꧁ꦱꦸꦭꦸꦏ꧀ꦧꦼꦱꦶ꧂
SULUK BESI
Anggitanipun Abdi-dalem Pangeran Wijil ing Kadilangu.
Pupuh 01 Pupuh 01
DHANGDHANGGULA DHANGDHANGGULA
1. Pasang tabe sekar madu manis, wasitagnya sudarmeng susanta,
nahan kirtya wuryaning reh, pasal kang tumrap suluk, aneng janma
satwa ran ki Besi, langkung mesu wardaya, karyanya alungguh,
aneng tepining samudra, kang pinangan mung nginum sajeng tan
malih, lawan meneng karyanya.
2. Aneng pereng ampingan andhemping, wus salama datan kauningan,
saking rempit panggonane, laminya tan cinatur, inumanya amung
sakupi, sarta gelas tan tebah, palala ing Hyang Ngagung, tan telas
salaminira, ing sawiji dina kang ngadarbe siti, nuju arsa leledhang.
3. Dhasar pinggir desa gening santri, kae guru tan mawi sakabat, saha
kaskul jujungkate, atasbeh jubah cripu, sapraptane ing pinggir gisik,
madeg anon samudra, nulya dangu-dangu, nolih wuri ana / janma ,
pinaranan meneng datan ngancarani, ki pangulu angucap.
4. Rika iki apa wong atapi, yen tapaa sajeng dera pangan, yen mahas
seng pratikele, kaya wong tapa nekung, nging degsura tatrapireki,
ulate pundirangan, apa dhasar bisu, eh manusa angucapa, apa sira
basa sabrang tawa encik, nadyan cik sun kaduga.
5. Apa kang sasato sira iki, apa bongsa ejin parayangan, apa
kesurupan kiye, sarya maca tengawud, duk miyarsa sira Ki Besi, ing
wuwus kang mangkona, nlongsa jroning kalbu, nora talah ya Ki
Ummah, mring sepadha wuwuse cumeri-ceri, eh ta ewa mangkona.
6. Ngong jawabe ririh denirangling, pasang tabe sampun aduduka,
kawula tebih wijile, sarah katut ing laut, sakawasa kajat mratapi, ki
pangulu duk myarsa, mesem sarwi mungkur, tapaning ibelis laknat,
mangan sajeng sira lungaa tumuli, aja nunggal ing tanah.
7. Basa kene panggonan ing santri, bo/k nunulari ing mumurid ing
wang, ingsun pamulangan gedhe, Ki Besi malih muwus, punapa ta
batalna kyahi, ing tyas kajat prawita, marang ing Hyang Ngagung,
paduka wus pinandhita,teka cukeng ing tanah kawula geni, ujare
wong pandhita.
8. Wus pinongka jasad bettolahi, anglairken sipat tri prakara, ki guru
rengu netyane, aja sira amuwus, kumawawa teka kumawi, puluh sira
ngucapa, mung kandheg ing clathu, guci-mu sira guwanga,
bokmanawa ingsun sudi angangsuli, sakeh ing wuwusira.
9. Maksih ririh wuwuse Ki Besi, kang waragang lamun binucala, punapa
kaindhakape, ki guru nyentak muwus, iku setan karam linewih, blis
tan wruh ing tata, buwangen den gupuh, mengko sun ajag angucap,
lamun ora dera guwang sajeng guci, lalu tan sudi mulat.
10. Besi angling manawa kiyahi, ingsun guwang guci si waragang, yen
weruh karam karepe, ki guru jelih muwus, eh / ko kapir karam kang
ngarti, timbalan ing panutan, sing sapa anginum, ing sajeng kalbeng
naraka, lawan adoh panggawe marang ngabecik, ko setan apa
wruha.
11. Ing kalale sajeng ta ko belis, Besi ngucap eh kyahi menawa, kawasa
jawab su’ale, itung ing tyas pukulun, ingkang santri tan pesthi swargi,
yen pegata lan nalar, nalara puniku, kalamun tan tinandangan,
nadyan silih tandangana saben ari.
12. Ingkang mangan karam bakal mati, kang tan mangan tan wurung
palastra, balik yen mati kapriye, yen pesthiya swarga gung, enak
dening gon ambuwangi, ki guru nolih lenggah, basakna sireku,
karuhan lamun minulya, wong kang gama cinadhang ingkang
swarga-di, widadari nyanyadhang.
13. Sira wuwus sipat ing Hyang katri, iku ora ta agung lan murah,
kawasa kaping telune, Ki Besi aturipun, inggih leres puniku ugi, ki
guru ciya-ciya, latah nyablek pupu, Besi muwus kang punika, punapa
asipat agung wus darbeni, dene dahwen paduka.
14. Punapa ta / kawula kiyahi, jinawekna titah ing Hyang Suksma, teka
kapati dinahwen, kawula kamipurun, amangsuli atur kiyahi, supados
pakantuka, sapangat pukulun, santri ingkang mesthi mulya, leresipun
rineksa ing donya ngakir, dene maksih sangsaya.
15. Kang pinangan jejaluk saari, ari miwah ki guru punika, deningoni
mring muride, yen mungguh awak ingsun, siya-siya ingsun mastani,
dene kawula ingkang, tan bukti sawindu, amung kang nginum
waragang, mung saguci awak rahmat sajeng misih, dene tan
bekrakakan.
16. Pan kagepok wadine ki santri, sru muleleng asta suraweyan, eh apa
su’al-mu kabeh, den akeh den-atumpuk, kalumpukna aywana kari,
mengko ingsun kang jawab, yen sira nora wruh, ingsun guruning
ngulama, kae Besi inggih kawula kiyahi, gadhah su’al wadhagan.
17. Pan kasengsem duk kalebeng warih, lulumuten kalebeng pawaka,
nusup nga/ra-ara gedhe, kagyat ana wong bisu, nguwuh-uwuh
melingi kuping, sirna manggung katingal, bagda durung rukuk,
ngambil geni tur didiyan, akekebut tur kang kinebutan angin,
ngangsu pikulan toya.
18. Lan isining jagad sadayeki, pinten prakara kabeh cacahnya, lah ika
jawaba kabeh, ki pangulu anjetung, wiruruten netyanira nis, legeg
tanpa wicara, asawang cungkulub, arsa muwus bokmenawa, tan
katuju malah garowah twasneki, satengah tanpa apngal.
19. Asru ing ngetak mawanti-wanti, upamane wong tuli awuta, kongsi
jinawil pupune, kagya[t] ki guru muwus, sayektose kawula kyahi,
basa karana Allah, adhuh minta ampun, pangaksama insa’allah,
adhuh kyahi kawula anunuwun yekti, ing paduka mulanga.
20. Kamiselek ing tyas merbes mili, saking kaduwung salah ing tingkah,
Ki Besi awlas driyane, eh reke dika mantuk, sampun siliha wektu
tangis, /wus parentah ing Suksma, jer dika kumingsun, reke nunten
umantuka, sampun dangun puniki wus metu mahrib, reke andika
salat.
21. Adhuh Kyahi boten purun mulih, nadyan silih jangkepa sawarsa, mati
ing gon wus pesthine, Ki Besi awas dulu, bok kiyahi ingsun tuturi,
supaya amuliya, aywa wet mor ingsun, mamedhar pruwitaning wang,
eh kiyahi pangulu ywa walang-ati, nging nuli alungaa.
22. Pan kageseng duk kalebeng warih, lulumuten duk aneng pawaka,
banyu ing netra tegese, gesenge eremipun, basa lumut sajroning
geni, roh ilapi geninya, apngal lumutipun, pramila lumut angaranan,
tegesipun undhak ing kawruh sajati, angrampo nora suda.
