ꦮ
Watak 1
PUJL : watak siji kang winarna, rupa : ri kang wrědi, mirib urubirèng cahya, marma dadya watak siji dè cahyèku pinasthi, dumadi tandaning idup sang gyaning kang tumitah, nulya condra ing těgěsè lèk purnama.
۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞
꧄ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦭꦶꦩꦭꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ꦩꦸꦭꦢꦢꦾꦮꦠꦏ꧀ꦰꦶꦗꦶ꧈ꦥꦿꦮꦶꦠꦤ꧀ꦤꦺꦢꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦸꦤ꧀ꦤ꧈ꦒꦾꦤ꧀ꦤꦾꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦶꦯꦿꦶ꧈ꦤꦼꦣꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦮꦶꦗꦶꦢꦢꦶ꧈ ꦮꦶꦮꦶꦗꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱꦺꦏꦸ꧉ꦒꦤ꧀ꦠꦾꦱꦱꦶꦗꦶꦤ꧀ꦤꦂꦮ꧈ꦭꦺꦏ꧀ꦗꦁꦏꦼꦥ꧀ꦩꦸꦥꦸꦠ꧀ꦰꦱꦱꦶ꧈ꦩꦂꦩꦤ꧀ꦤꦶꦫꦢꦸꦩꦢꦶꦮꦠꦏ꧀ꦰꦗꦸꦒ꧉꧄
JGST : taŋgal limalas punnika\ mula dadỿa watak ṣiji\ pŕawitānnè duk hiŋ kunna\ gỿanña tumurun dèwi śŕi\ nědhakkěn wiji dadi\ wiwijèniŋ manuŋsêku\ gantỿa sasi jinnaṙwa\ lèk jaŋkěp muput ṣasasi\ maŕmannira dumadi watak ṣajuga\\
۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩۩
꧄ꦢꦺꦤꦸꦭꦶꦔꦤ꧀ꦤꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦰꦥꦶꦱꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦶꦁꦭꦶꦂꦔꦥ꧀ꦠꦶ꧉ꦢꦾꦤ꧀ꦤꦧꦶ꧇ꦮꦸꦢꦼꦭ꧀ꦮꦂꦢꦶꦚ꧈ꦢꦺꦤ꧀ꦚꦢꦢꦾꦮꦠꦏ꧀ꦰꦶꦗꦶ꧈ꦮꦶꦠ꧀ꦮꦸꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦏꦸꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈ꦏꦶꦤ꧀ꦤꦂꦪꦠꦿꦱꦟ꧀ꦝꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦗꦧꦁꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦥꦏ꧀ꦥꦸꦱꦼꦂꦱꦶꦤꦸꦁꦫꦤ꧀ꦰꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦚ꧉꧄
JGST :dè nuli ṅannakkěn wulan\ sapisan manniŋ liṙ ṅapti\\ dỿan nabi : wuděl waŕdiña\ dènña dadỿa watak ṣiji\ wit wuděl hiku yěkti\ kinnaṙya tŕasaṇḍannipun\ hasma hiŋkaŋ sapisan\ duk jabaŋ kulamun huwis\ pupak pusěṙ sinuŋran ṣapŕayogaña\\
PUJL : Dè nuli nganakken wulan, sapisan maning lir ngapti. Dyan nabi: wudel wardinya, dènya dadya watak siji, wit wudel iku yekti, kinarya trasandanipun, asma ingkang sapisan, duk jabang kalamun uwis, pupak puser sinungran saprayoganya.
**************************************************************
꧄ꦩꦼꦤ꧀ꦤꦺꦱꦱꦲꦶꦁꦭꦗꦸꦚ꧈ꦲꦶꦏꦸꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦠꦺꦏꦁꦮꦽꦢꦶ꧈ꦩꦂꦩꦢꦢꦾꦮꦠꦏ꧀ꦗꦸꦒ꧈ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦫꦸꦥꦚꦢꦸꦩꦼꦭꦶꦁ꧈ꦱꦶꦁꦩꦢꦾꦥꦢꦏꦺꦏ꧀ꦰꦶ꧈ꦗꦺꦤ꧀ꦲꦶꦗꦺꦤ꧀ꦰꦗꦸꦫꦸꦗꦸꦫꦸ꧈ꦱꦩꦾꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦲꦫꦤ꧀ꦤꦾ꧉ꦢꦾꦤ꧀ ꦢ꧀ꦝꦫ꧇ꦮꦼꦠꦼꦁꦏꦁꦮꦽꦢꦶ꧈ꦱꦸꦩꦂꦩꦚꦢꦸꦩꦢꦶꦮꦠꦏ꧀ꦰꦗꦸꦒ꧉꧄
JGST : Měnné sasa hiŋ lajuña\ hiku lintaŋ tèkaŋ wṛědi\maṙma dadỿa watak juga\ dénné rupaña duměliŋ\ siŋ madỿa pada kěkṣi\ jèn hijèn ṣajuru – juru\ samỿa lintaŋ haranña\\Dỿan dḍara : wětěŋ kaŋ wṛědi\ sumaṙmaña dumadi watak ṣajuga.
PUJL: Mené sasa ing lajunya, iku lintang tèkang wredi, marma dadya watak juga, déné rupanya dumeling, sing madya pada keksi, jèn ijèn sajuru – juru, samya lintang arannya. Dyan dhara : weteng kang wredi, sumarmanya dumadi watak sajuga.
