ꦧꦧꦢ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮꦶ

babad tanaḥ djawi lan tanaḥ tanahiᶇ sakiwa téṅénipun.
gubahanipun van rijckévoṙṣél diréctéyur normahalścholambarawa kabantu r.d.s. hadiwidjana, guru kwékśchol muntilan.

aturuniṅa.

paṅaṅgitipun sĕrat punika manut papacakiᶇ parĕpatanipun para diréctéyur normahalśchol wontĕniᶇ ṅayogya nalika wulan décémbér tahun 1921.

nalika pakĕmpalan wahu iṅkaᶇ dipun rĕmbagiṅgiḥ punika pṛêkawis sĕrat sĕrat cap capan kaṅgé murid murid normahalśchol. putusaniᶇ rĕmbag makatĕn : amriḥ cañcutipun sabĕn diréctéyur sagaḥ damĕl handbowék ñĕtuṅgal, mawi dipun bantu salaḥ satuṅgaliᶇ colléga sanèsipun.

mĕṅgaḥ cap capaniṅkaᶇ katiga punika kaṭaḥ maliḥ wawahipun, laṅkuᶇ laṅkuᶇ tumrapiᶇ rĕmbag bab kabudayan lan kaguṇan punapa maliḥ bab kawontĕnaniᶇ tiyaṅalit. amargi dèrèᶇ wontĕn sĕrat babad walandi, iᶇ riki dipun sambĕti ririṅkĕsanipun babad wahu.

iṅkaᶇ kaṭahéwahipuniṅgiḥ punika cariyos bab karajan śrivijaya, awit sapunika lajĕᶇ sāmpun wontĕn kĕtraṅan kĕtraṅaniṅkaᶇ laṅkuᶇ maton tinimbaᶇ kala dumadosipun cap capaniṅkaṅaṅka kaliḥ.

déné urutiᶇ piwulaᶇ salugunipun botĕn pṛĕlu katindakakĕn kadosiᶇ buku punika. bokmĕnawi malaḥ prayogi mĕnawi kawiwitan sakiᶇ péraṅaniṅkaᶇ kapiᶇ kaliḥ kaṅgé muridiᶇ paṅkat ⅰ, awit péraṅaniṅkaᶇ kapisan punika mila pañcènaṅèl tumrapiᶇ laré alit.

iᶇ waṣaṇa kula matur nuwun saṅĕt ḍatĕᶇ pāduka tuwan handléyidiṅadviséyur, g. boswinkél, kalihan pāduka sarjana dr. pigéyahud déné kĕparĕᶇ ñaruwé lan pariṅañcĕrañcĕr kawratiᶇ kala warti "djawa " lan kawratiᶇ sĕrat kintunan, amuᶇ muriḥ sahénipun sĕrat babad punika.

lĕlĕrĕsanuŧawi éwahéwahan pĕpriṅipun para sudyaṙṣa, takṣiḥ tansaḥ kula cacaḍaᶇ.

ambarawa 31 juli 1928 l.v.r

muntilan d.s.ḥ.

péraṅan kaᶇ kapisan. jamaniṇḍu.

abad 2 uŧawa 3 tĕkanabad 16.

bubuka. muṅguḥ babadiᶇ tanahiṇḍiya wétan ḍèk duruᶇ kĕtĕkan baṅsa iṇḍu, sĕpréné lagi sĕṭiṭik baṅĕt kaᶇ wus kawruhan. malaḥ woṅiṇḍu iku bahé iya duruᶇ kasumurupan tĕraᶇ ḍèk kapan tĕkané iᶇ kéné lan kĕpriyé kahanané iᶇ kala wiwit wiwitané.

muᶇ bahé wus yakin, yèn kĕmajuwan lan tata susilaniᶇ woṅiṇḍiya kéné iki bibit sĕkawité saka dayaniᶇ woṅiṇḍu kaṅasalé saka iᶇ tanahiṇḍu ṅarĕp sisiḥ kidul. 

kacarita nalika tahun 261 saduruṅé tahun walanda iṅiṇḍu ṅarĕpana ratu ajujuluk praƀu aśoka, jumĕnĕᶇ nata iᶇ nāgara pataliputra (iᶇ sawétan bĕnarès), lanagamané budđa. kṛêsané saᶇ praƀu praja cilik cilikiᶇ sahubĕṅiᶇ kono arĕp diguluᶇ didadèkaké nāgara siji, kaᶇ gĕḍé lan santosa. akiré bisa kĕlakon, mèḥ satanahiṇḍu ṅarĕp kabèḥ mlumpuk, kinuwasaniᶇ ratu sawiji. muṅiᶇ puñcit kidul, wiwit saka saloriᶇ madras lan maṅaloré, kraton kratoné pṛêsasat madĕg ḍéwé ḍéwé, ora pati kĕwĕṅku iᶇ praja praja tanaḥ lor. praja praja sisiḥ kiduliku mahu uga gĕḍé dayané tumrapiᶇ kĕmajuwan lan tata susilaniᶇ tanaḥ tanahiᶇ sakubĕṅé. déné kaᶇ jumĕnĕᶇ ratu : 
1. para paṇḍawa (pandava) kaᶇ kocapiᶇ layaᶇ mahaƀarata. 
2. daraḥ pallava (ayaké iᶇ pĕkĕcapan jawa : malawa) kĕsuwur wiwitatusan tahun saduruṅé tahun walanda ṅanti tĕkanabad 9, déné kombul kombulé wiwitiᶇ tĕṅahiṅabad 6 tĕkan tĕṅahiṅabad 8. iᶇ jamaniku titimaṅsa adĕgiᶇ yĕyasan kaṅèdi èdi, kaya ta : caṇḍi caṇḍi yasané mahéndrawarman (600 625). ana woᶇ cina agama budđa jĕnĕṅé hüén tsaᶇ ñandra praja pallava iku surasané nélakaké yèn tanahé loḥ lan bĕcik pĕṅolahé, woᶇ woṅé dalané baṅsa iṇḍu, gujarat lanarab dalané baṅsa cina paḍa puñjuliᶇ kawantĕrané, sĕtya tuhu, rukun lan ṅudi maraṅuṇḍakiᶇ kawruḥ.

kaᶇ kĕndĕl lalayaran, ṅanti bisa gawé koloni koloni ana iṅiṇḍo cina, malaka lan kapulowan suṇḍa, iya para baṅsa iṅiṇḍu sisiḥ kiduliku, luwiḥ luwiḥ woᶇ pallava. wiwit satus tahunan saduruṅé tahun walanda wisana papan papan sawĕtara kaᶇ diyĕṅgoni woṅiṇḍu, déné gĕḍé gĕḍéniṅémigratiyé ana iᶇ sajroniṅabad 2 tĕkan 6, bokmĕnawa kĕgawa saka iᶇ tanahiṇḍu kana kakèhĕn jiwané lan marga saka papĕraṅan karo baṅsa baṅsa iᶇ sisihĕloré.

koloni siᶇ gĕḍé gĕḍé, yahiku : 1. campa iṅannam pasisir wétan.
2. kamƀoja, kahĕdĕgaké iᶇ tahun 435. iᶇ kono diyasani caṇḍi caṇḍi ƀrāhma uŧawa budđa akèḥ baṅĕt. 
3. kutèi iᶇ bornéyo lor lan sukadana iᶇ bornéyo kidul.
4. palémbaᶇ (śrivijaya).
jawa tĕṅaḥ.

tĕkané iᶇ tanaḥ tanahiku woṅiṇḍu aṅgawa agama (buḍa uŧawa ƀrāhma) lan kaguṇan warna warna, kaya ta maca, nulis, mbaṭik, mĕdĕl; bañjur yasa caṇḍi caṇḍi lanomahapikapik. woᶇ pri ƀumi diwĕruhaké maraᶇ baraᶇ pĕdagaṅan warna warna, yahiku baṅsa saṇḍaᶇ pĕṅaṅgo, baṅsa gagaman, pèni pèni awujudoñcèn motiyara, bĕkakas bĕkakas liyané kaṅabakal gaḍiṅuŧawa ĕmas, lan sapanuṅgalané.

śrivijaya iku tĕraᶇ yèn kĕgoloᶇ kaᶇ gĕḍé ḍéwé, malaḥ bokmĕnawa dadi baboniᶇ kawruḥ lan kaguṇan tumrapiᶇ tanaḥ tanaḥ liyané kaᶇ kasbutiᶇ ḍuwur. ana kaᶇ ṅira yèn praƀu jayawarman, naréndra iᶇ kamƀoja, kaᶇ miwiti yasa kuṭa lan caṇḍi caṇḍi aṅkor, iku darahiᶇ ratu iᶇ sumatra.

praja praja mahu iᶇ sĕkawit ṅanti suwé ĕṅgoné ṅaṅgo agama budđa.

bab 1. karajaniṇḍu iᶇ tanaḥ jawa kulon. (wiwitabad kapiᶇ 2 uŧawa 3). kaᶇ wus kasumurupan, karajané baṅsa iṇḍu ana iᶇ tanaḥ jawa, kaᶇ ḍisik ḍéwé, diyarani karajan"tarumanāgara" (tarum = tom. kaliné jĕnĕᶇ citarum). karajaniku mahu ḍèkabad kapiᶇ 4 lan 5 wisana, déné titimaṅsaniṅadĕgé ora kawruhan. ratu ratuné daraḥ purnawarman. mirit saka gambar gambar kĕmbaᶇ tuñjuᶇ kaṅana iᶇ watu watu patilasan, daraḥ purnawarmaniku paḍa ṅaṅgo agama wiṣṇu. 

iᶇ tahun 414 ana cina aran fa hiyén, muliḥ saka ĕṅgoné sujaraḥ mĕñaᶇ patilasané ṛĕṣi budđa iᶇ tanahiṇḍu ṅarĕp mampiriᶇ tanaḥ jawa ṅanti 5 sasi. iᶇ caṭĕtané ana kaᶇ nĕraṅaké maṅkéné : 

1. iᶇ kono akèḥ woṅora duwé agama (woᶇ suṇḍa), sarta ora ana kaᶇ tuṅgalagama karo ḍèwèkné : budđa.

baṅsa cina ayaké iya ora ana, awitora kasĕbutiᶇ caṭĕtan. 

2. barĕṅané nuṅgaᶇ prahu saka iṇḍu woᶇ 200, ana siᶇ dadagaṅan, ana kaᶇ muᶇ luluṅan bahé, karĕpé arĕp paḍa mĕñaᶇ canton. 

yèn maṅkono dadi dalané dadagaṅan saka tanahiṇḍu ṅarĕp mĕñaᶇ tanaḥ cina pañcèn ṅliwati tanaḥ jawa. iᶇ tahun 435 malaḥ wisana utusané ratu jawa kulon mĕñaᶇ tanaḥ cina, ṅaturaké pisuṅsuᶇ mĕñaᶇ maharaja iᶇ tanaḥ cina, minaṅka taṇḍaniᶇ tĕtĕpuṅan sarta muriḥ gampaᶇ lakuniᶇ dadagaṅan. 

karajan tarumanāgara mahu ora kasumurupan piraᶇ tahun suwéné lan kapriyé rusaké. woṅiṇḍu ana iᶇ kono ora ṅowahaké adat lan paṅuripané woᶇ ƀumi, awit pañcènora gĕlĕm mulaṅi apa apa, lan woᶇ ƀumi uga duruᶇ duwé akal niru kapintĕrané woṅiṇḍu. éwadéné mĕkṣa ana kahuṇḍakaniᶇ kawruhé, yahiku bab mbaṭik lan mĕdĕl.

bab 2. karajaniṇḍu iᶇ tanaḥ jawa tĕṅaḥ. (abad kapiᶇ 6). mirit saka :

1. caṭĕtané baṅsa cina,
2. uniniᶇ tulisan tulisan kaṅana iᶇ watu watu lan caṇḍi,
3. caṭĕtané sawijiniᶇ woṅarab,

wis bisa kasumurupan saṭiṭik saṭiṭik muṅguḥ kahananiᶇ woṅiṇḍu ana iᶇ tanaḥ jawa tĕṅaḥ ḍèk jaman samono. 

nalika wiwitaniṅabad kaᶇ kanĕmana woṅiṇḍu añar tĕka iᶇ tanaḥ jawa kulon. ana iᶇ kono paḍa kĕna iᶇ lalara, mulané bañjur paḍa ṅlèrèg maṅétan, mĕñaᶇ tanaḥ jawa tĕṅaḥ. 

woᶇ jawa iᶇ wĕktu samono, isiḥ kari baṅĕt kapintĕrané, yèn ditaṇḍiᶇ karo woṅiṇḍu kaᶇ lagi nĕnĕka mahu; mulané bañjur dadi sor sorané. 

woṅiṇḍu bañjur ṅadĕgaké karajanana iᶇ jĕpara. omahomaḥ padunuṅané woᶇ jawa, ya wis mèmpĕr karo omahomahé woᶇ jaman sahiki, apayonatĕpuŧawa ĕduk lan wis ṅaṅgo képaᶇ. 

ĕṅgoné dadagaṅan lalawanan karo woᶇ cina; baraᶇ dadagaṅané kaya ta : ĕmas, salaka, gaḍiᶇ lan liya liyané. 

baṅsa cina ṅarani nāgara iku"kaliṅa", bésuké ya diyarani :"jawa". 

karajan mahu saya suwé saya gĕḍé, malaḥ ṅanti mbawahaké karajan cilik cilik wolulikur. woᶇ cina uga ñĕbutaké asmané sawijiniᶇ ratu putri : sima; dikaṇḍakaké bĕcik baṅĕtĕṅgoné ñĕkĕl paṅrèhiᶇ praja (674). 

tulisaniᶇ watu kaṅana ciriné tahun 732, dadi kaᶇ tuwa ḍéwé, katĕmu ana sacĕḍaké magĕlaᶇ, ñĕbutaké, manawa ana candi barabuḍur ratu kaᶇ jumĕnĕᶇ, jujuluk praƀu sannaha, karajané gĕḍé, kaᶇ klĕbu jajahané yahiku tanaḥ tanaḥ kĕḍu, ṅayogyakarta, surakarta lan bokmanawa tanaḥ jawa wétanuga klĕbu dadi wĕwĕṅkoné karajaniku. 

kaᶇ gumanti jumĕnĕᶇ nata iᶇ karajan mahu, sañjaya, yahiku kaᶇ nulisi watu mahu.

mirit caritané, karajaniku tata tĕntṛêm baṅĕt kaya kaᶇ kasĕbutiᶇ tulisan kaᶇ katĕmu ana iᶇ watu patilasan : nadyan woᶇ woᶇ paḍa turu ana iᶇ dalan dalan, ora sumĕlaᶇ, yènana bégaluŧawa baƀaya liyané. 

mirit kaṇḍané sawijiniᶇ woṅarab, ḍèk tĕṅaḥ tĕṅahané abad kaᶇ kapiᶇ saṅa, ratu iᶇ tanaḥ jawa wis mbawahaké tanaḥ kĕdahiᶇ malaka, (pamĕlikan timaḥ). 

karajaniᶇ ḍuwuriku sakawitora kawruhan jĕnĕṅé, naṅiᶇ bañjurana katraṅan kaᶇ katulisiᶇ watu kaᶇ titimaṅsané tahun 919, ñĕbutaké karajan jawa iᶇ mataram. jĕmbar jajahané, muṅguha sahiki tĕkan kĕḍu, ṅayogyakarta, surakarta; maṅaloré tĕkan sagara; maṅétané tĕkan tanaḥ tanahiᶇ tanaḥ jawa wétan sawatara. kuṭané karan :"mĕṇḍaᶇkamulan". 

woṅarab ṅaṇḍakaké, ana ratu jawa mbĕḍaḥ karajan khamĕr (iṇḍu buri). siᶇ kasĕbutiki ayaké iya karajan mataram mahu. kajaba khamĕr, karajan jawa wis mbawahaké pulo pulo akèḥ. pulo pulo iku paḍa mawa gunuᶇ gĕni. 

karajan jawa mahu sugihĕmas lan bumbon crakèn. woṅarabakèḥ kaᶇ lalawanan dagaᶇ. 

sabakdané tahun 928 ora ana katraṅanapa apa iᶇ bab kahanané candi barabuḍur karajan mataram. kaᶇ kacarita bañjuriᶇ tanaḥ jawa wétan. ayaké bahé karajan mataram mahu rusak déniᶇ pañjĕblugé gunuᶇ mĕrapi (mĕrbabu), déné woṅé kaṅakèḥ paḍa ṅuṅsi maṅétan.

iṅabad 17 karajan mataram bañjur madĕg manèḥ, gĕḍé lan paṅuwasané iribiraban karo karajan mataram kuna. 

agamané woṅiṇḍu siᶇ paḍa ṅĕjawa rupa rupa. ana iᶇ tanaḥ wutaḥ gĕtihé ḍéwé, iᶇ kunané woṅiṇḍu ṅĕḍĕp maraᶇ ƀrāhma, wisynu lan siwaḥ, iya iku kaᶇ kaharanan trimurti. kĕjaba saka iku uga nĕmbaḥ maraᶇ déwa akèḥ liya liyané, kaya ta : ganésya, putrané baṭari durga. 

manut piwulaṅé agama iṇḍu paméraṅé manuṅsa dadi pataᶇ goloṅan, yahiku : 
para ƀrāhmaṇa (baṅsa paṇḍita). para satriya (baṅsa luhur). para wésya (baṅsa kriya). para syudra (baṅsa woᶇ cilik).
piwulaṅé agama lan padatané woṅiṇḍu kahĕmotiᶇ layaᶇ kaᶇ misuwur, jĕnĕṅé wéḍa.

kira kira 500 tahun saduruṅiᶇ wiwitané tahun kristĕn, iᶇ tanahiṇḍu ana sawijiné daraḥ luhur paparab syakya muni, gahutama uŧawa budđa. muṅguḥ piwulaṅé gèsèḥ baṅĕt karo agamané woṅiṇḍu mahu. ṛĕṣi budđa niṅgal maraᶇ kadoñan, asĕsirik lan mulaᶇ muruk maraᶇ woᶇ. kĕjaba ora nĕmbaḥ déwa déwa, piwulaṅé : sarèḥné woṅiku muṅguhiᶇ kamanuṅsané paḍa bahé, dadiné ora kĕna dipéraᶇ piraᶇ piraᶇ goloṅan. para ƀrāhmaṇa iṇḍu mĕṣṭi bahé ora sĕnĕᶇ pikiré, mulané kĕrĕpana pasulayan gĕḍé. ana iᶇ tanahiṇḍu woᶇ budđa bañjur pĕpĕraṅan karo woṅagama iṇḍu. agama budđa sumĕbar mĕñaᶇ céylon sisiḥ kidul, iṇḍu buri, ṭibèt, cina, jĕpaᶇ. 

muṅguḥ woᶇ jawa iᶇ jaman kuna pĕṅĕḍèpé maraṅagama iṇḍu béda béda. ana siᶇ baṅĕtolèhé mumuṇḍi maraᶇ śiwaḥ yahiku para śiwahiyét; ana siᶇ baṅĕt paṅèḍĕpé maraᶇ wisynu, yahiku para wisynuwiyét. 

kĕjaba saka iku uga akèḥ woṅagama budđa; ana iᶇ tanaḥ jawa agama agama pañcèn sok dicampur bahé. 

patilasané agama iṇḍu mahu sahikiné akèḥ baṅĕt, kaya ta : 
caṇḍi caṇḍi iᶇ plato diyèᶇ (śiwaḥ), iku bokmanawa yasané ratu daraḥ sañjaya. 

caṇḍi iᶇ kalasanana titimaṅsané tahun 778, ayaké iki caṇḍi tuwa ḍéwé (buḍa), yasané ratu daraḥ syahilĕndra. 

caṇḍi budđa kaᶇ misuwur ḍéwé, yahiku barabuḍur lan mĕṇḍut. 

caṇḍi prambanan (śiwaḥ). iᶇ sacĕḍaké prambananana caṇḍi campuran budđa lan śiwaḥ.

bab 3. karajaniᶇ tanaḥ jawa wétan. (wiwitané abad 10 tĕkan tahun 1220). iᶇ ḍuwur wus kasĕbutaké yèn tanaḥ jawa wétan, kabawaḥ karajaniṇḍu iᶇ mataram; naṅiᶇ woṅiṇḍu kaᶇ maṅgonana iᶇ tanaḥ jawa wétanora pati akèḥ, yèn katimbaᶇ karo kaᶇ maṅgoniᶇ tanaḥ jawa tĕṅaḥ (kĕḍu). marga saka iku woṅiṇḍu kudu kumpul karo woᶇ ƀumi, prasasat tuṅgal dadi sabaṅsa.

iᶇ wiwitané abad 10 ana papatihiᶇ karajan tanaḥ jawa tĕṅaharanĕmpu siṇḍok lolos maṅétan. lĕt sawatara tahunĕmpu siṇḍok mahu jumĕnĕᶇ ratu ana iᶇ tanaḥ jawa wétan, karajané iᶇ kahuripan (parésiḍénan surabaya sisiḥ kidul). ambawahaké : surabaya, pasuruwan, kĕḍiri. bali bokmanawa iya kabawaḥ. ĕṅgoné jumĕnĕᶇ ratu tĕkan tahun 944 laniya jujuluk : nata iᶇ mataram. nata iᶇ mataram mahu baṅĕt paṅèḍĕpé maraṅagama budđa. 

ĕmpu siṇḍok misuwur wasis‍ĕṅgoné ṅĕrèḥ praja. ana caṭĕtan kaᶇ muni maṅkéné :"awit saka suwéniṅĕṅgoné jumĕnĕᶇ ratu, marcapada katon tĕntṛêm; wulu wĕtuniᶇ ƀumi ṅanti turaḥ turahora karuwan kèhé." 

iᶇ tahun 1010-1042 kaᶇ jumĕnĕᶇ nata caṅgahé ĕmpu siṇḍok, jujuluk praƀu èrlaṅga. 

nalika èrlaṅga duruᶇ jumĕnĕᶇ nata, kratoniᶇ marasĕpuḥ ditĕmpuhiᶇ muṅsuḥ ṅanti kĕlakon bĕḍaḥ, saᶇ praƀu séda ana iᶇ papraṅan, saᶇ paṅéranoñcat kaṇṭi puṅgawa sawatara, siṅidanana iṅalas wanagiri, bañjur puruwita maraᶇ para paṇḍita lan para tapa.

karajané sida dijègi iᶇ muṅsuḥ, naṅiṅora lawas kĕna dirĕbut manèḥ. 
iᶇ tahun 1010 èrlaṅga tĕtĕp jumĕnĕᶇ ratu, bañjur nĕrusaké ĕṅgoné maṅun papraṅan lan ṅĕlar jajahan. 

iᶇ tahun 1037 ĕṅgoné papraṅan wis rampuᶇ, nāgara rĕja, para kawula paḍa tĕntṛêm. déné karatoné iya ana iᶇ kahuripan. 

saᶇ praƀu èrlaṅga ora kasupèn maraᶇ kabĕcikaniᶇ para paṇḍita lan para tapa kaᶇ gĕḍé pituluṅané nalika pañjĕnĕṅané lagi kasrakat. minaṅka pamalĕsiᶇ kabĕcikané para paṇḍita, saᶇ nāŧa yasa pasramanapik baṅĕt, dumunuṅiᶇ sukuné gunuᶇ pĕnaṅguṅan. pasraman mahu kinubĕṅiᶇ patamanan kaᶇ luwiḥ déniṅasri, lan rĕrĕṅgané sarwa pèni sarta éndaḥ. saka èdiné, ṅanti misuwuriᶇ mañcapraja, sabĕn dina asĕlur woᶇ kaᶇ paḍa sujaraḥ mrono. 

paṅadilané saᶇ nāŧa jĕjĕg. woᶇ dosa kaᶇ nrajaṅaṅgĕraṅgĕr nāgara paḍa kapatrapan pahukumanuŧawa diḍĕṇḍa. kècu, maliᶇ, sapanuṅgalané kapatrapanukum pati. 

saᶇ praƀu ĕṅgoné nindakaké papréntahan dibantu iᶇ priyaguᶇ papat, paḍa olèhasil saka pamĕtuniᶇ lĕmaḥ lĕṅgahé. saka ĕṅgoné maṅgaliḥ maraᶇ tatanèn yahiku pagawéyaniᶇ kawula kaṅakèḥ, saᶇ nāŧa yasa taṅgul lan bĕnduṅan gĕḍé ana iᶇ kali brantas. 

saᶇ nāŧa uga mĕṅgaliḥ baṅĕt maraᶇ paṅgahotan lan dadagaṅan. kuṭa tuban nalika samono paṅgonan sudagar, olèḥ biyantu akèḥ baṅĕt saka saᶇ praƀu muriḥ majuniᶇ dadagaṅan lan lalayaran. 

saᶇ nāŧa yèn sinéwaka lĕṅgaḥ ḍampar (palĕṅgahan cĕṇḍèk pĕsagi), ṅagĕmagĕmagĕman sarwa sutra, rémané diyukĕl lan ṅagĕm cĕnéla. yèn miyos nitiḥ dipaṅga uŧawa rata, diyarak prajurit 700. puṅgawa lan kawula kaᶇ kapĕṭuk tindaké saᶇ nāŧa bañjur paḍa sumuṅkĕmiᶇ lĕmaḥ, (ṇḍoḍok ṅapurañcaṅ?). 

para kawula paḍa ṅoré rambut, ĕṅgoné bĕbĕdan tĕkaniᶇ watĕs ḍaḍa. omahé kalĕbu asri, ṅaṅgo payon gĕṇḍèᶇ kuniṅuŧawa abaᶇ. woᶇ lara paḍa ora tatamba muᶇ ñuwun pituluṅaniᶇ para déwa bahé, uŧawa maraᶇ budđa. woᶇ woᶇ paḍa sĕnĕᶇ prahon lan luluṅan turut gunuᶇ, akèḥ kaᶇ nuṅgaᶇ taṇḍu uŧawa joli. ḍèk samono woᶇ woṅiya wis paḍa bisa ñjogèd, gamĕlané suliᶇ, kĕṇḍaᶇ lan gambaᶇ. kaṙṣané saᶇ praƀu bésukiᶇ sapĕṅkĕré kaᶇ gumanti jumĕnĕᶇ nata putrané loro pisan, mulané kratoné bañjur diparo : jĕṅgala (sabagéyaniᶇ surabaya sarta pasuruwan) lan kĕḍiri. déné kaᶇ minaṅka watĕsé : pagĕr témbok kaᶇ sinĕbut"piṅgir rakṣa", wiwit saka pucakiᶇ gunuᶇ kawi mĕṅisor, nurut kali lĕkṣa bañjururutiᶇ braᶇ loré kali brantas saka wétan mĕṅulon tĕkaniᶇ déśa kaᶇ sahiki aran juga, nuli muṅgaḥ mĕṅidul, tĕrusé kira kira ṅanti tumĕka iᶇ pasisir. gugur gugurané témbokiku sahiki isihana tilasé, kaya ta iᶇ sacĕḍakiᶇ kali lĕkṣa, sakulon lan sakiduliᶇ kali brantas, iᶇ watĕsiᶇ malaᶇ lan blitar. 

muṅguhiᶇ babad jawa jumĕnĕṅé praƀu èrlaṅga kahaṅgĕp minaṅka papaḍaṅiᶇ sajroniᶇ pĕpĕtĕᶇ, awit rada akèḥ caritané kaᶇ kasumurupan. 

kawruḥ kasusastran wis ḍuwur. layaᶇ layaṅé iᶇ jamaniku tĕkané iᶇ jamané sahiki isiḥ misuwur bĕcik lan dadi tuturutaniᶇ crita crita wayaᶇ. layaᶇ layaᶇ mahu basané diyarani basa jawa kuna, kaya ta : 
1. layaᶇ mahaƀarata. 
2. layaᶇ ramayana lan layaṅarjunawiwaha. 

karajan jĕṅgala ora lĕstari gĕḍé, awit pĕcaḥ pĕcaḥ dadi karajan cilik cilik, marga saka diwaris maraᶇ putraniᶇ nata; yahiku praja jĕṅgala (jĕṅgala añar), tumapèluŧawa siṅasari lanurawan 1.1. karajan cilik cilik kaᶇ cĕḍak watĕs kĕḍiri ora suwé bañjur ṅumpul mèlu kĕḍiri, liyané isiḥ tĕrus madĕg ḍéwé ṅanti tĕkanabad 13.

karajan kĕḍiri (daha, pañjalu) muṅguha sahiki mbawahaké parésiḍénan kĕḍiri, sapéraṅané pasuruwan lan madiyun. kuṭané ana iᶇ kuṭa kĕḍiri sahiki. karajan mahu bisa dadi kuñcara. iᶇ wĕktu iku kasusastran jawa ḍuwur baṅĕt, nalika jamané jayaƀaya (abad 12) ṅluwihi kaṅuwisuwis lan tumĕkané jaman sahiki isiḥ sinĕbut luhur duruṅana kaᶇ maḍani. 

pujaṅgané jayaƀaya aranĕmpu sĕḍaḥ lanĕmpu panuluk. ĕmpu sĕḍahiᶇ tahun śaka 1079 (=1157) mĕṭik sapéraṅaniᶇ layaᶇ mahaƀarata, diyaṅgit lan diḍapur cara jawa, dijĕnĕṅaké layaᶇ ƀaratayuḍa. 

woᶇ jawa iᶇ wĕktu iku wis pintĕr, woṅiṇḍu kĕsilĕp, karajaniṇḍu wis dadi karajan jawa.

iᶇ tahun 1104 iᶇ kaḍatonana pujaṅga jĕnĕṅé : triguna uŧawa managuna. pujaṅga iku siᶇ ṅaṅgit layaᶇ sumanasantaka lan kṛêṣṇayana.

radèn putra uŧawa pañji kaᶇ kacarita iᶇ doṅèᶇ kahé, bokmanawa iya ratu iᶇ daha, kaᶇ jujuluk praƀu kamésyawara ⅰ. jumĕnĕṅana wiwitané abad kaᶇ kapiᶇ 12. garwané kakasiḥ ratu kirana (candra kirana) putrané ratu jĕṅgala. iᶇ maṅsa iki ana pujaṅga jĕnĕṅé ĕmpu ḍarmaja ṅaṅgit layaᶇ smaraḍana. radèn pañji ṅanti sahiki tansaḥ kacarita ana lakoné wayaᶇ gĕḍog lan lakon topèᶇ.

bab 4. kènaṅrok nĕlukaké karajan karajan cilik. 1220 1247. rĕcané saᶇ praƀu èrlaṅga ana iᶇ bĕlahan (fruwin més, babad tanaḥ jawa) iᶇ tahun 1222 ana ratu iᶇ tumapèluŧawa siṅasari, jujuluk kènaṅrok.

critané kènaṅrokiki saka layaᶇ pararaton. kĕtĕmuné layaṅiki ana iᶇ bali ḍèk tahun 1894. kènaṅrok lahirana iᶇ sacĕḍaké tumapèl (siṅasari), asal woᶇ tani lumraḥ bahé. kènaṅrok kacarita bagus rupané lan bisa nanarik katṛêṣṇaniᶇ woᶇ, naṅiᶇ baṅĕt karĕmé maraᶇ paṅaji aji lan wani maraᶇ pĕṅgawé luput.
iᶇ sawijiniᶇ dina ana ƀrāhmaṇa katĕmu karo ḍèwèkné, kaṇḍa yèn ḍèwèkné titisiᶇ wisynu. aṅgoné kaṇḍa maṅkono iku, awit ƀrāhmaṇa mahu ṅṛêti yèn kènaṅrok woᶇ kaᶇ gĕḍé karĕpé lan kĕñcĕᶇ budđiné. ƀrāhmaṇa bañjur golèk dalan bisané kènaṅrok kacĕḍak karo ađipati iᶇ kono, saᶇ tuṅgulamĕtuᶇ. ora antara suwé kĕlakon kènaṅrok kahabdèkaké. barĕᶇ wis maṅkono, kènaṅrok bañjur tansaḥ golèk dalan kapriyé ĕṅgoné bisa ṅĕṇḍiḥ saṅađipati, ṅgĕntèni jumĕnĕᶇ. kĕtĕmuniᶇ nalar kènaṅrok bañjur ndandakaké kĕris bĕcik maraṅĕmpu gandriᶇ.
sawisé kĕris dadi, katon bĕcik tĕmĕnan, ṅanti mitrané kènaṅrokaran kĕbowijo kĕpéñcut kĕpéṅin ṅaṅgo, bañjur nĕmbuᶇ ñiliḥ : olèḥ.
saka sĕnĕṅé, kĕris mahu sabĕn dina diyaṅgo sarta dipamèr pamèraké, dikaṇḍak kaṇḍakaké yèn duwèké ḍéwé. barĕᶇ wis sawatara dina kènaṅrok ñoloᶇ kĕrisé ḍéwé kaᶇ lagi disilihiᶇ mitrané mahu diyaṅgo ñidra saṅađipati. kĕlakon séda, kĕris ditiṅgaliᶇ saṇḍiṅiᶇ layon. urusaniᶇ prakara : mitrané kènaṅrok siᶇ kĕna iᶇ dakwa, diputusukum pati. kènaṅrok bañjur bisa olèḥ saᶇ putri raṇḍaniᶇ tuṅgulamĕtuᶇ lan gumanti madĕgađipati : saᶇ putri asmané kèn ḍĕḍĕs.
sasuwéné dicĕkĕl kènaṅrok nāgarané tata, rĕja, woᶇ cilik baṅĕt suṅkĕmé. sawisé mbĕḍaḥ karajan cilik cilikiᶇ jĕṅgala, kènaṅrok bañjuṛĕmoḥ kĕbawahiᶇ kĕḍiri, malahiᶇ tahun 1222 mbĕḍaḥ praja kĕḍiri ṅanti kĕlakon mĕnaᶇ, ratu iᶇ kĕḍiri praƀu kĕrtajaya séda (ṅgantuᶇ) sabalané kaᶇ paḍa tuhu. kĕḍiri bañjur ditanduri ađipati kĕbawaḥ siṅasari. barĕᶇ para ratu darahĕmpu siṇḍok wis kalaḥ kabèḥ karo kènaṅrok, kènaṅrok bañjur jumĕnĕᶇ ratu gĕḍé, jujuluk praƀu rĕjasa, yahiku kaᶇ nurunaké para ratu iᶇ majapahit.
kacarita saᶇ rĕtna ḍĕḍĕs nalika sédané ađipati tuṅgulamĕtuᶇ wisambobot. barĕᶇ wis tĕkan maṅsané, saᶇ rĕtna mbabar putra kakuᶇ, dipariṅi paparab radènanusapati. wiwit timur ṅanti diwasa saᶇ paṅéranora ṅṛêti yèn satĕmĕné dudu putrané praƀu rĕjasa, naṅiᶇ rumaṅsa yènora ditṛêṣṇani iᶇ saᶇ praƀu, béda baṅĕt karo para rayi rayiné. iᶇ sawijiniᶇ dina anusapati kĕlahir maraṅibuné maṅkéné :"ibu, punopowa, déné kaṅjĕᶇ rama punika tĕka botĕn rĕmĕn ḍatĕᶇ kula?" saᶇ rĕtna baṅĕt tṛêñuhiᶇ galiḥ mirĕṅatur sĕsāmbaté kaᶇ putra, waṣaṇa bañjur kĕprojol paṅandikané; kaᶇ putra dicaritani lalakoné wiwitan tĕkan wĕkasan. anusapati baṅĕtiᶇ paṅuṅuné, sanalika bañjur duwé sĕdya malĕsukum, naṅiṅisiḥ sinamuniᶇ sĕmu. kĕris yasané ĕmpu gandriᶇ disuwun, pawatané muᶇ kĕpéṅinarĕp wĕruḥ. kaṅibu lamba iᶇ galiḥ, kĕris dipariṅaké.
ana iᶇ dalĕmé anusapati nimbali abdiné kakasiḥ, dipariṅi kĕris mahu lan diwĕruhaké iᶇ wawadiné. bĕṅiné saᶇ praƀu séda kaprajaya iᶇ duratmaka. 
layoné saᶇ praƀu dicaṇḍi ana iᶇ kagĕnĕṅan (cĕḍak malaᶇ). anusapati ṅgĕntèni jumĕnĕᶇ nata. 
anusapati jumĕnĕṅé ora suwé, awit radèn tohjaya ṅṛêti yènanusapati kaᶇ ñédani ramané, mulané sumĕdya malĕsukum laniya kĕlakon. tohjaya jumĕnĕᶇ nata, naṅiṅora suwé. tohjaya utusan mantriné aran lĕmbu ampal, diḍawuhi ñirnakaké kalilipé loro, yahiku : raṅgawuni, putrané anusapati, lan nakduluré kaṅaran narasiṅamurti; yènora bisa kĕlakon lĕmbu ampal ḍéwé bakal kĕna ukum pati. 
dumadakanana sawijiniᶇ ƀrāhmaṇa kaᶇ wĕlas maraᶇ radèn loro, bañjur wawaraḥ sapṛĕluné. satriya loro nuli ṇḍĕlikana iᶇ paṅgonané pañji pati pati. lĕmbu ampal ṅgolèki radèn loro ora katĕmu, bañjurora wani muliḥ, ṅuṅsi maraᶇ pañji pati pati. barĕṅana iᶇ kono mbalik ṅiloni radèn loro, malaḥ ṅṛêmbugi para puṅgawa kaṅora cocog karo tohjaya diyajak ṅraman, waṣaṇa kĕlakon, saᶇ praƀu ṅanti nĕmahi séda. 
raṅgawuni jumĕnĕᶇ nata ajujuluk syri wisynuwarḍana. narasiṅa pinaṅkat sĕsĕbutan paṅéranaṅabaya. (iᶇ kĕjawan sahiki isihana kaᶇ jumĕnĕᶇ paṅéran haṅabèhi). ṅanti tĕkaniᶇ séda priyaguᶇ loro mahu rukun baṅĕt, dibasakaké :"kaya wisynu lan kaᶇ raka ƀaṭāra éndra." 
karatoné muṇḍak gĕḍé puliḥ kaya ḍèk jamané praƀu èrlaṅga, malaḥ jajahané wuwuḥ madura. 
saᶇ nāŧa séda iᶇ tahun 1268, layoné diyoboᶇ kaya adat, awuné siᶇ sĕparo dicaṇḍi ana iᶇ wĕlèri, ditumpaṅi rĕca śiwaḥ, siᶇ sĕparo dipĕtakana iᶇ caṇḍi jago (tumpaᶇ) ṅaṅgo rĕca budđa. 
dadi tétéla iᶇ wĕktu iku agama śiwaḥ karo budđa campur.
bab 5. jumĕnĕṅé kartanāgara iᶇ tumapèl. 1268 1292. ratu siṅasari kaᶇ kapiᶇ ⅴ, jumĕnĕᶇ mĕkasi. sasédané syri wisynuwarḍana paṅéran pati jumĕnĕᶇ nata, ajujuluk praƀu kartanāgara. saᶇ praƀu mĕṅgaliḥ maraᶇ kawruhagama budđa, lan kasusastran, laniya mĕṅgaliḥ maraṅuṇḍakiᶇ jajahan, naṅiᶇ kaguṅan cacad gĕḍé roᶇ warna, yahiku kuraᶇ ṅatosatos, lan kṛêsa ṅuñjuk kĕrĕp ṅanti wuru.

ana nayakaniᶇ praja aran bañakwiḍé uŧawa arya wiraraja, tĕpuᶇ bĕcik lan jayakatwaᶇ, ađipati iᶇ daha. satriya iku ora suṅkĕm maraᶇ ratuné, malaḥ wis sĕkuṭon karo jayakatwaᶇ, arĕp mbaléla. dumadakanana puṅgawa kaᶇ matur prakara iku, naṅiᶇ saᶇ praƀu ora mĕṅgaliḥ, wiraraja malaḥ diyaṅkat dadi ađipati ana iᶇ madura. papatihé saᶇ nāŧa aran raganaṭa rumĕkṣa baṅĕt maraᶇ ratuné, ṅanti sok wani ṅaturi pèṅĕt maraᶇ saᶇ praƀu iᶇ bab kaṅora bĕnĕr, naṅiᶇ saᶇ praƀu ora rĕna iᶇ galiḥ, ora nimbaṅi rumĕkṣaniᶇ patiḥ sĕtya iku, malaḥ bañjur miliḥ patiḥ liya kaᶇ bisa ṅladèni kaṙṣané. patiḥ wṛêda diyundur, winisuḍa dadi nayaka pradata, dadi wis‍ora campur karo prakara paṅrèḥ praja. patihañar sĕnĕṅé muᶇ ṅalĕm maraᶇ ratuné lan ṅladosi uñjukuñjukan. 
ana utusan saka ratu aguṅiᶇ nāgara cina (chubilahi) ḍawuḥ supaya praƀu kartanāgara ñalirani ḍéwé uŧawa wakil sowana maraᶇ nāgara cina pṛĕlu sahos ƀĕkti (1289). saᶇ praƀu duka baṅĕt. baṭukiᶇ cina utusan digambari pasĕmon kaṅora apik, nélakaké dukané saᶇ praƀu. barĕᶇ tĕkaniᶇ nāgara cina patrapé ratu jawa kaᶇ maṅkono iku ñjalari dukané ratu binaṭara iᶇ cina. iᶇ tahun 1292 ana prajurit gĕḍé saka iᶇ cina arĕp ṅukumiᶇ kuwanèné woᶇ jawa. 
wiraraja sasuwéné ana iᶇ madura isiḥ ṅruṅok ṅruṅokaké apa kaᶇ kalakonana iᶇ siṅasari, laniya wĕruhuga yèniᶇ waktu iku prajurit siṅasari dilurugaké mĕñaᶇ sumatra. wiraraja ṅajani jayakatwaṅakon naṅguḥ mbĕḍaḥ siṅasari, mumpuᶇ nāgara lagi késisan bala. jayakatwaᶇ ṅlĕkṣanani, lan siṅasari kĕlakon bĕḍaḥ. ratu lan patihé katuṅkĕpiᶇ muṅsuhisiḥ tĕrusuñjukuñjukan bahé (wuru), mulané ora rĕkasa pinuriḥ sédané. 
radèn wijaya, wayahé narasiṅa, nuli umaṅsaḥ ṅĕtog kaprawīran mbélani nāgara lan ratuné, naṅiᶇ wis kaslĕpĕk karoban woᶇ daha, mulané bañjur kĕpĕkṣa ṅoñcati, muᶇ kari ṅgawa bala 12, gĕnti gĕnti ṅgéṇḍoᶇ saᶇ putri garwané radèn wijaya, putrané praƀu kartanāgara. lampahé r. wijaya sasĕntanané nusupaṅayamalas. kalĕbu wilaṅan 12 iku ana satriyané loro, putrané wiraraja, duwé atur maraᶇ gustiné supaya ṅuṅsi mĕñaᶇ madura. 
saᶇ paṅéran mahuné ora kaṙṣa, naṅiᶇ suwé suwé nuruti. ana iᶇ madura ditampani kalawan bĕcik. 
rĕmbugé wiraraja, radèn wijaya diyaturi suwita mĕñaᶇ daha. wiraraja siṅarĕp ṅlantaraké. yèn wis kĕlakon suwita r. wijaya diyaturi ñĕtitèkaké para puṅgawa iᶇ daha, sapa siᶇ kèndĕluŧawa jiriḥ, tuhu uŧawa lamis. yèn wisantara suwé diyaturi ñuwun tanaḥ trik, dibabada bañjur diyĕṅgonana. 
radèn wijaya nurutiᶇ pituduḥ, laniya kĕlakon suwita ana iᶇ daha. 
kacarita pasuwitané kaṅgĕp baṅĕt, amarga saka pintĕré nuju kaṙṣa, lan saka pintĕré ulaḥ gagaman; woᶇ sa daha ora ana siᶇ bisa ṅalahaké. kabèḥ piwulaṅé wiraraja ditindakaké, dilalaḥ saᶇ praƀu tĕka ḍaṅan bahé, malaḥ barĕᶇ tanaḥ trik wis dibabad, r. wijaya ñuwun maṅgoniᶇ kono iya dililani. 
kacarita nalika babadé tanaḥ trik mahu, ana woᶇ kaᶇ mĕṭik woḥ maja dipaṅan, naṅiᶇ rasané pahit. awit saka iku déśa iᶇ kono dijĕnĕṅaké majapahit. 
barĕᶇ r. wijaya wis maṅgoniᶇ majapahit, rumaṅsa wis wayahé tata tata malĕsukum, ṅrusak kraton daha, anaṅiᶇ wiraraja akon sabar ḍisik, awitisiḥ ṅĕntèni prajurit saka nāgara cina kaṅarĕp ṅukum woᶇ siṅasari. karĕpé wiraraja arĕp ṅréwaṅi cina bahé ḍisik, bésuké arĕp mbalik muṅsuḥ cina. wiraraja bañjur boyoᶇ sakulawargané lan saprajurité mĕñaᶇ majapahit ṅumpul dadi siji karo r. wijaya. 
bab 6. karajan karajan sumatra. ḍèkiṅabad wiwit wiwitan wisakèḥ woᶇ lalayaran saka iṇḍu mĕñaᶇ tanaḥ cina lan kosokbalèn. nachoda arabiṅabad 4 wisana kaṅanduwèni tanaḥ jajahan (koloniyé) ana iᶇ canton. prahu iṇḍu lan prahu cina uga ṅambahiᶇ canton lanarabiku.