23. Nusup ngara-ara semuneki, iku nunggal sirna kang katanial,
makripat iku ngilmune, paningal ing reh iku, kagyat ana wong bisu
nenggih, rumunggu jroning karna, apngal ing roh kudus, bakda
sadurung ing niyat, iya iku kang salat jro sanubari, ngangsu piku/lan
toya.
24. Kita iki kaserenan nasir, geni banyu angin lawan lemah, ajujuluk
jagat reke, miwah saisinipun, jagat traya mung tri prakawis, kang
dhingin ran nurrullah, kapindhone iku, wujud kahanan ing Ngallah,
ing tegese mendhak lan mandhukul nenggih, basa nur iku cahya.
25. Apa ingkang tanpa cahya iki, sabarang kang katon ngalam dunya,
pesthi mawa cahya kabeh, ingkang ngabang kang biru, ana bawuk
kalawan kuning, reged resik mawarna, akeh rupanipun, kabeh iku
aran cahya, dene mendhak mendhukul puniki yekti, barang kang
katingalan.
26. Pesthi kacek-kacek sadayeki, marma muni sipat jroning lapal,
mukallapa tumaninge, lil kawadisi iku, gih puniku muradireki, muwah
lokat maknannya, mung prasejenipun, pangulu kala miyarsa, sru
marwata kalangkung panuwun mami, saking barkah paduka.
27. Sajeg kawula dereng amanggih, cipta kadya pangandika tuwan,
wasisan mangsuk nuwun, mugi tedah/ena wak mami, wonten su’al
rinasan, santri tanpa bedhug, lan tunjung tanpa telaga, lawan
ingkang sagara gung tanpa tepi, papan datanpa serat.
28. Sagara gung laut tanpa tepi, lah punika mugi barkahana, kae Besi ris
wuwuse, modin kang tanpa bedhug, sasemune ana kang ngilmi,
agama tegesira, agama puniku, nora nana sampurnanya, dudu kalek
ing manusa semuneki, tunggal sirnaning nganyar.
29. Wus jumeneng sahadat sajati, semuning tunjung tanpa telaga, roh
ilapi sajatine, ananing dattolahu, iya iku ingkang nguripi, miwah
tekeng pralina, iku sawabipun, tandhane kang duwe tondha, kang
tumondha aja angrasani gusti, uwisa dening para.
30. Sagara gung laut tanpa tepi, kanyatahan urip ing Pangeran, kaya
mengkono tatrape, miwah urip ing banyu, banyu dening tan keneng
pati, sapa silih weruha, pati ning/kang banyu, su’alaning ngurip
tunggal, sirna luput (sic) kang nganeng dattolah singgih, yeku sagara
mulya.
31. Papan reke ingkang tanpa tulis, pawor ing solah wujuding tunggal,
rasa jati iku reke, ki pangulu umatur, pasang yogya puniku kyahi,
leres sarta karasa, mring sajroning kalbu, kuneng ingkang nganeng
wisma, arinira ki pangulu angulati, kongsi dalu tan prapta.
32. Ingulatan dangu tan pinanggih, wus tinurut paran ingkang raka,
cineluk sumaur rereh, adhi kene gon ingsun, aja swara ing lyan
sireki, lagi lega tyas ing wang, kang rayi umatur, lumebu gampeng
gumampang, tumranggal edir ing tyas amemasang dhiri, watak
tingkah taruna.
Pupuh 02 Pupuh 02
SINOM
1. Punapa ingkang kinarsan, lawan sinten rowang linggih, ing ngarsa
paduka kakang, tanpa kurmat ing ngalinggih, punapa setan ejin, tan
weruh paduka guru, nulya lenggah tan taha, rika reke wong ing
pundi, papantese angrimuk mring sinatmata.
2. Ki Besi anjawat asta, rehning sudaranireki, / mitranipun sang wasita,
pasang bage sang ngaprapti, kados yen den-ulati, rakanta tan mawa
tutur, leres angulatana, sang liningan tan nauri, teka meneng Ki Besi
mesem wardaya.
3. Ki Besi aris atanya, mring panguluh eh kiyandhi, sinten wastane
arinira, ki pangulu lingira ris, kadang ngong kang taruni, awasta ki
Ketib luhung, karyanya amratopa, ngibadah ki’at lapali, kae Besi
mesem sarwi iyatalah.
4. Nora kayaa ki umah, numbras edire kepati, kaya dudu titah ing
Hyang, apaa tegesing Hyang Widdhi, sih ing sira pribadi, nora asih
ing Iyanipun, Hyang Suksma ta kerana, siya esak nandhang milih,
sawusira dangu meneng ingenengan.
5. Ki Ketib Anom angucap, ingsun jawab maring kami, ingsun duga
nora watak, kaya kakang tanpa budi, ingsun dening Hyang Widi,
sinungan kwasa donyeku, ala becik ingsun kadugi, /panduming
Hyang ing dunya sinung pangwasa.
6. Yen sira mitra mring kakang, apa karti ning ngaurip, atawa jawab
maring wang, Ki Besi sumber ririh, linggih ing karya mami, ambekan
lawan rumungu, apa kang dera pangan, nginum sajeng kang sun
bukti, kae Ketib anjelih ariyak-riyak.
7. Nora lidok ujar wang, si setan angajak kapir, lungaa teka ing guwa,
dawek kakang padha mulih, wong kena ing jeladri, linaden rowang
amuwus, Ki Besi lona angucap, eh Ki Ketib kados pundi, ing
wuwusta kapir punapa artinya.
8. Kang raka ris angandika, eh adhi dipun-aririh, micaraa den-atata,
sirik alat mring sasami, kang rayi anauri, linggih yen karsanta purun,
lumadi sawatara, nanging nunten dawek mulih, eh sang tapa sira
tanya kehing kopar.
9. Satus pitungpuluh lima, munapek lan kapir jindik, lawan kapir
mutajilah, munapeg gedhening kapir, Ki Besi anauri, ka/dos pundi
artinipun, Ki Ketib ngling mangkona, munapek wong tan gugoni, yen
manusa sabarang tan aguguwa.
10. Sapa sudi tetunggalan, mara jawaba Ki Besi, inggih leres nanging
uga, kalamun wong tan gugoni, pama kinarya gusti, pesthi yen kena
tinurut, kinarya nara nata, kawula kadugi ngabdi, Ketib angling liya
iku ora nana.
11. Sagung guru kang ngulama, kitab-kitab sun petani, kalamun bisa
anyu’al, tetep ingsun anguroni, Ki Besi anauri, kang lewih mokal ing
Rasul, nengguh ingkang wiwitan, kang winastan lapal kidib, basa
kidib linyok (basa linyok) cidra.
12. Basa cidra sinten ingkang, kawasa dipun-tunggali, nadyan jasade
priyongga, pesthi tan bisa nyundhuki, nadyan silih Hyang Widdhi, tan
pinereng karsanipun, sinten remen dinoran, ki guru amuwus aris,
yayi bener wecane sang pinandhita.
13. Destun wong ngulah agama, ngrujugaken tingal batin, mongka
manggung aselaya, / kaya paran gon ing dadi, gela tyase Ki Ketib,
dene bisa acelathu, arep ingsun wiwirang, teka dadak bisa angling,
iya bener Ki Besi kang saprakara.
14. Ana maning su’al ing wang, rondhon wilis tanpa warsi, mara uga
anjawaba, adan sumaur Ki Besi, sipta nguripireki, iya iku uripipun
sirnaning nguripira, jumeneng ngurip ing gusti, ywa kaliru mati urip
saya nunggal.