۞۞۞۞۞۞۞۩۩۩۩۩۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۩۩۩۩۩۩۩۩۩۞۞۞۩۩۞۞۞۞۞۞۞۞۞
꧄ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦱꦚꦠ꧈ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦶꦱꦱꦫꦶ꧈ꦱꦫꦃꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁꦮꦶꦗꦶꦱꦩꦾ꧈ꦥꦿꦠꦶꦰ꧀ꦛꦺꦁꦲꦸꦢ꧀ꦝꦫꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉ꦤꦲꦼꦤ꧀ꦠꦩꦁꦏꦾꦧꦸꦩꦶ꧇ꦊꦩꦃꦮꦽꦢꦶꦤ꧀ꦤꦺꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦸ꧈ꦢꦺꦢꦢꦾꦮꦠꦏ꧀ꦗꦸꦒ꧈ꦮꦶꦠ꧀ꦤꦸꦮꦸꦃꦏꦼꦤꦤ꧀ꦰꦏꦺꦃꦮꦶꦗꦶ꧈ꦠꦤ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦠꦸꦮꦸꦃꦏꦁꦒꦸꦩꦼꦭꦂꦩꦢꦾꦥꦢ꧉꧄
PUJL : Déné punika sanyata, tetep nampani sasari, sarahsaning wiji samya, pratistha undhara yekti, nahenta mangkya bumi : lemah wrediné puniku, dé dadya watak juga, wit nuwuhken sakèh wiji, tanem tuwuh gumelar madya pada.
۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞۞
꧄
JGST : Hanuli budḍa wṛědiña, purus hutawa linuwiḥ dumadi, maṙma watakké sajuga, dénnéta luwiḥ dumadi, moŋka mijènni janmi. Rikaŋ ronniŋ wṙědinnipun, caḥyanniŋ gogodhoŋṅan, mula dadỿa watak ṣiji, dé tŕasoṅḍa hurip piréŋ cucukulan.
EBBY : Anuli budha wredinya, purus utawa linuwih dumadi, marma wataké sajuga, déné ta luwih dumadi, mongka mijèni janmi. Rikang roning wredinipun, cahyaning gogodhongan, mula dadya watak siji, dé tra sondha urip ira ing cucukulan.
꧄
JGST : Mỿaŋ tanněm tuwuḥ punnika, yèn katon godhoŋña paṣṭi, hiku toṇḍa wiji gěsaŋ, yèn godhoŋ tan katon lalis, sambuŋṅé bañjuṙ mèdi, punniku těgěsṣé jubuṙ, dé konno kaŋgo maṙga, susukěṙriŋ nḍara ṅunni, nulỿa hiku hapan bhuntut waṙdinnira.
EBBY : Myang tanem tuwuh punika, yèn katon godhongnya pasthi, iku tondha wiji gesang, yèn godhong tan takon lalis, sambungé banjur mèdi, puniku tegese jubur, dé kono kanggo marga, susukering ndhara nguni, nulya iku apan buntut wardinira.
꧄
JGST : Dénniŋ pokkiŋ buntut hiku, hamuŋ sajuga kaŋ paṣṭi. Gumantỿa dara těgěsña, ya pěkṣi dara sayěkti, dadinné watak ṣiji, dénné dara hiku saṙju, ṇayom kulinnèŋ jalma. Nuli jalma : woŋ kaŋ wṛědi, dé dumadỿa wiwijèn titaḥ hiŋ sukṣma.
EBBY : Déning poking buntut iku, amung sajuga kang pasthi. Gumantya dara tegesnya, ya peksi dara sayekti, dadiné watak siji, déné dara iku sarju, ngayom kulina ing jalma. Nuli jalma : wong kang wredi, dé dumadya wiwijèn titah ing suksma.
꧄
JGST : Héka : sawiji těgěsña, hutawa tuduḥ winnaṙdi. Nulỿa wakṣuta jaṙwaña, hannak lawan hawak tuŋgil, puṙwanné kaŋ sajati, saka wiji dadinnipun, siti : ḷěmaḥ wědhènña, mila dadỿa watak ṣiji, dénniŋ bisa kaŋ wujud tinnon měñjila.
EBBY : éka : sawiji tegesnya, utawa tuduh winardi, nulya waksuta jarwanya, anak klawan awak tunggil, purwané kang sajati, saka wiji dadi nipun, siti : lemah wedhènnya, mila dadya watak siji, déning bisa kang wujud tinon menjila.
꧄
JGST : Dỿan hawanni hiku suṙya, hutawa kěnděl kaŋ wṛědi, maṙma watak ṣawijwéka, kaŋ sorot mijaŋkěn waṙdi, wujud ṣawiji-wiji. Gỿa wuŋkullan těgěsṣipun, pan hiya wuwutuḥhan, dumadinnè watak ṣiji, taṙlèn ṣaka dènta hawutuḥ wujudña.
EBBY : Dyan awani iku surya, utawa kěnděl kang wrědi, marma watak sawijwéka, kang sorot mijangkěn wardi, wujud sawiji-wiji. Gya wungkulan těgěsipun, pan iya wuwutuhan, dumadinè watak siji, tarlěn saka děnta awutuh wujudnya
꧄
JGST : Nulỿa wulan těgěsṣira, humuṙ saṅalikuṙ hari, mila dadỿa watak juga, hawit hiku wěnaŋ hugi, winnastannan ṣasasi, hutawa babaṙkěn hiku, něŋgiḥ taŋgal ṣapisan, gantỿa niyata kaŋ wṛědi, yêku těměn mila dadỿa watak juga.
EBBY : Nulya wulan tegesira , umur sangalikur ari, mila dadya watak juga, awit iku wenang ugi, winastanan sasasi, utawa babarken iku, nenggih tanggal sapisan, gantya niyata kang wredi, yèku temen mila dadya watak juga.
1 Komentar
ꦩꦤ꧀ꦠꦧ꧀
BalasHapus