marga saka iku mĕṣṭi bahé akèḥ prahu kaᶇ liwatiᶇ sumatra; iᶇ sisiḥ kidul wétan bañjurakèḥ pĕlabuhan pĕlabuhané, kaṅgo ampiraniᶇ prahu prahu kaṅandon lalayaranadoḥ. 
ora suwé woᶇ woṅiṇḍu akèḥ kaṅañjrakarĕratonana iᶇ sumatra kono. rèhniᶇ karajaniṇḍu iᶇ kono ṅanti piraᶇ piraᶇ paṅgonan, mulané paḍa rĕbutuṅgul, rĕbut kuwaśa, rĕbutakèḥ cacahiᶇ prahu dagaᶇ kaᶇ lumĕbu maraṅiᶇ pĕlabuhané. déné kaᶇ bisa uṅguliya iku praja iᶇ śrivijaya (sriwijaya), muṅguha sahiki iᶇ palémbaᶇ, ambawahaké tanaḥ malayu (= jambi) lan baṅka. malaka iya wis pṛêsasat kĕbawaḥ. iᶇ tanaḥ jawa suwé suwé uga akèḥ karajané iṇḍu. iᶇ nalika iku śrivijaya wus gagaṇḍéṅan karo tanaḥ jawa. ora suwé kaᶇ kĕsuwur kuwaśa ḍéwé iᶇ sanuswantara kéné, iya śrivijaya iku. ratu ratuné paḍa daraḥ ratu kinawasa kaṅajujuluk warman. iᶇ tanaḥ jawa (purnawarman), iᶇ kutèi (mulawarman) laniṅiṇḍu buri iya akèḥ daraḥ warman kaᶇ paḍa jumĕnĕᶇ nata. 
kĕjaba baṅsa sudagarakèḥ para maṙṣudi ṅèlmu budđa paḍa milu lalayaran. sarjana baṅsa cina jĕnĕṅi tsiᶇ maṅkat saka cantoniᶇ tahun 671, sinahu paramasastra ana iᶇ śrivijaya suwéné 6 sasi bañjur ṅlĕboni tanaḥ malayu suwéné 2 sasi. sawisé iku nuli mĕñaṅiṅiṇḍu ṅarĕp, sinahu ana iᶇ pamulaṅan luhuriᶇ nalanda, suwéné 10 tahun, waṣaṇa iᶇ tahun 685 wis bali tĕkan śrivijaya manèḥ. ana iᶇ kono gawéyané ñara cinakaké lan nurun layaᶇ layaᶇ gawan saka iṇḍu; sawisé pataᶇ tahun rumaṅsa yènora bakal bisa ṅrampuṅaké ijèn, mulané bañjur marani kañca 4 mĕñaᶇ canton, dijak nĕrusaké pĕgawéyané ana iᶇ sumatra. gawéyané layaᶇ bab ṅèlmu budđa kaᶇ wis rampuᶇ, digawakaké maraᶇ woᶇ budđa kaᶇ maṅkat maraᶇ nāgara cina. iᶇ tahun 695 awaké ḍéwé iya bañjur muliḥ maraᶇ tanaḥ kĕlahirané, aṅgawa layaᶇ pĕṭikan saka kitab kitab budđa isi 500.000 pada. 
iᶇ śrivijaya pañcènakèḥ para sarjana mañcapraja kaᶇ ṅaṅsu kawruḥ, dadi ora muṅi tsiᶇ ḍéwé. 
mirit saka kaᶇ kasbutiku kabèḥ, tétéla yèn śrivijaya iᶇ jamaniku sawijiniᶇ praja kaᶇ kombul baṅĕt. basa kaᶇ tinulisana iᶇ pĕtilasan pĕtilasan kuna, iᶇ sahiki kĕna sinĕbut basa mĕlayu kuna, akèḥ campurané basa iṇḍu kayadéné basa jawa kuna, naṅiᶇ basa mĕlayu kuna lan jawa kuna iki pañcèniya isihakèḥ bédané. 
iᶇ nalika iku iᶇ śrivijaya paṇḍitané budđa ana wĕtara 1000. para kaᶇ sujaraḥ mĕñaṅiṅiṇḍu ditĕraké ṅaṅgo prahu kaguṅané saᶇ nāŧa. iᶇ tahun 717 ana paṇḍita budđa paṅkat saka céylonakaṇṭi prahu pèṙṣi cacahé 35. tĕkané iᶇ śrivijaya baṅĕt diyaji aji karo saᶇ praƀu iᶇ kono. saᶇ paṇḍita nĕrusaké lakuné mĕñaṅiᶇ canton, lan baliné mĕñaᶇ céylon numpak prahu mĕlayu. 
śrivijaya ajĕgaṅgoné ṅlakokaké utusan mĕñaᶇ nāgara cina. iᶇ tahun 724 misuṅsuᶇ maraᶇ saᶇ praƀu iᶇ cina arupa : cébolan loro, woᶇ tukon siji (wadon), lan manuk jakatuwa sawĕtara kèhé. para ratu iᶇ tanaḥ cina kĕrĕp pariᶇ sĕsĕbutan ḍuwur ḍuwur maraᶇ para rāja iᶇ sumatra. salaḥ sijiniᶇ rāja iku sinĕbut śri indrawarman. baraᶇ pĕdagaṅan kaᶇ pṛêlu pṛêlu kaya ta cĕṅkèḥ, kayu cĕṇḍana, kapur barus, pala, timaḥ. sumatra iku ḍèk sĕmana uga kasuwur yèn sugiḥ mās. 
tumĕka iṅabad ⅹ śrivijaya tĕraᶇ yèn praja kaᶇ kuwaśa ḍéwé iᶇ sakiwa tĕṅĕné kono. barĕṅiᶇ puṅkasané abad ⅹ gĕnti jawa wétan kaṅañjĕṅgaraᶇ, malaḥ ṅanti wani ṅlurugaké pṛêjurit mĕñaṅiᶇ śrivijaya, iya iku nalika ratu iᶇ jawa wétanajujuluk praƀu ḍarmawaṅśa, marasĕpuhé èrlaṅga. 
ana caritané ratu iᶇ cola iṅiṇḍu ṅarĕp, nalika tahun 1024 ṅlurugi tanaḥ sumatra, bisa nĕlukaké kuṭaniᶇ praja śrivijaya, ratuné dicĕkĕl, bañjur ṅalahaké aciḥ lan nuli muliḥ mĕñaṅiṇḍu. éwadéné paṅwasané ratu iṇḍu mahu ana iᶇ sumatra kono ora bisa lĕstari. 
paṅwasaniᶇ praja śrivijaya ana iᶇ nuswantara sisiḥ kulonisiḥ tulus, tanaḥ suṇḍa (jawa kulon) sĕmuné iya kĕbawaḥ, naṅiᶇ pĕpréntahané iᶇ kono ora pati bĕcik, mulané pĕdagaṅaniya ora gĕḍé. iᶇ wĕktu iku nuswantara sisiḥ wétan kĕwĕṅku iᶇ paṅwasaniᶇ ratu kinawasa, jujuluk śrī èrlaṅga. 
suwéniᶇ suwé paṅwasané para rāja jawa saya muṇḍak muṇḍak gĕḍé. ratu iᶇ śrivijaya kuraᶇ mulat maraᶇ kĕmajuwaniᶇ tanaḥ jawa, andadak jĕṅkar saka praja, ṅlurug maraᶇ céylon, iᶇ tahun 1251, ṅṛêrusakambĕbahak tanpa uwis, waṣaṇané malaḥ kalaḥ, kĕpĕkṣa mundur bali maraᶇ śrivijaya. lĕt watara tahun ṅambali ṅlurug mĕñaᶇ céylon mĕnèḥ, ṅaṅgo olèḥ bantu pṛêjurit saka iṇḍu ṅarĕp, naṅiṅiya mĕkṣa kalaḥ mĕnèḥ malaḥ kĕpĕkṣa oñcadora toliḥ garwa, rajabrana, gagaman lan kĕpraƀoné. 
praƀu kartanāgara iᶇ jawa wétan ṅuniṅani apĕsiᶇ ratu iᶇ śrivijaya, bañjur nĕdya naṅguḥ. iᶇ tahun 1275 ana prajurit jawa mañcal saka pĕlabuhan tuban, nĕmpuḥ tanaḥ mĕlayu, yahiku jambi. wiwitiᶇ nalika iku jambi kĕbawaḥ maraᶇ tanaḥ jawa, kaṅiku tumrapiᶇ rāja iᶇ śrivijaya pañcèn muŧawatiri. lurugan mĕñaᶇ jambi iku mahu karan pamalayu. saka iᶇ jambi kono paṅwasaniᶇ ratu jawa muṇḍak muṇḍak jĕmbar, akiré sumrambaḥ maraṅiᶇ nuswantara sisiḥ kulon. 
praja siyĕmuga gaṅgu gawé maraᶇ ratu iᶇ śrivijaya; tanaḥ tanaḥ sawĕtara bawahiᶇ śrivijaya kĕna rinĕbut. 
iᶇ samudra, iᶇ pĕrlak, ḍèk jamaniku wis dadi karajanislam cilik cilikan. 
kombuliᶇ nāgara majapahit tansaḥ gawé sumĕlaṅiᶇ karaton śrivijaya. 
praja malayu (jambi) jajahan jawa, bisa muṇḍak muṇḍak kĕmajuwané. iᶇ tahun 1281 ṅlakokaké utusan mĕñaᶇ nāgara cina. rāja iᶇ malayu iku jujuluk mahuliwarmmadéwa. kuṭané gĕḍé, asri, akèḥ pĕdagaṅané bumbon crakèn lan baraᶇ liyané. 
woṅandon lalana iᶇ tahun 1292 ñaritakaké yèniᶇ sumatra ana karajané 8. siᶇ wis diyambaḥ ḍéwé ana 6, kaya ta : pĕrlak, wis dadi praja islam; samudra pasé; woṅandon lalana mahu lèrèniᶇ kono ṅanti 5 sasi, maṅgoniᶇ poṇḍokan kaᶇ ṅaṅgo tinaṅgul mubĕᶇ, awitiᶇ kono isihana woᶇ kaᶇ doyan maṅsa sabaṅsané manuṅsa; dagrowiyam lan lambri (aciḥ bĕsar); iᶇ kono isihakèḥ woṅé alasan lan duruṅislam. 
gaṇḍèṅiᶇ tanaḥ jawa lan malayu tambaḥ saya rakĕt marga saka pikramané radèn wijaya karo saᶇ dara pĕṭak, putri malayu. 
iᶇ mĕnaṅkabahu akèḥ patilasan patilasan kaᶇ nélakaké yèn praƀu adityawarmaniᶇ malayu, paṅwasané ṅanti tĕkaniᶇ kono (1347). 
praja śrivijaya saya suwé saya riṅkiḥ, pĕcaḥ dadi karajan cilik cilik, paḍa macuᶇ ḍéwé ḍéwé maraᶇ tanaḥ cina, pĕṅarahé paḍa bisowa olèḥ pĕṅayomaniᶇ saᶇ rāja binaṭara iᶇ cina, naṅiᶇ praja jawa, barĕᶇ wis saya kuwaśa, ora wĕdi maraᶇ sapa sapa, wani ṅlurugi śrivijaya lan kalakon bisa ambĕḍaḥ. barĕᶇ wĕruḥ yèn nāgara cina milu milu ṅṛêmbug tanaḥ sumatra, woᶇ jawa baṅĕt nĕpsuné, utusané saᶇ nāŧa cina paḍa dicĕkĕli lan đipatèni. iku kĕlakon ḍèk tahun 1377. 
kuṭané tanaḥ śrivijaya diyĕliḥ mĕñaᶇ palémbaᶇ, naṅiᶇ rèhniᶇ pañcèn tanaḥ wis riṅkiḥ, maṅka woᶇ jawa wus bañjurora gĕlĕm cawé cawé, palémbaᶇ mahu bañjur dilĕboni iᶇ bajag lahut baṅsa cina, pĕṅgĕḍéné ajĕnĕᶇ léyaᶇ taho miᶇ. marga saka iku tanaḥ lan pĕlabuhaniᶇ kono saya suwé saya kĕrusakan. 
saproprokiᶇ śrivijaya kaᶇ bañjur katon maléla iᶇ satanaḥ sumatra ora ana liya kĕjaba karajan malayu. jĕmbariᶇ paṅwasané ṅanti tĕkaniᶇ malaka, naṅiṅisiḥ tĕtĕpiᶇ pĕṅèḍĕpé mĕñaᶇ tanaḥ jawa; nalika jamanayam wurukora towoṅaṅgoné ṅlakokaké utusan minaṅka taṇḍaniᶇ suṅkĕmé maraᶇ praja majapahit. utusan majapahit tĕkané iᶇ tanaḥ mĕlayu iya ajĕg, pṛêlu muṇḍut lĕbuniᶇ pisuṅsuᶇ bulu ƀĕkti. 
sahuṅkuré praƀu adityawarman watara iṅawalé abad ⅹⅴ, gĕnti praja praja islam kaᶇ katon kuwaśané ana iᶇ tanaḥ sumatra. 
tĕkaniᶇ dina sahiki praƀu adityawarmanisiḥ diyèliṅi karo woᶇ woṅiᶇ sumatra tĕṅaḥ, mĕṅkono uga sabataᶇ lan katumaṅguṅan, yahiku para patiḥ ḍèkiᶇ jaman kunané. 
iᶇ ḍuwur wus kacaritakaké yèn praja malayu kĕbawaḥ maraᶇ majapahit, naṅiᶇ sañjatané praja jawa ora gĕlĕm ṅowahowahiᶇ bab pṛênataniᶇ papréntahaniᶇ tanaḥ mĕlayu kono. jajahan jajahan majapahitiku aṅgĕré wis nĕtĕpi ṅlakokaké utusan, ṅlĕboni pajĕg, lanora ñulayani maraᶇ kaṙṣaniᶇ saᶇ praƀu bahé, bañjur wis pṛêsasat mardika, kĕna pinaréntaḥ ṅaṅgo tata cara lanaṅgĕraṅgĕriᶇ tanaḥ kono ḍéwé, luwiḥ luwiḥ tumrapiᶇ tanaḥ tanaḥ sabraᶇ. tanaḥ sumatra iku marga saka aḍakaniᶇ papané tumrap woᶇ dagaᶇ layar, akèḥ praja praja mañca kaᶇ sok milu ṅṛêmbug, kaya ta praja cina lan siyĕm. kosokbaliné sumatra uga kĕrĕpañjaluk pituluṅan maraᶇ para rāja raja iᶇ tanaḥ cina. 
bab 7. pĕraᶇ cina lanadĕgé karajan majapahit. 1292. iᶇ tĕṅaḥ tĕṅahané tahun 1292 maharaja chubilahi sida ṅaṅkataké wadyabala mĕñaᶇ tanahiᶇ jawa pṛĕlu arĕp ṅukum praƀu kartanāgara. ana iᶇ pacĕkan (iᶇ surabaya) prahu jawa kalaḥ, nuli bala cina arĕp ṅlurugi daha, kaᶇ dikira paṅgonané kartanāgara (kaᶇ nalika iku wis séda). kacarita r. wjaya ḍèk samana wus wiwit mbaléla maraᶇ jayakatwaᶇ ratu iᶇ daha, lan gawé gĕlaréṭokéṭok nuṅkul maraᶇ sĕnapati cina, pĕṅarahé supaya bisa olèḥ bantu arĕp ṅriṅkĕs kĕraton daha.

kabĕnĕranora lĕt suwé majapahit, paṅgonané r. wijaya ditĕmpuhiᶇ woᶇ daha, r. wijaya éntuk pituluṅané woᶇ cina bisa mĕnaᶇ. waṣaṇa iᶇ tahun 1293 kuṭa daha dikĕpuṅiᶇ balané shiḥ pi lan r. wijaya, daha bĕḍaḥ, ratuné kacĕkĕl, pèni pèni rajapèni dijaraḥ rayaḥ, r. wijaya nuluṅi putri putri, putrané praƀu kartanāgara digawa oñcat mĕñaᶇ majapahit. ora antara suwé, marga saka akalé wiraraja, r. wijaya bisa ṅuṅsir prajurit cina. wondéné prajurit mahu, sĕnajan kĕsusu susu mĕkṣa isiḥ bisa aṅgawa baraᶇ rayahan, pĕṅaji mās satĕṅaḥ yuta tahil lan tawanan woᶇ satus saka daha. 
radèn wijaya bañjur jumĕnĕᶇ nata iᶇ majapahit, jujuluk kĕrtarĕjasa jayawarḍana uŧawa ƀrawijaya ⅰ (1294 1309). 
sawisé jumĕnĕᶇ nata, saᶇ praƀu aṅgĕgañjar maraᶇ sakabèhiᶇ kawula kaᶇ mahuné labuḥ maraᶇ pañjĕnĕṅané. wiraraja dibagèi tanaḥ lumajaᶇ sahuruté.
putriné kartanāgara papat pisan dadi garwané saᶇ praƀu, lanisihana garwa pamiṅgir siji saka tanaḥ mĕlayu aran śrī indrèsywari. saka garwa pamiṅggiriki saᶇ praƀu kaguṅan putra r. kalagĕmĕt, kaᶇ bésuké ṅgĕntosi kapraƀon, ajujuluk jayanāgara. saka pramèśwari saᶇ praƀu puputra putri loro. 
iᶇ tahun 1295 r. kalagĕmĕt lagi yuswa satahun wis diyaṅkat dadi paṅéran pati lan dadi ratu iᶇ kĕḍiri, ibuné kaᶇ ṅĕmbani ñĕkĕl praja kĕḍiri. iᶇ nalika pañjĕnĕṅané praƀu kĕrtarĕjasa jayawarḍana iku, tanaḥ jawa karo cina bĕcik manèḥ, padagaṅané gĕḍé, woᶇ cina tĕka iᶇ tanaḥ jawa ṅgawa mās, salaka, mĕrjan, sutra biru, sutra kĕmbaᶇ kĕmbaṅan, bala pĕcaḥ lan dandanan wĕsi. saka iᶇ tanaḥ jawa cina kulak : bĕras, kapri, rami, bumbon crakèn luwiḥ luwiḥ mrica, rajakaya, baraᶇ baraᶇ masuŧawa salaka, baṅsa dandanan kuniṅanuŧawa tĕmbaga, tĕnunan kapas lan sutra, wĕliraᶇ, gaḍiᶇ, cula warak, kayu warna warna, manuk jakatuwa lan baraᶇ nam naman. 
iᶇ tanaḥ jawa iᶇ wĕktu iku akèḥ pĕlabuhan gĕḍé, kaya ta : tuban, sĕdayu, caṅgu. syahbandariᶇ majapahit kira kira maṅgoniᶇ caṅgu iku. 
nalika jamané jayanāgara iᶇ bawaḥ karaton majapahit kĕna dibasakaké uṅsum kraman. para satriya kaᶇ mèlu lara lapa ḍèk jamané r. wijaya sahiki ora olèhati, awit saᶇ praƀu muṅaṅgĕga aturiᶇ nayakané kaṅaran mahapati, waṣaṇa para satriya mahu bañjur gĕnti gĕnti paḍa ṅraman, naṅiᶇ tĕmahanasor jurité. iᶇ tahun 1328 saᶇ praƀu séda, dicidra iᶇ ḍukun kaᶇ diḍawuhi ambĕḍèl salirané. 
sasédané praƀu jayanāgara kaᶇ gumanti saḍèrèké putri, kaᶇ sisiliḥ ƀré kahuripan bañjur jujuluk jayawisynuwarḍani. saᶇ nāŧa dèwi krama olèḥ satriya, kakasiḥ kartawarḍana misuwur pintĕr, sṛêgĕp lan jĕjĕg paṅgalihé. saᶇ paṅéran diyaṅkat dadi paṅgĕḍéniᶇ jakṣa lanolèḥ luṅguḥ ƀumi siṅasari sawĕwĕṅkoné. gajahmada dadi waraṅkaniᶇ ratu. karĕpé gajahmada arĕp nuṅkulaké satanaḥ jawa kabèḥ lan pulo pulo sakiwa tĕṅĕné. ora lĕt suwé yahiku iᶇ tahun 1334 sumbawa lan bali bĕḍaḥ bañjur kabawaḥ maraᶇ majapahit, maṅka bali nalika samana wis mbawahaké lombok, madura, blambaṅan lan sèlèbĕs sabagéyan. sénapatiniᶇ prajurit kaᶇ ṅĕlar jajahaniᶇ sajabaniᶇ tanaḥ jawa aran nala. 
iᶇ tahun 1334 saᶇ praƀu putri mbabar miyos kakuᶇ diparabi ayam wuruk, kaᶇ bañjur dijumĕnĕṅaké nata, naṅiṅisiḥ diyĕmbani kaṅibu ṅanti tĕkan tahun 1350.
bab 8. ayam wuruk, syri rajasanāgara, ratu kaᶇ kapiṅiv iᶇ majapahit. 1350 1389. awit sakiᶇ gĕḍéné lalabuhané patiḥ gajahmada, nāgara majapahit saya suwé saya misuwur kuwaśané. praƀu ayam wuruk tĕtĕp jumĕnĕᶇ ratu aguᶇ binaṭara ṅĕrèḥ sapĕpaḍaniᶇ ratu. saᶇ nāŧa krama olèḥ putri iᶇ wĕṅkĕr, asĕsiliḥ saᶇ rĕtna susumnadèwi.

para santanané paḍa ginaḍuhan tanaḥ ḍéwé ḍéwé iᶇ samurwaté. déné kuwajibané para santana uŧawa ađipati mahu iᶇ maṅsa kaᶇ wus ditamtokaké kudu ṅaḍĕpiᶇ pañjĕnĕṅané nata, mulané kabèḥ paḍa duwé dalĕm bĕcik bĕcikana iᶇ majapahit, muwuhi asriniᶇ nāgara. 
iᶇ jamaniku ana pujaṅga kratonaran"prapañca" (buḍa). iᶇ tahun 1365 pujaṅga iki ṅaṅgit layaᶇ kaṅaran nāgarakĕrtagama. ana manèḥ pujaṅga aranĕmpu tantular ṅaṅgit layaṅarjunawijaya. 
majapahitiᶇ wĕktu iku mbawahaké mèḥ satanahiṇḍiya wétan kabèḥ, kaya ta : tanaḥ jawa wétan lan tĕṅaḥ, sumatra, wiwit lampuᶇ tĕkanaciḥ, bornéyo (bañjarmasin), sèlèbĕs (baṅgawahi, salahiya, bantahiyan), florès (larantuka), sumbawa (ḍompo), saparoniᶇ malaka lan sabagéyaniᶇ niyéyuw guwinéya. 
tanaḥ suṇḍa ora ditĕlukaké. kaᶇ jumĕnĕᶇ ratu ana iᶇ tanaḥ suṇḍa mahu ajujuluk praƀu waṅi, putrané putri dilamar praƀu ayam wurukiya dicahosaké, anaṅiᶇ praƀu waṅi bañjur pasulayan karo patiḥ gajahmada, ṅanti dadi pĕraᶇ. praƀu waṅi séda iᶇ papraṅan lanakèḥ puṅgawané kaᶇ kĕtiwasan; éwadéné tanaḥ suṇḍa ora bañjur kĕbawaḥ majapahit, isiḥ madĕg ḍéwé iᶇ satĕrusé. 
iᶇ jaman samana para ajaruŧawa paṇḍita (agama budđa uŧawa śiwaḥ) mèlu nindakaké lakuniᶇ papréntahan nāgara, mulané paḍa dipariṅi luṅguḥ ƀumi ḍéwé ḍéwé kaᶇ diyarani ƀumi"pradikan". 
padéśaniᶇ sakubĕṅiᶇ caṇḍi uŧawa paḍépokaniᶇ para paṇḍita lumrahé uga dadi ƀumi pradikan, woṅé diwajibaké jaga lan ṅopèni caṇḍi paḍépokan mahu. kawula liyané paḍa kĕna iᶇ pajĕg prapuluhan (saprapuluhiᶇ pamĕtuniᶇ buminé), lan kĕna iᶇ pagawéyan gugur gunuᶇ lan sapĕpaḍané.
gajahmada sowan maraṅayam wuruk.
pajĕg rajakaya, pajĕg paṅgahotan lan tambaṅaniᶇ wĕktu samono iya wisana. pamĕtuniᶇ praja gĕḍé baṅĕt, pṛĕlu kaṅgo ragad pĕraᶇ lan kaṅgo kapraƀoniᶇ saᶇ nāŧa sarta kaṅgo yĕyasan nāgara, kaya ta : kraton, gĕḍoᶇ gĕḍoᶇ, pasaṅgrahan pasaṅgrahan lan liya liyané. 
iᶇ nāgara majapahit wisakèhomaḥ kaᶇ bĕcik bĕcik, payoné sirap, déné omaḥ kaᶇ lumraḥ paḍa apagĕr gĕḍèg, anaṅiṅiᶇ jĕro racaké ana pĕṭiné watu santosa pṛĕlu kaṅgo ñimpĕn baraṅé kaᶇ pĕṅaji. woᶇ woᶇ ḍèk samana paḍa doyan ṅinaᶇ. sĕnĕṅané paḍa tuku bala pĕcaḥ saka juragan cina, pambayaré ṅaṅgo ḍuwit siᶇ diyarani kèpèᶇ. 
woᶇ lanaᶇ paḍa ṅoré rambut, woᶇ wadon gĕluᶇ tĕkuk. wiwitĕnom woᶇ woᶇ paḍa ṅaṅgo gagaman kĕris, lan gagamaniku kĕrĕp diyĕmpakaké. woᶇ yèn mati jisimé diyoboᶇ. yèn siᶇ mati iku baṅsa luhuruŧawa woᶇ sugiḥ bojo bojoné (raṇḍa raṇḍané) paḍa mèlu oboᶇ. ana uga kaᶇ disétrakaké uŧawa dilaruᶇ. 
ora adoḥ saka nāgara ana papan kaṅgo adu adu kéwanuŧawa uwoᶇ lanuga kaṅgo karaméyan liya liyané. papaniku arané"bubat". 
saᶇ nāŧa kĕrĕp lalana tiṅgal nāgara, iᶇ blambaṅan sahuruté iya wis tahu dirawuhi. 
prakara padagaṅaniya dadi gĕḍé baṅĕt, awit saka majuniᶇ lalayaran kagawa saka kèhiᶇ nāgara nāgara iᶇ tanaḥ sabraᶇ kaᶇ kabawahiᶇ majapahit. 
bab kaguṇan, kaya ta ṅukirukir sapĕpaḍané, kombulé iᶇ tanaḥ jawa wétan ḍèk puṅkasané abad kaᶇ katĕlulas laniᶇ wiwitané abad kaᶇ patbĕlas, muᶇ bahé paṅgawéné rĕca rĕca kaṅapikapikiku ṅaṅgo tuntunaniᶇ woṅiṇḍu uŧawa nurun kaguṇaniṇḍu. 
cĕkakiᶇ carita : nalika pañjĕnĕṅané praƀu ayam wuruk, majapahit lagi uṅguluṅgulé, samubaraᶇ lagi sarwa moñjo. 
praƀu ayam wuruk tilar putra kakuᶇ miyos saka sĕlirasma ƀré wiraƀumi jumĕnĕᶇ nata ana iᶇ bagéyan kaᶇ wétan (baᶇ wétan). déné kaᶇ ṅgĕntèni kapraƀon majapahit putra mantuné saᶇ nāŧa, ajujuluk wikramawarḍana, 1389 1400. 
in tahun 1400 saᶇ praƀu sèlèḥ kapraƀon kĕṙṣané arĕp maṇḍita; anaṅiᶇ sapĕṅkĕré saᶇ nāŧa, putra lan sĕntanané paḍa rĕbutan gumanti iᶇ kĕpraƀon. 
praƀu wikramawarḍana kĕpĕkṣa kondur jumĕnĕᶇ ratu manèḥ ṅanti tĕkan tahun 1428. sajroné jumĕnĕᶇ siᶇ kèri iku saᶇ praƀu nĕrusaké mĕraṅi santanané kaᶇ wus kĕbañjur ṅraman nalika saᶇ praƀu jĕṅkar saka kraton. rèhniᶇ pĕraᶇ mahu ṅanti suwé dadi ṅanakaké kĕpitunanakèḥ lan karusakan gĕḍé, awit tĕluk tĕlukaniᶇ tanaḥ sabraᶇ bañjur paḍa wani mbaṅkaᶇ wus‍ora gĕlĕm kabawaḥ majapahit. 
tataniᶇ kawula iya bañjur rusak. prakara patèn pinatèn wis dadi lumraḥ. akèḥ woᶇ mahin lanadu jago totohané gĕḍèn.
iᶇ tahun 1428 1447 kaᶇ jumĕnĕᶇ nata ratu putri jujuluk rĕtna dèwi suhita, putrané praƀu wikramawarḍana saka garwa pamiṅgir. tĕrusé bañjur praƀu kĕrtawijaya 1447 1452 lan manèḥ praƀu ƀra hiyaᶇ purwawisyésa 1456 1466, paṇḍan salas 1466 1468, bañjur praƀu ƀrawijaya ⅴ 1468 1478. muṅguḥ babadé ratu ratu kaᶇ wĕkasaniki ora tĕraᶇ, mulané ora disĕbutaké iᶇ kéné. 
ana ratu iᶇ nāgara kĕliᶇ (salor wétané kĕḍiri, sakidul kuloné surabaya) jujuluk praƀu ranawijaya girindrawarḍana ṅĕlar jajahan nĕlukaké jĕṅgala, kĕḍiri lanuga mbĕḍaḥ majapahit (1478). bĕḍahé majapahitiku kuṭané ora dirusak, awitiᶇ tahun 1512 lan 1541 nāgara majapahitisihana laniᶇ tahun 1677 isiḥ kocap, ginambarana iᶇ gambar tanaḥ. suwé suwé kuṭa majapahit dadi rusak, awit woᶇ woṅé kaṅora sĕnĕᶇ kahĕrèhiᶇ kraton liya, paḍa luṅa tiṅgal layaᶇ buku iᶇ jaman kuna nāgara, ṅlèrèg maraᶇ tanaḥ bali. sahiki majapahit muᶇ kari patilasan bahé, awujud pagĕr bata tilas mubĕᶇ lan tilas gapura (caṇḍi tikus, bajaᶇ ratu).
isiḥ sajroniᶇ jaman majapahit, agama islam wis bisa mlĕbu saka saṭiṭik, saya suwé saya bisa ṅalahaké dayaniṅagama iṇḍu ana iᶇ jawa wétan. 
muṅguḥ kahananiᶇ tanaḥ suṇḍa iᶇ wĕktu iku ora pati kasumurupan. sawisé krajan tarumanāgara ḍèkabad 4 lan 5, muṅana kaᶇ kacarita krajan suṇḍa iᶇ tahun 1030 nāgarané kira kira iᶇ cibaḍak. ĕṅgoné ora ana woᶇ mañca kaᶇ mlĕbu mrono iku, marga saka kèhiᶇ bajag kaᶇ paḍa gaṅgu gawé iᶇ surutiᶇ pasisir. 
iᶇ priyaṅan sisiḥ wétanana karajané aran galuḥ, kaᶇ ṅĕdĕgaké ayaké ratu aran pusaka, ratu liyané jujuluk wastukañcana lan praƀu waṅ(g)i. iᶇ tahun 1433 saᶇ ratu déwa iya rāja purana, ṅĕdĕgaké kuṭa añararan pakuwan yahiku kuṭa kĕrajaniᶇ tanaḥ pajajaran. tulisanana iᶇ watu iᶇ batutulis (saṇḍiᶇ bogor) nĕraṅaké yèn saᶇ praƀu yasa sĕgaran. 
pajajaran sĕmuné krajan rada gĕḍé lan ṅĕrèhaké cirĕbon baraᶇ.
bab 9. nāgara cina. wis wiwit kuna mula para naréndra iᶇ cina uga ṅaruhaké maraᶇ para baṅsa iᶇ nuswantara kéné. baṅsa cina ĕṅgoné añjrak lan turun tumurun dudunuṅana iᶇ nuswantara wus wiwitiṅantaraniᶇ tahun 700 800. kaᶇ mĕṅkono iku mĕṣṭi bahé ana dayané tumrap kĕmajuwaniᶇ nuswantara, anaṅiṅanèhé déné kabudayan cina kaᶇ dĕlĕs, ora ana tilas tilasé yènañrambahana maraᶇ kĕbatinan lanadad tata caraniᶇ baṅsa pri ƀumi, béda tĕmĕn karo dayaniᶇ kabudayaniṇḍu. maṅka baṅsa cina iku iᶇ kuna mula wis luhur kabudayané. nalika kaᶇ jumĕnĕᶇ ratu para daraḥ luhur kabudayané. nalika kaᶇ jumĕnĕᶇ ratu para daraḥ chowu (1122 255) wuṣaṇa sujana asma lahu tzowé (605 531) kaᶇ ṅébaraké panĕmu kamotiᶇ kitabaran taho tèḥ kiᶇ, nĕtĕpaké yèn manuṅsa iku kudu aṅgayuḥ supaya ṅèmpĕri maraᶇ taho (kaᶇ maha sahé) alantaran kahutaman (tèḥ). sujana laho tzowé ṅĕmohi raraṅkèn tata caraniᶇ panĕmbaḥ (cérémoniyél) lan mulaᶇ supaya woᶇ kabèḥ siᶇ kĕpara aṇḍapasor. kaᶇ mĕṅkono iku laho tzowé kahaṅgĕp ñĕḍiyani papan tumrapiṅagama budđa.

confuciyus (551 479) malaḥ ṅluwihi kĕsuwuré tinimbaᶇ lahu tzowé, pinuṇḍi puṇḍi iᶇ ṅakèḥ ṅanti 24 abad lawasé, luwiḥ luwiḥ tumrapiᶇ piwulaṅé bab kabutuhaniᶇ ṅahurip (sociyahal). ḍèk samana sakabèhiᶇ woᶇ kaṅarĕp dadi puṅgawa nāgara kudu didadar kawruhané iᶇ bab ṅèlmu confuciyus. 
baṅsa cina ĕṅgoné bisa maca nulis wis wiwit saduruṅé ratu daraḥ chowu. sastrané sinĕbutiᶇ basa éyuropahidéyograꝑiścḥ, aṅgambar jĕnĕᶇ jĕnĕṅiᶇ samubaraᶇ. woṅiᶇ satanaḥ cina lan jĕpaᶇ sastrané paḍa, dadi paḍa bisa kirim kiriman layaᶇ naṅiṅolèhé ṅunèkaké béda béda. déné sastra latin, arab, jawa iki sinĕbut sastra ꝑonétiścḥ, aṅgambar swara bahé, mulané sĕnajan bisa ṅunèkaké duruᶇ mĕṣṭi yèn ṅṛêti tĕgĕsé. 
sahuṅkuré para nata daraḥ chowu, kaᶇ ṅṛêbut paṅwasa bisa jumĕnĕᶇ ratu, iya iku ađipati iᶇ cḥ'in. jĕnĕṅiᶇ nāgarané saṅađipati iku mahu bañjur dadi jĕnĕṅiᶇ satanaḥ kabèḥ, kaᶇ kĕtĕlahé ana iᶇ pĕkĕcapan jawa muni cina. rampuṅiᶇ paṅgarapé bètèᶇ gĕḍé kaᶇ mèḥ ṅubĕṅi iᶇ satanaḥ cina iku ḍèk tahun 204 ⅴ.c., lĕt roᶇ tahun karo śīṙṇnaniᶇ ratu daraḥ cḥ'in kaᶇ puṅkasan. déné pṛêluné bètèᶇ mahu kaṅgo naṅgulaᶇ muṅsuḥ kaᶇ kumudu kudu nĕmpuḥ saka iᶇ lor. 
iᶇ sajroné jumĕnĕṅé para daraḥ han (202 sad.t. w. 221) ana kaᶇ nĕmu pratikĕlé ṅĕcap layaᶇ. iᶇ wĕktu iku titimaṅsa lĕbuné agama budđa saka iᶇ turkĕstan kidul, lan marga iku jajahan praja cina bañjur mĕlar mĕṅulon. miturut dodoṅéṅan : saᶇ miᶇ ti supĕna kĕtĕmu woᶇ ḍuwuré 16 kaki mawa sorot kaya sorotiᶇ sṛêṅéṅé iᶇ sakubĕṅiᶇ jaṅga. saᶇ praƀu bañjur ṅlampahaké utusan maraᶇ tanaḥ kulon, baliné karo amboyoṅi ṛĕṣi budđa. 
ṅèlmu confuciyus pṛêsasatora makèwuhi apa apa tumrap lĕbuné kawruḥ budđa. 
faḥ hiyén sujaraḥ mĕñaᶇ patilasané ṛĕṣi budđa iṅiṇḍu ana iᶇ sajroniṅabad 5, iᶇ tahun 414 tĕkaniᶇ tanaharan y p'o t'i, yahiku kaᶇ lumrahé diyaṅgĕp tanaḥ jawa. 
sapĕṅkĕré para ratu daraḥ haniᶇ tanaḥ cina bubraḥ pṛênatané lan pĕcaḥ dadi tĕluᶇ krajan. para ratu daraḥ taᶇ sagĕd mulihaké paṅwasa lan katĕntṛêman. marga saka kṛêtaniᶇ jamaniku ṅanti para muḍa iᶇ jĕpaᶇ lan koréya paḍa tĕka, mĕguru ana iᶇ pamulaṅan pamulaṅan luhur. sĕnadyaniᶇ jamaniku kĕpĕkṣa akèḥ pĕpraṅan, naṅiṅuga akèḥ pṛênatan pṛênatanañar kaᶇ mahédahi iṅumum, marga saka lalabĕtané nayaka wicakṣana kaṅasma waṅan shiḥ. kaṅgo pĕñjaganiᶇ katĕntṛêman diyanakaké localé militiyé sinĕbut"paho chiya". ora suwé karajan cina pĕcaḥ pĕcaḥ manèḥ. baṅsa kin tartar (kin = ĕmas) dimintasraya nĕntṛêmaké nāgara, lan bañjur tĕrus maṅgoniᶇ sisiḥ lor, kaᶇ didadèkaké kuṭa krajan yahiku pĕkiᶇ. 
iᶇ jamaniku ana baṅsa añar kaᶇ katon kĕwantĕraké, sinĕbut baṅsa moṅgul, pĕmaṅgoné ana iᶇ sahantaraniᶇ talaga bahikal, karo kali amur (moᶇ = kĕndĕl). ora suwé bañjur bisa ṅĕlun tanaḥ cina lor, tanaḥ koréya, lan kharézm. pĕṅgĕḍéné kaᶇ pañcèn wantĕriᶇ pĕraᶇ, jĕnĕṅé"khan" géṅhis. malaḥ wis tahu nékad ṅlurugi tanaḥ ruslan. 
salaḥ sawijiniᶇ ratu kaᶇ gumanti khan géṅhisana kaᶇ jujuluk kublahi khan = chowébilahi (1260 1294), piṇḍaḥ nāgara saka karakorum mĕñaṅiᶇ pĕkiᶇ. ĕṅgoné ṅasta praja iku sinĕbut paṅrèḥ praja kaᶇ sĕkawit (yan = isiḥ kaᶇ sĕkawit). tanaḥ cina kidul kĕna ditĕlukaké klawan gampaᶇ. tanaḥ jĕpaᶇ dilurugi naṅiṅora olèḥ gawé. lurugan mĕñaᶇ tanaḥ jawa iᶇ tahun 1293 uga tanpa gawé. iᶇ jamaniku ana sarjana lalana tĕkaniᶇ tanaḥ cina, asalé saka vénétiyé, jĕnĕṅé marco polo, kaṇṭi woᶇ tuwané lan bapa pamané. pĕmaṅgoné ana iᶇ combulac (yahiku pĕkiᶇ) wiwit tahun 1275 tĕkan 1292, baliné liwatiᶇ siyĕm, iᶇ jawa, sumatra, céylon, laniṇḍu. 
nalika baṅsa moṅgul ñĕkĕl paṅwasa, iᶇ tanaḥ cina kĕrta raharja lanakèḥ kĕmajuwané. baṅsa cina rumaṅsa ora rĕkasa winĕṅku iᶇ baṅsa moṅguliku, sarta paḍa ora diwajibaké kukuciran minaṅka taṇḍa pĕnuṅkul kaya iᶇ jaman bésuké nalika kahĕrèhiᶇ baṅsa mañchu. 
iᶇ tahun 1368 ana kraman, dipĕṅgĕḍèni woṅasli tani jĕnĕṅé huᶇ wu. kraman mĕnaᶇ, woᶇ moṅgul kahusir. huᶇ wu jumĕnĕᶇ nata binaṭara, bĕcik papréntahané, nurunaké ratu ratu kaᶇ sinĕbut daraḥ miᶇ. sajroniᶇ jamaniku kĕmajuwaniᶇ tanaḥ cina ṅluwihi kaṅuwisuwis. rèhniṅora mṛêlokaké panĕmpuhiᶇ muṅsuḥ, mulané bañjur kobĕr yasa taṅgul taṅgul lanirrigatiyé gĕḍèn gĕḍèn. nāgara ṅanakaké lumbuᶇ lumbuṅakèḥ kaṅgo añjagani yèn nuju maṅsa pacĕklik. wosé bahé warata iᶇ satanaḥ : kṛêta raharja. ḍuwit kṛêtasiya wisana. woṅarab paḍa dadagaṅan mrono. kaguṇan lan bab yĕyasan lĕstari paṅudiné kaya ḍèk jaman paṅrèhé daraḥ han lan taᶇ. 
ratu daraḥ miᶇ kaᶇ luhur ḍéwé jujuluk yuᶇ lo (1401 1424) ṅlurugaké wadyabala gĕḍé rambaḥ kapiᶇ 5, disénapatèni chéᶇ ho. kaᶇ dilurugi tanaḥ tanahiᶇ sisiḥ kidul lanuga tanaḥ tanahiᶇ nuswantara. woᶇ woṅiᶇ nuswantara mahu mahuné isiḥ dirèmèhaké baṅĕt, dijĕnĕṅaké nan man (baṅsa kasar, alasan). lurugan kaᶇ kapisananaṅgawa prahu gĕḍé 62, ana kaᶇ dawané 400 pĕcak, isi pṛêjurit 27.800, saṅu paṅan, mās lan sutra. iᶇ tahun 1407 chéᶇ ho wis bali saka tanaḥ jawa, mampiriᶇ sumatra, malaka, manila lan sulu. marga saka luruganiku, bañjurakèhutusan saka praja ṅĕndi ĕndi tĕka iᶇ pĕkiᶇ, pṛêlu nélakaké pĕṅèḍĕpé praja praja mahu maraᶇ śrī maharaja yuᶇ lo. barĕṅiᶇ tĕṅaḥ tĕṅahané abad ⅹⅴ muᶇ kari praja loro uŧawa tĕlu kaᶇ ṅlakokaké wawakil mĕñaᶇ nāgara cina. 
iᶇ ḍuwur wus kacaritakaké yèn dayaniᶇ baṅsa cina tumrapiᶇ woᶇ pri ƀumi nuswantara ora ñrambahi iᶇ bab kabatinan lan bab tatacara, naṅiᶇ muṅguhiᶇ pṛêkara baraᶇ baraᶇ kabutuhaniᶇ ṅahurip, akèḥ kaṅasal saka cina, kaya ta : wĕsi, timbĕl, mās, sĕlaka, sutra lan baṅsa bala pĕcaḥ (poṙṣĕlin).
péraṅan kaᶇ kapiṇḍo. babad tanaḥ jawa wiwitadĕgé karajan karajanislam lan tĕkané baṅsa éyuropa, tumĕkané gĕmpalé karajan mataram lanambruké vérénigdé ostindiśché compahigné. 1500 1799.

bab 1. malaka lan pĕñcariṅagama islam.
madĕgé malaka iku ḍèk ± 1350, kébawaḥ maraᶇ nāgara siyĕm. muṇḍaké gĕḍé marga kĕtĕkan baṅsa satriya sapuṅgawané, playon saka nāgara nāgara kiwa tĕṅĕn. 
para satriya mahu saluṅané saka tanaḥ wutaḥ rahé, ayaké jalaran giris maraᶇ prajurit lurugan saka tanaḥ jawa ḍèk jaman kartanāgara, bañjur ṅaliḥ ṅaliḥ maṅgoniᶇ sumatra wétan, bornéyo kidul lan bornéyo kulon, wĕkasanana iᶇ kuṭa añararan tumasik, iᶇ sahiki jĕnĕᶇ siṅgapura. ora lawas tumasikuga kĕbawaḥ maraᶇ tanaḥ jawa (majapahit), para satriya sumatra mahu ṅoñcati, golèk pĕṅuṅsèn mĕñaᶇ malaka. 
déné agamané kaṅakèḥ budđa lanana kaṅislam, naṅiᶇ tumĕkané wĕtara tahun 1450 wisislam kaᶇ ṅĕkèhi. kaᶇ mĕṅkono iku marga saka baṅĕtiᶇ pamaṙṣudiné para ṅulama ĕṅgoné ñiyaraké agama. 
ajuniᶇ malaka iku rikat baṅĕt; lagi umur 50 tahun bahé wis wani nisihi tanaḥ jawa, muᶇ bahé ṅaṅgo sĕrana ṅayom maraᶇ nāgara cina. iᶇ tĕṅaḥ tĕṅahé abad ⅹⅴ malaka kĕrĕp katoniᶇ kawantĕrané : sultan muḍafar syaḥ wani ṅipataké maraᶇ paṅwasa nāgara siyĕm. saᶇ nāŧa binaṭara iᶇ cina akèḥ pariṅé pĕmbantu, mulané sultan mannu syaḥ, putra muḍafar syaḥ, bisa ṅĕlunambawahaké iᶇ satanaḥ jasiraḥ malaka lan sumatra tĕṅaḥ. iᶇ tahun 1481 praƀu iᶇ nāgara cina ḍawuḥ, yèn malaka kudu wis bisa mĕntas ḍéwé lan samĕkta iᶇ gagaman ḍéwé, tĕgĕsé wis‍ora olèḥ bantu saka nāgara cina, éwadéné mĕkṣa isiḥ bisa ṅukuhi kamardikané, ora ṅanti kĕbawaḥ maraᶇ rāja jawa uŧawa liya liyané, malahiᶇ sajroniṅabad ⅹⅴ iku gĕḍé dayané tumrap maraᶇ kahananiᶇ tanahiṇḍiya kabèḥ. 
agama islam pĕñcaré maraᶇ tanaḥ sapéraṅan gĕḍé iya saka malaka ṅaṅgo lantaran dagaᶇ layar. iᶇ saduruᶇ duruṅé wĕktu iku wisana baṅsa arabuŧawa pĕṙṣi ṅambahiṅiṇḍiya laniᶇ tanaḥ cina, sĕnadyan tuṅgaṅané muᶇ prahu kaṅisiḥ sarwa kuciwa. para sudagar baṅsa islam kaᶇ bañjur maṅgoniᶇ tanaḥ tanahiṇḍiya iya wis paḍa omahomaḥ karo baṅsa pri ƀumi, malaḥ lumrahé kaᶇ baṅsa priyayi, naṅiᶇ cacahiᶇ woṅislam mĕkṣa lagi sĕṭiṭik baṅĕt, duruᶇ bisa andayani maraᶇ kahananiᶇ ṅakèḥ. barĕᶇ malaka dadi tanahislam maṅka pĕdagaṅané gĕḍé, minaṅka pasariᶇ tanaḥ tanaḥ wiwit saka iṇḍu ṅarĕp tĕkan tanaḥ cina, pĕñcariṅagama islamana iᶇ kapulowaniṇḍiya kéné rikat baṅĕt. iᶇ tahun 1440 wis mĕñcarana iᶇ tĕrnaté, moloko lan baṇḍa, saya suwé saya jĕmbar lan lumrahé mĕñcaré iku saraṇa apikapikan bahé, dadi ora sraṇa pĕkṣa uŧawa liyané. 
sudagarasal malaka lanasaliṇḍu ṅarĕp paḍa maṅgoniᶇ tanaḥ jawa lanakèḥ kaᶇ rabi woᶇ jawa. laḥ kaᶇ maṅkono iku bisa añjĕmbaraké tĕbaniṅagama islam, awit bojoniᶇ woṅislam mĕṣṭiné iya dadi islam. 
pĕñcariṅagama islamiku mĕṣṭi bahé agawé suda sudaniᶇ paṅwasané para ratu jawa agama iṇḍu, naṅiᶇ paṅwasa iku mahu sañatané pañcèn wis cilik marga saka kalahiṅĕr karo nāgara cina, lan marga saka kĕrĕpiᶇ pĕpraṅan karo paḍa tuṅgal baṅsané, dadi jajahan jajahan sajabaniᶇ tanaḥ jawa paḍa gampaṅuculé. 
éwadéné sĕnadyan malaka pisaniᶇ tahun 1509 isiḥ rumaṅsa miris, ñumĕlaṅaké yèn ditĕmpuhiᶇ pṛêjuritiᶇ ratu jawa kaṅaṅgĕgirisi. 
muṅguḥ kahananiᶇ malaka iᶇ jaman sĕmana, caṭĕtané ma huwan kaṅaṇḍèrèk tindaké sénapati chèᶇ ho nalika nitiprikṣa iᶇ tanaḥ kono, ñĕbutaké mĕṅkéné : rāja lan kawulané paḍa tĕtĕpaṅgoné ṅlakoni agama islam. tanahé ora pati loḥ, mulané tatanènora pati gĕḍé, muᶇ pĕdagaṅan kaᶇ maju. urutiᶇ kṛêtĕgiᶇ kali cilikakèhomahomahané cilik, kaṅgo adol baraᶇ warna warna. pĕlabuhané diyambahiᶇ prahu dagaᶇ saka nāgara cina, ana iᶇ kono ṅaṅgo ambayar béya. kuṭané wis tinémbok mubĕᶇ, mawa gapura papat lan mĕnara mĕnara pĕjagan pṛêjurit. iᶇ jĕro ana tĕmboké mubĕᶇ manèḥ, lahiᶇ jĕroné kono akèḥ goḍaᶇ goḍaṅé kaṅgo naṇḍo baraᶇ baraᶇ dagaṅan lan gĕḍoᶇ gĕḍoᶇ kaṅgo simpĕn rajabrana. kaᶇ kaṅgo bayar binayar (ḍuwit) timahĕṅgoné mĕlik ḍéwé saka iᶇ tanaḥ kaᶇ tĕṅaḥ. śrī sultanagĕmagĕmané sṛêban putiḥ, saṇḍal wuwulaᶇ, lan jubahijo uŧawa biru kinĕmbaᶇ kĕmbaᶇ. bab wujudé woᶇ woṅiᶇ kono, omahomahé, pĕṅuripané iya dicaṭĕti, naṅiṅora pṛêlu dikaṇḍakaké iᶇ kéné. pĕṅgahotan misaya iwakiᶇ kono kĕlumraḥ. pĕmĕtu kaᶇ dadi dagaṅan : baṅsa kayu, luwiḥ luwiḥ kayu arĕᶇ (ébbénhowut, warnané irĕᶇ), blĕndok lan timaḥ. muṅsuhiᶇ malaka iᶇ tanaḥ lor : siyĕm, wis diyalaṅalaṅi. muṅsuhiᶇ kidul : tanaḥ jawa, lagi éwuḥ pasulayan, pĕcaḥ dadi péraṅan cilik cilik. 
éwadéné kamardikaniᶇ malaka wis mèḥ tĕkan tiŧi maṅsaniṅilaᶇ. 
baṅsa portĕgis kaᶇ paḍa ana iᶇ gowa, ṅṛêti yènasalé bumbon crakèniku isiḥ mĕṅétan manèḥ. iᶇ tahun 1509 diyégo lopéz dé séquwéyira nitiprikṣa mĕṅétan, tĕkan sahurutiᶇ pĕsisir sumatra lanuga tĕkaniᶇ malaka. iᶇ sĕkawitana iᶇ kono ditanduki bĕcik, naṅiᶇ marga saka kasariᶇ tindaké pṛêjurit portĕgis lan marga saka pĕṅgosokiᶇ para sudagarislam, bañjur dadi lanora apiké. woᶇ portĕgis 20 cinĕkĕl, dikuñjara. séquwéyira ora wani nĕmpuḥ marga kĕsĕṭiṭikĕn pṛêjurité, bañjurañjaluk bantu maraᶇ d'albuquwérquwé. iᶇ tahun 1511 d'albuquwérquwé tĕka samĕkta kapal pĕraṅakèḥ, malaka kĕna dikukup. woᶇ portĕgis rumaṅsa kĕbĕnĕranĕṅgoné olèḥ tanaḥ malaka iku awit mĕruhi gĕḍéniᶇ pĕdagaṅaniᶇ kono, mulané bañjur saya digĕḍèkaké pisan, ora suwé malaka koṇḍaᶇ dadi papan pĕdagaṅan kaᶇ gĕḍé ḍéwé iᶇ satanaḥ wétanan, muᶇ kalaḥ karo gowa. 
lĕt satusan tahunĕṅkas baṅsa walanda ṅañcikiᶇ ƀumi tanaḥ wétanan. iᶇ tahun 1640 kuṭa malaka kinĕpuᶇ wakul binaya maṅap maraᶇ pṛêjurit walanda ṅaṅgo bantu pṛêjurit saka johor. iᶇ tahun 1641 malaka kĕlakon nuṅkul. déné kèhiᶇ papati marga kinĕpuṅiᶇ muṅsuhiku pṛêsasat tanpa wilaṅan.
bab 2. karajan dĕmak lan karajan pajaᶇ. ± 1500 1582. wiwitané iᶇ tanaḥ jawa ana agama islamiṅantarané tahun 1400 1425.

iᶇ tahun 1292 iᶇ tanaḥ pĕrlak pulo sumatra wisana woṅislam; iᶇ tahun 1300 ana woṅislam maṅgoniᶇ samudra pasĕi. iᶇ puṅkasané abad kaᶇ piᶇ 14 iᶇ malaka iya wisana woṅislam. tĕkané paḍa saka gujarat. saka malaka kono agama islam mĕñcar maraᶇ tanaḥ jawa, tanaḥ cina, iṇḍiya buri laniṇḍiya ṅarĕp. 
kaᶇ mĕñcaraké agama islamiᶇ tanaḥ jawa ḍisiké yahiku sudagar jawa saka tuban lan gṛêsik, kaᶇ paḍa dadagaṅaniᶇ malaka, paḍa sinahu agama islam; dadiné islam tĕrkaḍaᶇ sok kĕpĕkṣa. sudagar sudagar jawa mahu paḍa bali maraᶇ tanaḥ jawa wétan, sudagariṇḍu lan pèṙṣi uga ana siᶇ tĕka iᶇ kono lan nuli mĕñcaraké agama islam maraᶇ woᶇ woᶇ. siᶇ misuwur yahiku : mahulana malikibrahim (asal pèṙṣi?), séda ana iᶇ gṛêsikiᶇ tahun 1419, ṅanti sahiki pasaréyané isiḥ. barĕᶇ kuwaśané karaton majapahit saya suwé saya suda, para ƀupati iᶇ pasisir rumaṅsa gĕḍé paṅuwasané, wani ṅlakoni iᶇ sakarĕp karĕp. para ƀupati mahu lumrahé wis paḍa islam wiwit tumapakiṅabad kaᶇ kapiᶇ 16 (1500 1525). jalaran saka iku kĕrĕp bahé pĕraᶇ karo para rāja agama iṇḍu kaᶇ maṅgoniᶇ tĕṅahiᶇ tanaḥ jawa. 
miturut carita : saᶇ praƀu kĕrtawijaya iᶇ majapahitiku krama karo putri saka iᶇ cĕmpa (tanahiṇḍiya buri). putri mahu kapṛênahibu alit karo radèn rahmatuŧawa sunan ṅampèl (surabaya). sunan ṅampèl kaguṅan putra kakuᶇ siji, asma sunan bonaᶇ, lan putra putri siji, asma ñahi gĕḍé malaka. ñahi gĕḍé malaka iku marasĕpuhé radèn patahuŧawa panĕmbahan jimbun, yahiku kaᶇ sinĕbut : sultan dĕmak kaᶇ sapisan. 
sunan ṅampèl lan sunan bonaᶇ dadi panuṅgalané para wali. para wali mahu kaᶇ misuwur : sunan giri (sakidul gṛêsik), ana iᶇ kono yasa kaḍaton lan mĕśjid; ki paṇḍanaraᶇ (iᶇ sĕmaraᶇ) lan sunan kalijaga (iᶇ dĕmak). iᶇ tahun 1458 iᶇ dĕmak wisana mĕśjid bĕcik. 
paḍa paḍa ƀupati pasisir, kaᶇ kuwaśa ḍéwé sinĕbutasma pati unusuŧawa paṅéran sabraᶇ lor, putrané panĕmbahan jimbun. iᶇ tahun 1511 pati unus mbĕḍaḥ jĕpara. iᶇ tahun 1513 ṅlurugi malaka. ĕṅgoné tata tata arĕp ṅlurug ṅanti pituᶇ tahun lawasé, lan bisa ṅlumpukaké prahu kèhé ṅanti saṅaᶇ puluḥ, prajurit 12.000, apadéné mriyĕmakèḥ, naṅiᶇ kapĕkṣa bali ora olèḥ gawé, awitora kĕcoṅgaḥ muṅsuḥ lan woᶇ portĕgis kaṅana iᶇ malaka. 
pati unusiᶇ tahun 1518 uga ṅalahaké majapahit naṅiᶇ majapahit ḍèk samana pañcèn wis‍ora gĕḍé. kuṭané ora dirusak, muᶇ pusaka kraton bañjur digawa mĕñaᶇ dĕmak sarta p. unus ṅaku ṅgĕntèni ratu majapahit. 
iᶇ tahun 1521 pati unus séda isihĕnèm lanora tiṅgal putra. kaᶇ gumanti rayi lĕt siji yahiku radèn tṛêṅgana, jalaran rayiné tumuli : paṅéran sĕkar séda lèpèn, wis disédani putrané r. tṛêṅgana, kaṅaran paṅéran mukmin. 
sajroniᶇ jumĕnĕṅé sultan tṛêṅgana (1521 ±1550) karaton dĕmak kuwaśa baṅĕt; ṅuwasani tanaḥ jawa kulon, ṅĕrèḥ kuṭa kuṭa iᶇ pasisir lor lanuga mbawahaké jajahan majapahit, sarta karaton supituraᶇ (tumapĕl) uga bañjur kapréntahiᶇ dĕmak. déné blambaṅaniku bawaḥ bali. pĕlabuhan bawaḥ dĕmakakèḥ siᶇ gĕḍé, kaya ta : jĕpara, tuban, gṛêsik lan jaratan. gṛêsik lan jarataniku siᶇ gĕḍé ḍéwé, woᶇ kaᶇ maṅgoniᶇ kono luwiḥ saka 23.000. 
iᶇ tahun 1546 sultan tṛêṅgana kaṇṭi sunan gunuᶇ jati ṅlurugi pasuruwan. kuṭa pasuruwan kinĕpuṅiᶇ wadyabala. naṅiᶇ duruᶇ ṅanti bĕḍaḥ, paṅĕpuṅé diwuruṅaké, jalaran sultan tṛêṅgana séda dipṛêjaya iᶇ sajawiniᶇ punakawan santana, kaᶇ mĕntas didukani. 
putrané sultan tṛêṅgana akèḥ. putra putriné paḍa krama olèḥ para gĕḍé. ana siᶇ krama olèḥ ƀupati iᶇ pajaᶇ, kaṅasma : adiwijaya, yahiku mas krèbèt, ki jaka tiṅkiruŧawa pañji mas. putra kakuᶇ loro : paṅéran mukminuŧawa sunan prawata, lan paṅéran timur, kaṅiᶇ bésuké dadi ađipati iᶇ madura bañjur dipiṇḍaḥ mĕñaᶇ madiyun. 
sunan prawata iku kaᶇ ñédani paṅéran sĕkar séda lèpèn. putrané paṅéran sĕkar séda lèpèn kaṅasma arya panaṅsaṅarĕp malĕsaké sédané kaᶇ rama. sakawitarya panaṅsaᶇ ñédani paṅéran mukmin sagarwané, nuli putra mantuné sultan tṛêṅgana. naṅiᶇ barĕᶇ sumĕdya ñidra adiwijaya, ora olèḥ gawé, malaharya panaṅsaᶇ barĕᶇ dipapagaké pĕraᶇ, kalaḥ lan nĕmahi pati. adiwijaya bañjur ṅuwasani tanaḥ jawa : amboyoᶇ pusaka kraton mĕñaᶇ pajaᶇ lan nuli dijumĕnĕṅaké sultan déniᶇ sunan giri. 
nalika adiwijaya jumĕnĕᶇ ratu ana iᶇ pajaᶇ, blambaṅan lan panarukan kabawaḥ ratu agama śiwahiᶇ blambaṅan, kaṅuga mbawahaké bali lan sumbawa (1575). 
jajahan jajahaniᶇ pajaᶇ kaᶇ kapréntahiᶇ paṅéran (ađipati) yahiku : surabaya, tuban, pati, dĕmak, pamalaᶇ (tĕgal), purbaya (madiyun), blitar (kĕḍiri), sĕlaroᶇ (bañumas), krapyak (kĕḍu sisiḥ kidul), mataram (ṅayoja) lam pajaᶇ ḍéwé, yahiku surakarta sisiḥ kidul kulon, sakuloné bĕṅawan sala. ana iᶇ tanaḥ pasuṇḍan karaton pajaᶇ mèhora duwé paṅuwasa, jalaraniᶇ tahun ± 1568 tanaḥ bantĕn dimĕrdikakaké déniᶇ hasanuddin, dadi tanaḥ kasultanan.
bab 3. karajan mataram nalika jumĕnĕṅé sénapati. 1582 1601. ana woᶇ linuwiḥ sinĕbut kyahi gĕḍé pamanahan, asalé muᶇ woᶇ lumraḥ bahé. jalaran saka akèḥ lalabuhané maraᶇ sultan pajaᶇ, bañjur didadèkaké patiṅgi iᶇ mataram. nalika iku tanaḥ mataram duruᶇ rĕja lan pasar gĕḍé, padunuṅané kyahi pamanahan mahu, isiḥ wujud déśa.

putrané kyahi gĕḍé pamanahan kaṅasma suŧawijaya, radèn bagus, uŧawa paṅéran ṅabèhi loriᶇ pasariku dipuṇḍut putra aṅkat déniᶇ sultan pajaᶇ lan ṅanti diwasa tansahana iᶇ kraton, dadi mitrané paṅéran bĕnawa. iᶇ tahun 1575 suŧawijaya gumanti kaᶇ rama ana iᶇ mataram, olèḥ jujuluk sénapati iᶇ ṅalaga.
karajan jawa ±1580
panĕmbahan sénapati (suŧawijaya) baṅĕtiᶇ paṅarahé supaya bisa jumĕnĕᶇ ratu. iᶇ muludora ṅaḍĕp maraᶇ pajaᶇ, lan pasar gĕḍé didadèkaké bètèᶇ, ndadèkaké kuwatiré sultanadiwijaya. kĕlakonora suwé bañjur pĕpĕraṅan, adiwijaya kalaḥ laniᶇ tahun 1582 séda kacidra iṅabdi aran jurutaman. kaᶇ piniliḥ gumanti jumĕnĕᶇ sultaniya iku arya paṅgiri putra sultan prawata kaᶇ kamantu iᶇ sultanadiwijaya, déné p. bĕnawa muᶇ didadèkaké ađipati ana iᶇ jipaᶇ, baṅĕtandadèkaké prihatiné. 
kawula iᶇ pajaṅakèḥ kaṅora sĕnĕᶇ maraᶇ sultan paṅgiri, bañjur paḍa milu suŧawijaya, waṣaṇa suŧawijaya babarĕṅan lan bĕnawa ṅlurugi pajaᶇ, kĕlakon bĕḍaḥ, awit woᶇ pajaᶇ paḍa mbalik ṅiloni suŧawijaya lan bĕnawa; kaᶇ sĕtya maraᶇ sultan muᶇ woᶇ kaᶇ saka dĕmak lan pṛêjurit séwan (batur tukon) baṅsa bali, bugis lan mĕkasar. 
sabubariᶇ pĕraᶇ bĕnawa pasraḥ pajaᶇ sajajahané maraᶇ suŧawijaya kaᶇ bañjur jumĕnĕᶇ ratu akaḍatoniᶇ mataram, upacaraniᶇ kĕpraƀonuga kaboyoᶇ mĕñaᶇ mataram. bĕnawa kari ana iᶇ pajaṅasĕbutan sultan. 
sénapati ṅĕrèhaké mataramiᶇ tahun 1586 1601. jajahan jajahan karaton pajaᶇ kaᶇ wis kasĕbut ḍuwur karèhé maraᶇ mataram kaṇṭi ṅṛêkasa baṅĕt. sénapati kĕpĕkṣa kudu kĕrĕp pĕraᶇ, kaya ta : pĕraᶇ karo panaraga, madiyun, pasuruwan lan luwiḥ luwiḥ karo blambaṅan, naṅiᶇ blambaṅanora ṅanti klakon tĕluk, muᶇ kapĕkṣa mimitran. bantĕnuga arĕp ditĕlukaké, naṅiṅiya ora bisa kalakon. galuḥ pinĕkṣa karèḥ mataram. 
iᶇ nalika iku akèḥ kuṭa kuṭa pĕlabuhan kaᶇ ramé, paḍa ditĕkani woᶇ portĕgis, ora lawas woᶇ walanda iya paḍa nĕkani iᶇ kono. dadagaṅané mrica, pala, cĕṅkèḥ, kapas lan baraᶇ baraᶇ liyané akèḥ, naṅiᶇ bab kawruḥ lan kaguṇanora pati dipĕrduli.
iᶇ tahun 1601 sénapati séda, kaᶇ gumanti putra, mas jolaᶇ. pasaréyané sénapati nuṅgal kaᶇ rama ana iᶇ pasar gĕḍé sarta paḍa pinuṇḍi puṇḍi.
bab 4. karajan bantĕn lan cirĕbon wiwit jumĕnĕṅé sunan gunuᶇ jati (± 1527) tumĕka sédané mahulana mohamad (1596). iᶇ wiwitané abad kaᶇ piᶇ 16 iᶇ tanaḥ jawa kulonana nāgara aran pajajaran, kuṭané aran pakuwan. kuṭa pĕlabuhaniya duwé, yahiku bantĕn lan suṇḍa kalapa, naṅiᶇ dadagaṅané duruᶇ gĕḍé. wiwit nalika malaka iᶇ tahun 1511 kacĕkĕliᶇ baṅsa portĕgis, para sudagarislam paḍa dadagaṅanana iᶇ pasisir loré tanaḥ jawa kulon. iᶇ bantĕn nuli ana pĕdagaṅan gĕḍé, dagaṅané mrica.

iᶇ nalika iku ana woᶇ pasĕi (sumatra), agamané islam, tĕka iᶇ tanaḥ jawa kulon mĕraṅi ratu iᶇ pĕjajaran ṅaṅgo prajurit saka iᶇ dĕmak. woᶇ pasĕi mahu iᶇ tĕmbéné aran sunan gunuᶇ jati, mahuné bokmanawa aran falétéhan. iku ipéné r. tṛêṅgana. marga saka pituluṅané r. tṛêṅgana iᶇ tahun 1527 bisa mbĕḍaḥ suṇḍa kalapa (jayakĕrta uŧawa jakarta) lan cirĕbon.
iᶇ tahun 1552 sunan gunuᶇ jati iᶇ bantĕn digĕntèni kaᶇ putra jujuluk hasanuddin. déné putra liyané kaṅasma paṅéran pasaréyan, iku kaᶇ nurunaké para sultaniᶇ cirĕbon. 
falétéhan séda iᶇ tahun 1570 ana iᶇ cirĕbon lan disarèkaké ana iᶇ puṇṭuk gunuᶇ jati. kuṭa pakuwan bĕḍahé sawisé tahun 1570. woᶇ woṅiᶇ tanaḥ jawa kulon bañjur pinĕkṣa mañjiṅislam.
nalika falétéhan séda kaᶇ jumĕnĕᶇ sultaniᶇ cirĕbon panĕmbahan ratu, yahiku buyuté falétéhan mahu. 
hasanuddiniku krama olèḥ putriné paṅéran tṛêṅgana. barĕᶇ paṅéran tṛêṅgana séda, karaton bantĕn bañjur madĕg ḍéwé (1568). hasanuddinuga nĕlukaké lampuᶇ, sarta rāja indrapura ṅaturaké putrané putri minaṅka garwa. 
kuṭa bantĕn dadi ramé lan pĕlabuhané gĕḍé. alaṅiᶇ kuṭa urut pasisirana 750 m. déné ujuré maraᶇ ḍaratan ± 1.600 m. prahu prahu bisa lumĕbu iᶇ kuṭa mĕtu iᶇ kali kaᶇ nrajaᶇ kuṭa mahu; sahiki kaliné wis kĕwalĕdan wĕḍi. kuṭa mahu kaᶇ sasisiḥ dipagĕri lanana gĕrḍu gĕrḍuné paṅgonan prajurit jaga tuwin paṅgonan mriyĕm.
hasanuddin séda iᶇ tahun 1570, kasarèkaké iᶇ sabakiṅkiᶇ. kaᶇ gumanti kapraƀon paṅéran yusup. 
nalika iku woᶇ bantĕn yèn nandur pari lumrahé ana iᶇ patĕgalan (laḍaᶇ). sawisé diyĕnèni, wis‍ora ditanduri manèh; woᶇ woṅé bañjur golèk paṅgonan liya digawé laḍaᶇ, yèn wus panèniya dibĕrakaké manèḥ. siᶇ kaya maṅkono iku tumrapiᶇ lĕmahé mĕṣṭi bahé ora bĕcik. barĕᶇ paṅéran yusup jumĕnĕᶇ sultan, woᶇ woᶇ paḍa diḍawuhi sĕsawaḥ. jalaran saka iku woᶇ tani iya kĕpĕkṣa miliḥ paṅgonan siᶇ tĕtĕp, ora pijĕr ṅolaḥ ṅaliḥ, iku ñjalari anané déśa déśa. paṅéran yusupuga ḍawuḥ yasa bĕnduṅan lan susukan susukan pṛĕlu kaṅgo ṅĕlĕbi sawaḥ. siᶇ mbĕḍaḥ kuṭa pakuwaniku iya paṅéran yusup. ratu iᶇ pakuwan séda, para luhuriᶇ kono paḍa mlĕbu dadi islam. sawĕnèhana siᶇ ṅuṅsi maraᶇ pagunuṅaniᶇ bantĕn kidul; kaᶇ sinĕbut woᶇ bĕduwi iku turuné woᶇ woᶇ siᶇ paḍa ṅuṅsi mahu. 
paṅéran yusup lumrahé karan paṅéran pasaréyan (tuṅgal jujuluk karo kaᶇ pamaniᶇ cirĕbon). 
iᶇ sasédané p. yusup, paṅéran jĕpara uŧawa paṅéranarya añjaluk jumĕnĕᶇ sultan, naṅiṅora bisa klakon, jalaran saka sĕtyané maṅku ƀumi (patiḥ) iᶇ bantĕn maraᶇ paṅéran yusup. 
kaᶇ gumanti paṅéran yusup, putra kaᶇ sisiliḥ mahulana mohamad. nalika iku yuswané lagi 9 tahun, mulané ṅaṅgo diyĕmbani iᶇ maṅku ƀumi. 
siᶇ maréntaḥ kuṭa jakarta sĕbutan paṅéran; ḍisiké ratu bagusaṅké lan tumurun maraᶇ putra. kuṭa mahu kinubĕṅiᶇ pagĕr, iᶇ jĕroné pagĕrana mĕśjidé, omaḥ gĕḍèg siᶇ didalĕmi saᶇ paṅéran, alunalun lan pasar. iku mahu kabèḥ dumunuṅiᶇ pusĕriᶇ kuṭa. dagaṅané ora pati gĕḍé kaya iᶇ bantĕn. tanaḥ tanaḥ sakubĕṅé kuṭa isiḥ kĕbak buronalas. 
cirĕbonuga ṅréka daya bisané mardika uwal saka bantĕn. sultan cirĕbon mbawahaké sapéraṅané tanaḥ priyaṅan. watĕsé kaᶇ wétan bañumas, kaᶇ kulon cimanuk (citarum). 
barĕᶇ sĕpuhé, paṅéran mohamadiᶇ bantĕn ditṛêṣṇani iᶇ kawula, jalaran saka muṙṣid lan wasis. saᶇ papatiḥ jayanāgara baṅĕt sĕtya maraᶇ ratuné. nalika iku sultan mohamad diyaturi ṅlurugi palémbaᶇ déniᶇ paṅéran mas, wayahé sunan prawata. sanadyan patihé malaṅi, naṅiᶇ sultan mohamad ṅrujuki; kalakoniᶇ tahun 1596 palémbaᶇ dilurugi. wadyabala iᶇ bantĕn wis ṅira bakal mĕnaᶇ, dumadakan nalika sultan mohamad pinuju ḍahar, katamaniᶇ mimis, dadi lan sédané. sĕdané mahu digawé wadi, muᶇ wadyabala diyuṇḍaṅi bali maraᶇ bantĕn. barĕᶇ layonarĕp disarèkaké, iᶇ kono woᶇ woᶇ lagi wĕruḥ yèn sultané séda, laniᶇ wĕktu iku uga paṅéranabowélmafachir dijumĕnĕṅaké sultan, naṅiᶇ yuswané lagi sawatara sasi, mulané pamaréntahiᶇ nāgara kacĕkĕliᶇ maṅku ƀumi manèḥ, dibantoni ñahi ĕmban raṅkuᶇ, kaᶇ jalaran saka wicakṣanané karan : ratu putri iᶇ bantĕn. 
iᶇ puṅkasané abad kaᶇ piᶇ 16 bantĕniku dadi kuṭa padagaṅan kaᶇ gĕḍé ḍéwé iᶇ satanaḥ jawa. woᶇ mañca kaṅana iᶇ kono : woᶇ pèṙṣi, woṅiṇḍu saka gujarat, woᶇ turki, arab, portĕgis, mĕlayu lan woᶇ kĕliᶇ. woᶇ woᶇ ṅamañca mahu lumrahé ṅiṅu batur tukon lan juru basa. luwiḥ luwiḥ woᶇ cina, iᶇ bantĕnakèḥ baṅĕt. baṅsa cina maṅgoné ana sajabaniᶇ témbokiᶇ kuṭa, lanomahé apikapik. paṅgahotané woᶇ mañca paḍa kulak mrica. siᶇ ṅanakaké ḍuwit timbĕl (kèṭèᶇ, gobaᶇ) iᶇ bantĕniya woᶇ woᶇ ṅamañca mahu. ḍuwit timbĕl 1.000 pĕṅajiné ± 20 sèn. 
paṅaniᶇ bantĕn muraḥ baṅĕt, ḍuwit 20 sèn bahé tumrapiᶇ woᶇ ṅamañca, wis turaḥ turaḥ kaṅgo sadinané. hawané iᶇ kuṭa ora bĕcik, jalaran kali bantĕniᶇ biyèné bĕcik, bañjur dadi cĕṭèk lan rĕgĕd. dalan dalan paḍa kuruganiᶇ wĕḍi. omahomahé isiḥ gĕḍèg, muᶇ sĕṇṭoṅé pasimpĕnan wis témbok. para priyayi paḍa duwé pakaraṅanisi wit krambil. saṅarĕpiṅomahana pĕṇḍapané laniᶇ pojokiᶇ latar sokana laṅgaré. kĕjaba mĕśjid gĕḍé lan pĕsantrèn, iᶇ bantĕn muṅana omaḥ gĕḍoᶇ siji, yahiku omahé syabandar. kajaba para luhur, woᶇ kaᶇ ṅibadahora akèḥ. 
para luhur paḍa ṅagĕm saruᶇ sutra, (tĕrkaḍaᶇ sinulamiᶇ bĕnaṅĕmas) sĕrban lan kĕris. kĕnakané dīṅu dawa, wajané dipasahi lan tinrètèsiᶇ masuŧawa disisigi. ṅagĕmé sĕpatu uŧawa sĕlop muᶇ yènana iᶇ dalĕmé bahé. paṇḍèrèké ana siᶇ ṅampil waḍaḥ kinaᶇ, kĕṇḍi, payuᶇ, lampit lan tumbak. para luhur mahu (para puṅgawa) paḍa milu ṅĕrèḥ praja. 
iᶇ maṅsa pĕraᶇ para prajuritolèḥ kĕré, saṇḍaṅan lan paṅan. para puṅgawa mahu paḍa ṅiṅu batur tukonakèḥ. iᶇ bantĕn siᶇ ñambutgawé tĕmĕnan muᶇ para batur tukon, woᶇ cilik liyané mèhora ñambutgawé, mulané paḍa ora kĕcukupan. yènana woṅora bisa mbayarutaṅé, iku bañjur dadi batur tukon sahanak bojoné. 
woᶇ kĕmaliṅaniᶇ bantĕnakèh; maliᶇ kaᶇ kĕcĕkĕl, kĕna nuli đipatèni. woᶇ kaᶇ dosa pati, kĕna nĕbus dosané saraṇa mbayar ḍĕṇḍa maraᶇ śrī sultan. yènana woᶇ lanaᶇ mati, sultan wĕnaᶇ muṇḍutanak bojoné woᶇ mahu. jalaran saka iku akèḥ woṅisiḥ kĕnomĕnĕṅgoné paḍa omahomaḥ. kuwaśané sultan gĕḍé baṅĕt, naṅiᶇ prakara nāgara lumrahé dirĕmbug karo para luhur; paṅṛêmbugé wayaḥ bĕṅi ana iṅalunalun. para luhur mahu kaᶇ kuwaśa baṅĕt maṅku ƀumi (patiḥ), lakṣamana (paṅgĕḍéniᶇ prahu lahutan) lan sénapati. 
iᶇ jaman samana kahanané kuṭa kuṭa iᶇ tanaḥ jawa kuraᶇ luwihiya mèmpĕr karo kuṭa bantĕniku.
bab 5. woᶇ portĕgis lan sĕpañol. 1513. wiwit jaman rum mula woṅasiyahiku wis wiwit lawanan dadagaṅan lan woṅéyuropa. dagaṅan saka asiya wétan, kaya ta : tanahiṇḍu, cina apadéné kapulowan moloko digawa iᶇ kafilaḥ, mĕtu iṅafganistan, pèṙṣi, syriyé (sam), bañjur mĕñaṅégypté (mĕsir), jujugé iṅalĕxandriyé. dagaṅan mahu saka kono bañjur dikirimaké mĕñaᶇ kuṭa kuṭa pĕlabuhaniᶇ sapiṅgiré sagara tĕṅaḥ, kaya ta : rum, vénétiyé lan génuwa; bañjur disĕbaraké iᶇ nāgara liya iṅéyuropa. lakuné kafilaḥ saka iṇḍustan ṅṛêkasa baṅĕt, jalaranana iᶇ dalan kĕsuwèn, maṅka kĕrĕp diyaḍaṅiᶇ bégal. marga saka iku pamĕtuné tanahasiya ana iṅéyuropa dadi laraᶇ baṅĕt, samono uga bumbon saka kapulowan moloko.

barĕᶇ woᶇ turki mèlu mèlu gawé kasusahaniᶇ kafilaḥ mahu, baṅsa baṅsa éyuropa liyané bañjurarĕp mbudđi akal bisané olèḥ dagaṅan saka tanahasiya ḍéwé, ora ṅaṅgo mĕtu ḍaratan, dadi arĕp ṅambaḥ sagara bahé. nalika abad kaᶇ kapiᶇ 15 iᶇ tanahéyuropa wuṣaṇa baṅsa kaᶇ kĕndĕl baṅĕt lalayaran, yahiku baṅsa : portĕgis. 
baṅsa iku ĕṅgoné lalayaran saya suwé saya maṅidul, ṅanti nĕmu pulo lan tanaḥ piraᶇ piraṅĕṅgon, waṣaṇa pasisiré tanahafrika kaᶇ sisiḥ lor kulon wus kawruhan kabèḥ. iᶇ tahun 1486 ana nakoda baṅsa portĕgisaran barṭoloméyus diyas, bisa tĕkaniᶇ poṅolé ƀuwana afrika kaᶇ sisiḥ kidul ḍéwé. 
iᶇ tahun 1498 kĕlakonana nakoda portĕgisaran vaśco dé gama tĕkaniᶇ kalikut, kuṭa iᶇ tanahiṇḍu. 
woᶇ portĕgis nuli miwiti lalawanan dadagaṅan lan woṅiṇḍu, lan nĕnĕlukaké kuṭa pĕlabuhan kaᶇ ramé ramé iᶇ tanahiṇḍu kono. d'albuquwérquwé kaᶇ wus katĕtĕpaké jumĕnĕᶇ praƀu anomiṅasiya nuli ṅumpulaké prahu pĕraᶇ kaṅgo mĕraṅi kuṭa kuṭa pĕlabuhan; gowa, ormus lan malaka gĕnti gĕnti dikalahaké. iya jamané d'albuquwérquwé (1509 1515) iku mumbul mumbulé woᶇ portĕgis, ṅuwasani tanaḥ tanaḥ pasisiriᶇ samodra iṇḍiya tĕkan macaho. barĕᶇ woᶇ portĕgis wis bisa maṅgon lan duwé paṅuwasa ana iᶇ malaka, iᶇ tahun 1513 nuli ana nakoda aran d'abréyu, layar mĕñaᶇ moloko. lakuné ṅaṅgo mampir mampir, kaya ta : mĕñaᶇ gṛêsik. iᶇ wĕktu samono gṛêsik wis dadi kuṭa padagaṅan gĕḍé, woᶇ woṅé wis paḍa islam. woᶇ portĕgis mahu ana iᶇ tanaḥ jawa tĕṅaḥ lan wétan sasat tansaḥ dimuṅsuḥ bahé, muṅana iᶇ panarukan bisa mimitran lan woᶇ ƀumi, jalaran woṅiᶇ kono isiḥ mardika, duruṅislam lan duruᶇ kahĕrèḥ maraᶇ dĕmak. rèḥné woᶇ portĕgisana iᶇ tanaḥ jawa tĕṅaḥ lan wétan tansaḥ ṅṛêkasa baṅĕt, mulané bañjurana kaᶇ ñoba arĕp lalawanan dagaᶇ lan bantĕn. iᶇ sakawitana iᶇ bantĕn ditampani bĕcik, naṅiᶇ nuli woᶇ portĕgis lan woᶇ bantĕn kĕrĕp cocoṅkrahan, jalaran paḍa déné ora pĕrcayané. waṣaṇa ĕṅgoné dadagaṅan woᶇ portĕgis kaᶇ dipĕṅana iᶇ moloko lan pulo timur. 
nalika woᶇ portĕgis tĕka ana iᶇ tanahiṇḍiya kaṅaṅgĕḍèni laku dagaṅiᶇ kapulowan moloko baṅsa jawa, naṅiᶇ barĕᶇ malaka bĕḍaḥ, woᶇ jawa kĕḍĕsuk saka kono lan saka kĕpulowan moloko, bañjur kariṅkĕs pasabané, kaṅaṅgĕḍèni gĕnti woᶇ portĕgis, malahiᶇ tahun 1522 iᶇ tĕrnaté wis diyĕdĕgi bètèᶇ, sarta woᶇ portĕgis wis prajañjiyan lalawanan dagaṅijènijénan (monopoliyé) lan sultaniᶇ kono. iᶇ tĕmbéné kaᶇ dadi ḍok ḍokané woᶇ portĕgisiṅambon lan baṇḍa. 
ana iᶇ pulo pulo moloko laniᶇ pulo pulo suṇḍa cilik sisiḥ wétan woᶇ portĕgis paḍa mĕñcaraké agama kristĕn. 
barĕᶇ woᶇ portĕgis wis‍olèḥ dalan mĕñaᶇ tanahiṇḍiya, woᶇ sĕpañoliya bañjurarĕp ñoba uga mĕñaᶇ tanahiṇḍiya ḍéwé. woᶇ gĕnuwa aran christoꝑorus columbus layar saka sĕpañol maṅulonatasasmané saᶇ nāŧa iᶇ sĕpañol. saka panĕmuné chr. columbus wus tétéla yèn jagadiku bundĕr kĕplĕᶇ, dadi yèn saka sĕpañol tĕrus layar maṅulon mĕṣṭi bañjur tĕkaniᶇ jagad sisiḥ wétan yahiku ĕṅgoné tanahiṇḍiya. yèn saka iṇḍiya ditĕrusaké maṅulon bahé, mĕṣṭi bañjur bali tĕkaniᶇ sĕpañol manèḥ. iᶇ tahun 1492 kĕlakon chr. columbus nĕmu kapulowan kaᶇ diyarani kapulowaniṇḍiya jalaran pamĕtuné akèhèmpĕré lan tanahiṇḍiya, naṅiṅora antara suwé tétéla yèn kapulowan mahu dudu iṇḍiya, mulané muᶇ bañjur diyarani kapulowaniṇḍiya kulon. muṅguḥ satĕmĕné kapulowaniṇḍiya kuloniku wĕwĕṅkoné ƀuwana amérika. 
sakiᶇ kĕpéṅiné maraᶇ kahuntuṅan lan misuwuriᶇ jĕnĕᶇ, bañjurakèḥ bahé woᶇ sĕpañol kaᶇ napak dalané chr. columbus paḍa layar maṅulon kĕtugiṅamérika. sawisé ƀuwana amérika kawruhan, nuli ana woᶇ portĕgis kaṅaran magĕlhahèns kaᶇ nĕdya mĕñaṅiṇḍiya mĕtu amérika atasasmané ratu sĕpañol. maṅkaté magĕlhahèns sakañcané woᶇ sĕpañoliᶇ tahun 1519 lakuné nurut pasisiré amérika sisiḥ kidul, ñjĕbul supitaniᶇ sahantarané poṅolamérika kaᶇ kidul ḍéwé lan pulo vūrland, saka kono tĕrus ṅalor ṅulon nrajaᶇ samodra gĕḍé, añjogiᶇ kapulowan filipina. woᶇ sĕpañol nuli layar mĕñaᶇ moloko, añjogiᶇ tiḍoré. sultan tiḍoré buṅaḥ baṅĕt, awit bakalolèḥ lĕṅganan baṅsa éyuropa, maṅka nalika d'abréyu tĕka iṅambon diyajak lĕṅgananora gĕlĕm, gĕlĕmé muᶇ karo sultan tĕrnaté. 
sarèḥné woᶇ sĕpañol, kañcané magĕlhahèns, kalaḥ santosa karo woᶇ portĕgis, mulané barĕᶇ dimuṅsuḥ, bañjur kapĕkṣa mlayu mĕñaᶇ jilolo, saka kono tĕrus layar maṅulon, nutugaké ĕṅgoné ṅubĕṅi ƀumi, tĕkané iᶇ sĕpañol manèḥ tahun 1522. iya woᶇ sĕpañol kaᶇ dipaṅgĕḍèni magĕlhahènsiku kaᶇ ṅubĕṅi ƀumi sapisanan. 
woᶇ portĕgis barĕᶇ sumurupana woᶇ sĕpañol tĕka, baṅĕt panasé, ṅudi supaya luṅané woᶇ sĕpañol saka tanahiṇḍiya, dadi baṅsa loro mahu paḍa mumuṅsuhan. naṅiṅiᶇ tahun 1529 paḍa bĕḍami, jalaran watĕsiᶇ jajahan dipaṣṭèkaké déniᶇ kaṅjĕᶇ pahus. 
wiwit tahun 1542 baṅsa sĕpañol nĕluk nĕlukaké pulo pulo filipina. jĕnĕᶇ filipina iku kapiritasmané ratu iᶇ sĕpañol filips ⅱ. lanana iᶇ pulo pulo mahu bañjur paḍa mĕñcaraké agama kristĕn.
bab 6. tĕkané woᶇ walanda. 1596. iṅabad kaᶇ kapiᶇ 15 iᶇ nāgara walanda bab misaya iwak maju baṅĕt (iwak hariᶇ). iwaké didol, sumrambahiᶇ satanaḥ tanahéyuropa. jalaran saka iku prahu prahu momot baraᶇ dadi saya akèḥ. prahu prahu momotan mahu kĕjaba momotiwak, uga ṅgawa baraᶇ baraᶇ liyané, kaya ta : mĕrtéga, kèju lan lakĕn saka nèdĕrland didol mĕñaṅéyuropa sisiḥ lor lan kidul. saka portĕgal woᶇ walanda kulakaṅgur lanuyah; saka tanaḥ tanaḥ sapiṅgiré sĕgara wétan gandum lan kayu, lan saka iṅgris wulu wĕḍus. awit saka iku prahu prahu momotaniᶇ satanaḥ tanahéyuropa prasasat kabèḥ duwèkiᶇ baṅsa walanda. iᶇ wiwitané abad kaᶇ piᶇ 16 kuṭa lissabon dadi jujuganiᶇ padagaṅan kaᶇ saka iᶇ tanahiṇḍiya. kaᶇ mĕñcaraké dagaṅan mahu mĕñaṅiᶇ tanaḥ tanaḥ liyané sapéraṅan gĕḍé iya baṅsa walanda. iku kabèḥ ñjalari woᶇ walanda bañjur dadi sugiḥ, woᶇ kaᶇ mahuné muᶇ ṅĕpalani prahu prahu momotan, bañjur dadi nakoda uŧawa sudagar.

iᶇ puṅkasané abad 16 woᶇ walanda baṅĕt paṅudiné maraṅada ada añar lan baṅĕt kĕpéṅiné maraᶇ lalakon lalakon kaᶇ duruᶇ tahu dilakoni, luwiḥ luwiḥ barĕᶇ kruṅu critané lalayaran maraṅiṇḍiya saka woᶇ woᶇ walanda kaᶇ mahuné maṅgoniᶇ portĕgal. apamanèhiᶇ nalika iku akèḥ sudagar sudagar saka nèdĕrland kidul (antwérpén) kaᶇ paḍa ṅaliḥ mĕṅalor. kuwaśané karajan sĕpañol tansaḥ suda, pĕraᶇ karo baṅsa walanda laniṅgris kĕrĕp kalaḥ. dadagaṅaniᶇ lissabon tumrapé baṅsa walanda bañjur diyĕṅèḷĕṅèlamarga wiwitiᶇ tahun 1580 lissabon kĕbawaḥ sĕpañol. jalaran saka sĕbab sĕbabiᶇ ḍuwur mahu, baṅsa walanda kĕñcĕᶇ tékadé arĕp lalayaran mĕñaᶇ tanahiṇḍiya ḍéwé, baṭiné mĕṣṭi bakal luwihakèḥ, awit bisa kulak dagaṅan saka iᶇ paṅgonané asal. 
wiwitané ñoba lalayaran mĕtu lor ṅubĕṅi ƀuwana asiya, pṛĕluné ñiṅkiri baṅsa sĕpañol, yahiku muṅsuhé. sarèḥné layar mĕtu loriku tĕraᶇ yèn rĕkasa baṅĕt, istiṅarahora bisa kĕlakon tĕkan tanahiṇḍiya, nuli woᶇ walanda arĕp nékad mĕtu kidul nurut pasisiré ƀuwana afrika kaya woᶇ portĕgis. cacahiᶇ prahu kaṅarĕp maṅkatana 4, kaᶇ ṅĕpalani aran cornélis dé howutmaniku wis bisa olèḥ katraṅan dalané mĕñaṅiṇḍiya ana iᶇ lissabon. déné kaᶇ dadi lulurahiᶇ jurumuḍi woᶇ pintĕriᶇ ṅèlmu ƀumi aran piyétér kéyzér. iᶇ taṅgal 2 april tahun 1595 paḍa mañcal saka ḍaratan. lakuné ana iᶇ dalan ṅṛêkasa baṅĕt, naṅiᶇ taṅgal 23 juni 1596 kĕlakon tumĕka iᶇ bantĕn. 
satĕkané iᶇ palabuhan bantĕn prahuné waᶇ walanda dirubuṅiᶇ prahu cilik cilik paḍa nawakaké wowohan lan dodolan warna warna. ora suwé iᶇ ḍèk kĕbak woᶇ jawa, arab, cina, kĕliᶇ lan turki paḍa nawakaké dadagaṅan. woᶇ walanda mĕḍun mĕñaᶇ ḍaratan; iᶇ kono wisana cawisanomaḥ kaṅgo bukak toko. sawusé tĕkan ḍaratan bañjur dodolan lan kulak dadagaṅan kaᶇ dīmpi impi, yahiku mrica. naṅiᶇ barĕᶇ rĕrĕmbugan, bañjur paḍa pasulayan. 
woᶇ portĕgis wĕruḥ kaᶇ mĕṅkono iku nuli ṅrékadaya supaya woᶇ walanda disĕṅiti iᶇ woᶇ bantĕn. apamanèḥ cornélis dé howutmaniku wani kasar karo maṅku ƀumi iᶇ bantĕn, lan sarèhniᶇ woᶇ bantĕn kuwatir bokmanawa kuṭa bantĕn bakal ditibani mimis saka iᶇ prahuné woᶇ walanda, cornélis dé howutman sakañcané wolu dicĕkĕl lan dilĕbokaké iᶇ kuñjara. cornélis dé howutman lan kañcané wolu pisan mahu iya nuli luwar, naṅiᶇ saraṇa ditĕbus. barĕᶇ woᶇ portĕgis mbĕbaṅus manèḥ maraᶇ woᶇ bantĕn, woᶇ walanda bañjur luṅa saka bantĕn, awituga wĕruḥ yènora bakal bisa olèḥ dadagaṅanana iᶇ kono. woᶇ walanda bañjur layar maṅétanurut pasisir loriᶇ tanaḥ jawa ṅanti tĕkan bali. saka kono bañjur bali mĕñaᶇ nāgara walanda urut pasisiré tanaḥ jawa kaᶇ sisiḥ kidul. 
tĕkané iᶇ nāgara walanda prahuné kaᶇ mahuné papat muᶇ kari tĕlu, woᶇ kaᶇ mahuné 248 muᶇ kari 89. lan baraᶇ dagaṅan siᶇ digawa apadéné baṭiné muᶇ saṭiṭik baṅĕt. naṅiᶇ sĕdyané kaᶇ gĕḍé wis kalĕkṣanan, iya iku mĕruhi dalané mĕñaᶇ tanahiṇḍiya. 
nalika tahun 1598 ana prahu walanda manèḥ tĕka iᶇ bantĕn, kaᶇ maṅgĕḍèni jacob van néck. sarèḥné van néck mahu woᶇ kaṅalus bubudèné ora kasar kaya dé howutman, dadi woᶇ walanda ditampani kalawan bĕcik, dipèkatiné kĕnowa dijaluki tuluᶇ yènana nĕpsuné woᶇ portĕgis, malaḥ van néckolèḥ palilaḥ katĕmu lan saᶇ timurabowélmafachir ratu iᶇ bantĕn lan van néck ṅaturi tiṅgalan tuwuᶇ mās. woᶇ walanda sĕḍéla bahé olèḥ dagaṅan mrica akèḥ. 
wiwitiᶇ nalika iku akèḥ prahu prahu walanda kaᶇ tĕka iᶇ moloko kulak mrica, pala lan cĕṅkèḥ. 
jujugané prahu kaᶇ mĕñaᶇ tanahiṇḍiya iku iᶇ bantĕn, dalasan prahu kaᶇ saka iᶇ moloko, sanadyan wus kĕbak dagaṅan, kaᶇ mĕṣṭi iya ṅaṅgo mampir. suwé suwé plabuhaniᶇ bantĕn saya ramé déniᶇ prahu walanda kaᶇ tĕka luṅa iᶇ kono. iᶇ waktu iku sĕpañol lan portĕgis wiwit ṅĕdèṅĕṅgoné pĕraᶇ karo baṅsa walanda iᶇ tanahiṇḍiya. 
andréyas furta?o dé méndośa ṅgawa prahu 30 saka gowa layar mĕñaᶇ tanahiṇḍiya, arĕp ḍaḍawuḥ maraᶇ para paṅgĕḍé iᶇ sakèhiᶇ kuṭa plabuhan ṅlaraṅi nampa woᶇ walanda; sakèhiᶇ woᶇ walanda kaᶇ wuṣaṇa iᶇ kono kudu dituṇḍuᶇ. iᶇ tahun 1601 ana prahu walanda tĕka iᶇ supitan suṇḍa, kaᶇ maṅgĕḍèni wolꝑért harméns. ana iᶇ dalan wolꝑért harméns wis‍olèḥ pawarta yèn bantĕn dikĕpuṅiᶇ balané furtaḍo pṛĕlu ṅluṅakaké woᶇ walanda lanaṅgunĕmi maraᶇ paṅéraniᶇ bantĕnaja ṅanti ṅayomi sakèhiᶇ walanda. sanadyan prahuné harméns muᶇ lima, naṅiᶇ nékad nĕmpuḥ prahuné woᶇ sĕpañol. saluṅané woᶇ sĕpañol saka iᶇ bantĕn, harméns mlĕbu iᶇ plabuhan muṅgaḥ mĕñaᶇ kuṭa. 
ora antara suwé ana prahu walanda tĕka manèḥ, paṅgĕḍéné aran jacob van hémskérck. ana iᶇ kono hémskérck sĕḍéla bahé wis‍olèḥ dadagaṅanakèḥ, prahuné kaᶇ lima kĕbak, nuli dilakokaké bali mĕñaᶇ nāgara walanda. déné prahu sakariné bañjur layar mĕñaᶇ gṛêsik. 
ana iᶇ gṛêsik kono hémskérck ṅĕdĕgaké kantor padagaṅan. kantoriku ana iᶇ tanaḥ jawa wétan dadi kantoré woᶇ walanda kaᶇ kawitan. hémskérck sawisé kĕbak prahuné bañjur bali mĕñaᶇ nāgara walanda. 
iᶇ wĕktu iku para sudagariṅgrisiya wis paḍa baṭon ṅlakokaké prahu mĕñaᶇ tanahiṇḍiya. iᶇ tahun 1602 ana prahu iṅgris tĕka iᶇ plabuhan bantĕn ṅgawa layaᶇ lan pisuṅsuᶇ saka ratuné. woṅiṅgris ditampani kĕlawan bĕcik, dadi gampaᶇ ṅgoné golèk dagaṅan, sarta bañjur kahidénan ṅĕdĕgaké kantor.
bab 7. adĕgé vérénigdé ostindiśché compahigné (ṿ.o.c.). 1602. prahuné woᶇ walanda kaᶇ paḍa layar mĕñaᶇ tanahiṇḍiya iku duwèké maskapé maskapé cilik. sanajan kaᶇ nduwèni tuṅgal baṅsa lan kabèḥ paḍa tuluᶇ tinuluᶇ yènana baƀayaniᶇ dalan, éwadéné muṅguhĕṅgoné dadagaṅanora pisan bisa rukun, malaḥ paḍa jor joran muriḥ bisa olèḥ dagaṅanakèḥ. barĕᶇ papréntahan luhuriᶇ nāgara walanda ṅuniṅani prakara iku bañjur kaguṅan sumĕlaᶇ. saka kaṙṣané papréntahan luhur maskapé walanda mahu didadèkaké siji aran vérénigdé ostindiśché compahigné (ṿ.o.c.), yahiku : pakumpulan dadagaṅaniᶇ tanahiṇḍiya wétan. adĕgé nalika taṅgal 20 mahart 1602.

ṿ.o.c. mahu dipariṅi wĕwĕnaᶇ dadagaṅanana iᶇ sawétané kahap dé gowédé hop tĕkaniᶇ supitan magĕlhahèns, déné maskapé uŧawa sudagar liya ora kĕna mèlu mèlu dadagaṅaniᶇ kono (monopoliyé). wĕwĕnaᶇ panuṅgalané iᶇ ḍuwuriku : 
ṿ.o.c. kĕna ṅanakaké prajañjiyanatasasmaniᶇ statén générahal karo sakèhiᶇ nāgara kaᶇ klĕbu jajahané. kajaba iku compahigné kĕna ṅanakaké prajurit, gawé bètèᶇ, gawé ḍuwit lan nĕtĕpaké gowuvérnéyur lan puṅgawa liyané. sakèhiᶇ puṅgawa kudu sumpaḥ kasusĕtyané maraᶇ statén générahal lan paṅrèhiᶇ compagniyé.
iᶇ sabisa bisa ṿ.o.c. kudu mèlu ṅlawan muṅsuhé nāgara walanda. 
pawitané compagniyé iku olèhé adol layaṅaṇḍil, siji sijiné aṇḍilora mĕṣṭi paḍa rĕgané, ana kaᶇ f 10.000 lanana kaᶇ muᶇ f 50. déné kaᶇ kĕna tuku aṇḍil mahu iya saḍéṅaḥ woᶇ. ora lawas ṿ.o.c. wus‍olèḥ pawitan f 6.500.000. 
iᶇ sakawit warga paṅrèḥ (béwiṇḍébbér) iᶇ tanaḥ walanda ana 73, naṅiṅora lawas muᶇ ditĕtĕpaké 60. 
para béwiṇḍébbér mahu akèḥ kahuntuṅané, kaya ta : sabĕnana prahu tĕka saka tanahiṇḍiya mĕṣṭi olèḥ bagéyan 1% né ajiniᶇ momotané prahu, mulané paṅkat béwiṇḍébbér mahu dadi pépéṅinan. béwiṇḍébbériku ana 17 kaᶇ piniliḥ kuwajiban ñĕkĕl papréntahan compagniyé iᶇ sabĕn dinané. paṅrèhé compagniyé iku aran"hérén ⅹⅶ, diréctéyurénuŧawa majorés". 
sabĕn 10 tahun para béwiṇḍébbér kudu awèḥ katraṅan pĕlapuran (véṙṣlag) bab pañĕkĕliᶇ papréntahan maraᶇ statén générahal lan para ahandélhowudér. 
prahu prahuné compagniyé kaᶇ ḍisik ḍéwé maṅkat mĕñaᶇ tanahiṇḍiya dipaṅgĕḍèni van wahérwijck, aṅkaté iᶇ tahun 1602 uga. sakèhiᶇ lojiné maskapé maskapé lawas bañjur didadèkaké lojiné ṿ.o.c. 
loji uŧawa factorijiku wujud kantor diyubĕṅi iᶇ guḍaᶇ guḍaᶇ lanomahé para puṅgawa. muṅguḥ pṛĕluné loji mahu kaṅgo taṇḍon dagaṅan. dagaṅan mahu diklumpukaké ṅĕntèni tĕkané prahu prahu. factorijiku tĕrkaḍaᶇ kinubĕṅiᶇ bètèᶇ témbokuŧawa taṅgul, naṅiᶇ kaᶇ maṅkono iku ora mĕṣṭi, awit para ratu baṅsa ƀumi kĕrĕpora marĕṅaké. kèhiᶇ factorij saya wuwuḥ, naṅiᶇ tĕrkaḍaᶇ yènarĕp ṅadĕgaké factorijañariku ṅaṅgo ṅĕsur ṅalahaké woᶇ portĕgis ḍisik, kaya ta : nalika tahun 1603 ana iᶇ bantĕn, ora lawasiᶇ gṛêsik, johor, patani, makasar lan japara iya diyanani factorij. factorijiᶇ patani pṛĕluné kaṅgo lalawanan karo nāgara cina, jĕpaᶇ laniṇḍiya buri, awit dikira ṅolèhaké kahuntuṅanakèḥ, naṅiᶇ jĕbulora. 
karo céylon lanaciḥ compagniyé iya lalawanan dagaᶇ, naṅiṅiᶇ sakawit muᶇ saṭiṭik pakolèhé. dagaṅan tanahiṇḍiya kaᶇ ṅolèhaké kahuntuṅanakèhiya iku bumbon crakèn, mulané ṿ.o.c. kĕpéṅin baṅĕt mĕṅku kapulowan moloko, kaṅiku para nakoda paḍa diwaṅsit, supaya mṛĕlokaké ṅudi bisané nĕkĕm kapulowan bumbon crakèn mahu, yènora kĕna dilusi saraṇa prajañjiyaniya kaṇṭi wasésa. 
iᶇ sahĕṅgonĕṅgonaṅgĕr compagniyé bisa bĕcik karo ratu baṅsa ƀumi mĕṣṭi bañjur ṅanakaké prajañjiyan bisané lĕṅgananajĕg (monopoliyé). pulo ambon (cĕṅkèḥ) iku pulo kaᶇ ḍisik ḍéwé dadi duwèkiᶇ compagniyé. 
ora suwé saka kĕcĕkĕlé pulo amboniᶇ kuwaśané ṿ.o.c. pulo baṇḍa néra (pala) lan bacaniya bañjur kĕna dirĕgĕm. 
marga ĕṅgoné mĕnaᶇ pĕraṅiku, laku dagaᶇ bumbon crakèn katĕkĕmiᶇ kuwaśané compagniyé, sababana iṅĕndi ĕndi, aṅgĕr tanaḥ kaᶇ wus kahayoman mĕṣṭi dilaraṅi lalawanan dadagaṅan karo baṅsa liya kajaba muᶇ karo ṿ.o.c. ḍéwé sarta régané dagaṅan dipĕṣṭi (monopoliyé). 
para ahandélhowudéré ṿ.o.c. iᶇ tahun 1610 didumi baṭi 75%, wujud ḍuwituŧawa pala, kĕna milihiᶇ sakarĕpé, nuli diyĕdumi manèḥ 50%, dadi iᶇ satahun bahé tampané para ahandélhowudér guṅguᶇ kumpul 132½%. 
naṅiᶇ kahuntuṅan samono iku muṅguhiᶇ satĕmĕné kahuntuṅaniᶇ dalĕm 8 tahun, awitadĕgé ṿ.o.c. wuṣaṇa 8 tahun, maṅka lagi mbayaranakan sapisaniku. iᶇ tahun 1611 para ahandélhowudér tampa manèḥ 30%, naṅiᶇ tumĕkané tahun 1619 wis‍ora olèḥ manèḥ. 
woᶇ woᶇ paḍa ora rujuk, yèn pambayariṅanakan jag jogora ajĕg kaya maṅkono iku, tĕrkaḍaᶇ glogokakèḥ baṅĕt, tĕrkaḍaᶇ piraᶇ piraᶇ tahunora olèhapa apa. 
mulané sabakdané tahun 1625 pambayaré dipranata, iᶇ sabisa bisa diyajĕgaké. racaké pambayariṅanakan maraṅahandélhowudér mahu iᶇ sabĕn tahun 18%. kajaba pañĕkĕliᶇ ḍuwit, cacadiᶇ papréntahané compagniyé, isihana manèḥ, yahiku ĕṅgoné kukuḥ ṅĕñcĕṅi tindakiᶇ monopoliyé, ṅanti akèḥ warga ṿ.o.c. kaᶇ mĕtu saka pakumpulan. 
ana sajabaniᶇ nāgara walanda compagniyé uga duwé muṅsuḥ kaᶇ ñumĕlaṅi : 
1. baṅsa iṅgris, iku iᶇ tahun 1600 wis ṅanakaké ostindiśché compagniyé, sarta ana iᶇ bantĕn lan moloko wis duwé kantorakèḥ. iᶇ sahĕṅgonĕṅgon baṅsa iṅgris tansaḥ mbudidaya bisané ṅĕsur woᶇ walanda, muᶇ bahé ĕṅgoné muṅsuhora wani ṅĕḍèᶇ, awit muṇḍak ndadèkaké gèsrèkiᶇ préntaḥ walanda laniṅgrisana iṅéyuropa. 
2. iᶇ wĕktu samono ṿ.o.c. tansaḥ mĕraṅi woᶇ sĕpañol lan portĕgis, awit tanaḥ walanda pĕpĕraṅan lan baṅsa loro mahu ana iṅéyuropa. 
ṿ.o.c. lalawanan dagaᶇ karo baṅsa cina sarta jĕpaᶇ. iᶇ tahun 1608 ana prahu compagniyé loro layar mĕñaᶇ jĕpaᶇ. ana iᶇ kono compagniyé dīdini dadagaṅan lan ṅadĕgaké loji. saka rĕmbugé frankrijk sarta iṅgris, sanadyan walanda lan sĕpañolora sida bĕḍami, naṅiṅiᶇ tahun 1609 mĕkṣa lèrènĕṅgoné pĕraᶇ, paḍa sèlèḥ gagamaniᶇ dalĕm 12 tahun. prakara tanahiṇḍiya katĕmtokaké iᶇ prajañjiyan, yèn woᶇ walanda lĕstari kĕna ndarbèni jajahanĕṅgoné ṅṛêbut woᶇ saka sĕpañol sarta portĕgis, naṅiᶇ siji sijiniᶇ baṅsa ora kĕna dadagaṅanana iᶇ jajahan kaᶇ wus dijègi iᶇ liyaniᶇ wĕktu awitiᶇ sèlèḥ gagaman. muṅguhiṅatasé tanahiṇḍiya awitiᶇ sèlèḥ gagamaniku kaᶇ mĕṣṭi kuraᶇ luwiḥ lĕt satahun karo iṅéyuropa, awit tanahiṇḍiya ṅaṅgo ṅĕntèni uḍuniᶇ ḍawuḥ. 
ana iṅiṇḍiya kĕtara baṅĕt, yèn woᶇ sĕpañolora ṅaṅgĕp bĕḍami sèlèḥ gagamaniku; dadi ṿ.o.c. kĕpĕkṣa tansaḥ tata tata ñĕntosani wadyabala lan samĕkta gagamaniᶇ pĕraᶇ. 
baṅsa iṅgris lan portĕgis sok dibiyantoni iᶇ woᶇ ƀumi, mĕraṅi maraᶇ woᶇ walanda. 
ṿ.o.c. iku ĕṅgoné ṅṛêgani bumbon crakèn saka kapulowan moloko muraḥ baṅĕt, dagaṅané ḍéwé dilaraᶇ laraᶇ. tindak kaᶇ maṅkono iku ndadèkaké karugiyané baṅsa ƀumi, waṣaṇa bañjur paḍa dagaᶇ coloṅan lalawanan lan woᶇ portĕgis, iṅgrisuŧawa jawa. compagniyé muriᶇ baṅĕt : kĕbon kĕbon pala lan cĕṅkèhakèḥ kaᶇ dibabadi minaṅka pahukumaniᶇ woᶇ pri ƀumi. woᶇ baṇḍa baṅĕt nĕpsuné, wuwuḥ wuwuḥ dibomboᶇ woṅiṅgris. admirahal vérhowéff, utusané ṿ.o.c. dicidra đipatèni. waṣaṇa iᶇ tahun 1609 pulo baṇḍa malaḥ bañjur kĕna didadèkaké jajahané ṿ.o.c. 
marga saka pakéwuḥ warna warna iku ṿ.o.c. duwé panĕmu yèn paṅrèhé kudu kukuḥ, dikuwaśani woᶇ suwiji. ṅanti tumĕkané wĕktu sĕmono, siji sijiniᶇ loji ana paṅrèhé ḍéwé, para paṅrèhora mĕrduli maraᶇ paṅrèhé loji liyané. wiwit taṅgal 1 sèptèmbĕr tahun 1609 sakèhiᶇ kantor lanèskadĕr (kapal kapal pĕraᶇ) iᶇ tanahiṇḍiya dikuwaśani iᶇ paṅgĕḍé suwiji, jĕnĕṅé gowuvérnéyur générahal. gowuvérnéyur générahal kaᶇ kawitan yahiku piyétér boṭ. g.g. mahu diḍawuhi nitiprikṣa kĕlakuwan, gawéyan lanuripé para puṅgawa. g.g. iku pañĕkĕlé papréntahan ṅaṅgo dibiyantoni iᶇ rahad, jĕnĕṅé rahad vaniṇḍiyé. 
cacahé warganiᶇ rahad vaniṇḍiyé saṅa, kaᶇ lima tansaḥ dadi kaṇṭiniᶇ g.g., kaᶇ papataran lid miruṅgan, paḍa dadi gowuvérnéyurana iᶇ papan liya, ĕṅgoné mèlu parĕpatan muᶇ yènana rĕmbug siᶇ pṛĕlu pṛĕlu baṅĕt. 
pamutusiᶇ prakara kaᶇ pṛĕlu pṛĕlu g.g. kudu ñjaluk rĕmbugé rahad vaniṇḍiyé; wondéné g.g. dadi tutuwaniᶇ rahadiku. yèn parĕpatanora bisa mutusi, putusané g.g. ḍéwé wus kaṅgĕpapsaḥ. gowuvérnéyur générahaliku uga dadi sénapatiniᶇ prajurit ḍaratan lan lahutan. g.g. p. boṭ adĕdalĕmana iṅambon. ana iᶇ moloko p. boṭ klakon bisa ṅĕdĕgaké paṅuwasa, gawé kapitunané woᶇ sĕpañol lan portĕgis. 
iᶇ tahun 1613 p. boṭ olèhidin saka panĕmbahan mataram ṅadĕgaké kantoriᶇ jĕpara, kaṅgo jujugan yèn kulak bĕras. 
iᶇ tahun 1614 p. boṭ bali mĕñaᶇ tanaḥ walanda naṅiṅana iᶇ pasisiré pulo mahuritiyus prahuné kèrĕm, p. boṭ uga katut tiwas. g. réynst jumĕnĕᶇ gumanti g.g. kapilihiᶇ para béwiṇḍébbér. iᶇ tahun 1615 digĕntèni l. réyahal. 
ḍèk samono ṿ.o.c. lagi karépotan, awit woṅiṅgris saya katonĕṅgoné muṅsuḥ ṿ.o.c. ana iᶇ bantĕn paṅuwasané woṅiṅgris tansaḥ muṇḍak. jan piyétéṙṣzon cowén, lidiᶇ rahad vaniṇḍiyé baṅĕt sumĕlaṅé bokmanawa jajahan ṿ.o.c. bakal dirĕbutiᶇ woṅiṅgris. iᶇ tahun 1616 woṅiṅgris ṅĕjègi pulo rowén, jajahané ṿ.o.c. iᶇ moloko. iᶇ nalika iku j.p. cowén katĕtĕpaké ṅuwasani sakèhiᶇ prakarané ṿ.o.c. iᶇ tanaḥ jawa. cowénéṅgal tumandaᶇ mĕraṅi woṅiṅgris. kaṅiku ndadèkaké baṅĕt panasé woṅiṅgris sarta paṅéran ranamĕṅgala iᶇ bantĕn. barĕṅiᶇ tahun 1618 ana kabar yèn loji iᶇ jĕpara dirusak déniᶇ kawulané panĕmbahan mataram, lan tétéla baṅĕt, woṅiṅgris, woᶇ bantĕn lan woᶇ mataramayon nĕdya numpĕs woᶇ walanda, j.p. cowén nuli ṅaliḥ saka bantĕn mĕñaᶇ jakarta, loji iᶇ kono didadèkaké bètèᶇ. 
ora lawas j.p. cowén ditĕtĕpaké dadi gowuvérnéyur générahal, 1619. iᶇ tahuniku woṅiṅgris lan walanda ĕṅgoné mumuṅsuhan paḍa déné ṅĕḍèṅé. kantoré woṅiṅgris kaṅaḍĕpaḍĕpan karo bètèṅé woᶇ walanna iᶇ sapiṅgiré kali ciliwuṅiya nuli disantosani. kapalé woᶇ walanda siji dibĕskup sir ṭomas dalé, paṅgĕḍéniṅèskadĕriṅgris. cowén sanalika ñjaluk baliné, naṅiᶇ woṅiṅgris malaḥ maṅsuli sugal. bètèṅiṅgriséṅgal ditĕmpuḥ, ṅanti kĕna diyoboᶇ, 1618. ora antara lawas bètèᶇ walanda dikĕpuṅiᶇ muṅsuḥ. 
ṿ.o.c. karépotan baṅĕt, marga kukuraṅan prahu lanobat mimis. woᶇ jakarta ora ana kaᶇ gĕlĕm dadi kuliné; malaḥ paḍa milu nĕmpuḥ bètèᶇ walanda, èskadĕriṅgris gĕḍé ana iᶇ sagara dipĕṭukaké prahu walanda, pĕraṅé dĕdṛêg, waṣaṇa kĕsaputiᶇ wĕṅi. ésuké j.p. cowénora wani mĕṭukaké prahu iṅgris; putusaniᶇ rĕmbugarĕp mĕñaᶇ moloko ñjaluk bantu lan ñjupukobat mimis. j.p. cowén wĕliᶇ wanti wanti maraᶇ van dén browécké. yènana kapèpèté kĕpĕkṣa muṅkul, nuṅkula maraᶇ woṅiṅgris, aja ṅanti muṅkul maraᶇ woᶇ jakarta uŧawa bantĕn. 
kacarita woṅiṅgris wus prajañjiyan lan woᶇ bantĕn, nĕdya nĕmpuḥ bètèṅiᶇ jakarta. paṅéran jakarta, wijaya krama, gĕla baṅĕt, déné ora dijak rĕmbuganiᶇ woᶇ bantĕn, nuli golèkakal bisané ṅṛêbut bètèᶇ ḍéwé. p. van dén browécké disuruhi ƀojana minaṅka prataṇḍaniᶇ pamitran. p.v.d. browécké kaṇṭi puṅgawa pitu kalĕbu iᶇ gĕlar, bañjur cinĕkĕl lan kinuñjara. van rahay siᶇ ṅgĕntèni van dén browécké dijaluki tĕbusan, ora mituruti. waṣaṇa woṅiṅgris lan van dén browécké ḍéwé awèḥ wĕruḥ maraᶇ woᶇ walanda supaya masraḥna bètèᶇ. van rahay kĕṇḍakatiné, nĕdya nuṅkul, wĕkasanana jalaran kaᶇ muruṅaké sĕdyané van rahay sahaṇḍahané. woᶇ bantĕnora lila, yèn bètèᶇ jakarta tumiba iᶇ woṅiṅgris. paṅéran jakarta dituṅkĕb, jajahané kagamblokaké maraᶇ bantĕn. rèhniᶇ woᶇ bantĕn craḥ karo woṅiṅgris, èskadĕriṅgris mundur saka jakarta. bètèᶇ walanda dikĕpuṅiᶇ woᶇ bantĕn. barĕᶇ woᶇ walanda rumaṅsa yèn bakal bisa uwal saka iᶇ baƀaya, bañjur tumandaᶇ ñĕntosani bètèᶇ manèḥ. barĕᶇ wis rampuᶇ woᶇ walanda paḍa buṅaḥ buṅaḥ ṅanakaké ƀujana, bètèᶇ jakarta dijĕnĕṅi batawi, 1619. barĕᶇ luṅané j.p. cowén wis‍olèḥ pataᶇ sasi bañjur bali ṅgawa prahu nĕm bĕlas. prajurit kaᶇ ṅĕpuᶇ bètèᶇ ditĕmpuḥ bubar, kuṭa jakarta digĕmpur. cowén nuli mĕñaᶇ bantĕn, woᶇ bantĕn rumaṅsa ora kuwagaᶇ ṅlawan, p. van dén browécké sakañcané diyuluṅaké. sarèḥné v.d. browécké lan van rahay diyaṅgĕp kĕluputan kuraᶇ tumĕmĕnĕṅgoné ṅlakoni wajib, mulané tampa pahukumanabot saka j.p. cowén. 
tanaḥ jakarta bañjur diyaku iᶇ ṿ.o.c. j.p. cowénéṅgal mbaṅun kuṭa batawi, dipṛênata lan dirĕjakaké. iᶇ sacĕḍaké pĕlabuhan didokoki omaḥ, jĕnĕṅé"kastél" iᶇ kono dunuṅiᶇ papréntahané ṿ.o.c. iᶇ satanahiṇḍiya. 
iᶇ sarampuṅé praᶇ jakarta, cowén nĕdya malĕs maraᶇ woṅiṅgris. naṅiṅiᶇ tahun 1620 ana kabar saka éyuropa yèn para paṅgĕḍéné ṿ.o.c. iᶇ tanaḥ walanda rukun karo compagniyé iṅgris. kaṅiku iᶇ tanahiṇḍiya uga walanda karo iṅgrisiya kudu rujuk. 
wosiᶇ prajaṅjiyan maṅkéné : siji sijiniᶇ compagniyé ṅaṅgo pawitan ḍéwé ḍéwé sarta kĕna sudagaraniᶇ satanahiṇḍiya, naṅiᶇ prajaṅjiyan monopoliyé kaᶇ mahu mahu dilĕstarèkaké. kulaké kudu babarĕṅan, olèholèhané diparo, muṅiᶇ pulo pulo moloko woṅiṅgris‍olèḥ sapratĕloné. 
jajahanañar kudu didum compagniyé sakaroné. 
prakara pĕraᶇ dadi tataṅguṅané rahad van défénsiyé, kaᶇ dadi wargané woᶇ walanda laniṅgris gĕnti gĕntèn sabĕn sasi. 
j.p. cowén baṅĕtora sĕnĕṅé déné ana pranatan kaya maṅkono iku, awit woṅiṅgris‍ora wĕnaṅolèḥ jajahané ṿ.o.c. woṅiṅgris rumaṅsa disĕṅiti woᶇ walanda, mulané iᶇ saholèholèḥ rékadaya bisané malĕs maraᶇ ṿ.o.c. walanda. 
nalika woᶇ baṇḍa mogok, kaᶇ ṅojokojoki woṅiṅgris. sarèḥné ana iᶇ rahad van défénsiyé warga iṅgris‍ora pati sarujuk ṅukum maraᶇ kraman mahu, j.p. cowén bañjur pratéla yèn woᶇ baṇḍa arĕp dipĕraṅi ḍéwé, naṅiᶇ kasilé pulo baṇḍa kaᶇ wĕnaᶇ ndarbèni iya muᶇ woᶇ walanda. 
j.p. cowén nuli maṅkat mĕñaᶇ baṇḍa, woᶇ ƀumi diwasésa, đipatèni uŧawa dibuwaᶇ mĕñaᶇ tanaḥ jawa. pulo pulo baṇḍa didum maraᶇ para walanda tilas puṅgawané compagniyé, naṅiᶇ diwajibaké nandur pala, lan pamĕtuné kudu didol maraᶇ ṿ.o.c. 
tindak sawĕnaᶇ wĕnaᶇ mĕṅkono iku dadi cacad gĕḍé tumrapiᶇ j.p. cowén. 
iᶇ wiwitané tahun 1623 j.p. cowén lèrèḥ marga saka pañjaluké ḍéwé. kaᶇ gumanti jumĕnĕᶇ g.g. saka panudiṅé cowéniya iku p. dé carpéntiyér. 
duruᶇ ṅanti sasasi ĕṅgoné dadi g.g., dé carpéntiyér wis nĕmu riribĕd, gèsrèk lan woṅiṅgris. 
ana iṅambon woᶇ jĕpaᶇ babahuniᶇ woṅiṅgris kacĕkĕliᶇ woᶇ walanda. barĕᶇ ditliti tliti, woᶇ jĕpaᶇ mahu blaka yèn woṅiṅgris wis paḍa sumpaḥ sumpahan sapuṅgawané jĕpaᶇ nĕdya numpĕs woᶇ walanda lan ṅṛêbut bètèᶇ ⅵ ctoriya. tinĕmuniᶇ paprikṣan woṅiṅgris 9 woᶇ jĕpaᶇ 9 lan woᶇ portĕgis siji paḍa ṅakoni, yèn pañcèn duwé niyat kaya aturé woᶇ jĕpaᶇ mahu. nuli paḍa diyukum kisas. 
babiki ñjalari crahiᶇ ṿ.o.c. lan compagniyé iṅgris. woṅiṅgrisiᶇ pulo moloko paḍa luṅa, ṅĕjègi pulo lagundi ana iᶇ supitan suṇḍa, naṅiᶇ sarèḥné akèḥ kaᶇ mati uŧawa lara, bañjur paḍa ṅumpuliᶇ bĕtawi. ora antara lawas woṅiṅgrisana iᶇ bĕtawi ora bisa rukun karo woᶇ walanda, nuli paḍa luṅa mĕñaᶇ bantĕn. 
wiwitadĕgé kuṭa bĕtawi tansaḥ dibĕciki : cowén wis ṅadĕgaké pĕmulaṅan sarta murihajuniᶇ dagaṅan, ñjupuki woᶇ cina saka bantĕn; kĕjaba iku bĕtawi uga diyanani paṅrèḥ kuṭa kaᶇ ṅiras ñĕkĕl paṅadilan. carpĕntiyér wiwit ṅanakaké pajĕg ḍuwit kaṅgo mbĕcikaké tindakiᶇ piwulaᶇ sarta paṅadilan lan manèḥ gawé yĕyasan kaṅgo mituluṅi maraᶇ bocaḥ walanda kaᶇ lola. 
bab 8. karajan mataram nalika mumbul mumbulé. 1586 1601 p. sénapati 1601 1613 mas jolaᶇ, pan. séda krapyak. 1609 14 g.g. boṭ. 1613 1645 sultanaguᶇ (r. raṅsaᶇ, cakrakusuma). 1619 23 g.g. j.p. cowén. 1623 27 g.g. dé carpéntiyér 1627 29 g.g. j.p. cowén. 1636 45 g.g. van diyémén. saduruṅé panĕmbahan sénapati séda wis tiṅgal wĕliᶇ, yèn kaᶇ putra panĕṅgak, mas jolaᶇ kaᶇ kalilan nampani warisan karaton mataram, déné putrané pĕmbayun, paṅéran pugĕr nrimowa jumĕnĕṅađipati iᶇ dĕmak. p. pugĕr bésuké ṅraman, naṅiṅasor jurité.

kĕjaba pĕraᶇ lan kaᶇ raka, m. jolaṅuga pĕraᶇ karo para ađipati iᶇ baᶇ wétan. iᶇ tahun 1613 saᶇ panĕmbahan séda. sarèḥné sédané mĕntas lalaṅĕn mĕñaᶇ krapyak, nuli katĕlaḥ panĕmbahan séda krapyak, ṅanti tumĕkané sĕpréné. 
sasédané p. séda krapyak kaᶇ gumanti jumĕnĕᶇ nata radèn mas raṅsaᶇ, ajujuluk praƀu paṇḍita cakrakusuma. nalika jumĕnĕṅé k. sultan lagi yuswa 22 tahun; éwasĕmono wis kinurmataniᶇ para kawula. paṅastané papréntahan piyambak bahé, muᶇ kala kala muṇḍut rĕmbugé woᶇ kaᶇ pinitaya, lan putusaniᶇ rĕmbug bañjur diḍawuhaké maraᶇ para paṅgĕḍéniᶇ nāgara. 
saᶇ praƀu bagus, sĕmbada dĕdĕg piyadĕgé, tiṅalé wiyar"mèmpĕr mripatiᶇ siṅa", paṅagĕmané pĕsaja, ñampiṅé baṭik wĕrnané putiḥ lan biru (ayaké paraᶇ rusak), mĕkuṭané putiḥ (matak?). yèn sinéwaka, lĕṅgahé ana iᶇ ḍampar cĕṇḍana, kahapitapitiᶇ pot pot kĕkĕmbaṅan. ḍampar mahu dunuṅé ana iᶇ baṅsal kaṅajrambaḥ jobin, dawa ambaniᶇ jrambaḥ kira kira 3 mètĕr. para kaᶇ séba ñaḍoᶇ ḍawuḥ, ṅubĕṅi baṅsal mahu, kèhé kira kira 300 uŧawa 400, kabèḥ paḍa sila makiḍupuḥ tanpa ṅaṅgo lèmèk, lanora ana siji kaṅudutuŧawa ṅinaᶇ. sinéwaka kaya maṅkono mahu iᶇ dalĕm samiṅgu kapiᶇ piṇḍo uŧawa luwiḥ. para abdi dalĕm kaṅora ṅaḍĕp nalika pinuju sinéwaka, uŧawa kaᶇ duwé laku ora patut, paḍa kagantuṅan pahukumanabot. dadi uripé para priyaguṅiᶇ karta iku ora mĕrdika kaya ađipati iᶇ sajabaniᶇ karta. para ađipati mahu akèḥ kaᶇ sawĕnaᶇ, aṅgugu iᶇ sakarĕpé ḍéwé, woᶇ cilik kaᶇ rĕkasa, paḍa dipĕkṣa ṅĕtokaké pajĕgakèḥ.
kĕṙṣané sultanaguᶇ tanaḥ jawa iki kabèḥ karèha maraᶇ mataram, sĕnajan bakal pĕraᶇ kaᶇ ṅanti suwé uŧawa ṅĕtokaké wragadakèhiya bakal ditĕmaḥ, muṅaṅgĕr bisa kĕlakon. 
muṅguḥ muṅsuhé ana tĕlu yahiku : para ratu iᶇ baᶇ wétan lan madura, ratu iᶇ bantĕn sarta kumpĕni. déné cirĕbon wis nuṅkul maraᶇ mataram, wiwit tahun 1619. 
nalika tahun 1615 kaṅjĕᶇ sultan nĕlukaké lumajaᶇ, malaᶇ lan paṅgonan sawatara manèḥ. sawisé iku surabaya, pasuruwan, tuban, wirasaba (majahaguᶇ), japan (majakĕrta), lasĕm, brondoᶇ, arisbaya lan sumĕnĕp, bañjur prajañjiyan ṅumpul dadi siji, pṛêlu babarĕṅan nĕmpuḥ mataram. naṅiᶇ pĕraṅé kasoran. iᶇ tahun 1616 sakalahé wirasaba lan lasĕm, wadyabalané para ađipati iᶇ baᶇ wétan kalaḥ manèḥ taṇḍiᶇ lan mataram. iᶇ tahun 1617 sultanaguᶇ mbĕḍaḥ pasuruwan, iᶇ tahun 1618 pajaᶇ, laniᶇ tahun 1619 tuban. paṅĕpuṅé kuṭa surabaya iᶇ tahun 1622 ora olèḥ gawé, naṅiᶇ barĕṅiᶇ tahun 1623 madura kĕna dikalahaké, sultanaguᶇ ṅayati mbĕḍaḥ surabaya manèḥ. nalika iku sultanaguᶇ maṅgihakal; ora adoḥ saka cawaṅané kali brantas, kali surabaya dibĕnduᶇ. bañu sĕṭiṭik kaṅisiḥ mili mĕñaᶇ surabaya dibuwaṅi baṭaᶇ lan bosokaniᶇ tutuwuhan, amriḥ woᶇ surabaya paḍa kĕtamaniᶇ lalara. jalaran saka réka iku woᶇ surabaya kĕpĕkṣa nuṅkul. awitalané bañu mahu, miturut crita, woṅé surabaya mahuné 50 à 60.000 iku muᶇ kari 1.000. 
waṣaṇa tanaḥ jawa wétan lan tanaḥ jawa tĕṅaḥ dadi kahĕrèhiᶇ mataram. iᶇ tahun 1625 kaṅjĕᶇ sultan bañjurajujuluk susuhunan. 
tĕpuṅé ṿ.o.c. karo mataramiku molaḥ maliḥ. iᶇ wiwitané paḍa bĕcik. sultanaguᶇ nĕrusaké prajañjiyané kaᶇ rama, yahiku : ṿ.o.c. kĕna ṅĕdĕgaké loji ana iᶇ jĕpara. nalika iku sultanaguᶇ ṅandika karo utusaniᶇ compagniyé :"aku sumurup, yèn tumĕkamu iᶇ kéné ora nĕdya nĕlukaké tanaḥ jawa". ĕṅgoné walanda maṅgoniᶇ jĕpara iku muᶇ supaya bisa ṅirimaké bĕras. naṅiṅiᶇ prakara iku woᶇ walanda tansaḥ digawé pakéwuḥ déniᶇ bahurĕkṣa, ƀupati iᶇ kĕṇḍal. malaḥ bahurĕkṣa lan ƀupati liyané paḍa ṅrékadaya, amriḥ woᶇ walanda aja ṅanti mĕñaᶇ karta sapatĕmon karo saᶇ praƀu. awit saka iku ṿ.o.c. lan para ƀupati paḍa coṅkraḥ. iᶇ sawijiniᶇ dina bahurĕkṣa ṅukup woᶇ walanda, ana sawatara kaᶇ đipatèni lanana pitulas kaᶇ dikuñjara. nalika iku cowén ḍawuḥ ṅoboᶇ jĕpara, iya klakon koboᶇ sapéraṅan (1618). iᶇ wĕktu sĕmono s. aguᶇ lagi pĕraṅana iᶇ baᶇ wétan lanora mĕṅgalihapa kaᶇ klakoniᶇ jĕpara. 
barĕᶇ cowéniᶇ tahun 1619 yasa kuṭa bĕtawi, lan jakarta wis katĕkĕmiᶇ taṅané baṅsa walanda, sultanaguᶇ duka baṅĕt maraᶇ ṿ.o.c. ora antara lawas ḍawuḥ ṅlaraṅi adol bĕras maraᶇ compagniyé, amarga cowén wani wani awèḥ mriyĕm maraᶇ woᶇ surabaya. sanajan mĕṅkonowa mĕkṣa ora dadi pĕraᶇ, awit sapisan s. aguᶇ nĕdya golèk réka bisané woᶇ walanda ṅakoni yèn kĕbawaḥ mataram, ṅaṅgo saraṇa kaṅalus, lan piᶇ piṇḍoné samaṅsa dadi pĕraᶇ woᶇ walanda kuwatir yèn bañjurora bisa olèḥ bĕras babarpisan. nalika s. aguᶇ ṅajak walanda babarĕṅan mbĕḍaḥ bantĕn, woᶇ walanda ora gĕlĕm, awit ṿ.o.c. ora pracaya maraᶇ woᶇ mataram, marga walanda wis ṅṛêbut layaᶇ, kaᶇ surasané :"s. aguᶇ bakal mbĕḍaḥ bantĕn, sawusé iku bañjur ṅalahaké bĕtawi." 
bantĕn lan mataramiku tansaḥ mumuṅsuhan, naṅiᶇ s. aguṅora bisa ṅalahaké, jalaran nalika iku prahuné woᶇ jawa wis‍ora sapirowa kèhé lan mlaku ḍarat dalané aṅèl baṅĕt. iᶇ tanaḥ jawa kulon kaᶇ tĕluk maraᶇ mataram muṅiᶇ sumĕḍaᶇ (priyaṅan) lan cirĕbon. 
nalika j.p. cowén jumĕnĕᶇ g.g. kaᶇ kapiṇḍoné iᶇ tahun 1628, ana utusan saka mataram mĕñaᶇ compagniyé duwé pĕñjaluk maṅkéné : sapisan panĕmbahanĕṅgoné arĕp nĕmpuḥ bantĕn muṇḍut tuluᶇ maraᶇ compagniyé, kapiṇḍoné j.p. cowén diḍawuhi utusan mĕñaᶇ mataram ṅaturaké bulu ƀĕkti. pĕñjalukiku mahu loro loroné ora dituruti. 
iᶇ sasi ahugustus wayaḥ bĕṅi kastéliᶇ bĕtawi ditĕmpuhiᶇ bala mataram saka pĕlabuhan. iᶇ ḍaratanana baris gĕḍé kaᶇ ṅĕpuᶇ kuṭa bĕtawi. maṅka cacahiᶇ prajurit compagniyé muᶇ 3.800. nuli j.p. cowén tékad tékadan nĕmpuḥ, prajurit jawa bubar, malaḥ bañjur kĕpĕkṣa mundur, awit wis ṅañcik maṅsa udan tur ṅaṅgo kukuraṅan paṅan. 
iᶇ sasi april tahun 1629 ana utusan saka mataramaran warga katĕmu g.g. j.p. cowén, jaréné pṛĕlu rĕmbuganarĕp bĕḍami. j.p. cowén wis prikṣa yèn warga iku satĕmĕné tĕlik, bañjur tĕrus dicĕkĕl. barĕᶇ ditakoni, prasaja yèn woᶇ mataram wis ṅlakokaké wadyabala manèḥ lan murihaja ṅanti kukuraṅan paṅan kaya kaṅuwis, iᶇ tĕgal wis disĕḍiyani taṇḍon bĕras. j.p. cowén tĕrus ḍawuḥ ṅoboṅi taṇḍon bĕras mahu. wuṣaṇa barĕᶇ prajurit mataram tĕka iᶇ wĕwĕṅkon bĕtawi éṅgal bahé ĕṅgoné kĕntèkan paṅan. wadyabala mataram wiwit gawé larèn ṅanti tĕkan sacĕḍaké kuṭa. j.p. cowén nuli ḍawuḥ ṅrusak larèn mahu. (larèn = iᶇ basa walanda : lopgravén). 
sarèḥné bala mataramuga kĕtrajaᶇ lalara, wuṣaṇa kĕpĕkṣa mundur. 
wiwitiᶇ wĕktu iku karajan mataram wis‍ora wani nĕmpuḥ maraᶇ kuṭa bĕtawi. éwadéné sultanaguᶇ sabisa bisa tansaḥ ṅaraḥ gawé kapitunané compagniyé, kaya ta woᶇ mataram dilaraṅi dagaᶇ bĕras mĕñaᶇ bĕtawi, maṅka compagniyé butuḥ baṅĕt. utusan saka bĕtawi mĕñaᶇ karta paḍa dicĕkĕl, sarta dirĕṅkuhabdi tĕlukan, malaḥ sawĕnèhana kaᶇ đipatèni. barĕᶇ sabĕḍahé kuṭa malaka 1641, woᶇ jawa ora kĕna dagaᶇ bĕrasana iᶇ kono, dipĕkṣa dagaᶇ mĕñaᶇ pĕlabuhan bĕtawi. sĕnajan s. aguᶇ duruᶇ kaṙṣa rukun, éwadéné kawula mataram dīdini lalawanan dadagaṅan manèḥ lan compagniyé iᶇ bétawi. waṣaṇa iᶇ tahun 1646 sultanaguᶇ séda; wiwitiᶇ wĕktu iku mataram bañjur rukun bahé lan compagniyé. kaṙṣané s. aguṅarĕp ṅĕrèhaké tanaḥ jawa kabèhiku wisakèḥ kalakoné, naṅiᶇ pĕraᶇ mahu ndadèkaké karusakané tanaḥ jawa. nalika utusané ṿ.o.c. iᶇ tahun 1613 mĕñaᶇ karta, para utusan paḍa éram ndĕlĕᶇ kèhiᶇ woṅiᶇ kuṭa kuṭa, kèhiᶇ bĕras pari apadéné kèhiᶇ wit witan tuwin tatanduran kaᶇ mĕtu kasilé, naṅiᶇ barĕṅantara limalas tahun manèḥ, akèḥ tanaḥ tanaḥ kaṅora kadunuṅan woᶇ, paṅgonan paṅgonan kaᶇ katrajaṅiᶇ praᶇ paḍa naṇḍaᶇ pacĕklik lan kahambahiᶇ pagĕblug. mulané mĕṅkono, marga s. aguᶇ ṅgoné arĕp ṅgayuḥ kaṙṣané ṅaṅgo saraṇa kaᶇ ṅgĕgirisi, kaya ta : kabèḥ kawula kudu mèlu pĕraᶇ, duruᶇ ṅanti pĕraᶇ woᶇ woᶇ mahu wisakèḥ kaᶇ tiwaṣaṇa iᶇ dalan. gampaᶇ yèn muṅarĕp bisa ṅira ira kèhiᶇ prajurit kaᶇ dilurugaké, yèn ṅéliṅi paṅĕpuṅé kuṭa batawi kaᶇ piᶇ piṇḍoné. nalika iku ana prajurit 80.000 lan siᶇ bali mĕñaᶇ mataramora ana sĕprapaté. nalika ṅlurugi madura, kèhiᶇ prajurit ṅanti 160.000. 
yèn tanaḥ kaᶇ dilurugi wis kalaḥ, woᶇ woṅé kĕrĕp pinĕkṣa luṅa saka kono. nalika bĕḍahé madura, kuṭa kuṭa lan déśa déśa iᶇ kono mèḥ kabèḥ dirusak, para ratuné đipatèni, woṅé cilik 40.000 kaᶇ dipĕkṣa ṅaliḥ mĕñaᶇ gṛêsik lan jaratan, jalaran kuṭa loro iku, marga saka pĕraᶇ kaṅuwisuwis, kĕna diyarani suwuᶇ. 
ađipati iᶇ sumĕḍaᶇ kapĕkṣa urun bala akèḥ baṅĕt, ṅanti iᶇ nāgarané ḍéwé (priyaṅan) mèḥ kĕntèkan woᶇ. sakalahé wirabasa ƀupatiné kablĕbĕgaké iᶇ bañu ṅanti tumĕka iᶇ pati, lan woṅé cilik diboyoṅi mĕñaᶇ bañumas. s. aguṅiku ora ṅajèni ñawaniᶇ woᶇ. nalika campuhé wadyabala mataramana iᶇ surabaya iku woᶇ mataram kaᶇ mati 40.000 lan kaṅjĕᶇ sultaniya ayĕm bahé, paṅandikané : tanaḥ mataramisiḥ sugiḥ woᶇ. 
jalaran kaᶇ mĕṅkono mahu woᶇ cilik paḍa ora bisa ṅgarap sawaḥ, rĕgané bĕras saya laraᶇ lan woṅé saya ora kĕcukupan, wuwuḥ wuwuḥ kahambahiᶇ pagĕriᶇ, mulané iᶇ tahun 1618 lan 1626 akèḥ padéśaniᶇ tanaḥ jawa kaᶇ woṅé muᶇ kari ?é, kaᶇ 2/3é paḍa mati. 
wragad wragad pĕraṅiku ora sĕṭiṭik, lan siᶇ kudu ṅanakaké iya woᶇ cilik. 
s. aguṅora kaguṅan wĕlas maraᶇ muṅsuḥ, malaḥ sénapati lan prajurité ḍéwé sok kapatrapan pahukuman kaṅabot baṅĕt yahiku yèn pĕraṅé kalaḥ. miturut crita, sahunduré wadyabala saka bĕtawi, s. aguᶇ ḍawuḥ matèni woᶇ 4.000; woᶇ samono mahu kalĕbu para garwané bahurĕkṣa, kaᶇ tiwaṣaṇa iᶇ papraṅan. 
nalika pĕraᶇ mataram j.p. cowén wis krahos gĕraḥ, naṅiᶇ mĕkṣa ñénapati iᶇ pĕraᶇ, dadi kĕsĕṅka baṅĕt. waṣaṇa iᶇ taṅgal 20 sèptèmbĕr 1629 gĕrahé baṅĕt tur dadakan, ṅanti dadi lan tiwasé. 
ṅanti tumĕkaniᶇ wĕktu iku ṿ.o.c. muᶇ murihajuniᶇ dadagaṅané. sarèḥné kaᶇ dikukuhi baṅĕt pranatan monopoliyé, mulané kudu bisa mbalèkaké panĕmpuhé woṅéyuropa liyané. bisané kĕlakon, muᶇ yèn prajurité ḍaratan lan lahutan santosa, pṛĕlu kaṅgo ṅukuhi kantor kantoriᶇ bĕtawi, lanuga kaṅgo naṅgulaᶇ kroḍaniᶇ mataram. 
cowéniku kĕna diyarani woᶇ pinuñjul, kataṇḍa nalikané adĕgé bĕtawi bisa ṅunduraké ardaniᶇ muṅsuḥ ṅanti kapiᶇ piṇḍo (iṅgris lan mataram) sĕnajan tansaḥ karoban lawan. tindaké ana iᶇ moloko pañcèn siya, éwadéné mĕkṣa klĕbu woṅambĕk sudira iᶇ pakéwuḥ lanora wĕgahan. ĕṅgoné ṅlabuhi tanaḥ wutaḥ rahé tanpa pamriḥ ṅanti tĕkaniᶇ pati. 
sasédané g.g. cowén kaᶇ gumanti j. spécx 1629 1632, tumuli ḥ. browuwér 1632 1636. wiwitadĕgé a. van diyémén dadi g.g. 1636, compagniyé ṅañcik ndĕdĕl dĕdĕlé, awit van diyémén pañcèn gowuvérnéyur générahal kaᶇ cakĕpiᶇ bab sakabèhé. 
ḍèk samana ṿ.o.c. pĕraᶇ manèḥ lan muṅsuhé lawas yahiku baṅsa portĕgis. iᶇ tahun 1638 jajahané woᶇ portĕgisiᶇ céylon karĕbutiᶇ sénapatiniᶇ ṿ.o.c. bañjur compagniyé dīdini ṅĕdĕgaké bètèᶇ lan nindakaké monopoliyé dagaṅan manis jaṅan. 
ora antara suwé bètèᶇ malaka, kaᶇ kalĕbu santosa baṅĕt, kinĕpuᶇ wakul lan dipĕraṅi bala ṿ.o.c. ṅanti suwé woᶇ portĕgis paṅgaḥ. iᶇ tahun 1641 sénapati walanda cahértéku ḍawuḥ ṅraṅsaᶇ bètèᶇ, waṣaṇa bĕḍaḥ. iᶇ ṅatasé woᶇ portĕgisilaṅé kuṭa malaka iku karugiyan gĕḍé baṅĕt. sarèḥné bañjuruga kélaṅan jajahaniᶇ pasisiré tlataḥ coromandél lan malabar, woᶇ portĕgal prasasat tanpa paṅuwasa ana iᶇ tanahasiya. nalika bĕḍami iᶇ tahun 1641 woᶇ portĕgis dipĕkṣa nuruti bahé. 
muṅguhiṅatasé compagniyé, bisa olèḥ kuṭa malaka kahuntuṅan gĕḍé, awit ndadèkaké mirisé para ratu baṅsa ƀumi kabèḥ. padagaṅané malaka ṅaliḥ mĕñaᶇ bĕtawi. 
nalika jamané g.g. van diyémén kuṭa iᶇ bĕtawi digĕḍèkaké lan dibĕcikaké. jiwané 9.000, woᶇ walanda 3.000 luwiḥ. iᶇ sajabané kuṭa wiwitakèḥ pasaṅgrahané para gĕḍé. iᶇ sajroniᶇ kuṭa woᶇ laku dagaᶇ maju baṅĕt. 
kacarita karajan mataramiᶇ wĕktu iku bañjur rukun bahé lan compagniyé. iᶇ tahun 1646 ṿ.o.c. prajañjiyan karo mataram (nalika jumĕnĕṅé maṅkurat ⅰ). iᶇ sabĕn tahun compagniyé kudu ṅlakokaké utusan mĕñaᶇ mataram. woᶇ jawa kĕna dadagaṅaniᶇ saḍéṅaḥ paṅgonan kĕjaba iᶇ moloko. ṿ.o.c. ora kĕna ṅréwaṅi muṅsuhé mataram, mĕṅkono uga mataramiya ora kĕna ṅréwaṅi muṅsuhé ṿ.o.c. 
iᶇ sabakdané 1629 kĕrĕp bahé bantĕn mumuṅsuhan lan bĕtawi, marga woᶇ bantĕnambubraḥ monopoliyéniᶇ ṿ.o.c. karo woᶇ moloko. pĕlabuhan bantĕn kĕrĕp baṅĕt dibarisi iᶇ prahu pĕraᶇ walanda, dadi kuṭa bantĕn padagaṅané mati. iᶇ tahun 1645 bantĕn gawé prajañjiyan lan ṿ.o.c. 
dadi tétéla yèn paṅuwasané compagniyé tansaḥ muṇḍak gĕḍé. 
g.g. van diyéménarĕp ṅgĕḍèkaké padagaṅaniᶇ tanaḥ cina lan jĕpaᶇ. 
iᶇ tahun 1642 ana woᶇ walanda, aranabél tasman ñjajaḥ ṅétan nĕmu pulo pulo iᶇ wĕwĕṅkoné ahustraliya bañjur dijĕnĕṅaké niyéyuw zéland lan van diyéménsland (sahiki aran tasmaniya). tanahahustraliya disĕbut niyéyuw holland. 
nalika jaman sultanaguṅana owahowahan babumuriᶇ tahun. kaᶇ diyĕṅgo tumĕkané jamaniku diyarani tahun śaka, umuré kaya déné tahun walanda (±365 dina) wiwitaniᶇ tahun nalika tahun walanda wis tĕkanaṅka 78. 
wiwitiᶇ tahun śaka 1555 (= 8 juli 1633) umuré disalini manut lakuniᶇ rĕmbulan (1 t = 355 d) dicocogaké karo tahunarab kaᶇ ḍèk sĕmana wis tĕkanaṅka 1043. tumĕkaniᶇ saki kabèhiku isiḥ dipacakana iṅalmĕnak, kaya ta : 1 januwari 1925 = 5 jumadilakir dal windu sĕṅara 1855 (jawa) = 5 jumadilakir 1343 (arab).
bab 9. nāgara nāgara iᶇ tanaḥ sumatra. iᶇ sumatra pojok lor nalika tahun 500 wisana nāgarané, sinĕbutiᶇ baṅsa cina nāgara poli, cacahiᶇ déśané ana 136, dawaniᶇ tanaḥ saka wétan mĕṅulon lakon 50 dina, alaṅé mĕṅidul lakon 20 dina. panènané pari sĕtahun rambaḥ piᶇ piṇḍo. woᶇ woᶇ mĕṅaṅgo baṅsa sĕmbĕt tĕnunan ḍéwé, ratuné mĕṅagĕm sarwa sutra lan ṅagĕm mĕkuṭa kĕñcana (ḍuwur), nitiḥ rata apaṅirit dipaṅga. saᶇ nāŧa ṅruṅkĕbi agama budđa. iᶇ tahun 518 ṅlampahaké utusan maraᶇ nāgara cina.

baṅsa arabiya wis ṅambaḥ tanahiᶇ kono. kasbutiᶇ caṭĕtan caṭĕtané iᶇ tahun 846 lan 950 tanahiku dijĕnĕṅaké rami uŧawa lamĕri. iᶇ tahun 1292 para sudagarislam wus tĕkaniᶇ lamĕri lanaṅgiyaraké agama. mĕṅkono uga krajan cilik cilikiᶇ samodra lan pasèi iya wĕtara wĕktu iku ĕṅgoné kĕtĕkanagama islam. iᶇ sahurutiᶇ pĕsisir wisana titiké yèn woᶇ woṅé wis paḍa anduwèni kasusilan, naṅiṅiᶇ jĕro jĕro rada mĕṅidul, mirit caṭĕtaniᶇ woᶇ woᶇ mañca kaᶇ ṅambaḥ kono iᶇ jaman sĕmono, isihana woᶇ kaᶇ doyaniwakuwoᶇ, lan paḍa isihaṅgambari péraṅaniṅawaké sraṇa lalaṇḍĕp l.s. (tatowuwérén). 
iᶇ tahun ±1350 nāgara nāgara iku kabèḥ paḍa nuṅkul maraᶇ majapahit. ṅanti iᶇ satĕkané woᶇ portĕgisiᶇ tahun 1509 lan ṅĕjègi malaka iᶇ tahun 1511, nāgara nāgara mahu kaᶇ kagoloᶇ gĕḍé ḍéwé : samodra. 
sultan sapisananiᶇ praja acihaguᶇ ḍèkakiriṅabad 15 ajujuluk rāja inayat syaḥ. wiwitiᶇ wĕktu iku laniᶇ sapĕṅkĕré saᶇ rāja inayatacihaguᶇ mahu pijĕr pĕpĕraṅan bahé. kuwaśa kuwaśaniṅaciḥ nalika jamané sultaniskaṇḍar muḍa (1590 1636). ḍèli kĕna ditĕlukaké, johor rinusak, woᶇ portĕgis diyajar, kĕdaḥ lan pĕra (iᶇ malaka) paḍa wus nuṅkul. pṛêjurité sultaniskaṇḍar muḍa pĕṅĕsuké mĕṅidul ṅanti tĕkanindragiri. muᶇ ḍèk tahun 1629 woṅaciḥ 20.000 kĕpĕkṣa mundur, ora olèḥ gawé ĕṅgoné ṅĕpuᶇ kuṭa malaka. wragadé ṅlurug bola bali iku mĕṣṭi bahé akèḥ baṅĕt, dijupukaké saka ḍuwit papayoniᶇ mrica kaᶇ diyĕdol maraᶇ baṅsa éyuropa. déné kaᶇ ṅuwasani pĕdagaṅan mrica iku śrī sultan piyambak (monopoliyé). woṅiṅgris lan walanda ṅanti suwé ora bisa kulak ḍéwé maraᶇ woᶇ cilik. iᶇ kaḍatoné saᶇ nāŧa sarwa jibar jibur luwihiᶇ samĕṣṭiné, déné jiwaniᶇ woᶇ jalaran saka pĕraṅan pĕraṅan mahu akèḥ baṅĕt kaloṅé. 
para rāja iṅacihiya ṅagĕm jujulukakèḥ kaya salumrahiᶇ ratu iᶇ ṅĕndi ĕndi. sultaniskaṇḍar muḍa iku asmané liya : maharaja darmawaṅsa, tun pankat. nalika timuré sinĕbut pĕrkosa'alam. barĕᶇ wis séda kaprahiṅakèḥ sinĕbut makota alam. 
johor lanacihiku tansaḥ mumuṅsuhan. iᶇ sabisa bisa johor ḍĕmĕn baṅĕtawèḥ pituluṅan maraᶇ muṅsuhiṅaciḥ. nalika walanda ambĕḍahiᶇ tahun 1641 iya dibantu iᶇ woᶇ johor, baṅĕt gawé gĕlaniᶇ woṅaciḥ, naṅiṅora bisa malĕsapa apa, awit pañcèn wis ṅlèmprèḥ, cilik kukuwatané. malahĕṅgoné dagaṅan (monopoliyé) timaḥ karo malaka lan mās karo sumatra pĕsisir kulon, kĕpĕkṣa lèrèn, awit diyĕṇḍihiᶇ baṅsa walanda. jajahané iᶇ ḍèli wis bisa uwal nalika tahun 1669. muᶇ kari ana iṅasahan sultanacihisiḥ duwé paṅawasa. malaḥ sultan sultaniṅasahaniᶇ jaman sahiki iki iya paḍa tĕḍak sultanaciḥ. 
cara jumĕnĕṅiᶇ sultaniṅacihiku marga saka pilihaniᶇ para priyaguᶇ. kaᶇ mĕṅkono iku kĕrĕpañjalari pasulayan lan tindak roda paripakṣa. 
kaᶇ jumĕnĕᶇ sultanora mĕṣṭi baṅsa iṅaciḥ kono, wis tahu tumiba iᶇ baṅsa arab, baṅsa bugis, lan baṅsa pĕnaᶇ. miturut carita jaréné nalika kaᶇ jumĕnĕᶇ rāja sultan putri jujuluk nural'alam nakiyatad din syaḥ, praja aciḥ pinéraᶇ dadi tĕluᶇ sagi, yahiku mukim 22, 25 lan 26. sagi tĕtĕlu iku kaᶇ bañjur kuwajiban miliḥ sapa kaᶇ digĕntèkaké jumĕnĕᶇ rāja. 
praja siyakiku iᶇ mahuné jĕnĕᶇ gasip. ḍèk jaman mĕkar mĕkaré aciḥ, siyak dibubraḥ wani bahé. iṅawaliṅabad 17 siyak dadi aṇḍahaniᶇ nāgara minaṅkabahu, bañjur digañjaraké dadi ƀumi gaḍuhaniᶇ johor. déné johor pamaréntahé ana iᶇ siyak saraṇa wakil puṅgawa pinaṅkat syahbandaruŧawa stédéhowudér (wakil). iᶇ tahun 1717 stédéhowudér rāja kĕcil bisa ṅambrukaké sultan johor, lan bañjur dadi rāja iᶇ johor lan siyak, naṅiṅiᶇ tahun 1721 ora kaṅgo ana iᶇ johor; muᶇ kari lĕstari dadi iᶇ siyak, madĕg pribadi ora kĕbawaḥ maraᶇ sapa sapa. kaᶇ mĕṅkono iku ora bisa suwé : luwiḥ luwiḥ ḍèkiᶇ tahun 1761 ṿ.o.c. wis gĕḍé kuwaśané tumrapé maraᶇ kasultanan siyak. éwadéné nalika tahun 1780 siyak malaḥ bisa ambawahaké ḍèli. déné adat tata carané woᶇ woᶇ lan basané pisanakèḥ cĕṅkoké cara mĕnaṅkabahu. 
muṅguhasalasalé karajan mĕnaṅkabahu iku ora kawruhan cĕṭa. adityawarman, rāja iᶇ tanaḥ mĕlayu (sahiki iᶇ wĕwĕṅkon jambi), kacaritakaké ṅĕliḥ kuṭané mĕñaᶇ tanaḥ paḍaᶇ hulu ana iᶇ sacĕḍakiᶇ pagar rayuᶇ (fort van dér capéllén). iṅabad ⅹⅵ rāja raja iṅindrapura, indragiri lan jambi kacarita yèn paḍa madĕg ḍéwé ḍéwé, ora ana kaṅambawahaké. rāja mĕnaṅkabahu krama lan putriné sultaniṅaciḥ, bañjur pasulayan karo kĕᶇ marasĕpuḥ, lan kĕpĕkṣa ñahosaké tanaḥ tanaḥ kaᶇ mahuné bawahaciḥ tĕkaniᶇ mañjulo. wiwit nalika iku karajan mĕnaṅkabahu muᶇ kari sawĕwĕṅkon paḍaᶇ hulu iᶇ jaman sahiki. ḍèk jaman pĕpĕraṅan padri para darahiᶇ rāja paḍa pinaténan, muᶇ kliwatan siji ṭil. déné siji iku turuné kaᶇ puṅkasan wus séda ḍèkiᶇ tahun 1912, dadi wis curĕs babarpisan.
sabubaré karaton śrivijaya, lan sahuṅkuré paṅwasa majapahit, tanaḥ palémbaᶇ wusaraᶇ kĕcrita. ĕṅgoné dadi islam kira kira ana iᶇ sajroniṅabad ⅹⅴ. nadyan diyaṅgĕp kĕbawahiᶇ bantĕn, naṅiᶇ saᶇ rāja iᶇ palémbaṅisiḥ sagĕd ṅukuhi iᶇ kamardikané; ṅarĕpaké tahun 1596 malaḥ śrī sultaniᶇ bantĕn séda iᶇ papraṅanana iᶇ palémbaᶇ. karajan loro iku lĕstari mumuṅsuhan, paḍa déné ṅarahuṇḍakiᶇ jajahanana iᶇ tanaḥ lampuᶇ.
raja iᶇ palémbaᶇ mahuné asĕsĕbutan paṅéran. wiwit saᶇ rāja ciṇḍèi balaᶇ ṅagĕm sĕsĕbutan sultan, malaḥ para kawula paḍa añĕbut susuhunan. baṅsa walanda iᶇ tahun 1641 gawé pṛêjañjiyan bab pĕdagaṅan karo praja palémbaᶇ, laniᶇ tahun 1710 kĕrĕp pasulayan pṛêkara rĕbutanĕṅgon timahiᶇ baṅka. 
bab 10. kramaniᶇ moloko 1650 1653. mataram nalika jamané amaṅkurat ⅰ lanamaṅkurat ⅱ. kraman trunajaya.
pĕraṅiᶇ bantĕn.
1645-1677 maṅkurat ⅰ. 
1650-1653 g.g. réyinéṙṣ. 
1677-1703 maṅkurat ⅱ. 
1653-1678 g.g. mahétsuyckér. 
1678-1681 g.g. rijkloff van gowéns. 
1681-1684 g.g. spélman.

ḍèk jamané g.g. van diyémén ⅴ.o.c. ana iᶇ pulo pulo moloko nĕmu riribĕd. marga saka anané monopoliyé, tanaḥ moloko suda baṅĕt karaharjané, woᶇ ƀumi paḍa ṅṛêkasa uripé. woᶇ cilik gĕlĕm nĕtĕpi prajaṅjiyané monopoliyé, paḍa laku dagaᶇ coloṅan. 
puṅgawané ṿ.o.c. ñirĕp kraman kaṇṭi tindak kĕras. nuli woᶇ moloko dibiyantu iᶇ sultan tĕrnaté, mulané saya ndadra. waṣaṇa g.g. van diyémén tumindak piyambak. tindaké kĕras naṅiᶇ ndalan, tĕmahan kraman bisa kĕṇḍak.
iᶇ nalika jamané g.g. réyiniyéṙṣ (1650-1653) iᶇ tĕrnaté lanambonana kraman manèḥ kaᶇ marga saka paṅojokojoké woᶇ makasar. woᶇ ƀumi paḍa ṅgrundĕlora trima, awita. dé vlamiᶇ, gowuvérnéyuriᶇ kapulowan moloko ḍawuḥ mbabadi tanduran bumbon crakèn kaᶇ diyaṅgĕp turaḥ, kaᶇ mĕṅkono iku supaya ora ṅĕḍunaké rĕgané dagaṅan. yèn woᶇ ƀumi ora nuruti, prajurit ṿ.o.c. bañjur nĕkani, ṅrampuṅi pasulayan kaṇṭi wasésa (hoṅi).
ĕṅgoné ñirĕp kramana. dé vlamiᶇ kaṇṭi kĕkĕrasan, akèḥ woᶇ kaᶇ đipatèni uŧawa dibuwaᶇ. waṣaṇa pulo pulo akèḥ kaᶇ suwuᶇ.
wiwitiᶇ wĕktu iku kaᶇ dikĕnakaké nandur cĕṅkèḥ muᶇ woṅiṅambon lan pulo pulo cilik sisiḥ wétan, kaᶇ kĕna nandur pala muᶇ woṅiᶇ baṇḍa. amarga saka anané plaṅgĕran mahu woᶇ ƀumi akèḥ kaᶇ paḍa kĕmlaratan. waṣaṇa ora ana sraṇané kaṅgo mbaṅkaᶇ manèḥ. 
barĕᶇ moloko wis tĕntṛêm, nalika kaᶇ jumĕnĕᶇ gowuvérnéyur générahal mahétsuyckér, ṿ.o.c. mĕraṅi makasar. hasanudin, ratu iᶇ makasar tansaḥ nuluṅi woᶇ ƀumi iᶇ moloko. manèhé ṿ.o.c. ora olèhidin ṅadĕgaké loji ana iᶇ karajan makasar. ĕṅgoné mumuṅsuhan ṿ.o.c. lan hasanudin ṅanti ambal kapiᶇ tĕlu. wĕkasané iᶇ tahun 1667 cornélis spélman diḍawuhi nandaṅi hasanudin. aru palaka ratu iᶇ palaka mbantu compagniyé, jalaran karajané dirĕbut kagamblokaké maraᶇ makasar, rama lanéyaṅé aru palaka kapaténaniᶇ ratu makasar. 
putusaniᶇ pĕraᶇ hasanudin kapĕkṣa ṅaṅgĕp prajaṅjiyané ṿ.o.c. 1667. miturut jĕnĕṅé papan prajaṅjiyan mahu diyarani prajaṅjiyaniᶇ boṅgaya.
bĕḍahé makasariku iṅatasé ṿ.o.c. akèḥ baṅĕt pakolèhé, awitiku dadi ḍaḍasariᶇ paṅuwasa ana iᶇ cĕlĕbĕs sarta pamĕṅkuné maraᶇ sakabèhiᶇ pulo pulo iᶇ moloko.
minaṅka gañjaranaru palaka didadèkaké ratu iᶇ boné.
surasané prajaṅjiyaniᶇ boṅgaya prakara warna warna, kaya ta : makasar lan gowa ṅakoni paṅayomané ṿ.o.c. apadéné florès lan sumbawa mari dadi jajahané makasar. baṅsa mañca kaᶇ kĕna dadagaṅaniᶇ makasar muᶇ ṿ.o.c. ḍéwé. woᶇ makasar kudu ṅlèrèni ĕṅgoné lalawanan dagaᶇ lan moloko, lan sapituruté.
sasédané sultanaguṅiᶇ mataram tansahana kramanuŧawa pĕraᶇ, ndadèkaké gĕmpaliᶇ karaharjaniᶇ praja.  
kaᶇ gĕḍé ḍéwé iya iku kramané trunajaya. sĕbabé maṅkéné : 
1. paṅéranarya praƀu adi mataram, kaᶇ ṅgĕntèni s. aguᶇ, jujuluk sunan maṅkurat ⅰ, kapintĕran lan kĕkĕñcĕṅaniᶇ kaṙṣa ora mantra mantra timbaᶇ lan kaᶇ rama. sarèḥné wégaḥ mumuṅsuhan lan compagniyé, iᶇ tahun 1646 (dĕlokĕn k. 57) lan 1652 prajaṅjiyan pamitran lan ṿ.o.c. surasané prajaṅjiyan 1652 ana kaᶇ ñĕbutaké bab tapĕl watĕsé jajahaniᶇ compagniyé sisiḥ wétan, iya iku kali ci tarum. iᶇ tanaḥ mataramakèḥ para gĕḍé kaᶇ ṅgrundĕlora narima maraᶇ tindaké maṅkurat mahu. 
2. sunan maṅkuratala baṅĕt paṅrèhé praja, jalaran kĕtuṅkul mbujĕᶇ maraᶇ kamuktèn ṅanti nukulaké paṅgaliḥ siya. 
para kawula gĕḍé cilikora ana kaᶇ jĕñjĕmuripé, jalaran saka siyané saᶇ praƀu. nalika jumĕnĕṅé añarañaran nunumpĕsi mitrané kaᶇ rama akèḥ. sakiᶇ kaluluté maraᶇ pakarĕman kaᶇ niṣṭa ṅanti wĕntala mutahaké gĕtihé woᶇ kaᶇ tanpa dosa. kayadéné nalika garwané kakasiḥ séda, nuli ḍawuḥ ñĕkĕli woᶇ wadon 100 dikuruṅiᶇ pasaréyan (kuburan) ṅanti mati kalirĕn.
3. iᶇ madura ana sawijiniᶇ satriya kaᶇ duwé tékadarĕp ṅraman, maṅgĕḍèni para gĕḍé iᶇ mataram lan madura, mĕraṅi maṅkurat. satriya mahu wayahé cakraniṅrat ⅰ iᶇ sampaᶇ saka ampéyan, jĕnĕṅé trunajaya. sĕnajan trunajaya ora nduwèni waris kađipatèn, éwadéné ṅaraḥ jumĕnĕṅađipati iᶇ madura. nalika kaᶇ paman jumĕnĕṅađipati, jujuluk cakraniṅrat ⅱ, gampaᶇ bahé trunajaya ĕṅgoné ṅĕlun woᶇ madura, awit saṅađipati tansahana iᶇ mataram. iᶇ tahun 1674 kraman wis ṅṛêbđa baṅĕt. trunajaya dibantu iᶇ woᶇ makasar kaᶇ paḍa luṅa saka tanahé ḍéwé ṅalambraᶇ, gawéné mbĕbajak. tanaḥ jawa wétan kĕna ditĕlukaké.
barĕᶇ kraman saya mĕṅulon, maṅkurat ⅰ saya kuwatir, nuli muṇḍut pituluṅaniᶇ compagniyé. préntahiᶇ bĕtawi mahuné maṅu maṅu, awit pañcèn lagi ribĕd, jalaraniᶇ nāgara walanda kana iᶇ tahun 1672 kinĕpuᶇ muṅsuḥ gĕḍé. naṅiᶇ barĕᶇ saya krasa kapitunanĕṅgoné dadagaṅan marga saka paṅgawéniᶇ kraman, iᶇ waṣaṇané gĕlĕm tutuluᶇ. iᶇ sĕkawit prajurit walanda kĕrĕp bisa mbalèkaké kraman saka sawĕnèhiᶇ paṅgonan, naṅiᶇ saya suwé saya cabar, kraman saya maju, tanaḥ pasisir lor lan tanaḥ jawa tĕṅaḥ pasisir wétan wis katĕkĕmiᶇ kraman, trunajaya bañjurakaḍatoniᶇ kĕḍiri. préntahiᶇ bĕtawi wiwitaṅgrahita yèn panaṅgulaṅiᶇ kraman trunajaya kudu ditĕmĕni. iᶇ 1677 ana wadyabala compagniyé mĕñaᶇ japara, disénapatèni cornélis spélman. ḍisiké trunajaya arĕp dirukun, naṅiṅora gĕlĕm. c. spélman nuli prajaṅjiyan lan sunan maṅkurat ⅰ, surasaniᶇ prajaṅjiyan : compagniyé bakal mituluṅi maṅkurat, naṅiᶇ ñjaluk liru ragadiᶇ pĕraᶇ, uṇḍakiᶇ jajahan, lan wĕwĕnaṅiᶇ prakara dadagaṅan. 
c. spélman bañjur mĕraṅi kraman, naṅiᶇ muᶇ bisa ṅĕjègi surabaya, déné jajahané trunajaya saya muṇḍak, malaḥ wis bisa ṅgĕpuk karta, kuṭa karajaniᶇ mataram. upacaraniᶇ kraton diboyoṅi mĕñaᶇ kĕḍiri. sunan maṅkurat kèṅsĕr, tindak mĕṅulon diḍèrèkaké iᶇ saᶇ paṅéranađipati anom. muṅguḥ kaṙṣané kaṅjĕᶇ sunan mahu nĕdya kĕtĕmu paṅgĕḍéniᶇ compagniyé iᶇ jĕpara, naṅiṅana iᶇ dalan séda (1677) kasarèkaké iᶇ tĕgalarum. ṅanti sapréné maṅkurat ⅰ isiḥ katĕlaḥ sunan maṅkurat tĕgalarum. 
sasédané sunan maṅkurat ⅰ saᶇ paṅéranađipati anom gumanti jumĕnĕᶇ nata, jujuluk sunan maṅkurat ⅱ, naṅiᶇ sasatora jumĕnĕᶇ ratu, awit kaᶇ ṅaṅgĕp muᶇ para kawula kaᶇ ṇḍèrèkaké, malaḥ kaᶇ rayi saᶇ paṅéran pugĕr, kaṅana iᶇ mataramiya ṅaku jumĕnĕᶇ sunan. sunan maṅkurat ⅱ bañjur tindak mĕñaᶇ jĕpara, muṇḍut tuluᶇ maraᶇ compagniyé, ṅéstokaké ḍawuhé kaᶇ rama. c. spélman saguḥ mituluṅi, naṅiᶇ ṅaṅgo prajaṅji. 
wosiᶇ prajaṅjiyan jĕpara : ṿ.o.c. ṅaṅgĕp ratu maraᶇ maṅkurat ⅱ. ṿ.o.c. kĕna dadagaṅaniᶇ satanaḥ mataram, kĕna ṅlĕbokaké dadagaṅanora wĕnaᶇ dijaluki béya. 
jajahané ṿ.o.c. maṅidul tĕkaniᶇ sĕgara, mĕṅétan tĕkan ci manuk, apadéné kuṭa sĕmaraᶇ sawĕwĕṅkoné. 
g.g. mahétsuyckér lan kèḥ kèhiᶇ para lidiᶇ rahad vanindiyé ora rujuk karo karĕpiᶇ para béwiṇḍébbér, paṅrèhiᶇ ṿ.o.c. ana iᶇ tanaḥ walanda; aliya saka iku trunajaya wis kĕgĕḍèn paṅuwasané, maṅka sunan maṅkurat ⅱ wus prasasat tanpa daya, wuwuḥ wuwuḥ préntahiᶇ bĕtawi lagi karépotanora bisa olèḥ pituluṅan saka nāgara walanda, tur nĕmu pakéwuḥ karo bantĕn. 
iᶇ tahun 1678 g.g. mahétsuyckér séda digĕntèni rijkloff van gowéns. priyaguṅiku nĕmĕni ĕṅgoné nandaṅi bantĕn. rijkloff lan spélman paḍa sabiyantu ṅrampuṅi kraman trunajaya, lanaja ṅanti kĕḍisikan ditĕmpuḥ woᶇ bantĕn. rijkloff van gowéns bañjur ṅutus wadyabala gĕḍé mĕñaᶇ tanaḥ jawa tĕṅaḥ ṅlurugi trunajaya. trunajaya iya mĕtokaké, naṅiᶇ suwé suwé kĕplayu maraᶇ kĕḍiri. kĕḍiri kĕna dibĕḍaḥ klawan rĕkasa, naṅiᶇ trunajaya oñcat ṅuṅsi maraᶇ pagunuṅan saloré gunuᶇ kĕlut. kapitanambonaran jonkér kahutusiᶇ k. susuhunan ṅĕtut playuné trunajaya. dalan dalan sakubĕṅé paṇḍĕlikané trunajaya dijaga prajurit, wuṣaṇa trunajaya nuṅkul. k. susuhunanarĕp prikṣa maraᶇ trunajaya, naṅiᶇ barĕᶇ disowanaké iᶇ ṅaṙṣané, nuli dipṛêjaya iᶇ saᶇ praƀu piyambak (1680). 
sĕnajaniᶇ tahun 1652 wis ditĕmtokaké yèn ci sĕḍané kaᶇ dadi tapĕl watĕsé bantĕn lan jajahan ṿ.o.c., éwadéné woᶇ bantĕniya ora wĕdi ñjĕjaraḥ, mbégaliᶇ sawétané ci sĕḍané. iᶇ tahun 1656 kĕlakon dadi pĕraᶇ ṅanti tumĕka tahun 1659. iᶇ salĕbariᶇ pĕraᶇ mahu ṿ.o.c. mĕkṣa duruᶇ rukun karo bantĕn. iᶇ wĕktu samono kaᶇ jumĕnĕṅiᶇ bantĕn sultanaguᶇ (abu'l fatahuŧawa tirtayasa).
saᶇ praƀu pañcèn ratu pĕᶇ pĕṅan, kaᶇ diyudi mumbuliᶇ nāgara lanuṇḍakiᶇ jajahan, mulané sĕṅit baṅĕt maraᶇ compagniyé, awit digaliḥ ṅalaṅalaṅi paṅĕlariᶇ jajahan. saka pambudidayané sultanaguᶇ kĕlakon kuṭa bantĕn bisa rĕja lan ramé. woṅiṅgris, dénémarkĕn lan prasman paḍa olèhidin dadagaṅanana iᶇ bantĕn. nalika kraman trunajaya sultanaguṅora gĕlĕm ṅaṅgĕp ratu maraᶇ maṅkurat ⅱ lan mituluṅi maraᶇ makasar (muṅsuhé ṿ.o.c.). paṅarĕparĕpé yèn prajurit ṿ.o.c. suda baṅĕt, woᶇ walanda bañjur gampaᶇ kalahé karo bantĕn.
iᶇ sasirĕpé kraman mahu rèḥné g.g. spélman wis wĕruḥ maraᶇ sĕdyané sultanaguᶇ yahiku arĕpéṅgal mĕraṅi bĕtawi, mulané bañjur tata tata. 
kĕbĕnĕran baṅĕtiṅatasé ṿ.o.c. iᶇ tahun 1682 iᶇ bantĕnana gègèr, jalaran saᶇ paṅéranađipati anomabdu'l kahar (bañjur jujuluk sultan haji) lan rayiné saᶇ paṅéran purbaya, rĕbut kalĕṅgahan paṅéran pati. sultan haji rĕkasa baṅĕt, awit s. aguᶇ mbiyantu purbaya. nuli s. haji ñjaluk tuluᶇ maraᶇ ṿ.o.c., kaᶇ saguharĕp nuluṅi, jaṅji woᶇ walanda ana iᶇ bantĕnolèḥ monopoli. 
s. aguᶇ bañjur kĕplayu diyoyakiᶇ prajurit compagniyé. barĕᶇ kĕcĕkĕl bañjur digawa mĕñaṅiᶇ bĕtawi ditahan ṅanti tĕkaniᶇ sédané (1692). 
wosé prajaṅjiyaniᶇ tahun 1684 woṅiṅgris luṅa saka bantĕn, nuli ṅaliḥ mĕñaᶇ bĕṅkulèn. kĕjaba iku ṿ.o.c. wĕnaᶇ mèlu ṅṛêmbug ruwĕt rĕntĕṅiᶇ nāgara iᶇ bantĕn. 
wiwitiᶇ jamaniku cirĕbonuga mèlu ṅahub maraᶇ ṿ.o.c.
bab 11. mataram nalika pĕraᶇ rĕbut kĕpraƀon kaᶇ sapisan (1704-1708) lan kapiṇḍo (1719-1723)
1703-1704 (1708) sunan mas, maṅkurat ⅲ..
1704-1719 paṅéran pugĕr, paku ƀuwana ⅰ.. 1691-1704 g.g. vanowuṭorn.. 1719-1727 praƀu maṅkurat ⅳ.. 1705-1706 g.g. van horn... kaṅañjalari pĕraᶇ rĕbut kapraƀon kaᶇ sapisaniya iku coṅkrahé sunan mas karo paṅéran pugĕr, apadéné éra èru marga saka paṅgawéné untuᶇ surapati.
untuᶇ surapati iku batur tukon saka iᶇ bali, wis dadi prajuritiᶇ bĕtawi, diyuṅgahaké dadi litnan maṅgĕḍèni prajurit bali sagoloṅan. nalika pĕraᶇ bantĕnuntuᶇ miṅgat ṇḍèrèk sultanaguṅiᶇ bantĕn, salĕbariᶇ pĕraᶇ nuli ṅgawa kañcané sawatara ṅlambraṅana iᶇ bawaḥ priyaṅan, gawéné ñjaraḥ rayaḥ. barĕᶇ diyoyakiᶇ prajurit ṿ.o.c. surapati sakañcané bali mlayu maṅétan ñuwun paṅahuban maraᶇ sunan mataram. sĕnajan surapati muṅsuhiᶇ ṿ.o.c., ana iᶇ kartasura ditampani bĕcik malaḥ dadi andĕlandĕl. g.g. camꝑuys nuli utusan major tak mĕñaᶇ kartasura pṛĕlu ñĕkĕl surapati lan nagihutaṅé mataram maraᶇ ṿ.o.c. nalika prajurit walanda tĕka iᶇ nāgara, woᶇ jawa lan woᶇ bali wis pĕraᶇ ḍèwèkan. sasuwéné iᶇ papraṅan gègèr gégéran, major tak dikrocokiᶇ gagaman, prajurité 70 milu mati. surapati sakañcané bablas mlayu maṅétan. ana iᶇ pasuruwan surapati ṅĕdĕgaké karajan. surapati jumĕnĕṅađipati jujuluk wiranāgara, jajahané saya jĕmbar, nĕnĕlukaké iᶇ sakiwa tĕṅĕné malaḥ ṅanti tĕkaniᶇ kĕḍiri. 
sarèḥné surapati saya ndadra, maṅkurat ⅱ mintasraya maraᶇ ṿ.o.c. naṅiᶇ g.g. vanowuṭorn duruᶇ mituruti. nalika sĕmana iᶇ satanaḥ jawa akèḥ sĕkahitan ṅlawan woᶇ walanda. sawĕnèhiᶇ paṅgonan disĕbari layaᶇ ñalawadi kaᶇ ṅĕmu rasa ṅojokojoki supaya paḍa numpĕs woᶇ"kapir". akèḥ priyaguᶇ bantĕn lan mataram siᶇ paḍa mbiyantu sĕkahitaniku. malahana woᶇ mĕlayu saka sumatra aranibnu iskandar kaᶇ mèlu dadi pĕnuntuné sĕkahitan mahu, ṅlurugi bĕtawi ṅgawa prahu akèḥ. barĕᶇ konaṅaniᶇ walanda bañjur ditĕmpuḥ, waṣaṇa rusak babarisaniᶇ prahu. 
prakara iku ñjalari ĕṅgoné ṿ.o.c. ora gĕlĕm ṅréwaṅi maṅkurat ⅱ. iᶇ tahun 1703 maṅkurat ⅱ séda. kaᶇ gumanti jumĕnĕᶇ, sunan masuŧawa maṅkurat ⅲ; marga saka cacadiᶇ sampéyan, uga katĕlahasma sunan kĕñcèt. 
sunan mas coṅkraḥ lan pamané yahiku p. pugĕr; muṅguḥ kaᶇ dadi jalarané marga saka siyané kaṅjĕᶇ sunan. sunan masiku pañcèn misuwur siya lan sawĕnaᶇ wĕnaᶇ tindaké. p. pugĕr lolos saka kartasura, tindak mĕñaᶇ sĕmaraᶇ muṇḍut pituluṅané compagniyé. 
sunan mas wis rambaḥ rambaḥ kirim layaᶇ mĕñaᶇ bĕtawi, muṇḍut baliniᶇ pamané, naṅiṅora dirèwès, awit paréntaḥ bĕtawi prikṣa yèn sunan mas sĕkutu lan surapati nĕdya ṅlawan compagniyé. paréntaḥ bĕtawi uga ora gĕlĕm ṅaṅgĕp sunan maraᶇ maṅkurat ⅲ; kaᶇ diyaṅgĕp malaḥ p. pugĕr, awit saᶇ paṅéranana iᶇ sĕmaraṅuga wis kahaṅkat sunan déniᶇ para priyaguṅakèḥ, jujuluk sunan paku ƀuwana. 
anané pĕraᶇ rĕbut kapraƀoniku wiwitiᶇ tahun 1704, tĕkan tahun 1708. marga saka pituluṅané ṿ.o.c. paku ƀuwana bisa lĕstari jumĕnĕᶇ ratu, naṅiᶇ miturut prajaṅjiyaniᶇ tahun 1705 jajahané ṿ.o.c. diyĕlar maṅétan, watĕsé sisiḥ lor ci losari, iᶇ sisiḥ kidul ci ḍonaniᶇ cilacap. 
sunan mataram wis‍ora nduwèni wĕwĕnaṅiṅatasé tanaḥ sumĕnĕp lan pamĕkasan. ṿ.o.c. diwĕnaṅaké kĕna sĕḍiya prajuritana iᶇ kartasura manèḥ. nalika kartasura ditĕkani wadyabala walanda, sunan mas lolos maṅétan muṇḍut pituluṅan maraᶇ surapati. iᶇ tahun 1706 prajurit ṿ.o.c. kaᶇ disénapatèni knol nĕmpuhiᶇ baṅil, yahiku bètèṅé surapati kaᶇ santosa ḍéwé. iᶇ baṅil bĕḍaḥ, naṅiᶇ surapati ora kĕcĕkĕl, muᶇ bahé marga saka wis kĕtaton, ora antara lawas mati. 
iᶇ tahun 1707 prajurit ṿ.o.c. ṅlurug maṅétan mĕraṅi uṇḍakiᶇ jajahané ṿ.o.c.
para anaké surapati kaᶇ mbiyantu sunan mas. iᶇ tahun 1708 s. masasraḥ boṅkokan maraᶇ knol, nuli kakéṇḍaᶇ mĕñaᶇ céylon. 
iᶇ tahun 1719 paku ƀuwana ⅰ séda, ñjalari pĕraᶇ rĕbut kapraƀon kaᶇ kapiṇḍo. para saḍèrèké sunan praƀu maṅkurat ⅳ paḍa mèri maraᶇ saᶇ praƀu añar ṅanti ṅanakaké pĕraᶇ. ṿ.o.c. mituluṅi maraᶇ maṅkurat ⅳ. para pĕṅañjuré kraman paḍa dibuwaᶇ mĕñaᶇ céylonuŧawa mĕñaᶇ jajahan compagniyé iṅafrika sisiḥ kidul (kahapkoloniyé).
bab 12. kahanané ṿ.o.c. wiwit tĕṅahé abad 17 tumĕkané tĕṅahé abad 18. nalika j. mahétsuyckér madĕg dadi gowuvérnéyur générahal (1653 1678) jajahan darbèké compagniyé wis rada akèḥ. 
bĕtawi lan wĕwĕṅkoné, wiwit 1619. 
kuṭa malaka lan wĕwĕṅkoné 1641. 
ambon, kapulowan baṇḍa, makasar 1667.
punto dé galé lan légombo iᶇ céylon 1658.
tlataḥ tlatahané pasisir coromandĕl lan malabar 1661.
kĕjaba iku ṿ.o.c. iya duwé kantorana iᶇ pasisiré suṅlon pèṙṣi, ana iᶇ bĕṅgala, siyĕm, formosa lan décima.

sakiᶇ jĕmbariᶇ jajahan lan kèhiᶇ kahuntuṅan, ṿ.o.c. bisa sugiḥ lan kuwaśa. para ahandélhowudér wisakèḥ baṅĕt baṭiné, ṅuṅkuli baṭèn kaᶇ wis katĕmtokaké, iya iku 12½%. iᶇ tahun 1642 bagéyaniᶇ baṭi ṅanti muṇḍak tĕkan 50%, ṿ.o.c. dadi ndĕdĕlé babaṭèniᶇ sahantarané tahun 1630 lan tahun 1650 bisa tikĕl 3 uŧawa 4.
kahuntuṅané ṿ.o.c. iku jalaran saka pranatan monopoliyé. marga saka monopoliyé mahu ṿ.o.c. bisa kulak muraḥ lan yèn dodolan dilaraᶇ laraṅaké. upama bumbon crakèn : paṅulaké pala sapun tĕrkaḍaᶇ muᶇ 7½ sèn, paṅĕdolé 3½ rupiyaḥ. paṅulaké cĕṅkèḥ sapun 20 sèn, paṅĕdolé sok 10 rupiyaḥ.
paṅrèhiᶇ ṿ.o.c. (béwiṇḍébbér) iᶇ tanaḥ walanda kaᶇ diyaraḥ muᶇ ṅĕñcĕṅaké pranatan monopoliyé, ora susaḥ ñjĕmbaraké jajahan. ṿ.o.c. kudu ṅĕdĕgaké loji loji manèḥ, awit ṿ.o.c. kudu muᶇ salugu dadagaṅan. 
balik paṅrèhiᶇ ṿ.o.c. iᶇ bĕtawi karĕpé ṅĕṇḍokaké monopoliyé. woᶇ ƀumi kĕrĕp disuwunaké idin g.g. cowén lan van diyéméniᶇ bab kamardikaniᶇ dadagaṅan, naṅiᶇ para béwiṇḍébbérora mituruti. 
puṅgawané ṿ.o.c. akèḥ kaᶇ woṅasor lanala, wuwuḥ wuwuḥ blañjané ana iᶇ tanahiṇḍiya muᶇ saṭiṭik. blañja kawitan (assistèn = carik) iᶇ sĕsasiné muᶇ 10 rupiyaḥ, muṇḍak muṇḍak tĕkan 55 rupiyaḥ (kopman) lan 75 rupiyaḥ (oppérkopman). blañja sĕmono iku andadakisiḥ ṅaṅgo dicowokupamané kaṅgo tataṅguṅan. kaᶇ maṅkono iku ñjalari para puṅgawa paḍa dagaᶇ pĕtĕṅuŧawa dagaᶇ coloṅan. anaṅiᶇ sarèḥné dagaṅan ṿ.o.c. nalika sĕmana gĕḍé baṅĕt lan baṭiné dudu sĕbahéné, dadi pṛêkara klèruné pranatan monopoliyé apadéné tindaké para puṅgawa siṅora bĕnĕrisiḥ samun, duruᶇ pati katara. 
iᶇ kawitané abad kaᶇ piᶇ 18 jajahané ṿ.o.c. akèḥ baṅĕt, apamanèhana iᶇ tanaḥ jawa. jajahan lan paṅuwasané karajan bantĕn lan mataram saya kaloᶇ kaloᶇ.
bĕtawi, krawaᶇ tĕkan kali indramayu, priyaṅan tĕkan sĕgara kidul; sĕmaraᶇ lan wĕwĕṅkoné 1677. cirĕbon wus ṅahub maraᶇ ṿ.o.c. tapĕl watĕsé jajahan bantĕn sisiḥ wétan ci sĕḍané. jajahané ṿ.o.c. mĕṅétan tĕkan ci losari lan ci ḍonan 1705.
iᶇ tahun 1659 ṿ.o.c. prajaṅjiyan karo sultaniᶇ palémbaᶇ, olèhidin ṅĕdĕgaké bètèṅiᶇ bawahé. iᶇ tahun 1667 ṿ.o.c. ṅĕdĕgaké loji ana iᶇ paḍaᶇ. sawisé prajurit walanda mituluṅi maraᶇ para kawulané ratu aciḥ, kaᶇ jajahané ḍèk mahuné kĕtugiṅindrapura (sultaniskaṇḍar muḍa), ṿ.o.c. ora muᶇ katon gĕḍé paṅuwasané naṅiṅiya katon sugiḥ. 
kuṭa bĕtawi saya suwé saya gĕḍé lanasri, ṅanti diyarani"ratuniᶇ kuṭa iᶇ ƀumi sisiḥ wétan". dadi iᶇ jamaniku ṿ.o.c. kaya kaya lagi mumbul mumbulé.
muṅguhiᶇ satĕmĕné sĕnajan gĕlaré kuwaśa lan sugiḥ baṅĕt, ṿ.o.c. wis mundur, ṅalamatarĕp bobrok. kasugihané saya kaloᶇ, malaḥ tĕrkaḍaṅuga ṅanti tuna, naṅiᶇ kĕjaba para béwiṇḍébbérora ana kaᶇ wĕruḥ, awit digawé wadi baṅĕt. para béwiṇḍébbéṛĕṅgoné awèḥ dividénd (anakaniṅaṇḍil) maraᶇ para ahandélhowudérisihajĕgakèḥ. dadi saya suwé baṇḍané ṿ.o.c. saya suda.
muṅguḥ karĕpé para béwiṇḍébbéṛĕṅgoné ṅṛêṇḍĕm wadi mahu, supaya ṿ.o.c. diyaranana isiḥ sugiḥ, lĕstariya diyandĕl, aja ṅanti kĕpatènubĕd. waṣaṇa iᶇ tĕṅahané abad 18, ṿ.o.c. wis kĕtaṇḍĕganutaᶇ 3 yuta.
kaᶇ dadi jalaran sudaniᶇ kasugihané ṿ.o.c. warna warna, kaya ta :
1. kèhiᶇ wragadé ṿ.o.c. kaṅgo pĕpĕraṅan, tansaḥ kĕpĕkṣa saḍiya pṛêjurit lan prahu pĕraṅakèḥ. 
2. rèḥné jajahan saya jĕmbar, puṅgawa saya muṇḍakakèḥ, añjalari uṇḍakiᶇ wragad. 
3. kahuntuṅané laku dagaᶇ wis‍ora kaya ḍèkabad kaᶇ kĕpuṅkur, awitakèḥ puṅgawa ṿ.o.c. lan woᶇ ƀumi kaᶇ paḍa laku dagaᶇ pĕtĕṅuŧawa dagaᶇ coloṅan. ṿ.o.c. ĕṅgoné mblañjani puṅgawané kĕsĕṭiṭikĕn, dadi puṅgawané kapĕkṣa golèk kahuntuṅan liya saraṇa dagaᶇ pĕtĕᶇ. déné woᶇ ƀumi ĕṅgoné dagaᶇ coloṅan lalawanan woṅiṅgrisuŧawa baṅsa mañca liyané. marga saka malakiᶇ ṿ.o.c. ĕṅgoné nindakaké monopoliyé, woᶇ ƀumi paḍa gĕlĕm nĕrak prajaṅjiyané monopoliyé.
rèḥné woᶇ ƀumi wis dadi mlarat marga saka pamĕrĕsiᶇ ṿ.o.c. lan puṅgawané karajan jawa, baraᶇ pĕdagaṅan saka éyuropa muᶇ saṭiṭik payuné.
4. ṿ.o.c. ĕṅgoné dadagaṅanana iṅéyuropa kĕrĕp tuna baṅĕt, marga dijori iᶇ baṅsa iṅgris lan prasman. 
rékané para béwiṇḍébbéṛĕṅgoné arĕp nututi kapitunané sĕrana ṅĕñcĕṅaké tindakiᶇ monopoliyé lan ṅlaraṅi dagaᶇ pĕtĕᶇ. éwadéné sanajan dagaᶇ pĕtĕṅiku dilaraṅi baṅĕt kaṇṭi añcamanukumanabot, mĕkṣa saya ndadra, awit ṿ.o.c. ora ṅuṇḍaki blañjané puṅgawané, lan paṅulaké baraᶇ dadagaṅan kĕmurahĕn.
ana rĕkadayané ṿ.o.c. kaᶇ sakawit ndadèkaké kahuntuṅaniᶇ ṿ.o.c. ḍéwé lan baṅsa ƀumi, yahiku ĕṅgoné ṅanakaké wulu wulu liya, kaya ta : nila, lawé, sĕcaᶇ (kaṅgo pulas). kaṅakèḥ baṅĕt pamĕtuné yahiku kopi. g.g. zwahardékron ṅudi baṅĕt maraṅajuniᶇ tanduran kopi mahu (1718-1725).
wiwité ṿ.o.c. dagaᶇ kopi iku mahuné saka rĕmbugé p. van dén browécké, nalika isihana iᶇ mokka (jajahanarab). saya suwé kopi mahu ana iṅéyuropa saya payu. ṿ.o.c. ĕṅgoné kirim kopi wĕton mokka mĕñaṅamstĕrdamiᶇ satahun tahuné ṅanti 300.000 pun. barĕᶇ woᶇ turki ṅĕṅèḷĕṅèl wĕtoniᶇ dagaṅan kopi, ṿ.o.c. nuli ñoba nandur ḍéwé ana iᶇ tanaḥ jawa (1706).
g.g. zwahardékron pṛêjaṅjiyan lan woᶇ ƀumi dikon nandur kopi, pamĕtuné sabĕn sĕḍacin bakal dituku 15 riṅgit. woᶇ ƀumi sĕnĕṅatiné déné pituwasé mèmpĕr, mulané iya saya mĕmpĕᶇ paṅgarapé, tanaḥ jawa saya akèḥ pamĕtuné. naṅiᶇ suwéniᶇ suwé ṿ.o.c. saya sawĕnaᶇ wĕnaᶇ, rĕgané kopi diḍunaké ṅanti 1 ḍacin muᶇ diyajèni 5 riṅgit. woᶇ ƀumi bañjur suda bahé kamĕmpĕṅané, wit kopi akèḥ kaᶇ ditĕgori.
iᶇ tahun 1721 paréntahiᶇ bĕtawi mèḥ bahé kabilahèn, marga saka paṅgawéné piyétérélbérféld, iya iku sawijiniᶇ woᶇ pranakan jérman lan jawa. piyétérélbérféld mahu duwé sĕdya arĕp ṅraman jalaran nalika patiné bapakné sapéraṅaniᶇ warisané dadi mèlikiᶇ paréntaḥ. p. élbérféld bañjur ṅirup bala dibantu woᶇ jawa aran kartadirja, andĕlandĕlé surapati. ana baṅsa mutihan kaᶇ ṅojokojoki woᶇ saraṇa andum jimat. karĕpé élbérféld sakèhiᶇ walanda bakal ditumpĕs, dinané ditĕmtokaké taṅgal 1 januwari 1722. barĕᶇ nduṅkap tumĕkaniᶇ waktuné, paréntaḥ bĕtawi lagi bahé olèḥ warta. élbérféld sakañcané sawatara éṅgal ditukup : sawusé ṅaku bañjur đipatèni siya siya. ĕṇḍasé élbérféld dikĕṭok, ditañjirana iᶇ régolé pakaraṅané ḍéwé, omahé dirombak, pomahané disaṅaraké ora kĕna diyĕṅgoné iᶇ woᶇ. ḍawuhé paréntaḥ katulisiᶇ watu, tumĕkané sahiki isiḥ tĕtĕp mĕṅkono.
bab 13. paṅuya uyané woᶇ bĕtawi maraᶇ cina, lan pĕṅramané woᶇ cina. mas garĕndi didadèkaké ratu ṅĕṇḍiḥ paku ƀuwana ⅱ. 
pambalélané maṅku ƀumi lan r.m. sahid lan pĕcahiᶇ nāgara.
pĕraᶇ bantĕn.
mas garĕndi (wayahé maṅkurat ⅲ) uŧawa sunan kuniᶇ, maṅkurat ⅴ. 
maṅku ƀumi, r.m. sahid. 
1727-1749 paku ƀuwana ⅱ. 
1749-1788 paku ƀuwana ⅲ. 
1725 29 m. dé hahan. 
1637 29 a. valckéniyér. 
1743 50 g. vanimhoff. 
1750 61 j. mossél. 
1755 hamaṅku ƀuwana ⅰ. 
1757 maṅkunāgara.
iᶇ wiwitané abad kaᶇ kapiᶇ 18 iᶇ bĕtawi akèḥ baṅĕt cinané. ora antara suwé woᶇ cina mahu akèḥ siṅaṅguran; iᶇ kuṭa bĕtawi lan wĕwĕṅkoné kĕrĕpana rurusuḥ.

nalika adĕgé kuṭa bĕtawi akèḥ woᶇ cina kaᶇ diboyoṅi saka bantĕn mĕñaᶇ bĕtawi kaṅgo ṅṛêjakaké kuṭa, awit woᶇ cina mahu sṛêgĕp lan pintĕr gagawéyan. sĕsaṅgané diyèṇṭèṅaké, supaya cina liyané paḍa kĕpéṅin gĕlĕm maṅgoniᶇ kono. 
waṣaṇa iᶇ wiwitané abad 18 duga duga iᶇ sajroniᶇ kuṭa bahé ana jiwa cina 60.000 laniᶇ wĕwĕṅkon bĕtawi 40.000. déné kaᶇ dadi paṅupajiwané : nunukaᶇ, adol gula, tèḥ, ṅanti akèḥ kaᶇ bisa dadi sugiḥ. 
éwadéné suwé suwé iᶇ bĕtawi saya akèḥ cina kaṅora duwé paṅgahotan, gawéné muᶇ ṅĕmis, malahora sĕṭiṭik kaᶇ gĕlĕm nindakaké kadurjanan. 
kaᶇ ndadèkaké ora trimané woᶇ cina iya iku :
1. ḍawuhé g.g. van swol (1713 1718) bab rĕganiᶇ tèḥ cina. 
tĕkané cina saka iᶇ nāgarané paḍa nunut prahu kaᶇ momot tèḥ didol maraᶇ ṿ.o.c. barĕᶇ para béwiṇḍébbér rumaṅsa ora pati akèḥ kahuntuṅané ĕṅgoné dagaᶇ tèḥ, g.g. mahu bañjur namtokaké yèn tèḥ wĕton nāgara cina, kaᶇ mahuné diyajèni 60 rupiyahiᶇ saḍaciné, iᶇ sabañjuré bakal dirĕgani 40 rupiyaḥ. tĕmahan nuli ora ana prahu momot tèḥ tĕka iᶇ bĕtawi. saka paṅudiniᶇ g.g. zwahardékron wiwitiᶇ tahun 1722 ana prahu momot tèḥ manèḥ. 
2. iᶇ tahun 1706 wisana aṅgĕr ṅlaraṅi woᶇ cina tĕka iᶇ bĕtawi tanpa paṅgahotan. wiwit tahun 1722 paréntaḥ ḍawuḥ ṅgawa cina kaᶇ tanpa paṅgahotan mĕñaᶇ céylon, baṇḍa uŧawa kahap dé gowédé hop. muᶇ kaᶇ duwé layaᶇ prataṇḍa idiniᶇ préntaḥ, kĕna lĕstari maṅgoniᶇ tanaḥ jawa. éwadéné iᶇ bĕtawi ora ĕntèkĕntèk cinané kaṅaṅguran sarta gawé rurusuḥ.
wuṣaṇa iᶇ tahun 1740 g.g. valckéniyér nĕmtokaké putusan : sakèhiᶇ cina kaᶇ sakira ñumĕlaṅi, sĕnadyan duwé layaᶇ prataṇḍa, kudu dicĕkĕl kalĕbokaké iᶇ kuñjaran, pṛĕlu katitiprikṣa. cina mahu yènora duwé paṅgahotan kudu digawa mĕñaᶇ céylon, diwènèhi pagawéyan ṅgarap kĕbon manis jaṅan.
para puṅgawa kaᶇ nindakaké ḍawuḥ mahu, paḍa golèk kasil; sĕnajan cina sugiḥ paḍa diyañcamarĕp dikirimaké mĕñaᶇ céylon, supaya mĕtu bĕsĕlé. wĕkasan dikabaraké yèn karĕpiᶇ paréntaḥ nĕdya numpĕs cina kabèḥ. cina paḍa sĕrik lan mirisatiné akèḥ kaᶇ luṅa saka kuṭa, klambraṅan gawé rurusuḥ malaḥ ṅanti wani nĕmpuḥ kuṭa.
woᶇ walanda saya giris barĕᶇ kruṅu warta yèn kraman sajabaniᶇ kuṭa sĕkahitan karo kaṅana iᶇ jĕron kuṭa, prataṇḍané déné paḍa taṇḍo gagaman lan ñiṅkiraké anak bojoné; bésuk yènana omaḥ koboᶇ, cina iᶇ jaban kuṭa laniᶇ jĕron kuṭa bakal babarĕṅan nĕmpuḥ. dumadakan sawijiniᶇ dina ana omaḥ koboᶇ tĕmĕnan.
baṅsaniᶇ walanda arahan dibiyantu para matrus sarta saraḍaḍu apadéné woᶇ jawa lan batur tukon bañjur paḍa tumandaᶇ ṅiras malĕsukum maraᶇ paṅrusaké cina. gĕniniṅomaḥ kaᶇ koboᶇ diyubalubal, sakèhiᶇ cina kaṅora bisa oñcat paḍa đipatèni, baraᶇ darbèké dijaraḥ rayaḥ. ṅanti 7 dina suwéné muᶇ maṅkono bahé kahanané. omaḥ kaᶇ koboṅana 600, cina kaᶇ đipatèni kira kira 10.000. 
préntahiᶇ bĕtawi ṅuniṅani paṅrusak kaᶇ ṅgĕgirisi iku naṅiᶇ kèndĕl bahé. para prajurit mèlu gawé rusuhora dilaraṅi. malaḥ nalika lagi ana éra èru iku g.g. valckéniyér ḍawuḥ matèni sakèhiᶇ cina kaṅana iᶇ pakuñjaran. barĕṅiᶇ kuṭa wis rada tĕntṛêm paréntaḥ ṅuṇḍaṅaké paṅapura maraᶇ cina, kaᶇ gĕlĕm masrahaké gagaman. akèḥ kaᶇ gĕlĕm manut, nuli diwènèhi paṅgonaniᶇ jaban kuṭa dadi sakampuᶇ.
cina kaᶇ paḍa oñcat saka bĕtawi lan cina iᶇ liya paṅgonan, ṅumpul dadi baris gĕḍé, ṅĕpuᶇ kuṭa sĕmaraᶇ. sunan paku ƀuwana ⅱ mbiyantu maraᶇ cina, awit digaliḥ cina bakal bisa ṅluṅokaké walanda, lan bañjur ḍawuḥ nĕmpuḥ bètèᶇ walanda iᶇ kartasura. para upsirana iᶇ kono paḍa đipatèni.
iᶇ sawusé woᶇ walanda iᶇ sĕmaraṅolèḥ bantu saka bĕtawi, woᶇ cina kĕplayu. woᶇ madura uga mbiyantu maraᶇ ṿ.o.c. ḍèk samana sunan mataram sumĕlaᶇ yèn bakal tampa piwalĕsé ṿ.o.c. mulané éṅgaḷĕṅgoné minta paṅakṣama. 
para priyaguᶇ jawa kaᶇ sĕṅit maraᶇ walanda lĕstari mbiyantu cina, dadi muṅsuḥ ratuné ḍéwé. kartasura ditĕmpuḥ, paku ƀuwana ⅱ kèṅsĕr. bañjur radèn mas garĕndi, wayahé sunan mas kajumĕnĕṅaké ratu, ajujuluk maṅkurat ⅴ, naṅiᶇ katĕlahé sinĕbut sunan kuniᶇ.
paréntaḥ bĕtawi nuli ṅlakokaké bala mĕñaᶇ kartasura. kĕbĕnĕran déné kraman jawa ĕcraḥ lan kraman cina, dadi gampaṅĕṅgoné nuṅkulaké. mas garĕndi dibuwaᶇ. kratoné paku ƀuwana ⅱ bañjur diyĕliḥ mĕñaᶇ déśa sala, kaᶇ nuli dijĕnĕṅaké surakarta adiniṅrat. pulo madura lan tanaḥ jawa pasisir lor bañjur dipasrahaké maraᶇ ṿ.o.c.
surasané prajaṅjiyaniᶇ tahun 1743 maṅkéné : sunan paku ƀuwana ṅakĕni yènĕṅgoné lĕstari ṅṛêṅgani kapraƀoniku muᶇ saka kawĕlasané ṿ.o.c.
barĕᶇ cakraniṅratiᶇ madura tampa ḍawuḥ yèn nāgarané dipasrahaké maraᶇ ṿ.o.c., baṅĕtiᶇ pambaṅkaṅé, malaḥ ṅĕjègi tanaḥ madura sisiḥ kulon, lan tlataḥ tlatahiᶇ tanaḥ jawa wétan. tĕmahan dipĕraṅi iᶇ ṿ.o.c. ora lawas cakraniṅrat kĕcĕkĕl, dibuwaᶇ mĕñaᶇ kahap dé gowédé hop. putrané diyaṅkat ƀupati déniᶇ ṿ.o.c. ṅĕrèḥ madura kaᶇ kulon. 
tanaḥ wĕwĕṅkoniᶇ bĕtawi nalika ana kraman baṅĕt karusakan. ḍèk sĕmana kaᶇ jumĕnĕᶇ gowuvérnéyur générahal baron vanimhoff (1743 1750) iya iku priyaguᶇ kaᶇ sṛêgĕp lan cakĕpiᶇ gawé. saka pĕṅudiné vanimhoff tanahé bisa rada rĕja manèḥ. 
nalika tahun 1744 vanimhoff pĕprikṣa mĕñaᶇ wĕwĕṅkoniᶇ bĕtawi ṅanti tĕkaniᶇ pagunuṅan. sawusiᶇ pĕprikṣa, kĕṙṣané g.g. vanimhoff, tanaḥ tanaḥ kaᶇ bĕra arĕp diséwakaké uŧawa digaḍèkaké, karĕbèn mĕtu kasilé. woᶇ kaᶇ ṅgaḍé uŧawa ñéwa tanaḥ bakalolèḥ wĕwĕnaᶇ sarta paṅayoman saka paréntaḥ, naṅiᶇ wulu wĕtuné kudu didol maraᶇ ṿ.o.c., rĕgané ditĕmtokaké iᶇ paréntaḥ. vanimhoff ḍéwé nulaḍani, mbukak tanahiᶇ sukuné gunuᶇ salak, sarta ana iᶇ kono ṅĕdĕgaké pasaṅgrahan dijĕnĕṅi buwiténzorg (1744). para béwiṇḍébbér nuli nĕtĕpaké yèn buwiténzorg katĕtĕpaké dadi pasaṅgrahané para gowuvérnéyur générahal. kĕjaba saka iku vanimhoff nĕkakaké woᶇ saka nāgara walanda kaᶇ pañcèn baku tani.
bañjur pranatan kaᶇ ndadèkaké kapitunané woᶇ jawa disuwak, yahiku yèn pamĕtuné kĕbon kopi kakéhan, kĕbon mahu dibabadi amrihuṇḍakiᶇ rĕgané kopi. tindak mĕṅkono iku dilaraṅi, nuli g.g. vanimhoff nĕmtokaké kèḥ saṭiṭikiᶇ kopi kaᶇ dadi ladèn maraᶇ ṿ.o.c. 
vanimhoff sawisé ñjajaḥ tanaḥ jawa tĕṅaḥ sarta wétan, nuli ṅaraᶇ layaᶇ palapuran kaᶇ mahédahi baṅĕtiṅatasé paréntaḥ. 
iᶇ ṅisoriki kacarita bab praᶇ lan riribĕdé ṿ.o.c. sarta mataram kaᶇ marga saka kuraᶇ wéwékané tindaké vanimhoff. 
nalika g.g. vanimhoff ana iᶇ surakarta iᶇ wĕktu sĕmono paṅéran maṅku ƀumi lagi sĕsĕrikan karo kaᶇ raka kaṅjĕᶇ sunan. saka kaṙṣané vanimhoff arĕp ṅéliṅaké maraᶇ saᶇ paṅéran ṅanti kĕwĕtu sĕrĕṅé ana iᶇ pasamuwan, andadèkaké baṅĕt sĕriké paṅéran maṅku ƀumi, awit rumaṅsa bĕnĕr, kok malaḥ disṛêṅĕni. iᶇ sahunduré saka pasamuwan saᶇ paṅéran trus lolos saka nāgara, ṅimpun bala sarta bañjur gaṇḍèᶇ karo radèn mas sahid, kaṅiᶇ wĕktu iku wis madĕg kraman. priyaguᶇ sĕkaroné wis sĕkuṭu ṅraman maraᶇ sunan paku ƀuwana ⅱ. iᶇ tahun 1749 kraman suruᶇ kĕna disirĕp, bañjur kaṅjĕᶇ sunan séda, iku saya andadèkaké kisruhiᶇ nāgara. 
nalika paku ƀuwana ⅱ isiḥ gĕraḥ, van hogéndorp, gowuvérnéyuriᶇ pasisir lor, ditimbali, diṅĕndikani baborĕgiᶇ nāgara. dadiniᶇ rĕmbug karajan surakarta dipasrahaké babarpisan maraᶇ ṿ.o.c. dadi iᶇ satĕmĕné wiwit tahun 1749 para ratu jawa wis‍ora kaguṅan ƀumi. sanajan saka kaṙṣané kaᶇ rama paṅéranađipati anom wis‍ora duwé wĕnaᶇ maraᶇ karajan surakarta, naṅiᶇ saᶇ paṅéran mĕkṣa kajumĕnĕṅaké nata déniᶇ van hogéndorp, muᶇ bahé ĕṅgoné jumĕnĕᶇ mĕṅku nāgara dumunuṅaṅgaḍuḥ. 
para priyaguṅiᶇ surakarta akèḥ kaṅora lila iṅati barĕᶇ kruṅu yèn tanaḥ surakarta dadi darbèkiᶇ ṿ.o.c., bañjur paḍa mbalik ṅiloni paṅéran maṅku ƀumi. 
saduruṅé p. ađipati anom jumĕnĕᶇ paku ƀuwana ⅲ, maṅku ƀumi wis ṅaku jumĕnĕᶇ ratu ana iᶇ banaran. 
sarèḥné p. maṅku ƀumi kumpul lan r.m. sahid, dadi santosa baṅĕt, ṅanti bisa ṅĕlun luwiḥ saparoné mataram. paku ƀuwana ⅲ ora kaguṅan wragad sarta prajuritora bisa lumawan pĕraᶇ, dadi anané muᶇ maṅsa boḍowa maraᶇ ṿ.o.c. pĕraṅé kraman lan compagniyé gĕnti uṅgul gĕnti kasoran, wuṣaṇa iᶇ tahun 1751 p. maṅku ƀumi bisa ṅalahaké pṛêjurit compagniyé iᶇ sacĕḍaké kali bagawanta. dé clérq sénapatiniᶇ praᶇ kĕpupu iᶇ ṅadilaga. saᶇ paṅéran bañjur ṅlakokaké bala mĕṅalor nĕlukaké pĕkaloṅan malaḥ mèḥ ṅlojok jajahan compagniyé. 
paréntahiᶇ bĕtawi sumĕlaᶇ baṅĕt, nuli ñantosani prajurit, waṣaṇa maṅku ƀumi kĕpĕkṣa mundur, mubĕtana iᶇ wĕwĕṅkon mataram. 
ora antara lawas p. maṅku ƀumi ĕcraḥ lan r.m. sahid ṅanti paḍa pĕpĕraṅan ḍéwékan, awit r.m. sahid duwé pamélikarĕp jumĕnĕᶇ sunan ḍéwé.
prakara iku kaᶇ ndadèkaké kamayarané ṿ.o.c. éwadéné paréntahiya mĕkṣa rada wĕgah; uŧawa manèḥ sarèḥné ṅéman rusakiᶇ nāgara lan woᶇ cilik, mulané g.g. mossél rujuk lan karĕpé van hogéndorp, para paṅgĕḍéniᶇ kramanarĕp dirukun bahé, dicuwilaké tanaḥ mataram. iᶇ tahun 1754 g.g. mossél tindak mĕñaᶇ sĕmaraᶇ rĕrĕmbagan lan kaṅjĕᶇ sunan, iᶇ babĕṅgoné arĕp méraᶇ karajan mataram. paku ƀuwana manut bahé, awitora ana kaᶇ diyĕndĕlaké. 
kĕlakon van hogéndorp bisa rĕmbugan lan priyaguᶇ sĕkaroné kaᶇ ṅraman, naṅiṅora kĕdadéyan. kaᶇ gumanti gowuvérnéyur hartiṅiku bisa aṅon maṅsa. sarèḥné maṅku ƀumi lan r.m. sahid tansaḥ mumuṅsuhan, maṅka r.m. sahid kĕgĕḍèn pañjaluk, mulané tumrapé hartiᶇ gampaᶇ bahé ĕṅgoné bĕḍami karo maṅku ƀumi. 
iᶇ tahun 1755 saᶇ paṅéran maṅku ƀumi bĕḍami lan compagniyé sarta kaṅjĕᶇ sunanana iᶇ giyanti. putusiᶇ bĕḍami saᶇ paṅéran kajumĕnĕṅaké ratu ṅĕrèḥ saparoniᶇ karajan mataram, naṅiᶇ kudu nĕtĕpi prajaṅjiyané karo compagniyé. saᶇ paṅéran maṅku ƀumi bañjurakaḍatoniᶇ ṅayogyakarta adiniṅrat jujuluk sultan hamaṅku ƀuwana ⅰ, sénapati iᶇ ṅalaga abdulrahman sayidin panatagama kalipattullaḥ.
wiyosané malĕm rĕbo pon kapiᶇ 27 ruwaḥ wawu windu sĕṅara tahun 1641 sinĕṅkalan"janma karya wayaṅaniᶇ rat," uŧawa kapiᶇ lima malĕm 6 agustus 1717.
muṅguḥ luhuriᶇ paṅgalihané saᶇ praƀu dicritakaké iᶇ layaᶇ rājaputra, mĕṅkéné :
(sinom) brataniᶇ galiḥ saᶇ nāŧa | tansaholaḥ jayèᶇ jurit | atiti prana niskara | surambĕg putus mikat siḥ | muja suraniᶇ dasiḥ | pinriḥ samya gṛêgĕtipun | śūra asmarèᶇ laga | mĕmĕṭèk kaᶇ wus wiradi | sinakayun dinadar ƀoga būṣaṇa.♕ sinukṣma guᶇ balatantra | paṅlĕmbananira ṅĕntiᶇ | koṅasiᶇ prabawa nata | murba prabaniᶇ mamanis | mawĕnĕsiᶇ prajasri | asri rasaniᶇ rumarum | sumiram martèᶇ wadya | warata èṣṭiniᶇ dasiḥ | sraḥ susĕtya réna lir maṅgiḥ suwarga.♕ warga guᶇ gambira samya | sumyak téjaniᶇ nayadi | adiniᶇ kawirotaman | tumamèᶇ karya narpati | kétaᶇ siḥńya saṅaji | lumraḥ kaᶇ bala wadya guᶇ | galakiᶇ paraṅmuka | tanahiᶇ liyan nagari | myaṅiᶇ mañca kĕkĕs samya mèstudéya.♕ iᶇ layaᶇ rājaputra kono uga ñĕbutaké kṛêsanané saᶇ praƀu : ḍahar sĕga pulĕn waṅi, jaṅan loñcom tanpa santĕn, bubuk ḍĕlé lan tĕmpé gĕḍé ginorèᶇ. kaᶇ minaṅka ḍaharan (paṅanan) : kĕtanĕntènĕntèn, lĕmpĕriwak pitik, kĕtan kolak gĕḍaᶇ rāja. 
dadi muᶇ sarwa gampaᶇ tur muraḥ naṅiᶇ mirasa.
tanaḥ wĕwĕṅkoniᶇ praja kasunanan lan kasultanan ḍèk sĕmana ora dadi siji kaya sahiki; jalaran lĕmaḥ lĕṅgahé priyayi iᶇ surakarta lan ṅayogyakarta paḍa patiᶇ plĕñcat lanora silaḥ. wĕwĕṅkoniᶇ karajan karo karoné kĕna kabédakaké dadi tĕluᶇ warna : 
1. nāgara yahiku kuṭa karajan; 2. nāgara guᶇ, tanaḥ sakiwatĕṅĕné nāgara lan 3. mañcanāgara. kaṅgo lumraḥ lĕmaḥ luṅguhé para puṅgawa iku ana iᶇ nāgara guᶇ, ana siji loro kaṅana iᶇ mañcanāgara. 
tanaḥ mañcanāgara mahu dipĕṅgĕḍèni ƀupati kaᶇ bañjur kĕna saṅgan pajĕg maraᶇ saᶇ praƀu. barĕᶇ kaƀupatèn kaƀupatènurut pasisir kalilakaké maraᶇ kumpĕni, ṅaṅgo dījoli pajĕg pabandaran (strandgéldén), tanaḥ kĕjawan muᶇ kari :
i. kuṭa surakarta lan ṅayogyakarta, ⅱ. nāgara guṅiya iku : 
1. mataram = ṅayogyakarta, 2. pajaᶇ = surakarta sisiḥ kidul kulon, 3. sukawati = surakarta sisiḥ lor kulon lan ⅲ. mañcanāgara, yahiku bañumas, mĕdiyun, kĕḍiri, japan = surabaya sisiḥ kidul kulon, jipaᶇ = rĕmbaᶇ sisiḥ kidul wétan, grobogan lan tanaḥ cilik cilik sawatara.
muriḥ ḍamaṅé silahiᶇ tanaḥ kĕjawan karoné diwujudaké gambar, kamotiᶇ buku klĕpu, paṅgawéné ana iᶇ déśa klĕpu ḍèk taṅgal 26 sèptèmbĕr 1757, naṅiᶇ buku iku ilaᶇ, mulané bañjur ndadak gawé manèhana iᶇ sĕmaraᶇ (2 novèmbĕr 1773). kamotiᶇ layaᶇ kaᶇ dijĕnĕṅaké"sémaraṅśché léggér". 
sajroné papréntahané sultan swarga, ṅayogyakarta dadi karta raharja, ṅanti karusakané nalika papraṅan wis pulihora ana labĕté. tumĕkaniᶇ séda, sinuwun hamĕṅku ƀuwana ⅰ lĕstari bĕcik karo kumpĕni. baṅsa jawa ṅluhuraké baṅĕt karo pañjĕnĕṅané lan ṅalĕm maraᶇ kasĕtyan lan kasudirané, naṅiᶇ marga sugĕṅé iku kĕrĕp ṅṛêkahosiᶇ galiḥ, bañjur rada nĕmahi watĕk braṅasan sĕṭiṭik. kĕrĕp baṅĕt pradondi prakara watĕs karo karaton surakarta. déné lĕrĕmé marga ananiᶇ watĕsañariᶇ tahun 1773. taṅkĕbé karo paṅéran maṅkunāgara, yahiku putrané mantu, rada kuraᶇ bĕcik. luwiḥ luwiḥ wiwit tahun 1763 saploké kaṅjĕᶇ sultan miṇḍahaké putrané (kaṅjĕᶇ ratu bĕndara) karo kaṅjĕᶇ paṅéran. bañjur kĕrĕp baṅĕt paḍa ĕjègiṅĕjégan rĕbutan bawaḥ ṅanti aṅèl pisaḥ pisahané, marga pṛêkara ĕṅgoné paḍa pasrahan puṅgawa kaᶇ paḍa alihan bĕndara, bañjur paḍa pĕraᶇ manèḥ. kĕjaba iku pagnéran maṅkunāgara ora sagĕd ṅapura maraᶇ sultan hamĕṅku ƀuwana ⅰ marga garwané dipuṇḍut bali mahu. déné kaṅjĕᶇ sultan ndakwa, yèn paṅéran maṅkunāgara gawé rusuhana iᶇ bawaḥ kasultanan. kaṅjĕᶇ susuhunaniᶇ surakarta ṅéloni paṅéran maṅkunāgara. pĕraṅé iku ṅanti tĕkan tahun 1777. wiwit tahuniku taṅkĕpé sultan swarga maraᶇ kaṅjĕᶇ sunan lan paṅéran maṅkunāgara katon bĕcik. 
kacarita r.m. sahidisiḥ mbañjuraké pĕraṅé, naṅiᶇ suwé suwé ora bisa lawan, awit dibut prajurit ṿ.o.c. lan balané sultan hamĕṅku ƀuwana. 
barĕᶇ kĕpèpèt, iᶇ tahun 1757 gĕlĕm bĕḍami ana iᶇ salatiga; r.m. sahid kacuwilaké karajan surakarta, kajumĕnĕṅaké paṅéranađipati, jujuluk maṅkunāgara, ṅĕrèḥ tanaḥ kĕduwaᶇ lan wanagiri, naṅiṅiya ṅaṅgo pṛêjaṅji mbaṅun miturut maraᶇ ṿ.o.c. 
nalika ṿ.o.c. lagi nĕṅaḥ nĕṅahi pĕraᶇ lan kraman surakarta, yahiku iᶇ tahun 1750, iᶇ bantĕnana kramanuga; muṅguḥ kaᶇ dadi jalarané maṅkéné. wiwitiᶇ tahun 1733 kaᶇ jumĕnĕṅiᶇ bantĕn zéyinu'larifin. iku paṅgalihané ora kukuḥ, ṅanti kĕna diyĕpakiᶇ garwané traharab, asma sarifaḥ fatimaḥ. karĕpé fatimaharĕp mikolèhaké kaponakané asma sarif abdu'llaḥ, kaᶇ wus kapuṇḍut mantu sarta kahaṅkat paṅéran déniᶇ sultan zéyinu'larifin. nadyan wus katĕmtokaké mawa kasakṣénaniᶇ compagniyé, yèn kaᶇ kawĕnaṅaké gumanti jumĕnĕᶇ ratu, putrané kaṅjĕᶇ sultan kaᶇ wus kahaṅkat paṅéran gusti, éwadéné sarifaḥ fatimahora gumiṅsir. saka paṅojokojok lan wawadulé fatimaḥ, sultaniᶇ bantĕn ṅanti kalimput, duwé pañjaluk maraᶇ vanimhoff supaya sarif abdu'llaḥ kĕnowa kajumĕnĕṅaké ađipati anom, déné paṅéran gusti bakal kalorod. 
barĕᶇ paṅéran gusti kruṅu pawarta kaᶇ mĕṅkono iku, éṅgaléṅgal ñuwun paṅéyuban mĕñaᶇ bĕtawi. sakiᶇ pintĕré fatimaḥ lan sumĕlaṅé ṿ.o.c. bokmanawa bakal kĕpĕkṣa pĕraṅan manèḥ yènora nurutana kaṙṣané sultan bantĕn lan fatimaḥ, muriḥ katĕntṛêmaniᶇ nāgara saᶇ paṅéran gusti disiṅkiraké mĕñaᶇ céylon. 
lĕt satahun sultan bantĕn kaya kaya gĕrahèṅĕtan, sarifaḥ fatimahagé agé mitĕmbuᶇ maraᶇ vanimhoff, supaya ṅlèrèhana k. sultan. g.g. vanimhoff mituruti, sultan bantĕn bañjur dikéṇḍaᶇ dibuwaᶇ mĕñaṅambon, ora lawas séda ana iᶇ kono. 
sakéṇḍaṅé sultaniᶇ bantĕn, kaᶇ ṅĕrèḥ nāgara fatimaḥ kabantu iᶇ sarif abdu'llaḥ. sarèḥné paṅrèhé sawĕnaᶇ wĕnaᶇ, tur woᶇ bantĕn kaᶇ dipaṅgĕḍèni ki tapa lan ratu bagus, ĕmoḥ diratoni iᶇ priyaguᶇ kaᶇ dudu daraḥ bantĕn, dadi ora suwé bañjurana kraman. compagniyé tutuluᶇ ṅuruni pṛêjurit, naṅiᶇ kalaḥ, awit kraman pañcèn santosa. 
nalika nĕḍĕᶇ nĕḍĕṅé gégér gégéraniᶇ bantĕniku g.g. vanimhoff séda. saka pamaṅgihé g.g. mossél, sarifaḥ fatimahuŧawa sarif abdu'llaḥ pañcènora nduwèni wajib jumĕnĕᶇ ratu, mulané paṅéran gusti bakal dikunduraké dibiyantoni ṿ.o.c. bisané jumĕnĕᶇ sultan. iᶇ tahun 1750 fatimaḥ lan sarif abdu'llaḥ kĕcĕkĕl kabèḥ sarta bañjur paḍa dikéṇḍaᶇ.
paṅéranarya adi santika, kaᶇ rayi sultan zéyinu'larifin katĕtĕpaké dadi sultan, ajujuluk : abu'l mahali mohamad waśiyu'l halimin, naṅiᶇ nalika jumĕnĕṅiku ṅaṅgo prajañjiyan yènĕṅgoné jumĕnĕᶇ muᶇ ṅgaḍuḥ, malaḥ tanaḥ lampuᶇ bañjur dadi darbèkiᶇ ṿ.o.c. 
prakara iku isiḥ ndadèkaké kraman manèḥ : ki tapa lan sagoloṅané woᶇ bantĕn, kaṅora gĕlĕm rujuk lan woᶇ walanda, ora narimakaké. paṅéran bagus buwaᶇ diyaṅkat jumĕnĕᶇ ratu, mĕraṅi arya adi santika, paṅéran gusti lan ṿ.o.c., naṅiᶇ suwé suwé ki tapa kalaḥ. 
iᶇ tahun 1753 iᶇ bantĕn wis tĕntṛêm. paṅéranarya adi santika sèlèḥ kĕpraƀon maraᶇ paṅéran gusti kaᶇ bañjurajujulukabu'n natsar mohamadarif zéyinu'laśékin. ratu añariku nalika jumĕnĕṅé iya ṅaṅgo ṅañaraké prajaṅji kayadéné prajaṅjiyané sultanadi santika lan ṿ.o.c. 
bab 14. kahanané ṿ.o.c. ṅarĕpaké ambruké 1757 1800. iᶇ sasirĕpé kraman mataram lan bantĕn, iᶇ tanaḥ jawa tĕntṛêm, kaṅisihorĕg muṅiᶇ blambaṅan, marga saka paṅgawéné woṅiᶇ bali lan turuné surapati. sarèḥné iᶇ wĕktu iku wuṣaṇa woṅiṅgris kaᶇ dadagaṅaniᶇ kono, ṿ.o.c. sumĕlaᶇ yèn tanaḥ baᶇ wétan bakal dirukun, mulané bañjur ṅlurugaké bala mrono. wiwitiᶇ tahun 1772 orĕgiᶇ blambaṅan wis sirĕp.

dadi satanaḥ jawa iᶇ jamaniku wis kĕlakon kawĕṅku iᶇ compagniyé kabèḥ. ṿ.o.c. jumĕnĕᶇ maharaja, sakèhiᶇ muṅsuhé paḍa dipuṇṭĕs, kira kira wis‍ora bakal mbaƀayani, ora abot saṅgané. naṅiᶇ muṅguḥ sraṇané kaᶇ kaṅgo muṇṭĕsiku iᶇ jaman wĕkas wĕkasan wis dudu kasantosaniᶇ wadyabala ṭok, uga ṅaṅgo akal kajuligan, mrataṇḍani yèn ṿ.o.c. ĕntèk kakuwatané, kaya kaᶇ dicritakaké iᶇ ṅisoriki. 
sabakdané jaman pĕpĕraṅaniᶇ tanaḥ jawa, saya suwé saya katon yèn compagniyé bakalambruk. g.g. mossél (1750-1761) lan van dér parra (1761-1775), apadéné para g.g. kaᶇ paḍa gumanti yahiku van riyémsdijk (1775-1777), dé klérk (1777-1780) paḍa mbudidaya ṅĕntèkaké akal, muriḥ tulusé ṿ.o.c., naṅiᶇ ṅṛêkasané tanpa pituwas, compagniyé wis‍ora kĕna digéṇḍoli. 
nalika sĕmana iᶇ tanaḥ jawa malaḥ wiwit tĕntṛêm, awit wis‍ora ana pĕpĕraṅan, sarta compagniyé tansaḥ ṅlĕstarèkaké bisané tansaḥ mimitran karo kaṅjĕᶇ sunan lan kaṅjĕᶇ sultan. kaṅiku ṿ.o.c. suṭik cawé cawé iᶇ bab papréntahaniᶇ kĕjawan. sanajan tindaké para ratu jawa kĕrĕp ndadèkaké kapitunané woᶇ cilik, naṅiᶇ compagniyé trima mĕnĕᶇ, awit pañcènora ṅṛêmbug maraᶇ bĕgja cilakané woᶇ ƀumi. yèn kaḍaṅkala surakarta lan ṅayogyakarta paḍa gèsrèk prakara watĕsiᶇ nāgara, ṿ.o.c. iya ora gĕlĕm mèlu mèlu. 
jajahané iᶇ sajabané tanaḥ jawa iᶇ wĕktu iku ṿ.o.c. iya ora pati bisa ṅṛêmbug, waṣaṇa suda kuwaśané. ana iṅiṇḍu ṅarĕp kuwaśané woṅiṅgris saya gĕḍé. malahana iᶇ bĕṅgala kuwaśané ṅuṅkuli ṿ.o.c. 
kĕrĕp bahé woᶇ walanda lan woṅiṅgrisana iᶇ kono paḍa gṛêjĕgan, malaḥ tĕrkaḍaᶇ ṅanti dadi pĕraᶇ. sarèḥné ṿ.o.c. kalaḥ kuwaśa, waṣaṇa kantor kantoré iᶇ bĕṅgala kudu ṅaṅgo diyawatawati iᶇ woṅiṅgris. 
ana iᶇ céylon ṿ.o.c. kĕrĕp sulaya karo rāja iᶇ kaṇḍi prakara padagaṅan manis jaṅan lan pandumaniᶇ babaṭèn, naṅiᶇ rahayu isiḥ bisa tĕrus paṅuwasané. ana iᶇ pèṙṣi ṿ.o.c. ora bisa tĕrus dadagaṅan. padagaṅaniᶇ sumatra pasisir kulon lan wétanora bisa ṅolèhaké kahuntuṅan kaᶇ mèmpĕr maraᶇ ṿ.o.c., samono uga padagaṅaniᶇ bornéyo. ana iᶇ kapulowan moloko ṿ.o.c. iya isiḥ lĕstari olèḥ dagaṅan bumbon crakèn, naṅiᶇ saya katon yèn suda suda. 
sarèḥné compagniyé kaya maṅkono kahanané, ora lawas maṣṭi bakalambruk. kĕbarĕṅan tanaḥ walanda bañjur pĕraᶇ laniṅgris, iku kaᶇ ñĕṅkakaké ambruké ṿ.o.c., awit ṿ.o.c. wis‍ora bisa ṅukuhi jajahaniṅasiya, marga saka kuraṅiᶇ prajurit, maṅka ora bisa olèḥ bantu saka nāgara walanda. kantor kantoriṅiṇḍu ṅarĕp tiba iᶇ taṅané woṅiṅgris. jajahaniᶇ sumatra pasisir wétan lan kulon kĕna dirĕbutora ṅaṅgo bisa lawan. 
kahanané ṿ.o.c. iᶇ nāgara walanda luwiḥ rĕkasa tinimbaṅiᶇ tanahiṇḍiya. prahu prahu kaᶇ saka iṇḍiya akèḥ kaᶇ paḍa dirampas déniᶇ woṅiṅgris. sakiᶇ kĕkĕsiṅati ṅanti ora ana prahu dagaᶇ kaᶇ wani miṅsĕd saka pĕlabuhan. dadi laku dagaᶇ maṇḍĕg babarpisan. iᶇ bĕtawi ora ana prahu tĕka aṅgawa prajurit, gagamanuŧawa ḍuwit, uŧawa ñjupuk dagaṅan, ṅanti sakèhiᶇ guḍaᶇ guḍaᶇ paḍa kĕbak taṇḍon, sakiᶇ suwéné ana iᶇ simpĕnan ṅanti paḍa bubruk, mulané yènana prahu saka nāgara liya kaᶇ gĕlĕm kulak dagaṅan muraḥ murahan bahé, paréntahiᶇ bĕtawi wis rumaṅsa buṅaḥ. 
ṅanti tĕluᶇ tahun lawasé tanahiṇḍiya ĕṅgoné karibĕdan maṅkono iku, waṣaṇa iᶇ tahun 1784 pĕraṅé nāgara walanda lèrèn. miturut prajaṅjiyané bĕḍami : compagniyé ora kĕna mbañjuraké bĕḍami monopoliyé iᶇ tanahiṇḍu, woṅiṅgris‍ora kĕna dilaraṅi ĕṅgoné dagaᶇ layarana iᶇ kono. 
iᶇ sabakdané pĕraᶇ ṿ.o.c. saya katon ṅṛêkasané, iᶇ tahun 1791 kĕcupĕtan 96 yuta, maṅka arĕp golèkutaṅan wis‍ora ana kaᶇ ṅĕndĕl. 
maṅkana iku kahanané ṿ.o.c. nalika nāgara walanda lagi jaman dahuru, wiwit tahun 1795 nāgara walanda bañjur kĕcĕkĕliᶇ para kramaniᶇ frankrijk, maṅka nāgara frankrijk muṅsuhan karo iṅgris. awit saka iku tanaḥ walanda iya mèlu muṅsuhan karo nāgara iṅgris. 
kacarita willém ⅴ, staḍowudériᶇ tanaḥ walanda in sajroniᶇ jaman dahuru mahu sumiṅkir mĕñaᶇ tanahiṅgris. déné ṿ.o.c. saka panĕmuné willém ⅴ luwiḥ bĕcik dititipna ḍisik mĕñaᶇ woṅiṅgris supaya aja kĕcĕkĕliᶇ para kraman walanda, awit yèn wis kĕcĕkĕliᶇ para kraman bisa uga dirĕbutiᶇ krajaniṅgris (layaᶇ saka kéw.), naṅiᶇ panimbaṅiku ora digugu, mulané ṿ.o.c. sida dipĕraṅi karajaniṅgris. 
wiwit tahun 1796 jajahané ṿ.o.c. mèḥ kabèḥ, kĕjaba tanaḥ jawa lan tĕrnaté, klakon dirĕbutiṅgris. 
waṣaṇa iᶇ tahun 1799 ṿ.o.c. ambruk, dibubaraké, baraᶇ darbèké diliyĕriᶇ paréntaḥ walanda kaᶇ lagi tĕtĕpañar.
péraṅan kaᶇ katĕlu. babad jawa wiwitambruké ṿ.o.c. tumĕka sapréné. 1800-1928.

bab 1. tanahiṇḍiya wiwitadĕgé batahafśché républiyék tumĕkané jaman dahéndéls. jumĕnĕṅé g.g. ovéṙṣtratén (1796) 1800-1801, sibérg, wiyésé lan dahéndéls 1808-1811.
iᶇ sahambruké ṿ.o.c., tanahiṇḍiya kacĕkĕliᶇ paréntaḥ praja walanda (batahafśché républiyék), naṅiᶇ muṅguḥ pranatané pĕpréntahan wiwitané ora owaḥ, sakèhiᶇ puṅgawa dilĕstarèkaké paṅkaté lawas, muᶇ bahé salin bĕndarané, yahiku paréntaḥ praja walanda. 
iᶇ jamaniku paréntaḥ walanda duwé karĕp mbĕcikaké paṅrèhiᶇ tanahiṇḍiya; naṅiᶇ muṅguhiᶇ rékané isiḥ rĕkasa, awitiᶇ batahafśché républiyék panĕmuné para pintĕr gèsèḥ gèsèḥ. ana sarjana loro mahuné paḍa déné paṅgĕḍéniᶇ compagniyé, naṅiᶇ karĕpé malaḥ kosokbalèn. siᶇ siji, kaṅaran mr. nédérburgḥ, mahuné commissaris générahal, karĕpé ṅlĕstarèkaké monopoliyé lan pranatané ṿ.o.c. liyané, puṅgawaniᶇ nāgara uga ṅiras dadi sudagar. sijiné aran van hogéndorp kaᶇ mahuné dadi gézaǥébbériᶇ tanaḥ jawa wétan, duwé karĕp misahaké pĕpréntahan karo dagaᶇ lan manèḥ nĕja ñuwak monopoliyé. sĕsaṅgan pĕkṣan lan gugur gunuṅarĕp dīlaṅaké. van hogéndorpuga baṅĕt pañuwuné maraᶇ paréntaḥ walanda, supaya pĕpréntahaniᶇ tanahiṇḍiya bisa bĕcik, paṅadilan bisowa sabĕnĕré, apadéné supaya woᶇ pri ƀumi dipariṅana lĕmaḥ ḍéwé ḍéwé (individuwél grondbézit). 
paréntaḥ walanda bañjur ṅanakaké commissiyé, kaᶇ dipataḥ gawé rañcaṅan muṅguhiᶇ pĕpréntahan tanahiṇḍiya. 
waṣaṇa iᶇ tahun 1805 panĕmuné van hogéndorp diyaṅgĕpiᶇ paréntaḥ walanda. muᶇ bahé woᶇ kaᶇ diyutus supaya anindakaké pĕpréntahan mahu, ora bisa tĕkaniᶇ tanahiṇḍiya, nuli diḍawuhi muliḥ, awit kĕtuṅka owahiᶇ pĕpréntahaniᶇ tanaḥ walanda. 
kacarita iᶇ tanaḥ walanda wiwit tahun 1806 batahafśché républiyék salin dadi karajan, kaᶇ jumĕnĕᶇ ratu lodéwijk napoléyon, saḍèrèké kéyizér napoléyoniᶇ frankrijk. maṅka saᶇ kéyizér baṅĕt sumĕlaṅé yèn tanahiṇḍiya bakal dirĕbutiᶇ karajaniṅgris, mulané lodéwijk napoléyon kĕpĕkṣa nĕtĕpaké gowuvérnéyur générahal kaṅawatak sénapati, miturut ḍawuhé kéyizér napoléyon. kaᶇ dipiliḥ mr. ḥ. dahéndéls. 
muṅguḥ kahanané tanahiṇḍiya iᶇ nalika iku kalĕbu raharja. g.g. vanovéṙṣtratén rumĕkṣa baṅĕt maraᶇ tanaḥ jawa, bĕtawi disantosani. klakon woṅiṅgris nĕmpuḥ bĕtawi naṅiᶇ kĕna dibalèkaké. lakuniᶇ tatanèniᶇ tanaḥ jawa sĕmpulur; kaṅakèḥ pamĕtu kopi lan tĕbu. 
sarèḥné isiḥ nĕṅaḥ nĕṅahi jaman pĕraᶇ dadi wulu wĕtuné tanaḥ jawa, yahiku : kopi, gula, kapas lan sapituruté. ora kĕna dikirimaké mĕñaᶇ nāgara walanda, naṅiᶇ malaḥ kĕbĕnĕran, awit dagaṅan tanaḥ jawa bañjur dikulak baṅsa liya (dénémarkén, amérika) ana iᶇ tanahiṇḍiya kéné, dadi siᶇ paḍa baṭi para sudagariᶇ tanahiṇḍiya ḍéwé, dudu sudagariᶇ nāgara walanda. 
taṅgal 1 januwari 1808, g.g. dahéndéls rawuhiᶇ tanaḥ jawa. miturutuniniᶇ kakañciṅané gowuvérnéyur générahal kabawaḥ maraᶇ ministér van koloniën, naṅiᶇ sarèḥné lagi nĕṅaḥ nĕṅahi pĕraᶇ, lan tanaḥ jawa tansaḥ diṅaṅlaṅi woṅiṅgris, dadi g.g. dahéndéls prasasat madĕg ḍéwé. sanajan gowuvérnéyur générahaliku mĕṣṭiné kudu ṅaṅgo rĕmbugé rahad vaniṇḍiyé, naṅiᶇ yèn prakara pĕraᶇ, g.g. dahéndéls‍ora gĕlĕm tarèn maraᶇ rahad vaniṇḍiyé, kaᶇ digugu muᶇ karĕpé ḍéwé, malaḥ dalasan prakara papréntahan, apa siᶇ dikarĕpaké, iya kudu klakon, dadi paṅuwasané prasasat tanpa waṅĕnan. 
sakiᶇ kĕñcĕṅiᶇ kakarĕpan lan kawicakṣanané, sajroné dadi gowuvérnéyur générahaliᶇ dalĕm 3 tahun, wisakèḥ lalabuhané, muᶇ kuciwané sok kuraᶇ wĕlasan. 
iᶇ sajumĕnĕṅé dahéndélséṅgal mṛĕlokaké panaṅgulaṅiᶇ muṅsuhana iᶇ tanaḥ jawa. 
kèhiᶇ prajurit diyuṇḍaki sarta diyajari tĕmĕnan. sarèḥné ora bisa olèḥ kiriman prajurit baṅsa walanda, bañjur golèk woᶇ pri ƀumi kaᶇ gĕlĕmaṅkil, sakèhiᶇ batur tukon kaᶇ sakira kuwat, aṅgĕr gĕlĕm dadi saraḍaḍu, bañjur dimĕrdikakaké. dahéndéls kĕñcĕᶇ baṅĕt pañĕkĕlé papréntahan militahir, naṅiṅuga ñĕmbadani pañuwuné saraḍaḍu, dadi ora kaya jaman ṿ.o.c. sarèḥné ora bisa olèḥ pituluṅan saka tanaḥ walanda, apa kabutuhaniᶇ prajuritiᶇ tanaḥ jawa diyanakaké ḍéwé, kaya ta : pabrik gagamaniᶇ surabaya, pabrik mriyĕmiᶇ sĕmaraᶇ, rumaḥ sakit sapraboté, sĕkolahan kaḍèt (magaṅopsir). kajaba iku iᶇ surabaya didĕgi bètèᶇ laniᶇ bĕtawi disantosani baṅĕt. 
sarèḥné paréntahiᶇ tanahiṇḍiya ora duwé éskadér, kĕṙṣané dahéndélsarĕp yasa ḍéwé iᶇ sakuwaśané. 
ora antara lawas tanahiṇḍiya wis duwé prahu 45, sĕnajan cilik naṅiᶇ kukuḥ kukuḥ lan rikat lakuné. déné prahu prahu mahu guṇané kaᶇ gĕḍé digawé mĕraṅi bajag. 
sarèḥné wisana éskadér, kĕṙṣané dahéndélsarĕp gawé pĕlabuhan pĕraᶇ kaᶇ santosa, kaᶇ dipiliḥ : suṅlon méyuwénbahahi (cimayaᶇ). barĕᶇ wis sawĕtara iᶇ paṅgarapé lan toḥ ñawa akèḥ, maṅka ora maju pagawéyané, bañjur ṅaliḥ suṅlon mĕrak, kaṅarĕp didadèkaké pĕlabuhan, naṅiᶇ mĕkṣa ora kadadéyan, marga saka kaṅélaniᶇ paṅgarapé. déné pĕlabuhan kaᶇ sida dadi, yahiku pĕlabuhaniᶇ surabaya. muṅguḥ paṅgarapé sakèhiᶇ pĕlabuhan mahu iya sraṇa nindakaké gugur gunuᶇ (= pagawéyan tanpa bayaran). 
dalan gĕḍé saka añĕr tĕkan panarukan, kaᶇ tumĕkané sahiki isiharan dalan dahéndéls, iku pṛĕluné pañcèn kaṅgo aṅgampaṅaké ĕṅgoné ṅukuhi tanaḥ jawa, apadéné uga aṅgampaṅaké bab lakuniᶇ dagaṅan. 
dalan gĕḍé mahu kĕna kaṅgo taṇḍa sĕkṣi kakĕñcĕṅaniᶇ kaṙṣa lan kakĕrasaniᶇ galihé g.g. dahéndéls; iṅatasé dalan 600 pal (± 1.000 k.m.) rampuṅiᶇ dalĕm sĕtahun; kaᶇ mahuné lakon 40 dina bañjur kĕna dilakoni iᶇ dalĕm 6½ dina. paṅgawéné dalan mahu uga sraṇa nindakaké gugur gunuᶇ. sarèḥné dalaniku lakuné urut pasisir, nrajaᶇ rawa rawa lanana kaṅurut papèrèṅiᶇ gunuᶇ, dadi paṅgawéné rĕkasa baṅĕt, woᶇ kaᶇ mati tanpa wilaṅan, éwadéné tuwan dahéndéls‍ora kéguḥ, dalan mĕkṣa dirampuṅaké. marga saka anané dalan dahéndéls, kuṭa kuṭa akèḥ kaᶇ dadi rĕja, awit gampaᶇ bisané lalawanan dagaᶇ lan papan liyané. wulu wĕtuniᶇ padĕsan gampaᶇ paṅgawané mĕñaᶇ kuṭa kuṭa. iᶇ sahurutiᶇ dalaniku sabĕn lĕt sapos didĕgi papan palérénan, ṅiras‍ĕṇḍĕgĕṇḍĕgan kréta post, pṛĕlu salin jaran. dadi sanajan dalan dahéndélsiku ṅṛêkasa paṅgarapé lan toḥ jiwa akèḥ, naṅiᶇ kurup lan pahédahé. 
para gowuvérnéyur générahal saduruṅé dahéndéls‍ora bisa ñirnakaké tindak kaculikaniᶇ para puṅgawa, naṅiᶇ sakiᶇ kĕñcĕᶇ lan kĕrasé g.g. dahéndéls kaᶇ maṅkono mahu bisa śīṙṇna. dahéndéls ṅṛêti yèn culikané para puṅgawa, marga saka kuraᶇ cukupiᶇ blañja. para puṅgawa paḍa diyuṇḍaki blañjané, naṅiṅiya muᶇ bañjur mligi nampani blañja ṭok, ora bisa olèḥ blĕdug kaya mahuné. supaya gampaṅĕṅgoné mrikṣa lĕbu wĕtuniᶇ ḍuwit dahéndéls ṅanakaké algéméné rékénkamér (kantor paṅétuṅan lĕbu wĕtuniᶇ ḍuwit). iᶇ sakawit para puṅgawa baṅsa walanda uŧawa baṅsa pri ƀumi paḍa bisa nindakaké gugur gunuᶇ kaṅgo kabutuhané ḍéwé, naṅiᶇ wiwit jamané dahéndéls kaᶇ maṅkono mahu babar pisanora kĕna. bayaran saka paréntaḥ mĕñaᶇ woᶇ cilik kaᶇ ṅaṅgo lumantar maraᶇ puṅgawa baṅsa pri ƀumi iku ndadèkaké baṅĕt kapitunaniᶇ woᶇ cilik. barĕᶇ dahéndéls ṅṛêti, pranatan lantaraniku disuwak, tampané ḍuwit woᶇ cilik tĕrusan saka kantor gupĕrmèn. yènana puṅgawa kaᶇ mĕkṣa isiḥ culika, abot baṅĕtukumané, apĕsé diḍĕṇḍa akèḥ, muṅgahé manèḥ maraᶇ dicopot, malahana kaᶇ tĕkanukum kisas. 
wiwit kawitan mula tanaḥ tanaḥ kaᶇ kacĕkĕliᶇ walanda paḍa diwajibaké ṅladèkaké wulu wĕtu kaṇṭi pupuliḥ muraḥ murahan (contiṅéntén stélsél). 
pranatan kaᶇ kaya maṅkono iku ṅṛêkasa baṅĕtiṅatasé woᶇ pri ƀumi, éwadéné nalika jamané dahéndélsisiḥ diyabotaké manèḥ. 
jĕmbariᶇ kĕbon kopi ditikĕli, didadèkaké 72 yuta uwit, lan pupulihiᶇ ḍuwit minaṅka pituwasiᶇ pĕnandur diyuḍunaké. manut pranatan lawas kopi saḍacin dirĕgani 4½ riṅgit, manut pranataniᶇ dahéndéls diyuḍunaké dadi 4 riṅgit. kajaba iku dahéndélsuga gawé pranatan bab paṅgarapé alas pajatèn. muriḥ bĕciké koffiyécultūr lan bośchwézén bañjur diyanané inspéctéyur générahal. baṅsaniᶇ blaṇḍoṅolèḥ kĕmayaranuripé : kasaṅsarané dimayaraké sraṇa dicaḍoṅi bĕras lanuyaḥ, kĕjaba iku ora kĕna dikĕrigaké gugur gunuᶇ, maṅkono uga woᶇ kaṅaṅgarap kĕbon kopi. 
tumĕka jamané dahéndéls para puṅgawa baṅsa éyuropa lan pri ƀumi isiḥ gĕḍé baṅĕt paṅuwasané, dadi paréntahaguṅora pati ḍamaᶇ sumurupé maraᶇ ruwĕt rĕntĕṅiᶇ nāgara, waṣaṇa para paṅgĕḍé akèḥ kaᶇ sawĕnaᶇ wĕnaᶇ tindaké; ndadèkaké kasaṅsaraniᶇ kawula cilik. akalé dahéndélsarĕp ñuda paṅuwasaniᶇ para gĕḍé lan puṅgawa mahu. 
gupĕrmèniᶇ tanaḥ jawa pasisir lor disowak, awit gupĕrmèniku kĕgĕḍèn baṅĕt paṅuwasané ṅanti kĕna gawé ada ḍéwé, dadi paṅrèhiᶇ nāgara iya sakarĕpé ḍéwé. jajahan gowuvérnéyur nuli dipéraᶇ dadi 9 landdrostambt (parésiḍénan), kapaṅgĕḍénaniᶇ landdrost (résiḍèn). pañĕkĕlé papréntahan para résiḍèn mahu muᶇ manut ḍawuḥ saka paréntaḥ luhur. déné kaᶇ ṅlantaraké ḍawuhiᶇ paréntaḥ maraᶇ kawula lĕstari para ƀupati; dadi rumaṅsané woᶇ cilikisiḥ kahĕrèhiᶇ paṅgĕḍéné ḍéwé. para ƀupati lan para paṅgĕḍé baṅsa éyuropa wis‍ora wĕnaᶇ nĕtĕpaké puṅgawa aṇḍahané; sanajan puṅgawa cilik kaᶇ nĕtĕpaké iya gowuvérnéyur générahal. para résiḍèniᶇ ṅayogyakarta lan surakarta iᶇ mahuné kĕbawaḥ gowuvérnéyur pasisir lor, sawusiᶇ rombakan, bañjur macuᶇ kaparéntahiᶇ bĕtawi ḍéwé. dadi wiwitiᶇ wĕktu iku sakèhiᶇ paṅuwasa ṅlumpuk mĕñaᶇ bĕtawi kabèḥ dicĕkĕliᶇ paréntahaguᶇ piyambak. tataniᶇ papréntahan praja kaᶇ mĕṅkoni iku diyarani céntralisatiyé van hét béstūr. 
nalika jaman compagniyé ora ana pradata baṅsa ƀumi kaᶇ prayoga, kaᶇ manutadat lan tata carané baṅsa ƀumi ḍéwé. dahéndéls bañjur ṅanakaké pradatan pradatan : vrédégéricht, landgéricht lan landrahad. 
kaᶇ dadi lid vrédégéricht para paṅulu lan para puṅgawa baṅsa pri ƀumi, naṅiᶇ muᶇ kĕna ṅadili pṛêkara rèmèḥ réméhan. kajaba iku iᶇ siji sijiniᶇ landdrostambt diyanani landgéricht, kaᶇ dadi lidé para puṅgawa baṅsa pri ƀumi, naṅiᶇ dipaṅgĕḍèni landdrostakaṇṭi sécrétaris baṅsa éyuropa. aliya saka iku iᶇ sĕmaraᶇ lan surabaya diyanani landrahad, yahiku pradatan kaᶇ wĕnaᶇ mutusi prakara siᶇ gĕḍé gĕḍé kaya ta : rajapati. woᶇ kaṅora nrimakaké putusaniᶇ pradata cilik cilikiya kĕna muṅgaḥ ñjalukadil maraᶇ landrahad. 
pradatané baṅsa éyuropa lan baṅsa mañca liyané, iᶇ wĕktu iku uga dibĕcikaké, déné kaᶇ mutusi prakarané baṅsa militahir (prajurit) tumrapiᶇ pṛêkara kaᶇ pṛĕlu pṛĕlu, yahiku hogé militahiré ⅵ yérśchahariᶇ bĕtawi. 
nalika jamané ṿ.o.c., ora ana kamardikaniṅagama, kaᶇ diwĕnaṅaké mardika muṅagama protéstant. sanajan woᶇ kaṭoliyék kĕna dadi puṅgawané ṿ.o.c., naṅiṅagama kristĕn kaṭoliyékiṅiṇḍiya ora olèḥ kamardikan; barĕᶇ sajumĕnĕṅé g.g. dahéndéls, sakèhiṅagama dimardikakaké kabèḥ. 
nalika jaman g.g. dahéndéls, hawa iᶇ bĕtawi ala baṅĕt, jalaran muwarané kali cimiwuᶇ lalĕd dadi cĕṭèk, kĕpĕpĕtan wĕḍi; iᶇ sakiwa tĕṅĕniᶇ kuṭa akèḥ rawané, waṣaṇa kuṭa bĕtawi kĕrĕp katrajaṅiᶇ pĕgĕblug. dahéndéls bañjur ḍawuḥ ṅurugi jagaᶇ jagaᶇ lan yasa kalèn kalèn kaṅgo ṅĕsat kuṭa, añjugrugi baluwarti, supaya sajroniᶇ kuṭa bisa olèhaṅin saka sĕgara; malaḥ sakèhiᶇ baṅsa éyuropa paḍa diḍawuhi ṅĕdohi pasisir (wéltévrédén).
bab 2. karajan jawa nalika paṅṛêhé g.g. dahéndéls. – tanahiṇḍiya dirĕbutiṅgris 1811. para gowuvérnéyur générahal kaṅuwisuwis racaké paḍa ṅĕmoᶇ sĕmu ṅĕmpèkĕmpèk maraᶇ para ratu baṅsa pri ƀumi, supaya aja diyéwuhéwuhĕṅgoné laku dagaᶇ, karo manèhiᶇ sabisa bisa paḍa ñiṅkiri pĕraṅ; naṅiᶇ yèn dahéndéls‍ora, awit pañcèn watak kĕras lan kuraᶇ duga duga iṅatasé karo ratu. tindaké dahéndéls kaᶇ maṅkono iku andadèkaké kuraᶇ sĕnĕṅé para ratu maraᶇ kaṅjĕᶇ gowépĕrmèn.

ora antara lawas g.g. dahéndéls coṅkraḥ karo sultaniᶇ bantĕn, prakara ĕṅgoné gawé dalan gĕḍé lan pĕlabuhaniᶇ suṅlon méyuwénbahahi. 
sultan bantĕn wus mituruti pamuṇḍuté g.g. dahéndéls, ṅladèkaké kuli gugur gunuᶇ kèhé 1.500 ṅgarap pĕlabuhan, naṅiᶇ paḍa mati kabèḥ, jalaran kajaba pĕgawéyané rĕkasa, hawané iᶇ kono pañcènala baṅĕt. kaṙṣané sultan bantĕn wisaja dijaluki manèḥ, naṅiᶇ dahéndéls mĕkṣa isiḥ ñjaluk bahu kuli 1.000 iᶇ sadinané. kaṅjĕᶇ sultanora mituruti. kyahi patiḥ didakwa ṅojokojoki śrī sultan supaya mbaṅkaṅa maraᶇ paréntaḥ gupĕrmèn, mulané dijaluk mĕñaᶇ bĕtawi arĕp diyadili. woᶇ bantĕn nĕpsu baṅĕtolèḥ ḍawuḥ saka dahéndéls mĕṅkono iku. 
commandant du puy, yahiku utusan kaᶇ ṇḍawuhaké timbalané dahéndéls mĕñaᶇ bantĕn mahu, dirampogiṅakèḥ, tumĕka iᶇ pati. barĕᶇ dahéndéls mirĕᶇ, bañjur ñalirani mĕñaᶇ bantĕn ṅirid pṛêjurit 1.000. kuṭa bantĕn digĕmpur, kratoné dijaraḥ rayaḥ. kyahi patiḥ kapikut bañjur didrèl. sultan bantĕn dikéṇḍaᶇ mĕñaṅambon. ésuké kahoṇḍaṅaké yèn karajan bantĕn wis dadi darbèké gupĕrmèn, muᶇ kaᶇ sapéraṅan digaḍuhaké maraᶇ saṅađipati anom, diyaṅkat sĕsĕbutan sultan. 
nalika dahéndéls dadi gowuvérnéyur générahalañarañaraniᶇ cirĕbon mĕntasana éra èru, malaḥ ṅanti dirawuhi dahéndélsiya duruᶇ sirĕp babar pisan. saka paṅgalihé dahéndéls, iᶇ cirĕbonora bisa tĕntṛêm yèn duruᶇ dicĕkĕliᶇ gupĕrmèn, waṣaṇa bañjur katĕmtokaké bahé yèn cirĕbon dadi tanaḥ gupĕrmèn. jajahan cirĕbon kidul, limbaṅan (sukapura, galuḥ) dirèhiᶇ résidént. jajahan cirĕbon lor (parésiḍénan cirĕbon sahiki) kagaḍuhaké maraᶇ sultan tĕlu, kaᶇ kuwaśané muᶇ kaya paṅuwasané puṅgawa. (dĕlok : cultūrgéśchiyédénis). woᶇ cilik kapaṣṭèkaké ĕṅgoné ṅladèkaké wulu wĕtu maraᶇ kaṅjĕᶇ gupĕrmèn. kajaba iku iᶇ kono uga bañjur kaḍawuhaké nandur kopi. ora lawas sultan kaᶇ sĕpuḥ katonarĕp mbaṅkaᶇ, iku bañjur tĕrus dipocot bahé maraᶇ dahéndéls. 
sarèḥné compagniyé ñiṅkiri sakèhiᶇ prakara kaᶇ magĕpokan karo paṅrèḥ ṅayogyakarta lan surakarta, dadi para résidént ṅĕmoᶇ lan ṅlumuhi baṅĕt, yèn sowan mĕñaᶇ kratoniya manutapa tatacarané kono. barĕᶇ jamané dahéndélsana ḍawuḥ paṅkat résidéntiᶇ surakarta lan ṅayogyakarta diganti sĕsĕbutan ministĕr, lanana iᶇ kono dadi sulihiᶇ gupĕrmèn, wis‍ora wajib ṅaṅgo tatakrama kaya kaṅuwisuwis tumrapiᶇ maraᶇ para ratu. mulané dahéndéls ḍawuḥ kaᶇ maṅkono, awit para ratu jawa paḍa ṅĕsoraké baṅĕt maraᶇ résidént, maṅka pamaṅgihé dahéndéls ratu jawa kudu ṅṛêtos yèn ratu walanda lan gupĕrmèniku kuwaśa, pantĕs diyajènana, susulihé ora kĕna disoraké (1808). 
ora lawas sultan ṅayogyakarta lan surakarta paḍa dĕrdaḥ pṛêkara watĕsiᶇ nāgara. sultan ṅayogyakarta rada mĕmpĕᶇ, ṅanti ṅuṇḍaki kèhiᶇ wadyabala. dahéndéls rada sumĕlaᶇ yèn prakara iku ṅanakaké baƀaya gĕḍé. wuwuḥ wuwuḥ sultan ṅayogyakarta kaguṅan kaṙṣa muṇḍut kalĕṅgahané paṅéranađipati anom, bakal dipariṅaké maraᶇ putra mantu. dahéndéls nuli mĕñaᶇ ṅayogyakarta mƀĕkta pṛêjurit sagĕlar sapapan. kaṅjĕᶇ sultan hamaṅku ƀuwana ⅱ dilèrèhi, saṅađipati anom dijumĕnĕṅaké, apaṅkat paṅéran rāja (prins régént). saka panuwuné saᶇ paṅéran, kaᶇ rama isiḥ lĕstari ana iᶇ kaḍaton, sĕsĕbutan sultan sĕpuḥ. sawusé iku dahéndéls ṅanakaké commissiyé, kaᶇ dipataḥ nĕtĕpaké watĕsiᶇ karajan ṅayogyakarta lan surakarta. waṣaṇa sawĕnèhiᶇ jajahanana kaᶇ didadèkaké tanaḥ gupĕrmèn. 
awit saka kaya kaᶇ kacritakaké iᶇ ḍuwuriku kabèḥ, tĕraᶇ baṅĕt yèn paṅrèhé g.g. dahéndéls ṅĕntèkaké ḍuwit, maṅka tanahiṇḍiya ora bisa olèḥ pituluṅan saka nāgara walanda, malaḥ paréntaḥ walanda kukuraṅan ḍuwit ḍéwé. waṣaṇa rékané g.g. dahéndéls muriḥ bisané olèḥ ḍuwit, ṅĕdol tanaḥ gupĕrmèn maraᶇ woᶇ partikĕlir. ṅanti tumĕkané sahiki isihana tanaḥ partikĕlir kaᶇ duruᶇ ditĕbusi. réka liyané manèḥ : a. mĕkṣa woᶇ partikĕlir dikon ṅutaṅi ḍuwit, b. majĕgaké dagaṅan caṇḍu, c. ṅanakaké monopoliyé bĕras. miturutanané pṛênatan monopoliyé iku, sahanané bĕras kudu didol maraᶇ gupĕrmèn, woᶇ kaᶇ nĕmpur bañjur kudu mbaṭèni. lan manèḥ g.g. dahéndéls ṅanakaké ḍuwit kĕrtas, maṅka gupĕrmènora duwé taṅguṅan siᶇ kaṅgo nĕbusi. mĕṣṭi bahé ajiné ḍuwit kĕrtasiku ana iᶇ pĕdagaṅan suda baṅĕt. éwadéné gupĕrmènaṅgoné ambaƀayari iya ṅaṅgo ḍuwit kĕrtas mahu diturutaké apa anané bahé, ora ṅaṅgo ṅèṅĕti sudaniᶇ rĕga. 
g.g. dahéndéls‍ora pati mṛĕlokaké maraᶇ pulo pulo liyané sajabaniᶇ tanaḥ jawa. mulané iᶇ sajroné jaman pĕraᶇ napoléyon, akèḥ jajahan kaᶇ dirĕbutiṅiṅgris. 
paṅrèhé dahéndéls kaya kaᶇ kacĕṭa iᶇ ṅarĕp mahu mĕṣṭi iya akèḥ pahédahé, muᶇ bahé kĕkĕrasĕn tindaké maraᶇ puṅgawa, waṣaṇa iᶇ tahun 1811 dahéndéls kondur mĕñaᶇ nāgara walanda digĕntèni g.g. jansséns. 
g.g. mahu satĕmĕné muᶇ kĕpĕkṣa ĕṅgoné gĕlĕm dadi gowuvérnéyur générahal, jalaran tanahiṇḍiya kukuraṅan ḍuwit lan para ratu baṅsa pri ƀumi isiḥ paḍa muṅat muṅĕt maraᶇ gupĕrmèn, marga saka tindaké dahéndéls. ora antara suwé bĕtawi kĕtĕkan muṅsuḥ woṅiṅgris; kaᶇ ñénapatèni lord minto gowuvérnéyur–générahaliṅiṇḍu. woᶇ walanda karoban lawan, jansséns kĕplayu mĕñaᶇ sĕmaraᶇ. para ratu jawa dijaluki bantu, naṅiᶇ prajurit saka kĕjawanora kĕna diyĕndĕlaké iᶇ gawé, malaḥ sultan sĕpuhiᶇ ṅayogyakarta mbalik ṅiloni iṅgris. waṣaṇa ana iᶇ tuntaᶇ kĕpĕkṣa nuṅkul kaṇṭi prajañjiyaniᶇ tahun 1811. 
1. satanaḥ jawa dadi duwèké woṅiṅgris.
2. sakabèhiᶇ prajurit diyaṅgĕp tawanan.
3. woṅiṅgris‍ora gĕlĕm ṅakoni utaṅé paréntahiᶇ bĕtawi iᶇ sajroniᶇ tanaḥ walanda dadi goloṅaniᶇ frankrijk.
4. sakèhé puṅgawa kaᶇ gĕlĕm ṅèṅèr maraṅo.i.c. iṅgris, dilĕstarèkaké iᶇ kaluṅguhané. 
sarampuṅé prajañjiyan tanaḥ jawa dadi jajahané ostindiśché compagniyé iṅgris.
bab 3. paṅrèhé l.g. rafflés. féndall masrahaké tanahiṇḍiya maraᶇ paréntaḥ walanda.
1787 1820 paku ƀuwana ⅳ. (sinuwun bagus). 
1812-1814 hamaṅku ƀuwana ⅲ. (s. rāja). 
1814-1822 hamaṅku ƀuwana ⅳ. (s. jarot). 
(1814-1820 diyĕmbani paku alam ⅰ). 
1813 paku alam ⅰ. (p. nata kusuma). 
tanahiṇḍiya miturut ḍawuhé lord minto, dipéraᶇ dadi 4 gupĕrnĕménan, yahiku malaka, sumatra pasisir kulon, moloko, tanaḥ jawa lan wĕwĕṅkoné.

gowuvérnémént tanaḥ jawa lan wĕwĕṅkoné kaᶇ ṅĕrèhaké luwiténant gowuvérnéyur (wakilé gowuvérnéyur générahal) ṭomas stamford rafflés, kabantu iṅadviséréndé rahad, lidé ana tĕlu yahiku gilléspiyé, woṅiṅgris, cranssén lan muntiṅhé, woᶇ walanda.
rafflés ṅṛêmbug baṅĕt maraᶇ prakara iᶇ karajan karajan jawa, namtokaké wĕwĕnaṅé paréntahiṅgris tumrap karajan karajan mahu.
nalika tanaḥ jawa kabawahiṅgris, iᶇ bantĕnisiḥ dahuru bahé, jalaran sultan siᶇ ditĕtĕpaké dahéndéls‍ora disuyudi iᶇ kawulané. iᶇ tahun 1813 sultan bantĕn dirukun karo rafflés, kablañja 10.000 riṅgit satahun, naṅiᶇ jajahan bantĕn dijaluk. mĕṅkono uga sultan cirĕbon tĕtĕpané dahéndélsiya muᶇ diblañja tahunan, tanahé dadi duwèkiᶇ gupĕrmèniṅgris.
nalika kaᶇ ñĕkĕl tanaḥ jawa ganti paréntahiṅgris, ṅayogyakarta wis salin kaᶇ jumĕnĕᶇ sultan : hamĕṅku ƀuwana ⅱ (sultan sĕpuḥ), kaᶇ dilèrèhi dahéndéls, ṅĕsur kĕpraƀoné paṅéran rāja. sultan sĕpuḥ mahu iᶇ sakawit ṅréwaṅi woṅiṅgrisaṅgoné ṅluṅakaké woᶇ walanda, naṅiṅolèhé tutuluṅiku muᶇ kaṅgo saraṇa ṅaraḥ bisané tĕtĕp jumĕnĕᶇ sultan manèḥ, dadi ora pisan marga saka tṛêṣṇané maraᶇ paréntahiṅgris; sajatiné malaḥ sĕṅituga. sultan sĕpuḥ ṅudi baṅĕt maraᶇ pulihé kuwaśaniᶇ kĕpraƀon kaᶇ wis disuda suda maraᶇ dahéndéls biyèn. ora lawas crawfurd kruṅu yèn sunan sala iya nĕdya muṅsuḥ paréntahiṅgris. rafflés tumuli tĕka iᶇ ṅayogya ṅgawa wadyabala. sultan sĕpuḥ dibuwaᶇ mĕñaᶇ pulo pinaᶇ (1812). sultan rāja ditĕtĕpaké manèḥ jujuluk hamaṅku ƀuwana ⅲ. naṅiᶇ jajahané kaᶇ sapéraṅan dijaluk paréntahiṅgris sarta baṇḍané sultan sĕpuḥ kuraᶇ luwiḥ 2 yuta, diyaṅgĕp dadi baraᶇ jarahan.
nalika pambĕḍahé kraton ṅayogyakarta, woṅiṅgris‍olèḥ pituluṅané paṅéran natakusuma. 
minaṅka gañjaran, saᶇ paṅéran dijumĕnĕṅaké paṅéran mĕrdika, ṅĕrèḥ tanaḥ kĕmuniᶇ lan kulonpraga, jujuluk paṅéranađipati paku alam. 
saka kĕṙṣané rafflés, saᶇ paṅéran kudu ṅiṅu pṛêjurit 100 iji kaṅgo mbiyantu paréntahiṅgris. 
nalika pambĕḍahé ṅayogyakarta, rafflés‍olèḥ katraṅan, yèn sunan sala pañcèn wis sĕkutu karo yoja nĕdya ṅlawan paréntahiṅgris. 
rafflés nuli mĕñaᶇ surakarta ṅgawa wadyabala lan katraṅan kaᶇ tinĕmu. sunan sala kĕpĕkṣa manut maraᶇ prajañjiyané rafflés. 
jajahan surakarta kaya ta : sapéraṅané tanaḥ kĕḍu kaṅisiḥ kĕbawaḥ sala, bañjur dadi méliké gupĕrmèniṅgris; kèhiᶇ prajurit diyĕloṅi, muᶇ kari prajurit kaᶇ kaṅgo kĕpraƀon bahé, pṛênatan ṅladèkaké wulu wĕtu iᶇ tanaḥ kĕjawan disuwak; prabéyan sĕkèṭèᶇ diliyĕr maraᶇ gupĕrmèn. 
para rāja iᶇ sajabaniᶇ tanaḥ jawa, uga disuda paṅuwasané déniᶇ rafflés, kaya ta : bali, bañjarmasin, bornéyo kulon, palémbaᶇ, madura. pulo baṅka lan billiton, sarèḥné ana pamĕtuné timaḥ, bañjur didadèkaké tanaḥ gupĕrmèn, mari dadi jajahan palémbaᶇ. 
muṅguḥ sĕdyané l.g. rafflésarĕp ṅĕlun jajahan, muᶇ sèlèbĕs kaṅora klakon. rāja boné, kukuḥ baṅĕtĕṅgoné aṅgĕgĕgi paṅuwasané. wis ṅanti sawatara rambahan rafflés ṅlakokaké gagaman mĕñaᶇ sèlèbĕs, naṅiṅora olèḥ gawé. 
barĕᶇ tanaḥ jawa dicĕkĕl rafflés bañjur dipéraᶇ dadi 18 parésiḍénan. pranatan gugur gunuᶇ, ladèn wulu wĕtu lan kuwajibaniᶇ woᶇ cilik nanduraké puṇḍutaniᶇ préntaḥ, iᶇ sabisa bisa disuwak; woᶇ cilik muᶇ dijaluki pajĕg"landrénté". 
kèḥ saṭiṭikiᶇ pajĕg manut lĕmahé. yèn loḥ, pajĕgé ṅanti saparoniᶇ pamĕtu. yèn cĕṅkar tĕrkaḍaᶇ muᶇ sĕprapaté. gugur gunuᶇ kaᶇ lĕstari, muᶇ ṅgarap kṛêtĕg, lan dalan dalan. woᶇ pri ƀumi kaᶇ diḍawuhi nandur kopi ladèn muṅiᶇ priyaṅan sarta woᶇ kaᶇ ñambutgawé iṅalas pĕjatènisiḥ ditĕrusaké padatan lawas. 
rafflésuga arĕp ṅilaṅi anané batur tukon lan pamujaṅan (pandéliṅśchap). wiwit tahun 1812, woᶇ ṅiṅu batur tukon ṅaṅgo dijaluki pajĕg. wiwit tahun 1814 ora kĕna dol tinuku batur tukon. pulisi ora diwĕnaṅaké ṅukum batur tukon kaᶇ muᶇ marga pañjalukiᶇ bĕndarané. 
marga ananiᶇ pranatan mahu suda baṅĕt kèhiᶇ batur tukon, malaḥ pamujaṅan wis dilaraṅi babar pisan. 
nalika jamané dahéndéls pradataniᶇ tadahiṇḍiya wis dibĕcikaké, naṅiᶇ saka panĕmuné rafflés mĕkṣa duruᶇ ñukupi. iᶇ siji sijiniᶇ parésiḍénan nuli diyanani landrahad. kĕjaba iku rafflésisiḥ ṅanakaké pradatanubĕṅan, yahiku pradatan kaṅora maṭok pamaṅgoné, ṅaliḥ ṅaliḥ marani papan kaᶇ pṛĕlu diparani. (rahad sambaᶇ). 
pṛêkarané baṅsa éyuropa ĕṅgoné ṅadili ana iᶇ rahad van justitiyé : bĕtawi, sĕmaraᶇ, uŧawa surabaya. 
rafflésiku paṅrèhé ṅĕntèkĕntèkaké ḍuwitakèḥ. rékané ĕṅgoné golèk ḍuwit sraṇa ṅanakaké pajĕg lanadol tanaḥ tanaḥ kaya dahéndéls. tanaḥ kaᶇ didol mĕñaᶇ woᶇ partikĕliriku iya bĕnĕr ṅolèhaké ḍuwit, naṅiᶇ pakolèhé katimbaᶇ karo pitunané ora mantra mantra timbaᶇ, awitiᶇ bésuké tumĕka sahiki ĕṅgoné nĕbusi kaṅélan baṅĕt, jalaranajiné dadi yutan yutan. 
srana kaᶇ prayoga kaṅgo ṅisèni kas nāgara, yahiku monopoliyé dagaṅanuyaḥ. kaᶇ sĕkawituyahiku dipajĕgi woᶇ cina, ndadèkaké kapitunané woᶇ cilik, awit laraᶇ baṅĕt paṅĕdolé. barĕṅuyaḥ dicĕkĕl gupĕrmèn bañjur muraḥ, tur ṅolèhaké kahuntuṅanakèḥ. wiwit tahun 1813 kaᶇ kĕna gawé lan ṅĕdoluyaḥ muᶇ gupĕrmèn ḍéwé. 
iᶇ tahun 1814 napoléyon kalaḥ pĕraṅé, nédérland bisa mardika. miturut prajañjiyaniᶇ londén tahun 1814 jajahané iṅiṇḍiya dibalèkaké maraᶇ woᶇ walanda manèḥ, kaṅora muᶇ céylon, kahapkoloniyé lan jajahan sawatara iṅiṇḍiya kulon (iṅamérika) sarta iṇḍu ṅarĕp. 
iᶇ tahun 1816 rafflés digĕntèni luwiténant gowuvérnéyur john féndall. lĕt sawatara sasi john féndall pasraḥ jajahan maraᶇ commissaris générahal, yahiku utusan walanda saka éyuropa, kaᶇ dipataḥ ṅĕrèḥ kapulowaniṇḍiya. 
miturut grondwét tahun 1814 kaᶇ ñĕkĕl pĕpréntahaniᶇ koloniën, śrī maharaja piyambak, kabantu iᶇ départéméntondérwijs, natiyonalé nijvérhéyidén koloniën. dadi statén générahalora nduwèni paṅuwasa. sarjana tĕtĕlu kaᶇ diyutus nampani tanahiṇḍiya, asmané : mr. élowut, baron van dér capéllén lan buyskés, apaṅkat commissaris générahal sarta dipariṅi rañcaṅan wawatoné paṅrèhiṅiṇḍiya. 
commissaris générahal ṅṛêkasa baṅĕtĕṅgoné ṅlakoni ayahané iku, awit tanahiṇḍiya kĕcupĕtan ragad, turora bisa olèḥ pituluṅan saka nāgara walanda. gawané prajurit muᶇ 1.800, ora ñukupi kaṅgo ṅébaraké paṅuwasané gupĕrmènañar. apamanèḥ ratu ratu iᶇ tanahiṇḍiya wis mèḥ lali maraᶇ paréntaḥ walanda. éwadéné ora ṅanti lawas commissaris générahal wis bisa mapan lan tumindakapa mĕṣṭiné. 
kaᶇ ñĕkĕl paṅuwasa kaᶇ gĕḍé ḍéwé lĕstri gowuvérnéyur générahal dibantu rahad vaniṇḍiyé, pilihané gowuvérnéyur générahal ḍéwé. 
paméraṅé tanaḥ jawa didadèkaké parésiḍénan kaya ḍèk jaman rafflés. cacahé résidént didadèkaké 20. jajahan sajabaniᶇ tanaḥ jawa dipéraᶇ péraᶇ dadi gupĕrmèn, dipaṅgĕḍèni gowuvérnéyur. 
déné woᶇ cilik lĕstari dirèḥ paṅgĕḍéné ḍéwé. 
pranatané pĕṅadilan dititiprikṣa manèḥ. pranatan saka rafflés siᶇ bĕcik bĕcikisiḥ dilĕstarèkaké, kaᶇ kuraᶇ prayoga dibĕcikaké. prakarané baṅsa pri ƀumi dadi bubuhané landrahad, kaᶇ dadi jĕkṣa baṅsa pri ƀumi, présiḍèné baṅsa walanda. supaya ana kaᶇ ṅawatawati pĕṅadilan pĕṅadilaniku sarta ṅiras kaṅgo paṅapélan (hof vanappél) diyanakaké hog géréchtshof. kaṅjĕᶇ paréntaḥ luhur wis‍ora nduwèni paṅwasa babar pisaniṅatasé mutusi prakara. 
supaya pañĕkĕliᶇ ḍuwit gupĕrmènaja ṅanti kisruḥ, nuli diyanakaké rahad van finañciën lan rékénkamér. paṅrèhé gupĕrmènañar maraᶇ woᶇ cilikisiḥ dilĕstarèkaké kaya panĕmuné dahéndéls lan rafflés, iᶇ sabisa bisa ñiṅkiri pṛênatan pĕkṣan. 
saduruṅé commissarissén générahal maṅkat mĕñaᶇ tanahiṇḍiya, wis katĕmtokaké yèn pṛênatan monopoliyé kudu disuwak, awitiku ndadèkaké kĕsusahané woᶇ pri ƀumi. 
pṛêkara dagaṅan digawé mĕrdika, woᶇ mañca paḍa kĕna dadagaṅan mĕñaᶇ tanahiṇḍiya, naṅiᶇ baṅsa walanda pĕmbayaré pṛêbéya dikacèk karo baṅsa ṅamañca. kaᶇ ñĕbal saka pranataniᶇ kamardikan muᶇ monopoliyé bumbon crakèn. prakara tatanèniya dimardikakaké, woᶇ pri ƀumi kĕna nandur sakarĕpé ḍéwé, muṅiᶇ priyaṅan kaṅisihana pĕkṣan woᶇ cilik diwajibaké ṅgarap kĕbon kopi sarta kuli blaṇḍoṅisiḥ kudu ñambut gawé ana iṅalas pĕjatèn. paréntahañariku iya dipataḥ mṛĕlokaké gawé kĕmayarané woᶇ cilik, mulané pṛênatan ƀumi liṅguḥ disuwak, para puṅgawa baṅsa pri ƀumi mari olèḥ tanaḥ gaḍuhan, kari paḍa diblañja sasèn bahé, supaya aja ṅanti bisa gawé rĕkasaniᶇ bawahé. lan para puṅgawané gupĕrmèn dilaraṅi dadagaṅanuŧawa ñambi paṅgahotan liyané. dol tinuku batur tukoniᶇ sabisa bisa diśīṙṇnakaké, malahana iᶇ tanaḥ jawa lan madura babiku wis dilaraṅi babar pisan, maṅkono uga pṛênatan pamujaṅan. 
nalika jaman commissaris générahal, iᶇ tanaḥ jawa klĕbu tĕntṛêm. ṅarĕpaké tahun 1818 jajahaniᶇ satanahiṇḍiya kabèḥ dipasrahaké iᶇ paréntahiṅgris maraᶇ gupĕrmèn walanda. waṣaṇa iᶇ wiwitané tahun 1819 commisarissén pasraḥ maraᶇ g.g. van dér capéllén. élowut lan buyskés paḍa bali mĕñaᶇ nédérland. satĕkané nāgara walanda élowut kahaṅkat dadi ministér van koloniën. 
commissaris générahalolèhé yasa pṛênatan bab kamardikaniᶇ dagaṅan, tatanèn lan sapituruté. manut panĕmu libérahal (bakal ditĕraṅaké iᶇ kaca 107). balik g.g. van dér capéllén 1819-1826 ora ṅrujuki panimbaṅé woᶇ libérahal mahu; mulané iᶇ tanaḥ jawa suda baṅĕt karaharjané. 
amriḥ raharjaniᶇ tanahiṇḍiya, kaᶇ diyaṅgĕp pṛêlu, ṅajokaké dadagaṅan. 
supaya woᶇ walanda bisa mumbul manèhĕṅgoné dadagaṅan nuli diyanakaké pakumpulan dagaṅaran nédérlandśché handél mahatśchappij, adĕgé tahun 1824. paṅarahé préntaḥ walanda pakumpulaniku kĕnowa kaṅgo ṅĕjori padagaṅané baṅsa mañca, dadi bisa ṅuripurip dagaṅané baṅsa walanda ḍéwé. ora lawas pakumpulaniku bisa olèḥ pawitan 37 yuta rupiyaḥ. 
wiwit jaman napoléyon tanahiṇḍiya ora bisa lalawanan lan tanaḥ walanda, dagaṅané akèḥ kaᶇ didol maraᶇ sudagar mañca, luwiḥ luwiḥ woṅiṅgris lanamérika. 
sawisé tanahiṇḍiya kacĕkĕliᶇ paréntaḥ walanda manèḥ, woᶇ walanda mĕkṣa duruᶇ bisa maju dadagaṅané, awitisiḥ kukuraṅan pawitan, maṅka kahĕjoran baṅsa iṅgris. kajaba iku sudagar walanda partikĕlir pañcènora ḍamaᶇ sumurupé maraṅubĕtiᶇ pĕdagaṅan tanahiṇḍiya, jalaran mahuné kaᶇ kĕna lalawanan lan tanahiṇḍiya muᶇ ṿ.o.c., wuwuḥ wuwuḥ ṅanti 20 tahun tanaḥ walanda wis‍ora ana gaṇḍèṅané karo tanahiṇḍiya. 
nédérlandśché handél mahatśchappij mahu iku mĕkṣa ora kasĕmbadan sĕdyané, awit kuraᶇ kuwat, ora bisa ṅĕjori woṅiṅgris, kajaba iku pañcènora dirujuki sudagar walanda partikĕlir, marga duwé sumĕlaᶇ manawa pakumpulan dagaṅañar mahu dipariṅi wĕwĕnaᶇ kayadéné ṿ.o.c. biyèn, tĕmahan malaḥ ndadèkaké kapitunané sudagar partikĕlir. waṣaṇa nédérlandśché handél mahatśchappijora bisa mumbul, malaḥ tansaḥ kapitunan, wiwitané bisa urip barĕṅana cultūṙṣtélsél. 
pakaryané van dér capéllén kaᶇ pantĕs‍olèḥ paṅalĕmbana yahiku ĕṅgoné ṅajokaké kawruḥ, mṛĕlokaké maraṅajuniᶇ pamulaṅan cilik kaṅgo baṅsa éyuropa. iᶇ babondérwijs van dér capéllén kabiyantu iᶇ réyinwardt. réyinwardtiku sarjana kaṅuga miwiti gawé kĕbon rāja ('s lands platéntuwin) iᶇ bogor (1817) kaṅgo ṅuṇḍakaké kawruḥ tatanèn. 
kĕbon rāja iᶇ bogoriku ora muᶇ bĕcik lan ñĕnĕṅaké kaṅgo dolan dolan bahé, muṅguhiᶇ piguṇané ñata gĕḍé baṅĕt tumrapiᶇ kawruḥ tanĕm tuwuḥ lan tatanèn. jĕmbaré kèhiᶇ lan wĕrnaniᶇ wit witané, kĕbon kĕbon rāja iᶇ satanaḥ hawa panas (tropén) ora ana kaᶇ ñuṇḍul bogor. kaᶇ paḍa maṇḍégani pakaryaniᶇ kono para sarjana kaᶇ wus kĕsuwurasmané, kaya ta : tuwan téysmann (1831) lan dr. hasskarḷĕṅgoné nandur wisana 8.000 wĕrna wit witan lan ṭĕṭukulan. iᶇ tahun 1863 cacahiᶇ tatanduran dadi 10.000 wĕrna. sarjana dr. m. tréyubiᶇ sajroniᶇ tahun 1880 1909 yasa laboratoriya pṛĕlu kaṅgo maṙṣudi kawruḥ botani, śchékundé lan sapituruté., gaṇḍèᶇ karo anané kĕbon rāja iku mahu. para sarjana saka iᶇ jagad ṅĕndi ĕndi akèḥ kaᶇ golèk kawruhana iᶇ laboratoriya kono, awit laboratoriya mahu uga kaṅgo papan pañoban bab nanandur, bab mĕruhi ama sarta lalaraniᶇ tanduran, lan liya liyané, mulané bogor kĕna sinĕbut dadi tukiᶇ kawruḥ lan sĕṇḍaṅiᶇ ṅèlmu tatanèn. prowéfstatiyoniᶇ satanahiṇḍiya iku asalé uga saka bogor. marga saka dayané prowéfstatiyon, kabudidahiyan lan tatanèn ṅanti bisa dadi kaya kahanané sahiki iki.
bab 4. pĕraᶇ dipanāgaran. 1825 1830. 1820 1823 paku ƀuwana ⅴ (s. sugiḥ).
1822 1855 hamaṅku ƀuwana ⅴ (s. ménol)
1819 1826 g.g. van dér capéllén.
1823 1830 paku ƀuwana ⅵ . (s. baṅuntapa).
1826 1830 luwit. g.g. dé kock.
1830 1858 paku ƀuwana ⅶ.

nalika sédané kaṅjĕᶇ sultan hamaṅku ƀuwana ⅲ iᶇ tahun 1814, paṅéran patiné lagi yuswa 13 tahun. saka kaṙṣané kaṅjĕᶇ tuwan luwiténant générahal rafflés, paṅéran paku alam ⅰ tinaṅgĕnahaṅĕmbani kapraƀon; paṅéran paku alamiki bĕcik tĕpuṅé karo baṅsa iṅgris, lan bésuké iya bĕcik karo baṅsa walanda. ḍèk samana iᶇ ṅayogya uga akèḥ woᶇ siṅora sĕnĕᶇ maraᶇ baṅsa éyuropa. siᶇ dadi lalajĕriᶇ goloṅan mahu paṅéran dipanāgara. paṅéran dipanāgara kaᶇ nalika nènèmané asma paṅéranantawirya iku putrané kaṅjĕᶇ sultan rāja, kaᶇ sĕpuḥ ḍéwé naṅiᶇ saka garwa ampéyan, mulané ora gumantos jumĕnĕᶇ. saᶇ paṅéranora narimakaké déné ora olèḥ paṅwasa apa apa tumrapiᶇ papréntahan. saya baṅĕtora sĕnĕṅé, barĕᶇ nalika sultaniv jumĕnĕᶇ, tĕka iya ṅatiṅalaké suyudé maraᶇ paṅwasaniᶇ baṅsa éyuropa. rèhniᶇ sultan sĕpuḥ biyèniya ora sĕnĕᶇ maraᶇ baṅsa éyuropa, dadi goloṅané dipanāgara uga sinĕbut goloṅan kasĕpuhan. 
kaṅjĕᶇ sultan ḥ.b. ⅳ jumĕnĕṅé ora suwé, muᶇ watara 8 tahun séda, mĕntas kondur saka bĕsiyar. paṅéran patiné lagi yuswa 2 tahun. para gĕḍé iᶇ karaton paḍa duwé pĕñuwun maraᶇ kaṅjĕᶇ paréntaḥ luhuriᶇ bĕtawi supaya paṅrèhiᶇ praja aja dipasrahaké maraᶇ paṅéran paku alam. pañuwuné kapiturutan, prakara paṅrèḥ praja kaᶇ nindakaké papatiḥ dalĕmapaṅkat rijkṣbéstūrdér, sarta tumindaké kaṇṭi dititiprikṣa iᶇ kaṅjĕᶇ tuwan résidént. déné kaᶇ minaṅka ĕmbané saᶇ praƀu timur lan kinuwasakaké mranata baraᶇ kaguṅan dalĕm, yahiku kaṅjĕᶇ ratu agĕᶇ, kaṅjĕᶇ ratu kĕñcana, paṅéran maṅku ƀumi lan paṅéran dipanāgara. 
pṛênatan mĕṅkono iku baṅĕtora ndadèkaké sarjuniᶇ paṅgalihé paṅéran dipanāgara, jalaran papatiḥ dalĕm suyud baṅĕt maraᶇ walanda, sarta kĕlakuwané ambténarén walanda iᶇ ṅayogya kono iᶇ nalika iku pañcènora bĕcik. 
kajaba iku pranataniᶇ walanda ñéwa ƀumi ana iᶇ tanaḥ karajan jawa iya ora ndadèkaké sarjuné p. dipanāgara. ḍèk tahun 1774 ƀumi lĕṅgahana 677.000 cacaḥ. iᶇ tahun 1820 muᶇ kari 52.300 cacaḥ, awit ƀumi kasultananiᶇ tahun 1812 kaloᶇ tanaḥ kĕḍu lan liya liyané. marga saka iku para gĕḍé kĕpĕkṣa suda baṅĕt pamĕtuné, luwiḥ luwiḥ barĕṅananiᶇ pṛênatan woᶇ walanda ñéwa tanaḥ, cacahiᶇ ƀumi luṅguḥ saṅśaya suda. 
g.g. van dér capélléniᶇ tahun 1823 ṇḍawuhaké ñuwakananiᶇ pṛênatan ñéwa lĕmahiᶇ ḍuwur mahu, prajañjiyan prajañjiyan paḍa diwuruṅaké. wiwitané goloṅan kasĕpuhan sĕnĕᶇ baṅĕt kruṅu bab suwakan pranataniku, waṣaṇa kabèḥ paḍa kagĕt, baraᶇ ditĕmtokaké paḍa mbayar karugiyan maraᶇ para tuwan, awitĕṅgoné ñéwa lĕmaḥ duruᶇ tumĕka maṅsa prajañjiyané, kĕpĕkṣa dibubaraké. baṇḍa kasultanan bañjur compraᶇ camprèᶇ baṅĕt. 
woᶇ cilikuga rĕkasa atiné; saṅgané saka nāgara abot, luwiḥ luwiḥ barĕᶇ ƀumi kaguṅané kaṅjĕᶇ sultan wis diyuṅkṛêd. lan manèḥ suwakiᶇ pṛênatan ñéwa tanahuga agawé kasusahané woᶇ cilik. déné kaᶇ baṅĕt digĕṭiṅi iᶇ woᶇ cilik yahiku panarikiᶇ ḍuwit béya, kaᶇ ditĕbasaké maraᶇ cina cina, awit para cina sok kĕbaṅĕtĕnĕṅgoné ṅĕbotaké panariké. kaᶇ ditarik béya iku woᶇ, uŧawa woᶇ ṅgawa baraᶇ, liwatiᶇ panambaṅan, liwatiᶇ watĕs laniᶇ papan liya kaᶇ wus tinamtokaké; papan papaniku iᶇ basa walanda diyarani"tolportén". 
paṅéran dipanāgara saya suwé saya gĕḍé pamuriᶇ muriṅé aṅuniṅani kahananiᶇ ḍuwur mahu lan ṅrahosaké kisruhé sajroniᶇ kraton, sarta manèḥ trajaṅé para ambténahar walanda kĕrĕpagawé sĕrik. nalika sĕmana paréntaharĕp yasa ratan, nrajaᶇ tanaḥ palĕmahané p. dipanāgara. iku baṅĕt ndadèkaké paṅgrantĕsé saᶇ paṅéran. waṣaṇa saᶇ paṅéran bañjur kèndĕlora kaṙṣa campur pṛêkara apa apa; tékadé muᶇ kari suwiji; nĕdya madĕg kraman.
mirid surasaniᶇ babadaṅgitané ađipati cakranāgara, ƀupati iᶇ purwarĕja, s. paṅéran bañjur mĕmpĕnana iᶇ sélaraja bahé, rina wĕṅi aṅgĕntur panuwuné, sinambi ṅaji kor'an lan mahos babad kuna. paṅagĕmané sarwa irĕᶇ (wuluᶇ). barĕᶇ wis yakin yèn woᶇ kabèḥ ṅṛêti kaᶇ dadi antĕpé saᶇ paṅéran, yahiku arĕp madĕg kraman, saᶇ paṅéran bañjur wis‍ora sumĕlaᶇ manèḥ maraṅiᶇ katékadané :"woᶇ mono bisa ana bĕgjané!" 
dalĕmé paṅéran dipanāgara ana iᶇ tĕgalṛĕja watara sapal saka iᶇ nāgara kapṛênahiᶇ lor kulon. para kaᶇ kĕcuwan pikiré klumpuké ana iᶇ kono. 
dadiniᶇ kraman tinamtokaké tumiba malĕm taṅgal 7 sasi sura. duruᶇ ṅanti klakon, kĕtuṅka utusaniᶇ résidént, narik paṅéran dipanāgara arĕp dinaṅu apa kaᶇ dadi kaṙṣané. saᶇ paṅéranoñcat saka kono kaṇṭi paṅéran maṅku ƀumi, mĕñaᶇ sĕlaroᶇ. 
woᶇ cilikakèḥ kaᶇ ṅgrubyug dipanāgara, aṅgusaḥ para cina, ṅrayaḥ ḍuwit béya lan ñjaraḥ pasar pasar. 
barĕᶇ wis rumaṅsa kĕcoṅgaḥ, dipanāgara sabalané anĕmpuḥ, kraton ṅayoja kinĕpuᶇ wakul binaya maṅap.
goloṅan dipanāgaran : 1. paṅéran maṅku ƀumi, 2. kyahi maja, 3. basaḥ prawiradirja (sĕṇṭot). kaᶇ dimuṅsuḥ : priyaguᶇ karaton sapuṅgawané, patiḥ lanambténahar walanda.
kaṅjĕᶇ sultan timur nuli diyuṅsèkaké maraᶇ sajroniᶇ bètèᶇ walanda, kaṅuga bañjur kinĕpuṅiᶇ bala kraman ṅanti watara suwé. walanda iᶇ sajabaniᶇ bètèṅakèḥ kaᶇ nĕmu pati.
paréntaḥ luhuriᶇ bĕtawi mirĕᶇ mirĕᶇ kabar, barĕᶇ kraman wis santosa; tumuli éṅgal ṅlakokaké jéndral dé kock, supaya ñirĕp kraman, naṅiᶇ sarèḥné babarĕṅan kramaniᶇ palémbaᶇ laniᶇ boné, dadi dé kock kukuraṅan pṛêjurit, ora bisa ñirĕpubaliᶇ kramanana iᶇ rĕmbaᶇ lan kĕḍu. rahayuné iᶇ surakarta saka pambudidayané dé kockora klakonana kraman, éwadéné kramaniᶇ ṅayoja saṅśaya gĕḍé, awit bañjur diyoṇḍaṅaké dadi pĕraᶇ sabil pṛêlu kaṅgo ṅukuhi agama. dipanāgara ĕṅgoné ṅoṇḍaṅaké pĕraᶇ sabiliku saka panuwuné kyahi maja. 
pĕraṅé prajurit walanda rĕkasa baṅĕt, jalaran dipanāgara ora taṅgon, barisé ana iᶇ papan kaṅaṅèlambahambahané, panĕmpuhé ṅĕntèni lénané bala walanda, lan kĕrĕp mĕnaᶇ, mulané bala kraman muṇḍak gĕḍé atiné, lan bisa wuwuḥ wuwuhakèhé. 
ana sénapatiniᶇ kraman satriya nonoman lagi umur 18 tahun, jĕnĕṅé basaḥ sĕṇṭot prawiradirja, éwadéné wus katon kawantĕrané lan bisa nata bala. 
sarèḥné paréntaḥ luhur rada kĕrépotan, nuli golèkakal liya kaṅgo ṅĕṇḍakaké atiniᶇ kraman. sultan sĕpuḥ kaᶇ wis dikéṇḍaᶇ déniᶇ rafflés, dibalèkaké manèḥ mĕñaᶇ ṅayoja, supaya para kraman paḍa nuṅkula aris. sultan sĕpuḥ dijumĕnĕṅaké ratu, ṅaṅgo pṛêjañji kudu mituluṅi maraᶇ kaṅjĕᶇ gupṛêmèn lan ṅijoli wragad pĕraᶇ. déné sultan timur bakal kajumĕnĕṅaké manèḥ, bésukiᶇ sasédaniṅéyaṅé. jumĕnĕṅé sultan sĕpuhora bisa ṅĕṇḍakaké atiniᶇ kraman, malaḥ nawala dalĕm sultan sĕpuḥ maraᶇ paṅéran dipanāgara, diwaṅsuli cacampaḥ lan paṅumanuman. iᶇ tahun 1828 sultan sĕpuḥ séda. 
jéndral dé kock pañcènora rujuk maraᶇ gupĕrmènĕṅgoné ṅaṅkat sultan sĕpuḥ, mulané golèkakal ḍéwé siᶇ luwiḥ mikolèhi, yahiku ṅĕdĕgaké bètèᶇ cilik cilikiᶇ watĕsiᶇ papan kaᶇ wis kĕna dirĕbut, bètèṅiku paḍa dīsèni pṛêjurit. waṣaṇa paṅéran dipanāgara saṅśaya rupak jajahané. sanajan commissaris générahal du bus nacad maraᶇ tindaké jéndral dé kock mĕrga ĕṅgoné ambĕborosi, maṅka commissaris générahal tinaṅgĕnahaṅgĕmèni baṇḍa gupĕrmèn, éwadéné jéndral dé kockisihora mundur, awit ñatané sĕnajanakèḥ wragadé, kramaniya éṅgal kĕrupakan papan, muᶇ kari mubaᶇ mubĕṅiᶇ bagĕlèn lan kidul ṅayoja. iᶇ tahun 1829 pṛêjurit gupĕrmèn ṅaṅsĕg, tur nuli olèḥ bantu pṛêjuritañar saka nāgara walanda. sénapatiniᶇ kramanakèḥ kaᶇ paḍa nuṅkul. sĕṇṭot mbalik ṇḍèrèk gupĕrmèn, kyahi maja kĕcĕkĕl, paṅéran maṅku ƀumi asraḥ boṅkokan. 
iᶇ tahun 1830 dipanāgara tĕtĕmonan lan dé kockana iᶇ magĕlaᶇ. sarèḥné dipanāgara kukuhĕṅgoné ñjaluk jumĕnĕᶇ sultan panatagama, bañjur dicĕpĕᶇ, dikéṇḍaᶇ mĕñaᶇ mĕnaḍo, iᶇ tĕmbéné diyĕliḥ mĕñaᶇ makasar. iᶇ tahun 1855 séda. 
sĕnajan paṅéran dipanāgara wis kĕcĕpĕᶇ, tanaḥ kĕjawan mĕkṣa duruᶇ tĕntṛêm babar pisan, tĕntṛêmé tĕmĕnaniᶇ tahun 1850. mĕrga anané kraman, tanaḥ kĕjawan rusak baṅĕt, kaloṅé jiwa tanpa wilaṅan, pṛêjurit gupĕrmèn bahé kaᶇ mati 15.000, déné wragadé pĕraᶇ 20 yuta rupiyaḥ. 
supaya iᶇ tĕmbé yènana kramanaja ṅanti bisa gĕḍé mĕnèḥ, jajahan jajahan ṅayoja diyĕloṅi bagĕlèn lan bañumas, minaṅka pambayariᶇ wragad pĕraᶇ. sĕnajan surakarta ora mèlu baraᶇ baraᶇ malahurun pṛêjurit, éwadéné jajahané madiyun lan kĕḍiri uga dipuṇḍutiᶇ kaṅjĕᶇ gupĕrmèn, kaᶇ mĕṅkono iku muriḥ tĕntṛêmiᶇ nāgara. kaṅjĕᶇ sunan mĕṣṭi bahé ora lĕga, nuli lolos tindak mĕñaṅimagiri lan paraṅtritis, nunuwun maraᶇ luluhuré, naṅiᶇ kĕtututanutusaniᶇ résidént surakarta nuli dikéṇḍaᶇ mĕñaṅambon, awit kadakwa arĕp ṅraman. kaᶇ gumanti susuhunan paku ƀuwana ⅶ, ṇḍèrèk maraᶇ kaṙṣaniᶇ gupĕrmèn, madiyun lan kĕḍiri dadi tanaḥ gupĕrménan. 
iᶇ sawusé ana kraman dipanāgara, katon yèn paméraṅé jajahan ṅayoja lan surakarta, ora prayoga, jalaran jajahan jajahané ora aṅgoloᶇ dadi siji, ana kaᶇ patiᶇ cruwil patiᶇ slĕmpit. waṣaṇa tansaḥ ndadèkaké pasulayan lan yènana kraman gampaᶇ tumularé iᶇ liyan jajahan, mulané watĕsiᶇ jajahan surakarta lan ṅayogyakarta bañjur dipṛênata manèḥ.
bab 5. cultūṙṣtélsél 1830 ±1865 (1915). cultūṙṣtélséliku pṛênatan kaᶇ diḍawuhaké g.g. van dén boścḥ ḍèk tahun 1830. surasané pranatan cĕkaké namtokaké maraᶇ woᶇ pri ƀumi nandur tatanduran kaᶇ kĕna diyĕdol mĕñaṅéyuropa, kaya ta : kopi, tĕbu, kapas lan tom, ana iᶇ sapéraṅaniᶇ palĕmahané. pamĕtuné tatanduraniku kudu dilĕbokaké mĕñaᶇ paréntaḥ gupĕrmèn, supaya paréntaḥ bisa bañjur luwiḥ kĕñcĕṅĕṅgoné gawé raharjaniᶇ tanaḥ.

apa sababé déné gupĕrmèn tĕka ṅanakaké pṛênataniku? 
iṅabad 17 lan 18 ṿ.o.c. muᶇ ṅudi kahuntuṅané ḍéwé, ḍasar saluguné ṿ.o.c. iku muᶇ pakumpulan dagaᶇ. iṅabad 19 barĕᶇ tanahiṇḍiya tumiba paṅwasané praja nédérland, bab ṅudi kahuntuṅané ḍéwé wis‍ora tumindak. nédérland duwé wajib gawé tĕntṛêmiᶇ tanaḥ lan raharjaniᶇ kawulané añar, yahiku baṅsa pri ƀumi. laḥ kĕpriyé rékané bisané tumindak muriḥ bĕcikiᶇ bab paṅrèḥ praja, bab sĕkolahan, bab tatanèn lan katĕntṛêmaniṅumum? iku kabèḥ bakal sĕpira wragadé. maṅka paréntaḥ gupĕrmènora nindakaké monopoliyé kayadéné ṿ.o.c. wuwuḥ wuwuḥ praja nédérlandiᶇ nalika iku akèḥ baṅĕtutaṅé kaᶇ jalaran saka pĕraᶇ napoléyon, pĕraᶇ dipanāgara lan pĕraᶇ bélgiyé. iᶇ tahun 1828 praja nédérland kĕpĕkṣa ambayari kabutuhaniṇḍiya kèhé 37,000,000, maṅka nédérland ḍéwé lagi rĕkasa rĕkasané. olèhé ḍuwit 37,000,000 iku saka ĕṅgoné utaṅutaᶇ maraᶇ kawula iᶇ nédérland. 
ḍèk sĕmana kakarĕpané woᶇ nédérlandiᶇ bab paṅrèḥ praja kĕna kapéraᶇ dadi roᶇ goloṅan : 1. baṅsa libérahal lan 2. baṅsa consérvatiyéf. baṅsa libérahal ñjaluk tumrapiṅiṇḍiya supaya pĕdagaṅan lan pĕṅgahotan dimĕrdikaké, gugur gunuᶇ lan lĕbon wulu wĕtu kasuwaka, muᶇ kĕbon kĕbon gupĕrmèniku digĕḍèkna. hogéndorp, dahéndéls, du bus, élowut kakarĕpané iya mĕṅkono iku. malahana kaᶇ nĕdya ṅĕjokaké woᶇ pri ƀumi ĕṅgoné tatanèn lan ṅgahota. déné goloṅan consérvatiyéf kaya ta : nédérburgḥ, van dér capéllén, ñjaluk baliniᶇ pṛênatan tanduran pĕkṣan, lĕbon wulu wĕtu lan sapituruté. 
kaṅakèḥ woṅiᶇ nédérland ṅrujuki panĕmu libérahal mahu, éwadéné pṛênatané ana iṅiṇḍiya ora ditindakaké, uŧawa muᶇ sĕṭiṭik kaᶇ ditindakaké, marga ora ana wragadé. 
panĕmuniṅakèḥ bisané ṅajokaké kĕmajuwaniku kudu ana ḍuwité. ḍuwitiku wĕtuné saka tatanduran kaᶇ pamĕtuné payu laraᶇ, mulané paréntaḥ majĕgna tanahé, kaᶇ duruṅana tandurané, maraᶇ baṅsa éyuropa, supaya mĕtu kasilé; iᶇ nalika iku iᶇ tanaḥ jawa kaᶇ sinĕbut"loḥ jinawi" iki muᶇ sĕṭiṭik baṅĕt pamĕtuné : lĕbuniᶇ baraṅiᶇ tanaḥ jawa pĕṅajiné luwiḥ gĕḍé tinimbaᶇ baraᶇ kaᶇ mĕtu saka tanaḥ jawa. 
barĕᶇ van dén boścḥ jumĕnĕᶇ gowuvérnéyur générahal mĕṅgaliḥ yèn kabudidayaniᶇ walanda nanandurana iᶇ tanaḥ jawa iku ora bakal bisa kĕdadéyan, yèn mĕṅkono dadi ora bisa gawé karaharjaniᶇ tanaḥ. g.g. van dén boścḥ bañjur ṅajokaké wulu wĕtuné tanaḥ jawa, supaya nanandur tanduran kaᶇ payu ana iṅéyuropa kaya ḍèk jaman ṿ.o.c., naṅiṅaja ṅanti gawé saṅsaraniᶇ woᶇ jawa kaya siṅuwisuwis. 
panĕmuné van dén boścḥ kaᶇ mĕṅkono iku ora ñimpaᶇ saka mĕṣṭiné, awit miturut saka kahananiᶇ cara iᶇ tanaḥ jawa, sapa kaᶇ ñĕkĕl paṅwasa nāgara (ratu uŧawa gupĕrmèn) iku kaᶇ nduwèni ƀumi sahuwoṅé. ƀumi iku dipariṅaké maraᶇ woᶇ cilik supaya digarap, lan sapéraṅané pamĕtuné katur maraᶇ ratu (gupĕrmèn). saka karĕpé g.g. van dén boścḥ lĕbon sapéraṅané pamétu iku disalini sapralimaniᶇ lĕmaḥ kaᶇ ditanduri kopi, tĕbu, kapasuŧawa tom, lan woṅé kaṅora duwé panduman ƀumi, ditamtokaké ṅlakoni gugur gunuᶇ 66 dina iᶇ dalĕm sĕtahun, lan manèḥ lĕbuniᶇ wulu wĕtu iku isiḥ bakal ṅaṅgo dibayar sĕṭiṭik minaṅka gañjaran. dadi lĕbuniᶇ wulu wĕtu iku mahu sĕjatiné minaṅka pajĕguŧawa landrénté. pétuṅané ora luwiḥ tinimbaᶇ lĕbuniᶇ landrénté pranatan rafflés. 
ministĕr van koloniën tuwanélowutora cocog karo panĕmuné g.g. van dén boścḥ, ṅanti dilabuhi sèlèhĕṅgoné dadi ministĕr. déné saᶇ nāŧa praƀu willém ⅰ iᶇ nédérland, ṅèṅĕti baṅĕtiᶇ kukuraṅaniᶇ ḍuwit nāgara, kĕpĕkṣa cocog lan karĕpé van dén boścḥ : 
1. woᶇ jawa dipĕkṣa nandur tatanduran kaᶇ duruᶇ diwĕruhi, lan bañjur kèṭèṛĕṅgoné tatanèn ḍéwé. 
2. ḍuwit kaᶇ minaṅka gañjaranĕṅgoné ṅlĕbokaké wulu wĕtu muᶇ sĕṭiṭik, luwiḥ luwiḥ tumrapiᶇ kopi, maṅka saduruṅé tĕluᶇ tahun kopi mono duruᶇ kĕna diyuṇḍuḥ. 
3. paṅgarapé tanduranañariku akèḥ kaᶇ luwihabot tinimbaᶇ paṅgarapiᶇ tanduran jawa, upama : pari. 
4. tindakiᶇ para ambténahar sok sawĕnaᶇ wĕnaṅ; lĕmaḥ kaᶇ ditanduri tanduran gupĕrmèniku dipilihaké siṅapik, tur luwiḥ saka sapralimaniᶇ palĕmahan lan liya liyané.
5. landrénté jĕbuliya isiḥ ditindakaké.
woᶇ jawa baṭiné muᶇ dumunuᶇ muṇḍak kawruhé iᶇ bab nanandur lan muṇḍak kasṛêgĕpané. tumrapiᶇ praja nédérlandakèḥ baṭiné, awit pamĕtuniᶇ cultūṙṣtélsél wiwit tahun 1830 tĕkan tahun 1878 ora kuraᶇ saka 800,000,000 rupiyaḥ (batig saldo).
woᶇ jawa ora duwé wragad lanora kobĕraṅgarap pĕsawahané, mulané dadi lan kĕmlaratané. iᶇ sawĕtara paṅgonan malaḥ ṅanti kambahiᶇ pacĕklik lan pahilan, kaya ta : cirĕbon, dĕmak lan grobogan (1848 1850). 
kaᶇ mĕṅkono iku sĕjatiné iya ora diniyati déniᶇ para kaᶇ yasa cultūṙṣtélsél, lan woṅiᶇ nāgara walanda akèḥ kaṅora rujuk yèn tindakiᶇ cultūṙṣtélsél bañjur sawĕnaᶇ wĕnaᶇ mĕṅkono. 
sawisé tahun 1854 akèḥ kaᶇ mbudidaya amriḥ suwakiᶇ cultūṙṣtélsél lan gugur gunuᶇ. 
iᶇ tahun 1865 tanduran tom disuwak, mĕṅkono uga tèḥ, manis jaṅan lan cochénillé (nopal). mrica suwak 1860, tĕmbako 1866, tĕbu tahun 1870. wĕt tahun 1915 ñuwak tanduran pĕkṣan kaṅisiḥ kari, yahiku kopi. dadi wiwitiᶇ tahun 1915 iku cultūṙṣtélsél wisilaᶇ babar pisan.
ana iᶇ nāgara walanda kana kaᶇ baṅĕtĕṅgoné ṅĕmohi cultūṙṣtélsél yahiku tuwan paṇḍita van hoëvéll. iᶇ tahun 1848 miturutowahowahaniᶇ gronwét, statén générahalolèḥ paṅwasa nitiprikṣa tindakiᶇ préntaḥ luhur tumrapiṇḍiya lan ṅulatulataké lĕbu wĕtuniᶇ ḍuwit nāgara, lan manèḥ statén générahal dipasrahi nĕtĕpaké"régléméntop hét béléyid dér régériṅin nédérlandśchindië" (régériṅsréglémént) lan pranatan liya liyané. marga saka iku van hoëvéll lan sagoloṅané bisa ṅaṇḍaraké panĕmuné ana iᶇ twédé kamér. régériṅsréglémént tahun 1854 wis ñĕbutaké yèn kabutuhaniᶇ kawula iṇḍiya kudu dipṛêlokaké ḍisik lan kawula iṇḍiya mahu saṅkaniᶇ sĕṭiṭik kudu didadèkaké baṅsa kaᶇ ñĕkĕl pamaréntaḥ (zélfbéstūr). (iᶇ tahun 1927 r.r. iku owaḥ lan salin jĕnĕᶇ dadi indiśché stahatsinrichtiᶇ = ⅰ.s.) babarĕṅan lan suwakiᶇ cultūṙṣtélsélana pranatan pranatanañar, kaᶇ bĕcik, kaya ta : pasar wis‍ora dipajĕgaké (maraᶇ cina). ananiᶇ batur tukon lan sapĕpaḍané dīlaṅi (1860) lan bab paṅĕdolé candu dikuwaśani gupĕrmèn piyambak (opiyumrégiyé).
iᶇ tahun 1864 ana compabilitéyitswét, nĕtĕpaké yèn bégrotiᶇ nédérlanśchindiyé iku kaᶇ gawé paréntahiṇḍiya babarĕṅan lan paréntaḥ nédérland sarta disahaké sraṇa aṅgĕraṅgĕr déniᶇ statén générahal.
iᶇ tahun 1870 ana agrariśché wét surasané : gupĕrmèn kĕna majĕgaké ƀumi kaᶇ duruᶇ tahu digarap maraᶇ woᶇ walanda suwéné iᶇ dalĕm 75 tahun. palĕmahané woṅiṇḍiya ora kĕna didol maraᶇ woᶇ kaᶇ dudu goloṅaniᶇ woᶇ pri ƀumi, yènora sraṇa lantaran paréntaḥ gupĕrmèn. marga saka iku : 
1. bañjur bisa ana kabudidayan kabudidayan gĕḍé. 
2. palĕmahané woᶇ pri ƀumi ora gampaᶇ bisané tumiba iᶇ taṅané woᶇ liya lan woᶇ pri ƀumi ora gampaᶇ kĕnané apus. 
pĕdagaṅan lan pĕlajaran bisa maju baṅĕt. iᶇ tahun 1870 anané pakumpulan pĕlajaran kaᶇ ḍisik ḍéwé jĕnĕṅé stomvahart mahatśchappij"nédérland". 
iᶇ tahun 1872 nalika g.g. lowudon rawuhiṅiṇḍiya, wis pṛêsasat kari nĕmu kĕpénaké, pṛêkara pṛêkara kaᶇ ndadèkaké rĕkasané woᶇ pri ƀumi wis pṛêsasatilaᶇ.
bab 6. tanahiṇḍiya saliyané tanaḥ jawa wiwit sabubariᶇ jamaniṅgris tumĕka sĕpréné. nalika pamaréntaḥ walanda dikuwaśakaké ṅĕrèḥ tanahiṇḍiya manèḥ, tanaḥ tanaḥ sajabaniᶇ tanaḥ jawa, kaᶇ bañjur ṅakoni winĕṅku iᶇ pamaréntaḥ walanda, yahiku : 
lampuᶇ, palémbaᶇ, baṅka lan paḍaṅiᶇ tanaḥ sumatra,
kasultanan pontiyanak lan bañjarmasiniᶇ bornéyo,
makasar lan mĕnaḍo iᶇ sèlèbĕs.
pulo pulo iᶇ moloko.

muṅguḥ trajaṅé gupĕrmènaṅgoné ṅasta tanahiṇḍiya, owahowaḥ ṅanti tĕluᶇ rambahan, yahiku : 1º tahun 1816 1850, 2º tahun 1850 1898, 3º tahun 1898 tumĕkané sapréné.

paṅwasaniᶇ pamaréntaḥ walanda ana iᶇ tanaḥ tanahiku mahu pṛêsasat muᶇ pĕṅaranaran, awit gupĕrmèn ṅanti wĕtara suwé kèndĕl bahé, ora mĕṅgaliḥ maraᶇ pĕpréntahaniᶇ tanaḥ tanaḥ kasĕbutiᶇ ḍuwur, marga saka ora ana wragadé. kĕjaba sumatra, baṅka lan baṇḍa mèhora ana kaᶇ mĕtu kasilé, dadi iya ora ana wragad kaᶇ kaṅgo ṅanakaké pṛênatan pṛênatan muriḥ bĕcikiᶇ pĕpréntahan. wuwuḥ wuwuhiᶇ nalika iku pamaréntaḥ lagi ṅudi baṅĕt bisané olèḥ baṭi kaṅakèḥ, awit pañcèn lagi butuḥ butuhé ṅaṅgo ḍuwit kaya kaᶇ wus katĕraṅaké iᶇ ṅarĕp.

suwéniᶇ suwé gupĕrmèn sok kĕpĕkṣa tumandaᶇ ṅébaraké paṅwasané, jalaran kuwatir mĕnawa kĕṇḍihiᶇ paṅwasané baṅsa liya. 

tandaṅiᶇ gupĕrmèn kaᶇ mĕṅkono iku racak kĕna diyaṅgĕp bĕcik tumrapiᶇ woᶇ woṅiᶇ kono, awit woᶇ woṅiku kĕrĕp muᶇ kinaniyaya iᶇ para paṅgĕḍé lan ratu ratuné ḍéwé. 

ana iᶇ sumatra gupĕrmèn kĕrĕpolèḥ pĕkéwuḥ marga ĕṅgoné tataṅgan lan woṅiṅgris kaṅisiḥ mĕṅkoné tanaḥ bĕṅkulĕn, (rafflés) lan niyas. rafflésiku pĕṅarahé biyèn supaya sa iṇḍiya iki bisowa lĕstari kahĕrèḥ maraṅiṅgris. tumĕkaniᶇ wĕktu iku, rèhniṅiṇḍiya wus bali maraᶇ walanda, paṅarahé rafflés muᶇ kari arĕp ñjĕmbaraké jajahanana iᶇ sumatra, awit surasaniᶇ"convéntiyé van londén" 1814 pañcènisiḥ pĕtĕᶇ. iᶇ tahun 1824 klakonana pṛêjañjiyanañar kaᶇ sinĕbut"tractahat van londén". iᶇ kono kasĕbut : jajahaniᶇ tanaḥ sumatra lan sacĕḍaké sumatra kĕjaba siṅapura, kahĕrèḥ gupĕrmèn walanda; iṅgris‍olèhijol jajahaniᶇ walanda iᶇ ƀuwana azië, yahiku malaka. kĕjaba iku walanda kĕbubuhan ṅlaraṅi ananiᶇ bajag lahutiṅaciḥ, naṅiṅaja ṅanti ṅaṅgo gaṅgu gawé maraᶇ kamardikaniᶇ praja aciḥ. 

ḍèk wĕtara tahun 1850 gupĕrmèn wiwit ñantosakaké paṅwasané lan ñjĕmbaraké bawahé, naṅiᶇ muᶇ nrima aṅgĕré wus bisa nĕnĕlukaké, dadi ora bañjur maréntahiᶇ kono, awit saka ora ana wragadé. luwiḥ luwiḥ barĕᶇ kĕtuṅka pĕcahiᶇ pĕraṅaciḥ kaᶇ wragadé ṅanti yutan rupiyaḥ, ĕṅgoné arĕp nata papréntahan dadi kaṇḍĕg ṅanti suwé. sabubariᶇ pĕraᶇ lombokiᶇ tahun 1894 lan sawisé mĕnaᶇ karo acihiᶇ tahun1898, gupĕrmèn wiwit ṅowahi trajaṅé tumrapiᶇ tanaḥ tanaḥ sajabaniᶇ tanaḥ jawa saraṇa nindakaké kaya tandaṅé générahal van héyutz ana iṅaciḥ (paṇḍiṅĕn kaca 119). srana prajañjiyan cĕkak kaᶇ sinĕbut"korté vérklariᶇ" para rāja raja paḍa diyaṅgĕpĕṅgoné ṅasta papréntahan ḍéwé, naṅiᶇ kudu ṅakoni yèn kabawahiᶇ pamaréntaḥ nédérland. tumĕkané sĕpréné"prajañjiyan cĕkak" iku wus diyaṅgĕpiᶇ para rāja 330. tanaḥ tanaḥ liyané kaṅora ana rajané uŧawa kaᶇ wus‍ora diyanani rāja, bañjur dibawaḥ préntaḥ gupĕrmèn piyambak (réchtstrékścḥ béstūr). gupĕrnur jéndral van héyutz gĕḍé lalabĕtané tumrapiᶇ jajahan sajabaniᶇ tanaḥ jawa. 

iᶇ ṅisoriki pṛêlu kawruhanapa kaᶇ klakonana iᶇ jajahan sajabaniᶇ tanaḥ jawa. 

1. sumatra. 

wus watara suwé baṅsa padri mumuṅsuhan lan para rāja iᶇ minaṅkabahu. baṅsa padri iku goloṅaniᶇ baṅsa islam kaṅarĕp ṅĕñcĕṅaké tindakiṅagama sarta añjaṅka supaya pĕpréntahaniᶇ praja onowa iᶇ paṅwasané para ulama. para rāja lan pĕṅgĕḍé dimuṅsuḥ lan kinuya kuya, bañjur paḍa ñjaluk pituluṅaniᶇ woṅiṅgris, naṅiṅora olèḥ gawé, waṣaṇa bañjur ñjaluk pituluṅaniᶇ walanda. gupĕrmèn rumaṅsa kĕpĕkṣa nuruti, awit kuwatir mĕnawa kĕḍisikan pituluṅané woṅiṅgris lan sumĕlaᶇ yèn paṅwasané baṅsa padri muṇḍak muṇḍak. pĕraᶇ padri iku mahu wiwit tahun 1821 tĕkan tahun 1837, rampuṅé barĕᶇ boñjol, tĕlĕṅiᶇ paṅwasané baṅsa padri, wus kĕna diyĕjègi jéndral cochiyus. paḍaᶇ hulu bañjur dibawaḥ préntahiᶇ gupĕrmèn ñjalari ayĕm tĕntṛêmiᶇ woᶇ woṅiᶇ kono. 

iᶇ tahun 1816 tanaḥ palémbaṅana pĕraᶇ rĕbut kapraƀon. 

kaᶇ jumĕnĕṅiᶇ wĕktu iku jujuluk sultan najam, déné kaṅarĕp ṅṛêbut paṅwasa asma sultan baḍar, kaᶇ wis diyundur saka iᶇ kalĕṅgahané nalika jamané rafflésisiḥ jumĕnĕᶇ litnan jéndral. 

sultan najam minta sraya maraᶇ rafflés laniya disaguhi, naṅiṅora ṅanti klakonolèḥ pituluṅan, jalaran paréntahiṅgris‍ora marĕṅaké. putusaniᶇ gupĕrmèn walanda kaᶇ digawé mĕnaᶇ lan dijumĕnĕṅaké sultan : baḍar, déné najam diyundur lan dikéṇḍaṅaké. waṣaṇa ora suwé sultan baḍar jĕbul muṅsuḥ maraᶇ walanda, gupĕrmèn ṅanti kĕpĕkṣa nĕmĕnani ĕṅgoné abandayudđa, sultan baḍar kĕcĕkĕl lan bañjur dikéṇḍaᶇ (générahal dé kock). putrané sultan najam diyaṅkat jumĕnĕᶇ sultan, naṅiᶇ para kawula wus kĕbañjur bubraḥ pikiré, akèḥ kaṅora ṅaṅgĕp maraᶇ śrī sultanañar, waṣaṇa iᶇ tahun 1824 paḍa mbaṅkaṅiᶇ paréntaḥ. kaparĕṅiᶇ gupĕrmèn wiwit nalika iku iᶇ tanaḥ palémbaᶇ wis‍ora diyanani sultan. 

iᶇ tahun 1856 tanaḥ lampuᶇ dibawahiᶇ paréntaḥ gupĕrmèn piyambak. lĕt sawatara tahun réjaᶇ lan léboᶇ, ĕṅgoné woᶇ woᶇ kaᶇ paḍa gawé rurusuhana iᶇ bĕṅkulĕn, kĕna ditĕlukaké. ana iᶇ sumatra pasisir wétan paṅwasaniᶇ gupĕrmèn muṇḍak muṇḍak gĕḍéné. niyasuga kĕna dijègi walanda, kaṅgo papan panaṅgulaṅiᶇ muṅsuḥ yahiku bajag lahutiṅaciḥ. mĕntawéyi ditĕkani wawakiliᶇ gupĕrmèn, naṅiṅĕṅgoné kĕbawaḥ pinaréntahiᶇ gupĕrmèn wisana iᶇ tahun 1905. 

iᶇ karajan siyak wis wiwit tahun 1855 ana rusuḥ. śrī sultan mumuṅsuhan lan kaᶇ rayi, kaᶇ dadi papatihiᶇ karajan, bañjur muṇḍut bantu maraᶇ woᶇ baṅsa iṅgris, jĕnĕṅé wilson. klakon saᶇ papatiḥ bisa tĕluk, naṅiᶇ wilson gĕnti dadi muṅsuḥ. tujuné śrī sultan bisa olèḥ pituluṅaniᶇ gupĕrmèn walanda, kaᶇ bañjur bisa ñiṅkiraké wilson. iᶇ tahun 1858 siyak lan gupĕrmèn pṛêjañjiyan, surasané wiwit nalika iku siyak sawĕwĕṅkoné kĕbawahiᶇ paréntaḥ nédérland. 

iᶇ tahun 1884 nalika śrī sultanolèḥ pakéwuḥ saka iᶇ tanaḥ jajahané, bañjur rĕrĕmbugan lan gupĕrmèn, kĕdadéyaniᶇ gunĕm : paṅwasané sultan diliyĕraké maraᶇ gupĕrmèn, klawan ṅaṅgo ijol ḍuwit, marga iku sultan ḍèli, asahan lan laṅkat katut dibawahiᶇ paréntaḥ walanda. 

jambi ṅanti suwé ora dipĕṅgaliḥ karo paréntaḥ gupĕrmèn. iᶇ wiwitané abad 20 lagi bahé gupĕrmèn mĕraṅi para santanané sultan kaṅora gĕlĕm diyajak bĕcik. iᶇ tahun 1906 jambi didadèkaké résidéntiyé. iᶇ tahun 1917 ana kraman, naṅiᶇ bañjur kĕna disirĕp. 

2. bornéyo. 

iᶇ tahun 1840 ana woṅiṅgrisaran jamés broké tuku tanahiᶇ sérawak saka sultaniᶇ brunéyi, lan bésuké broké malaḥ bisa gumanti dadi sultaniᶇ brunéyi iku. pulo labuhan didadèkaké statsiyunarĕᶇ watu. iya mĕrga jamés broké iku anané papréntahaniṅgrisiᶇ bornéyo sisiḥ lor kulon. 

gupĕrmèn walanda bañjur sumĕlaᶇ, manawa tanaḥ tanaḥ liyané bakalana manèḥ kaᶇ tumiba iᶇ paṅwasaniᶇ praja liya, maṅka awawaton kontrak kontrak lawas gupĕrmèn nduwèni wĕwĕnaᶇ tumrapiᶇ tanaḥ tanaḥ mahu. gupĕrmèn bañjur cañcut taliwanda, nĕtĕpaké paṅwasané ana iᶇ tanaḥ tanahiku sraṇa rĕmbug bĕḍami uŧawa sraṇa pamĕkṣa. iᶇ jajahan sambas lan pontiyanakakèḥ baṅsa cina kaᶇ paḍa maṅgahota golèkĕmas, sarta paḍa ṅĕdĕgaké pakumpulan kaᶇ dijĕnĕṅi koṅsi. para cina iku rumaṅsa yèn mĕrdika, mulané ora mahèlu maraᶇ papréntahané sultanuŧawa gupĕrmèn. kaᶇ mĕṅkono iku mĕṣṭi bahé dadi pĕraᶇ, lan cina kĕpĕkṣa nuṅkul, naṅiᶇ sawisé tahun 1824 gupĕrmènora kobĕr mĕṅgaliḥ kahananiᶇ bornéyo, awit lagi ribut marga saka pṛêkara pĕraᶇ padri lan pĕraᶇ dipanāgaran. iᶇ tahun 1854 gupĕrmèn ṅlurugi lan bisa ṅĕbroki bètèṅé woᶇ cina iᶇ montraḍo, ora suwé woᶇ cina iᶇ bornéyo wis‍ora gĕlĕm gora goḍa manèḥ ṅanti tumĕka sapréné. 

iᶇ tahun 1859 iᶇ bañjarmasinana kraman, marga saka sultan kaᶇ jumĕnĕṅiku pañcèn dudu bĕnĕré gumanti sultan. 

barĕᶇ kaṙṣané gupĕrmèn tanaḥ bañjarmasinarĕp digamblokaké dadi tanaḥ gupĕrménan, trajaṅiᶇ baṅsa kraman saya ṅgĕgirisi, gĕḍé gĕḍéniᶇ pĕraᶇ ṅanti sajroniᶇ 3 tahun. bala kraman bañjur muṅgaḥ mĕñaᶇ ḍusun landĕn lanisiḥ tansaḥ ṅajak mumuṅsuhan. iᶇ tahun 1899 kraman ndadi manèhana iᶇ kaṇḍaṅan. nuṅkulé babar pisanana iᶇ tahun 1905; bornéyo sisiḥ kidul lan wétan kabèḥ wis tĕtĕp kabawaḥ paréntaḥ gupĕrmèn walanda. 

3. sèlèbĕs. 

gowuvérnéyur générahal van dér capéllén ṅañaraké pṛêjañjiyané para rāja iᶇ sèlèbĕs lan ṅaṅgo owahowahan sawĕtara, naṅiᶇ sultan boné ora gĕlĕm malaḥ bañjur ṅajak pĕpĕraṅan. jéndral van gén diyutus ṅajar maraᶇ kwanèné woᶇ boné, naṅiṅora ditĕlukaké babar pisan. woᶇ boné ora duwé kĕṇḍak, malaḥ rāja raja bawaḥ gupĕrmènakèḥ kaᶇ diyaṅgĕp tĕlukané, sarta nariki pajĕgana iᶇ tanaḥ bawaḥ gupĕrmèn. iᶇ tahun 1859 boné dilurugi naṅiṅora olèḥ gawé, bañjur dituṅka luruganañar disénapatèni van swiyétén. rajané iᶇ nalika iku putri, balané kasoran; saᶇ rāja dèwi klakon diyundur. kaᶇ gumanti rāja, jujulukaru palaka, ora dikira kira yèn bakalarĕp mbaṅkaᶇ maraᶇ gupĕrmèn manèḥ. waṣaṇa barĕṅotot bayuné woᶇ boné wis puliḥ, wani ñidrani prajañjiyané karo gupĕrmèn, lan bañjurana rurusuḥ manèḥ. luputé gupĕrmèn déné andĕlandĕlan tĕmĕn, iᶇ kono tĕka ora mahu mahuné didokoki suraḍaḍu. 

iᶇ tahun 1905 pambaṅkaṅé woᶇ boné wis kĕna dikĕṇḍakaké babar pisan. rāja raja kaᶇ kĕplayu paḍa diyoyak. sèlèbĕs tĕṅaḥ lan kidul wis nuṅkul tĕmĕnan. sèlèbĕs wétan nalika tahun 1907 iya wus dadi tanaḥ gupĕrménan sraṇa dituku saka sultaniᶇ tĕrnaté. wiwit nalika iku sèlèbĕs ṅrasakaké katĕntṛêman lan duwé paṅarĕparĕp maraᶇ tĕkané jaman kaᶇ luwiḥ bĕcik. 

4. moloko lan niyéyuw guwinéya. 

woᶇ woṅiᶇ moloko ora sĕnĕᶇ déné walanda bali ṅwasani tanaḥ moloko, awit kañji nalika siniyasat ḍèk jamané ṿ.o.c. iᶇ tahun 1817 iᶇ saparuwa ana kraman malaḥ ṅanti mrèntèk maraᶇ pulo pulo iᶇ sakiwa tĕṅĕné. van dér capéllén pariᶇ kamayaran warna warna maraᶇ woᶇ moloko. iᶇ tahun 1863 tanduran pĕkṣan cĕṅkèḥ lan pala iṅambon lan baṇḍa wis disuwak, éwadéné moloko ora bisa karta raharja. iᶇ wiwitané abad 20 iki séram tĕṅaḥ ditĕntṛêmaké lan didokoki suraḍaḍu. rāja raja tĕrnaté lan tiḍoré ṅaṅgĕp prajañjiyan cĕkak. halmahéra iya wus kĕna dipṛênata. 

wiwit tahun 1898 iᶇ niyéyuw guwinéya wiwit diyanani papréntahan pṛênatané kaṅjĕᶇ gupĕrmèn. 

5. pulo pulo suṇḍa cilik. 

pulo pulo iki iya prasasatora dipṛêduli karo kaṅjĕᶇ gupĕrmèn. muᶇ kala kala kaṅjĕᶇ gupĕrmèn ṅlurugaké wadyabala. kaᶇ sapisanan ḍèk tahun 1849 (pulo bali) pṛĕluné kaṅgo ṅlaraṅi adat kaᶇ dudu samĕṣṭiné, kaya ta : dol tinuku batur, raṇḍa pinĕkṣa béla oboᶇ, lanadaté woᶇ pasisir mĕnawa ana prahu kaṇḍas bañjur dibèki lan woṅé didol didadèkaké batur tukon. 

woᶇ woṅiᶇ lombok baṅsa sasak, paḍa mbaṅkaᶇ maraᶇ ratu ratuné lanaṅraman. ratu ratuné iku daraḥ bali. gupĕrmènarĕp ñapihĕṅgoné mumuṅsuhan naṅiᶇ ditulak, mulané iᶇ tahun 1894 ṅlurugaké wadyabala 2.400 disénapatèni jéndral véttér lan van ham. ana iᶇ cakranāgara prajurité van ham karusakan marga linimpé tinĕmpuhiᶇ muṅsuḥ. jéndral van ham ḍéwé ṅanti tumĕka iᶇ tiwas. jéndral véttér sawisé wuwuḥ pṛêjurité bañjur mbĕḍaḥ mataram. ratuné diyundur, lan gupĕrmèn gumanti ṅasta paṅwasa iᶇ kono. karaṅasĕm kaᶇ mahuné bawaḥ mataram, iya klĕbu dadi jajahané gupĕrmèn, mĕṅkono uga karajan karajan cilikiᶇ bali liyané. wiwit nalika iku pĕraᶇ pĕraṅaniᶇ bali lombok wis śīṙṇna, dol tinuku batur lan béla maraᶇ kakuᶇ sraṇa pati oboᶇ (puṅkas puṅkasané klakoniᶇ tahun 1903) wis‍ora kĕna ditindakaké. gupĕrmèn saya tĕmĕnanĕṅgoné mĕṅgaliḥ maraᶇ kapulowan suṇḍa cilikiku. 
bab 7. pĕraṅaciḥ 1873 1904. pĕraṅacihiku wiwitané ḍèk tahun 1873 rampuṅé ṅanti tĕkan tahun 1904. tumrapiᶇ kaṅjĕᶇ gupