi, kadȳa wukiṙ séwu guntuṙ, sétan samȳa lumajaṙ, bṛěkasakkan samȳa ṅili, hili hilu lumayu hanuñjaŋ nuñjaŋ,
pinasangan amajupat / pan ingkang těngah satunggil / nulya kang bumi nyuwara / lir pèndah gěrah sakěthi / lir kocak ing jaladri / kadya wukir séwu guntur / sétan samya lumajar / brěkasakan samya ngili / ili ilu lumayu anunjang nunjang /
꧄
kocappa wahu kaŋ tapa, jinawil maraŋ ijajil, sira ta śaŋ hajisaka, tatkalanira ṅajawi, pan kaṙṣanira yaŋ widi, kinaṙya panuttannipun, juměněŋ tanaḥ jawa, bělis lanat sampun gusis, wusña katuṙ rajèŋ rum hapaparèntaḥ,
kocapa wau kang tapa / jinawil marang Ijajil / sira ta Sang Ajisaka / tatkalanira ngajawi / pan karsanira Yang Widi / kinarya panutanipun / juměněng tanah Jawa / bělis lanat sampun gusis / wusnya katur rajèng Rum apaparèntah /
꧄
muṇḍut woŋ roŋ ḷksa somaḥ, kȳa phathiḥ wusña rakit, pěpak sakaṙyannira, linayaṙrakěn tumuli, pŕapta hiŋ pulo jawi, woŋ roŋ ḷksa somaḥ sampun, hababad wana pŕiŋga, hatata pomaḥhan sami, wusña lama datan wontěn kara kara,
mundhut wong rong lěksa somah / kya patih wusnya rakit / pěpak sakaryanira / linayarakěn tumuli / prapta ing pulo jawi / wong rong lěksa somah sampun / ababad wana pringga / atata pomahan sami / wusnya lama datan wontěn kara kara /
꧄
pan sampun taŋkaṙ tumaŋkaṙ, pan kaṙya samȳa sasabin, sapisiṙra kocappa, hiŋṅambaḥ bahita gŕami, saŋsaya halami lami, katawis hiŋ haṙjanipun, pan kocappiŋ carita, tigaŋ hatus tahun něŋgiḥ, duruŋ hana rathuné hiŋ tanaḥ jawa,
pan sampun tangkar tumangkar / pan karya samya sasabin / sapisira kocapa / ingambah bahita grami / sangsaya alami lami / katawis ing arjanipun / pan kocaping carita / tigang atus tahun něnggih / durung ana ratuné ing tanah Jawa /
꧄
maksiḥ harusuḥ kéwala, hapan kaṙṣaniŋ hȳaŋ widi, woŋ kadi manak kéwala, hiya duruŋ hana tulis, humuṙriŋ tanaḥ jawi, dèn watěssi kaliḥ héwu, tahun lan satus waṙṣa, pěrak hiŋ kiyamatnéki, duk samana yuswa tigaŋ ṅatus waṙṣa,
maksih arusuh kéwala / apan karsaning Yang Widi / wong kadi manak kéwala / iya durung ana tulis / umuring tanah Jawi / dèn watěsi kalih éwu / tahun lan satus warsa / pěrak ing kiyamatnéki / duk samana yuswa tigang ngatus warsa /
꧄
nulȳa yȳaŋ mahamulȳa, hakaṙya rathu hiŋ jawi, pan haguŋ karatonnira, habala saliṙ kumělip, ṅiŋ duruŋ dèn pariŋṅi, himan maksiḥ suwuŋ hiku, pan haran jaman tiṙta, satus tahun siṙṇanéki, nulȳa allaḥ hakaṙya rathu wiraṭa,
nulya Yang Mahamulya / akarya ratu ing Jawi / pan agung karatonira / abala salir kumělip / nging durung dèn paringi / iman maksih suwung iku / pan aran jaman tirta / satus tahun sirnanéki / nulya Allah akarya ratu Wiratha /
꧄
hantuk tigaŋ dasa waṙṣa, hanulȳa tinimbaŋ maliḥ, hakaṙya rathu ṅasthiṇa, lawan madura něŋgiḥ, lawan hiŋ dwarawathi, hiŋ puḍak satěgallipun, lawan hiŋ mondaraka, miwaḥ ṅawu hawu laṅit, satus tahun siṙṇané kaŋ jaman puṙwa,
antuk tigang dasa warsa / anulya tinimbang malih / akarya ratu Ngastina / lawan Madura něnggih / lawan ing Dwarawati / ing Pudhak satěgalipun / lawan ing Mandaraka / miwah Ngawu-awu Langit / satus tahun sirnané kang jaman purwa /
꧄
hanulȳa śaŋ mahamulȳa, hakaṙya ṇaṙphathi maliḥ, kaŋ hakuṭa hiŋ maměnaŋ, lawan hiŋ mathahun něŋgiḥ, satus tahun jaŋkěppi, siněŋkalan kuṭanipun, rasa siṙṇaña tuŋgal, nuli kalawan hiŋ pěŋgiŋ, satus tahun kuda ṅěrap siṙṇa tuŋgal,
anulya Sang Mahamulya / akarya narpati malih / kang akutha ing Maměnang / lawan ing Matahun něnggih / satus tahun jangkěpi / siněngkalan kuthanipun / rasa sirnanya tunggal / nuli kalawan ing Pěngging / satus tahun kuda ngěrap sirna tunggal /
꧄
hanulȳa yȳaŋ luwiḥ wikan, hakaṙya ṇaṙphathi maliḥ, sakiŋ tulèn wijillira, hakakuṭa měṇḍaŋ kawit, sawétan bintaréki, hiya sakidulliŋ waru, satus tahun dȳan siṙṇa, nuli hana rathu maliḥ, hiya hiku paparab saŋ jayabaya,
anulya Yang Luwih Wikan / akarya narpati malih / saking tulèn wijilira / akakutha Měndhang kawit / sawétan Bintaréki / iya sakiduling Waru / satus tahun dyan sirna / nuli ana ratu malih / iya iku paparab sang Jayabaya /
꧄
rathu hiku kuwat babad, baḍé katurunnan sidik, haměca sakèḥ něgara, jayabaya hiŋ khaḍiri, maŋkana kaŋ kawaṙṇi, sèḥ phaṇḍitha nagŕi hiŋ rum, pan haṙṣa haṅajawa, hamulaŋ ḍatěŋ śaŋ ṅaji, pan sigěggěn kocappa kaŋ don hasmara,
ratu iku kuwat babad / badhé katurunan sidik / aměca sakèh něgara / Jayabaya ing Kadhiri / mangkana kang kawarni / sèh pandhita nagri ing Rum / pan arsa angajawa / amulang dhatěng Sang Aji / pan sigěgěn kocapa kang don asmara /
http://ꦱꦼꦒꦗꦧꦸꦁ.id
0 Komentar