15. Iku sampurnaning ngedat, Ki Ketib malih nauri, tanggal pisan
kapurnaman, kerut ing grahana singgih, sentek pisan nigasi, paran
uga semunipun, Besi ngucap punika, sentek pisan anigasi,
sasmitanya liru wujud ing kahanan.
16. Sapa kwasa mulat myarsa, sinten bisa ngakal mosik, siraningali
punika, ananya ananing Gusti, aywa angroro dhiri, iku surasaning
kumpul, sirnane padha ana, kang sirna wujud yen mati, ingkang
padha ana Pangeran lan Suksma.
17. /Tanggal pisan kapurnaman, tur kelu grahana singgih, puniku reke
semunya, ing mangke kadya duk nguni, kang karasa sajati, anaya
mangke puniku, tur kinarya lantaran, kang kariyin kurup alip, dede
sastra kang tapsir roh kang sampurna.
18. Nyatane tapsir puniku, wawadhah ing roh sajati, wadhah ing tapsir
puniku, lwih alus luwih suci, wus aja angraosi, den awas aja kaliru,
lan aja sumambrana, yen sira nora udani, iya iku kang nyata tingal
kawula.
19. Allah Muhkamad pamornya, lan puji pratikelneki, dongane anjawat
tangan, jenengingsalat ta mangkin, kang jenengaken ugi, ya
paworing salatipun, tan wruh anjawat tangan, tan wruh ing rasa
sajati, iya iku aran pamor jeneng tunggal.
20. Sapa ngawinaken para, Ki Besi yen nyata luwih, Ki Ketib datan
saronta, nging misih mempeng tyasneki, Ki Besi a/nauri, Allah kang
mongka pangulu, walinipun Muhkammad, Jabrail mongka sesahit,
malah aneng sajroning masigit johar.
21. Monongka karesminira, apa tingkah-mu Besi, eh Allah apulang
karsa, iya aneng jroning kapti, apa mas-kawineki, den aglis sira
sumaur, nenggih mas-kawining wang, sayektine ngilmu jati, ajejuluk
kiyanat kekasihira.
22. Nging sampun kaliru tompa, wastaning kiyanat singgih, panjenengan
ing Sang Hyang Dat, edat mutelak kang jati, kidan lan bakaneki,
wujude datan kadulu, mung Kyang Suksma kang purba, kang kapti
sajroning kapti, pan punika sampurnaning mas kumambang.
Pupuh 03 Pupuh 03
MASKUMAMBANG MASKUMAMBANG
1. Ya kerana kumambang ingsun arani, napi wujudira, isbate
amartandhani, kaya edat jnengira.
2. Eh Ki Besi sapa nginum lawan bukti, eh singgih punika, engaming
dat para iki, sampun amanut ing liyan.
3. Yen wus bukti arsa nginum toya suci, urip jeneng para, karana
ingkang / rohkani, rohkani angsaling cahya.
4. Cahya iku patibaning johar wening, dhuh sapa rowangnya, lamun
sira bisa ngising, bisa mangan lan sembayang.
5. Lan utawa wruh ing ngiman lawan tokit, kalawan makripat, sira
weruh sadat jati, kalawan sadat sekarat.
6. Apan tunggalipun kawruh rasa jati, iku tan pantara, salate rahina
wengi, pan sakehe iku salat.
7. Punapa ta kepasang yogyaning galih, Ki Ketib karoban, ing pasang
siptaning lungit, rong sangat meneng tan ngucap.
8. Kae uwa pengulu ririh anjawil, mring Ketib rinira, eh kadhi aywa
nyampahi, sang wiku sabar waspada.
9. Angur silih ngalapa barkah ing ngilmi, malar wuwuh bisa, Ki Ketib
sendhu dennya ngling, Kakang wong sami tinitah.
10. Ewa punika kakang ngong ngubayani, lamun saged babar,
wasiyating guru mami, kawula dereng kabuka.
11. Durung gingsir sayarda tyasnya / Ki Ketib, angangseg mangarsa, tur
wus wayah lingsir wengi, Ki Besi rika jawaba.
12. Kaya paran urip tingkah ing Hyang Widdhi, cilik lan gedhenya, akeh
lan apa sawiji, kalamun iku akeha.
13. Pan wus muni sajroning kang dalil kadis, siji pasthineka, yen siji ya
kadi pundi, sagunging makluk kahananan.
14. Lah jawaben dipun-age den-matitis, aywa meneng para, Ki Ketib
sajroning batin, durung wruh manising su’al.
Pupuh 04 Pupuh 04
DHANGDHANGGULA DHANGDHANGGULA
1. Nedha aglis jawaben Ki Besi, teka mulur Ki Besi tyasira, mara rereh
apakoleh, eh ananing Hyang Ngagung, secakakan manira wangsit,
mani jro samudra, caplek mungguh tengsun, lawan silih warna pira,
saisining samudra kang keneng warih, nadyan wedhi lan lemah.
2. Yayi yuyu yayah yanging warih, warih warateng jiwa rakatha, mina
mimi katuwone, wawejingen puniku, pineresa apa kang mijil, mokal
metuwa naga, pesthi metu banyu, banyune sayekti padha, lawan
ingkang sinaba warih jaladri, iku mungguh manira.
3. Upamane mina jro jaladri, ye/n mariya pamanganing toya, apa silih
jujuluke, tur nora dadya manuk, kari mati apulang [Wi]dhwi, duduh
iwak mor tirta, sisik dadi endhut, lah apa winalang driya, kae Ketib
sumungkem awetu tangis, ing padanya sang kaka.
4. Besi angling punapa kiadhi, durung nrima semu kang mangkona,
baya maksih aroronce, ing sipta durung cundhuk, Ketib ngucap sarwi
anangis, sang pandhita-pinandhita, Nabi Duta langkung, rahmating
tingal jro driya, guru amba satus kawanwelas maksih, dereng
kapareng uga.
5. Tangis amba tobat mring Hyang Widdhi, ko mangkene rasaning
ngawirang, enak ginebug wong ngakeh, maksih kawasa dulu, lawan
jeneng duraka jisim, iki duraka nyawa, baya tegesipun, ebate ing
tyas manira, kae Besi bisa ngasmala ngreh mami, malah tan kwasa
mulat.
6. Karunanya asawang pawestri, Ki Pangulu angluluh wuwusnya, adhi
mau ngong kapriye, banget pamenging ngingsun, ingsun yayi jer tas
nglakoni, wus a/ywa keh rinasan, minta apureku, Ki Besi langkung
sagara, Besi angling ana ta kadis sawiji, pangandikaning Suksma.
7. Sagung manusa titah ing Widdhi, teka nora nimbangi sih ing Hyang,
lamun bengi enak sare, sun reksa mangu-mangu, teka ngebuhaken
Hyang Widdhi, wong marentah pengeran, kang mangkono iku,
samongsa ingsun tinggala, kari rusak bathange pinangan genjig,
Ketib apa mangkona.
8. Nora nana goroh dadi tamsil, lamun turu lali Hyang Wasesa,
kadukan cahya waune, sira tangi puniku, eling para lamun anggusti,
alip jenengan para, kang sampun angguru, sayekti salat punika, nora
kaprah nanging kaprah anglampahi, wau wonten punapa.
9. Satangining karuna Ki Ketib, anebut pupungun waspa, satata umatur
rereh, eh pukulun sang wiku, dhuh kawula paduka neksi, ing jaman
wurining wang, aywana kadyengsun, /malar pinongka upama,
kalakuhan pangucap anjunjung dhiri, kaenas bongsa kewan.
10. Kawula dhuh panjingna mumurid, saparanta tan taha selaya,
rumusak tapak padane, umangsah arsa ngujung, jawab pada nulya
Ki Besi, api ametu toyan, sangadinya nguyuh tinut wuri datan ana,
ingulatan wong loro datan pinanggih, emeng tyas sakaliyan.
11. Wangsul mring guwa arsa manganti, kajat reresik patilasannya, bok
keneya suwe-suwe, kupi arsa jinunjung, supayane pernah gyaneki,
ginuyuh kupi musna, kari gelasipun, kang gelas anglis tinepak,
swaranya jur kumariyek punang bling, binuka datan ana.
12. Ketib sadhadep Pangulu anjlih, Dhuh Ki Besi punaka kawula, tuwan
ilok-ilokake, destun tyas durung tutug, manggung kyadhi kang
mamadoni, ya Allah nora talah, maring ngendi mau, tumutur medal
singguwa, Ki Panggulu subrata mamati ragi, nedya/sumusul paran.
13. Niki Besi eh para ta yayi, wus te/k/dire pinaringan susah, sira muliya
den sareh, ywa nikelaken tuduh, ing wong tuwa sira gumanti,
Pangulu mumulanga, ingsun arsa nglangut, lah poma sira muliya,
kur-ungkuran Ki Ketib teka nuruti, tan ana bisa ngucap.
14. Byar rahina pangulu wus tebih, anut pasisir saparan-paran, kalulun
non samudra rob, ribet tyas dennya dulu, kaya paran ingkang jaladri,
banjir teka ing ngapa, mring diasastipun, pitekur anjum wardaya,
lilingsene lupa luwe sarta arip, ana rasaning driya.
15. Nulya mangkat wus samangkat ati, ati tata-tataning satitah, katutuh
kang durung teteh, tetela lamun luput, lepiyan kang wus kawuri,
nulya ana sungapan, anjog samudra gung, gung tikbra anon
sungapan, iya talah banyu iki seka ngendi, mring di paranira.
16. Kacathet durung teka lumaris, datan kena katon ingampiran,
binetahan amrih beteh, wus lami lampahipun, /kuneng gantya
winuwus malih, Ketib ing lampahira, anilab tan mantuk, tan suda
rasaning driya, kae Besi agawe cuwaning ati, mring ngendi paranira.
17. Cecawetan anjujur wanadri, tan kena janma katon tinanyan, Ki Besi
mring di parane, kang tinaken tan weruh, malah ngucap anarka
baring, saparannya mangkona, lepas lampahipun, ana lakon pitung
siyang, datan ana gubug padesan kaeksi, wus laju lampahira.
18. Tan ana janma ingkang kaeksi, tinakenan miwah jinalukan, karana
telas sangune, sangu antuk jejaluk, nging puniku tan ana kari, susah
ketib tyasira, laku durung tutug, kaselak cupet sangunya, tengah
wana ana katon janma kaki, kaki tur kawlas-arsa.
19. Lara lempahreng pinggir ing kali, tunggak dhoyong ingkang
ingenggenan, tur bolong pernah bokonge, pamrihnya lamun nguyuh,
ywa kongsi susah lumaris, ngarsane ana ancak, sega iwak
ngumbug, panganan sunging wong dagang, pinggir dala/n karyane
amung ngamini, istijab pandonganya.
20. Cahya wenes wutuh busaneki, duk umiyat Ki Ketib umarak, takon Ki
Besi parane, sinauran tan weruh, atetanya wong ngapa kaki,
panggonan panganira, miwah busaneku, sakalangkung tan sayogya,
aneng wana panganane sarwa adi, sapa kang manci sira.
21. Anauri wong liwat kang manci, Ketib mojar eh aja dinawa, ingsun iki
selak luwe, musapir segamu, kaki asung karsanireki, paweweh ing
Hyang Suksma, den warek den tutug, Ki Ketib sawusnya mangan,
atetanya satemene iki kaki, apa panggotanira.
22. Sun tingali lempoh sira iki, tur adoh pakarang pawisman, pepak
sandhang lan pangane, sun banget salang gumun, lawan pira
lawasireki, ki Tuha lon saurnya, meh ana sawindu, kamurahaning
pangeran, durung ngepot kang sun sandhang kang sun bukti, ya
Al[l]ah lewih murah.
23. Wong adagang sun darma ngamini, dumadakan kolur sandhang
pangan, lan tanpa braya sun kiye, murahaning Hyang / Ngagung,
lagi durung ginanjar pati, kon urip ana pangan, ning sapanganipun,
Ketib angling bener sira, lamun urip sarba istiyare prapti, murah ing
Hyang istiyar.
24. Iku basa kekerasan kaki, sato kewan lawan gagermeta[n], pesthi ana
istiyare, marma na panganipun, mongsa kaya Pangranireki, ithik-ithik
amurah, pira kadaripun, jatining Hyang Maha Mulya, nora arah
mongka ngaku sira kaki, den regsa saben dina.
25. Sira mongsa kayaa Ki Besi, bisa nora lunga-lunga lawas, nanging
tan mangan jatine, mongsa kaya sireku, abung desa ngaku tan
gingsir, tekeng panggonanira, tur ngaku sawindu, ithik-ithik
kamurahan, ning Pangeran dening ingsun anglakoni, wong padha
duwe Allah.
26. Tan mangkone pratikele kaki, nora murah yen tan lan istiyar, kaki
tuwa muwus rereh, mongsa seje ya iku, Allah sira lan Alah mami,
amung sira kang beda, kalawan katengsu/n, ana lapal sipat iman,
lawan ana lapal yahomil ‘akiri, ngandel dina ing wuntat.
27. Kae Ketib latah anauri, teka dalurung etunging desa, nadyan lapal
kang mangkene, ya iku dalanipun, marma saking istiyar neki,
mengko kaki ngong jarwa, jasat lan roh alus, lamun maksih bongsa
badan, kamurahan margane istiyar wajib, lamun wong bongsa
nyawa.
28. Kamurahan tanpa dalan prapti, iku kaki yen mungguh manira, ki tuwa
meneng eseme, yatalah ta Hyang Ngagung, bisa karya awarni-warni,
kuneng kang rebut swala, ana peksi siyung, aneng panging kayu
sana, amelingi Ki Ketib rungokna mami, bener si kaki tuwa.
29. Ingsun uwus belani si kaki, keneng pulut bodhol swiwining wang, tiba
ing kali lor kiye, brondhol tan bisa mabur, katuju tan koningan janmi,
kasangsang neng perbatang, iku antep ingsun, tur aneng tengah ing
toya, nora bisa ngalor ngetan ngulon sami, mung jajah saperbatang.
30. Duk ing kono ingsun krasa ngati, paran baya / manuk aneng toya,
manuk alas ingsun kiye, dudu manuk neng banyu, dumadakan ing
luhur mami, kang tumelung nging toya, ana kayu senu, tanpa uwoh
ingkang wreksa, osik ingsun lekasana kayu siji, dudu panganan ing
wang.
31. Yen buluwa atawa waringin, lawan enggal ingsun arsa-arsa, wus
takdir kene patine, narima awak ingsun, katujune tan mati wingi,
umur wuwuh rong dina, ganjaran Hyang Ngagung, tan antara nuli
ana, wre branahan angalih panggonaneki, iku neng luhur ing wang.
32. Kecerane yen mangan kang kopi, iku akeh runtuh neng perbatang,
kang sun pangan salawase, sun kongsi bisa mabur, marma sidik
wuwusing kaki, iku sira idhepa, Ki Ketib sumaur, sira iki manuk apa,
bisa ngucap pakarti tur kaya janmi, layak yen mangkonoa.
33. Ujer sira malekat sajati, nadyan silih sira malekata, kwasa manusa
jatine, jati manusa tengsun, ingsun iki hyan tan udani, sa/polah
tingkah ing wang, prentah ing Hyang Ngagung, sun jumeneng
rahsaning Hyang, arep apa sira manuk apraduli, tan arep pangrehira.
34. Gantya menco ngling tutur sajati, ingsun ingon ing anak sudagar, sun
cumbu uculan bae, mati aneng wana gung, gustingsun sadagar
sugih, binegal aneng alas, dadya sun nglangut, marma bisa ngucap
janma, tan pantara sang menco wus mabur tebih, Ketib sumelang
ing tyas.
35. Arsa ginugu datan kadugi, tan ginugu ing tyas tan anduga, enget
tyas meneng asuwe, ngur malekat ta iku, nora tanggung gon
angrasani, mudhun mring kaki tuwa, lah kaki lilamu, sega ingkang
wus sun pangan, lawan ingsun anjaluk kang sega aking, ngong
karya sangu marga.
36. Eh ya apa sakarsanireki, aran iku kamurahan ing Hyang, Ki Ketib
mesem wuwuse, ewa ingsun rumungu, kecap mangap murah ing
Widdhi, ingsun arsa nyatakna, murah ing Hyang Ngagung, sawusira
asadhiya, sangu karak umangkat ngujur wanadri, ngulati kamurahan.
37. / Ingkang marga tumeka pribadi, wus alawas tan ana karasa, antara
sangu wus entek, lapa lupa kalangkung, dadya rereh dennya
lumaris, ngendi gon sun istiyar, neng tengah wana gung, ingsun
mangana godhongan, iya maksih tumeka istiyar mami, kang tan
metu wak-ing wang.
38. Kang katongton mung ujaring paksi, apa nyata ingsun tan kaduga,
yen nyataa kaya priye, polah pratikelipun, kamurahan teka pribadi,
lan samarga tan pegat, Ki Besi kinayun, kapapag janma lumajar,
bokmanawa wineyan sega sun iki, saksat misih waking wang.
39. Saksat jaluk upama nakoni, pasthi sumaur yen ingsun lapa, wineyan
mengko temahe, durung murah ta iku, lamun durung teka pribadi,
temah nyimpang sing marga, neng ngisor wreksa gung, kayu
growong sinusupan, kang supaya aywana janma udani, kang liwat
wong adagang.
40. Juragan ageng keh motan sapi, dumadakan sapine gambi/ra,
wowotane padha kecer, sapi patinng salusup, bubar mawud maring
wanadri, gumeder ingadhangan, wonge ting salusup, Ki Ketib
inginjen tumingal, wowotane kecer datan pinarduli, Ketib ling inng
wardaya.
41. Iki godha donya kocar-kacir, durung murah yen ingsun juputa, ngong
jajal sun meneng bae, gumeder ngalor ngidul, ting bilulung ngulati
sapi, Ki Ketib mulat nulya, api-api tan wruh, wong dagang prapta
genira, tinakonan Ki Ketib sayapi mati, nom tuwa padha prapta.
Pupuh 05 Pupuh 05
SINOM
1. Wong dagang pating gurayang, wong ngiki satengah mati, kaliren
neng tengah alas, mesakaken sun tingali, tawanana abukti, pasthi
arep yen karungu, prapta angambil sega, Ki Ketib meneng tan
angling, mata merem cangkeme mingkem kewala.
2. Ki Ketib osiking nala, lamun ngucapa sun iki, dadi dudu kamurahan,
marga pangucap puniki, lamun ingsun bukti, tanganingsun maksih
muluk, maksih istiyar ing wang, Ki Ke/tib malah mundelik, wong kang
dagang alok mati mengko uga.
3. Eh batur sira ngambina, maduning tawon sathithik, prapta madu
winadhanan, tinetesken tan ngecapi, cangkeme saya kancing, ki
juragan saya gugup, mengko mati temenan, wengkangen dimen
ngecapi, sru winengkang ngesokan madu cangkemnya.
4. Maksih kinembeng kewala, durung gelem angecapi, cangkem wus
kinebekan, gelagepan apaneki, kaselak madu keli, kaulu wus
prapteng gulu, Ketib gumuyu latah, murah temen Maha Suci,
tinakonan wus jarwa sasolahira.
5. Ngungun gumuyu kang myarsa, sakehe ingkang ningali, wus amit
ungkur-ungkuran, samarga ngungun Ki Ketib, tobate andhericis,
biyen uwus tobat ingsun, ngina sapadha-padha, mengko iki kaping
kalih, tan antara peksi menco prapteng ngarsa.
6. Mamelehken wuwusira, sita tan ngandel Hyang Widdhi, ing mengko
wus kalampahan, tobata sira deneling, Ketib gu/muyu belik, eh
menco bener sireku, payo sira sun gawa, mring wismengsun sun
ingoni, gya dinekep kang peksi menco wus sirna.
7. Sajatine malaekat, Ki Ketib ngungun tan sipi, yen weruha malaekat,
sun takon gone Ki Besi, mupus ing tyas wus pasthi, polah titah ing
Hyang Ngagung, wus lepas lampahira, kuneng gantya kang winarni,
Ki Pangulu kang nganut pinggir samudra.
8. Kang pinangan mung gogodhongan, kang dinugan kang kinapti,
miwah woh katuting sarah, mangkona salamineki, cinipta mung Ki
Besi, datan ana lyan kadulu, munggah ing parang sengkan, anulya
ana kaeksi, kanang guwa luhur respati tur padhas.
9. Cala lit tanpa kakaywan, padhase kaya ingukir, wancak suji ana
pindha, kang pindha bale mangapit, ana manusa siji, wayahe
satengah sepuh, kukap cawet babakan, tan ana karyanya malih,
mung ngusungi sarah ingkang warna/-warna.
10. Godhongan ingkang katingal, jinuput aneng ngarseki, mung cinekel
tininggalan, manggung angiling-ilingi, bos[en] amendhet malih, tanpa
ngucap tanpa turu, Pangulu duk umulat, ririh teka angunggahi,
wusnya tata lungguh Pangulu atanya
11. Paduka sang maha brata, ing pundi ingkang kawijil, lan punapa kang
kinarsan, Sang Tapa datan nauri, ing ngulate amanis, trepsila ing
lungguhipun, dhapure analongsa, Pangulu keguh tyasneki, Kyahi
Tapa muga sampun aduduka.
12. Ing wau kula gumampang, dereng wruh karsaning brangti, Pangulu
tumungkul sarta, mangen-angen rehireki, yata ana kapyasi,
sajroning talinganipun, eh ki prapta ywa duka, kawula wong kemul
langit, kandhang mega akadang wukir samudra.
13. Ki prapta sampun duduka, ambisu sun sedya ngati, andika punapa
gurnan, jagongan kalawan mami, kawula sapuniki, boten kenging
acelathu, dene dika/ ngupaya, enggone Kiyahi Besi, ing puniki duk
mulih mring nagri Wandhan.
14. Kagyat pangulu jenggirat, tiningalan maksih linggih, tan montra netya
ngucapa, tinanyan malih tan angling, meksa meneng tan muni,
Pangulu garjiteng kalbu, aneh wong iki uga, jajal ingsun meneng
maning, jroning meneng Pangulu ana pangucap.
15. Tur pangucap sarwi suka, malah katon jroning ngati, punapa andika
ngucap, wonganeh maring wak mami, Pangulu manas angling, nging
tanya sajroning kalbu, malah merem netranya, Pangulu kadya wong
ngipi, atatanya Ki Besi benjing punapa.
16. Prapta panggih lan kawula, lan sinten wasta sang branti, eh Ki Besi
pan meh prapta, aran ingsun ing saiki, Kalam-molah wak mami,
ingsun tutur ing sireku, arinira meh prapta, anusul maring ku Besi,
lawan sira bakal aneng ing laotan.
17. Pangulu malih atanya, punapa ingkang kinapti, sakeh sareh
gogodhongan, paduka iling-ilingi, ingsun nora jarwani, takona Ki /
Besi besuk, Pangulu malih turnya, kawula tur pati urip, nuhun lebur
tapak padasta paduka.
18. Kang pesthi donya ngakerat, sang maha brata lumaris, wong punapa
awak ing wang, tuhu dahad dameng ngilmi,mung kojah para wali,
warah ingsun mring sireku,nat kala musawarat,kumpulan sagung
pra wali, angrujuken ing kawruh lah piyarsakna.
1. Maskumambang kang mongka murdaning gupit, aneli kang sabda,
ambuka rerasan adi, manitreng duk Sunan Benang.
2. Pakumpulan kalawan Susunan Giri, Sunan Ampeldenta, kapat
Sunan Geseng angling, aris maring Sunan Benang.
3. Kados pundi panggerane kawru[h] jati, pangawruh paduka, Jeng
Sunan Benang lumaris, anadene yen manira.
4. Yen jenenging rupa puniku sayekti, ananira nyata, kelokaning rupa
jati, jatine karsa manira.
5. Angling malih Jeng Susunan Geseng maring, Sunan Giri-gajah,
pekenira kadi pundi, menggah panggeran paningal.
6. Manabda ris Kangjeng Susunan ing Giri, kang puji punika, sayektine
/ rupa jati, iku sapamirsa paduka.
7. Lingnya malih Pangeran Gageseng aris, mring Kangjeng Susunan,
Ngampeldenta kadi pundi, ing sapamirsa paduka.
8. Anauri Jeng Susunan Ngampel-gadhing, ingkang salir nyawa, solah
tingkah muna-muni, sakyehning panggawe ngalam.
9. Uliye mring sampurna jatining kapti, iya iku ing wang, ya iku
sajatineki, kang ran lah sun yyan manira.
9b. Sebute Allah sun nabda dat alahi, nulya kang pangucap, Pangran
Gageseng yen mami, ingsun wong kandheg ing Allah.
10. Kang puniku den-ukumaken tan apti, ngukumi tan arsa, angling
Sunan Ngampel-gadhing, punapa boya kantenan.
11. Ing karsanta sampurna sapraptaneki, miwah saulihnya, anenggih
sang suksma jati, tan kajero tan kajaba.
12. Nora lapal lawan tanpa makna ugi, tanpa padha neka, tanpa
kahananireki, puniku lawan malihnya.
13. Loro datan ana Pangerane kalih, jawab kang punika, suka Pangran
Ampel-gadhing, eh eh anak putuning wang.
14. Padha sira teki-tekiya ing ngilmi, panggeran sampurna, iya kang
jumeneng wali, sadaya ngisep punika.
15. Bo/ya ana Pangerane myang Nabyeki, miwah tan mangeran, ing
Ngal[l]ah lan iku Nabi, sayekti dudu panutan.
16. Mantep suksma kewala poma den gemi, rerasan punika, binunuh
ukume yekti, buka gaib tebenging Hyang.
17. Ki Pangulu sangsaya padhang ing galih, lir mas sinepuwan, lir
malam katrapan api, nging maksih kadya supena.
18. alam-molah atanya osiking ati, lah punapa rena, pituture wong
tanpangling, nging kawruh taksih taruna.
Pupuh 07 Pupuh 07
SINOM
1. Pan dereng montra miriba, lan Ki Besi guru mami, Ki Pangulu aturira,
kalangkung nuhun ingkang sih, nokitken tingal batin, Ki Kalam-molah
amuwus, lah wus para meleka, Pangulu nulya anglilir, wus
kapanggih neng pulo tengah samudra.
2. Sang Tapa datan karuwan, Ki Besi katemu linggih, gelas kupi wus
sumadya, pulone alit tur inggil, sadhepa apasagi, tan ana watu
myang kayu, mung padhas amenthilas, Pangulu gugup ngabekti, kae
Besi cineke/l tan kena uwal.
3. Pangulu amatur nembah, pulo pundi dhuh puniki, aripak aneng
lautan, kawula kalangkung ngajrih, kae Besi nauri, iya layaran rong
taun, saking nging nagri Wandhan, hyan teka ngomahireki, ana uga
lalayaran pitung warsa.
4. Iya yen ngidul rong wulan, rong sasi mangetan malih, ngalor ngulon
padha uga, tan ana dharatan keksi, pulo sikareng keksi, sira mau
atatemu, lawan Ki Kalam-molah, iku uga mitra mami, pakaryane
ngiling-ilingi godhongan.
5. Mau tuturmu maring wang, akon sajarwa sireki, marma godhong
tiningalan, pan iku minongka tasbih, apngalliya asuci, tekeng ngriku
tuduhipun, kang manggung tiningalan, kaliyang sirnaning kuning,
dadalane kang manggung ngiling-ilingan.
6. Lan tinitah beda-beda, ana karyane pribadi, iku kang pinaham-
paham, Ki Kalam-molah sayekti, Pangulu tanya malih, punapa kang
samodra gung, yen rob wewah kalintang, ye/n angok suda kepati,
dhuh puniku punapa ta sababira.
7. Ki Besi tutur sajarwa, sababe ingkang jaladri, kang dhingin sabab
agungnya, kapindho sabab ing angin, angin ing jagat iki, yen sore
mirih mindhuwur, banyu satengah nglempak,ing pinggir kathah wong
neki, marma angin mindhuwur sabab ing surya.
8. Yen sore srengenge ilang, punang jagat temah atis, yen esuk aruna
prapta, kasumukan jagat iki, susumuk dadi angin, warata mring
bawana gung, nempuh maring samudra, banyu ber udaya banjir,
dudu banjir banyu angalih panggonan.
9. Pangulu umatur nembah, menggah ing jasat puniki, punapa inggih
sanesa, sami nama jagat singgih, Besi nauri aris, padha uga
solahipun, yen santri kitab rancang, nanging durung amatitis,
satemene ingsun muwus cara Jawa.
10. Den dhemen sira miyarsa, lan rasakena pribadi, aja sira musawarat,
yen durung nunggal sakapti, bok tan nyandhak kang myar/si,
satemah ingaran kupur, ingkang pinalang-palang,setengah ambuka
gaib, kaya bisa yen wus wijiling ganjaran.
Pupuh 08 Pupuh 08
MIJIL
1. Ingkang ingaran manusa kulit, dene kang sipat wong, anging kulit
mung buntel gawene, kang supaya ing jero ywa garing, kerasaning
kulit, yen ginepok iku.
2. Marma krasa sabab saking getih, marmane mangkono, lamun badan
gringgingen rasane, jiniwita nora montra sakit, gringgingen puniki,
meneb daraipun.
3. Obah ing balung kang gawa daging, iku saking ngotot, obah ing
ngotot pikiren reke, yen tan wruha uripe tan tertib, basa nora tertib,
tegese tan urut.
4. Aja sok ngaku urip sawiji, kang mangkono goroh, marma ngong
ngarani goroh mangke, tanganing wong anambur upami, wong
gambang kumitir, mokal dhewekipun.
5. Mongsa kobera aduwe kapti, / karepe semono, lawan malih yen
obah drijine, ngisor kuku miwah ing jejenthik, yen uripa siji, jenthik
otot nurut.
6. Wiwit jenthik prapta jroning ngati, mongka tan mangkono, Kya
Pangulu angangsek ature, dereng ser
7. Besi angling pawore sayekti, ingkang ngaranan roh, roh panekar iku
upamane, ingkang ngakeh-akeh ingarani, tegese puniki, sabab
aranipun.
8. Sawab dudutane molah mosik, bubuhan ingkang roh, roh pipikul
upamane kabeh, kang sawiji upama roh carik, amratikel kardi,
marentah sedarum.
9. Balung daging ngotot miwah kulit, karyane meh awor, padha
jumeneng dandanan kabeh, seje lawan banyu angin getih, kang
telung prakawis, dadi sabab iku.
10. Mulane tangan bisa amosik, kaceneng ing ngotot, kang cineneng iku
ba/balunge, obah ing oto[t] saking ing getih, getih kang neng daging,
nglawani karyeku.
11. Dening ngobah ingkang punang getih, babayu kang ngoyot, obah ing
banyu iku sawabe, ingkang ngirit angin ingkang aris, teges ingkang
ngangin, aris iku sumuk.
12. Sumuk ing ngurip ingkang amawi, kang kukutha kono, mongsa
borong gon andunungaken, susuh angin ya canduning ngangin, wus
bangsaning gaib, tan kena winuwus.
13. Yen-nganasir owah salah swiji, jeneng lara encok, lamun getih
angowah arane, lara apus emar rasaneki, kurang panas sakit, kemel
kekes iku.
14. Lara telung prakara puniki, iku laraning wong, kang wus tuwa
mengkono tindake, marma owah paningalireki, banyune mung
kedhik, tan kaya duk agung.
15. Mila suda pamiyarsaneki, susumuke kalong, mila aber kang lidhah
polahe, otot alum getih mung sathihtik, / yen mamangan kaki, suda
rasanipun.
16. Dene sungsum karyane nguripi, balung kang den emong, sabab
kang sungsum lenga dhapure, iku banyu ingkang gawa geni, yen
ngamungna warih, berek maring balung.
17. Dhapuring lara mung rong prakawis, tegese kang roro, dhingin owah
pasang ing nasire, iku uga aran lara wajib, ingkang kaping kalih,
panganan margeku.
18. Lara wenang kang saking ngabukti, kang kajaba kono, lara duraka
iku maknane, keneng bendu ujar sok alali, marang ing Hyang
Widdhi, kang lara kabentus.
19. Ki Pangulu umatur aririh, palaling Hyang Manon, basa istiyar lawan
papesthen, kados pundi pasang ingkang yekti, wenang wajibneki, Ki
Besi umatur.
20. Aja kakeyan pamekireki, kang satengah ing wong, kang istiyar
marganing papesthen, ana satengah ana wong akiwit, rosa istiyar
ing, pakaryanireku.
21. Ana ma/ning ingkang den karemi, mung pesthi wus dheprok, ubang-
ngubeng mung pesthi andhege, kang mengkono yen mungguh ing
mami, bener sadayeki, karo padha luput.
22. Karanane kawruh ingkang dhingin, wong ngengkel mring Manon,
kang sawiji ngresula semune, pangulang ling adhuh ingkang pundi,
tyas langkung kagimir, su’al kalihipun.
23. Mungguh manira kang prapteng tokit, kinumpul kang roro, yen wus
kumpul ngalih jujuluke, ki istiyar kalawan ki pesthi, arane puniki,
pinareng punuju.
24. Iku kang wus tegdir dalil kadis, kusus para raos, kalawan ana
patarangane, lamun arsa masang susuh pesthi, ngesemana ngilmi,
sira den tuwajuh.
25. Basa ngilmi kawruh warni-warni, peten salah sithok, upamane
pandhita gawene, sring niteni gagak lamun prapti, palaling Hyang
Widdhi, gagak margenipun.
26. Tur ta gagak tan pisan ngawruhi, itung kareping wong, mila dadya
pandhita ngilmune, jer ing batin ing tyas wus ubanggi, ajana kang
prapti, dhangdhang yen tan pethuk.
27. Kadyangganing wong ngaduwe / ngilmi, olan-olan alon, dennya
ubaya mring santikane, nora nana ula ingkang mandi, lamun ana
mandi, Ngijrail neng ngriku.
28. Ana maning upama sawiji, wong ahli maido, lawan wong ahli gugon
pamane, tur ta karo iku padha sidik, wus karseng Hyang Widdhi,
genti patrapipun.
29. Endi lire ingaranan ganti, yen wong kang maido, bakal ana warta tan
kayekten, demadakan karsaning Hyang Widdhi, kang maido prapti,
bener wuwusipun.
30. Lamun bakal warta kang sayekti, dilalah kang gugon, ingkang ana
ing kono wartane, ginugu dadi kang warta sidik, wong maido tebih,
dumadak tan ayun.
31. Iku lire patarangan pesthi, antep kang mangkono, Ki Pangulu legeg
jro driyane, sakalangkung lumeket ing ati, rumasuk ing budi, karaket
jajantung.
32. Kawula kamipurun mangsuli, katur kang katongton, Ki Kalam-molah
pundi wismane, kawula dahad dereng dumugi, gen kula kapanggih,
Ki Besi gumuyu.
33. Teka meneng solahe Kya Besi, Pangulu duk tumo/n, ana karaseng
tyas kaduwunge, gennya munjuk arsa apapanggih, kang katon ing
galih, Kalam-molah wau.
34. Kya Pangulu meneng datan angling, tan dangu karaos, jro talingan
ana swara rereh, muni Kalam-molah datan molih, nging swara anitir,
tan salin kang wuwus.
35. Jroning netra tan liyan kaeksi, Kalam-molah katon, manggung
katongton aneng netrane, mulat samudra milu kaeksi, dulu langit-
langit, tumut aneng ngriku.
36. Kalam-molah kang manggung kaesthi, bosen dennya tumon,
manggung katon tan ana karyane, miwah kang karungu tanpa kardi,
mung manggung mumuji, maring jenengipun.
37. Kalam-molah tan liyan kapyarsi, bingung dennya anon, Ki Pangulu
amubeng polahe, mulat lor kidul milu kaesthi, miwah kang kapyarsi,
merem andhekukul.
38. Maksih katon sigra angrubungi, ing pada rawat loh, adhuh kula edan
temah mangke, yen tan padu/ka sih ing kaswasih, rucaten puniki,
kula kesel dulu.
39. Malah ajrih bosen aningali, yugya tan antuk don, minta apura punapa
sak reh, tan uninga ing wau sayekti, ing tindak puniki, kang angreh
pukulun.
40. Duk ing wau paduka sung warti, mimitra kimawon, marang Ki Kalam-
molah ing mangke, dene paduka kang ngreh sayekti, pakarti puniki,
dhuh bosen pukulun.
41. Kae Besi wus menenga ugi, pratingkah guguyon, balik payo mring
dharatan age, sun arsa nemoni rinireki, wong nguwis ya uwis, payo
padha laju.
42. Duk umadeg sing sasana nuli, sumaput kang panon, Ki Pangulu nora
wruh parane, wusnya eling byar aneng wanadri, neng prabatang
nginggil, panggih rinireku.
Pupuh 09 Pupuh 09
KINANTHI KINANTHI
1. Kinanthi janma katelu, Ketib Pangulu Ki Besi, wusnya takon-
tinakonan, ing sasolah tingkah neki, kupi kapanggih sumadya, Ki
Keti/b umatur aris.
2. Nanging batine kasusu, atur takone Ki Ketib, muwus atur
cecandhakan, sarwi kurmat mangku kupi, pukulun ingkang
waragang, punapa karyanireki.
3. Kebangrasen aturipun, Ki Besi aris nauri, pakaryane kang waragang,
kitab tasbeh aneng kupi, samongsa ingsun nginuma, kang panon
rasane salit.
4. Miwah wuwus lan pangrungu, sayekti rasane salit, supaya sun
kelingana, apesing ngaral puniki, jer ki ati sok gumampang, angaku
tawekal ugi.
5. Yen durung kalebon iku, rumasa eksas sayekti, satengah mendem
karasa, taliyuring tingal batin, supaya wet elinging wang, lan wuruke
guru mami.
6. Tan kena mareni ingsun, gon ingsun kulineng kupi, kalawan
angudang gelas, yen durung lir guru mami, guru ningsun yen
waragang, den inum nora ngendemi.
7. Tanpa sarat lawan ismu, mung tewajuh den geladhi, yen nginum
kebag gya mutah, utahan den inum janmi, nora o/wah endemira, iku
sun sedya ing ati.
8. Ketib matur kula suwun, paduka inumi kedhik, destun arsa
ngraosena, endeming anginum awis, Ki Besi nauri aja, ngeman
ngibadahireki.
9. Sira wong bakal pangulu, anempuh karam binukti, Ki Ketib
aparikedah, kenging ngugi wong ngayoni, asanget pameksaning
wang, paduka paring sakedhik.
10. Punapa sayektosipun, ngowahken ing tingal batin, Besi muwus eh ta
nyata, marma kinaramken niki, nadyan silih mengkatena, destun
arsa angraosi.
11. Ki Ketib sinung wus nginum, tan pantara endem prapti, rada kaduk
panginumnya, netra bilut ngemu getih, sura ing pamuwusira,
sumaguh maring binatin.
12. Kadariyahe kumebul, kumruwuk anjunjung dhiri, iki uga bisa
gampang, gon ngumpul mring iman tokit, sarwa kaconggah tyas ing
wang, umatur maring Ki Besi.
13. Paduka duk wau dhawuh, ing / timbalan maring mami, supaya ing
tyas ajriya, goroh paduka puniki, dene ta amindhak sura, agampang
mring barang kardi.
14. Sakeh mring panggawe saguh, ambubrah sakeh ginaib, pnalangan
nora kena, malah ngaku wujud Widhi, lelungguh asila tumpang,
tangane manggung nudingi.
15. Kya Pangulu salang gumun, banjur edan iki ugi, si Ketib polahe
anyar, jer sok alat mring ki Besi, puluh-puluh wus dilalah, ki Besi
amuwus aris.
16. Nginuma maning sireku, Ki Ketib sumaur inggih, mandah nginuma
ping tiga, ngong kira bisa tubadil, kaping pitu bisa mikrat, temah
ngrasa suksma batin.
17. Gelas tinampan wus nginum, gelas geng tur den kebeki, kasusu
suka kaselak, awahing marebe[s] mili, endeme sangsaya ngrebda,
dhasar nembe nginum sopi.
18. Pecak pisan rada kaduk, durung sumene tinuli, gelas geng tur
kinebekan, duk kaping kalih / gumuling, nulya salin sambatira,
peteng temen netra mami.
19. Cat-ecatan yen rumungu, gumarebeg kadya angin, panon ingsun
belang-belang, mumete kapati-pati, angenting sasambatira, kapoyuh
sarwi anangis.
20. Mutah banyu mancur-mancur, dhasare wong tanpa bukti, sumaput
lajeng kantaka, mesem amulat Ki Besi, Kya Pangulu wuwusira,
wurung edan sida mati.
21. Kantakanira kadulu, tan winarna nulya nglilir, sauwusira waluya,
tinakon marang Ki Besi, kapriye rasane uga, duk kathah lawan duk
kedhik.
22. Ing mau gon-mu anginum, gedheg-gedheg ngling Ki Ketib, punapa
ingkang amawa, kaconggah duk lagya wiwit, lawan kapenak maring
tyas, duk sanget teka asalit.
23. Teka bingung tanpa tembung, amubeng temah alali, adhuh aleres
paduka, arale kaesi-esi, adhuh tobat temen ing wang, go/ningsun
manggung alali.
24. Angina wus kaping telu, sapisan durung beneri, angina mring kaki
tuwa, mring Ki Besi wus ping kalih, iki apa ati bakal, ngalamat naraka
geni.
25. Wong berbudi kang amuwus, kang mangkono dadi tamsil, tegese
tamsil upama, ajana padha nglakoni, angina sapadha-padha, iku
kancane Ki Ketib.
26. Panggawe sabab ing dhapur, seje rupa seje kardi, yen rupa iku
padhaa, pesthi panggawe mung siji, mulane awarna-warna, sabab
kang rupa mawarni.
27. Anenggih mangsuli catur, patakone mring Ki Besi, sababe wong
ngumbe arak, Ki Besi wuwusira-ris, mulane wong ngumbe arak, yen
kedhik tyasnya amingis.
28. Mulane ana dem iku, babanyu kalawan getih, sumilak ngalih
panggonan, sumungsung mawaning ngawis, padha abanyu yen
arak, angsaling kukus sayekti.
29. Kang kukus kudu mindhuwur, angirid banyu lan getih, getih
sumungsung mring muka, / peteng mring netra myang kuping,
marma iku padha owah, paningal myang pamiyarsi.
30. Her netra kasaban marus, marma peteng temah abrit, yen sedheng
keh kedhikira, sedheng rasa mundhak mingis, yen kaduk temahan
kalah, kang jiwa ongga puniki.
31. Seje endeming kacubung, endeme kadukan angin, tan montra
sikareng toya, sawab iku tanpa warih, endeme amung parungsang,
mung nempuh jiwaning dhiri.
32. Netra kuping maksih bakuh, mung lupa rasaning dhiri, sabab tanpa
wuwuh toya, iku amung deming angin, yeku araling kawula, ki jasad
sring ngowah gingsir.
33. Aja sring ngaku sireku, kawasa ngreh jiwa dhiri, yen sireku kawasaa,
pagene nora udani, cukuling wulu kukunya, iku pratondha sayekti.
34. Wus karo muliya iku, ya padha ingsun amini, Pangulu matur sandika,
Ki Ketib lengganeng kapti, durung tutug karsanira, pinaksa datan
nuruti.
35. Ki Besi lon wuwusipun, apa mantep karo sami, yen nyata anut
maring wang, sun nyatakaken sire/ki, mara kupi tututana, endi kang
kebat sayekti.
36. Kupi inguncalken gupuh, mangisor pambuwang neki, saking luhur
ing prabatang, sigra kalih tan udani, anjlok kupi tinututan, byar ilang
alam wus salin.
37. Kapanggih neng wismanipun, Ki Besi wus tan winarni, kupi kang
kinarya gelar, tan pandon datan kawarni, Pengulu wus prapteng
wisma, miwah ari[n]ya Ki Ketib.
38. Ki Pangulu langkung sukur, upama bedhah nagari, kaboyongkena
putrinya, kadyangganing wong angimpi, praptaning wisma kalawan,
duk panggih aneng jeladri.
39. Ki Ketib kang manggung ngungun, upama wurung ing rabi, mongsa
borong patrapira, sagung tarekat kekating, ngilmu kang rinasa-rasa,
kuneng mas kentir ing warih.
Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.
0 Komentar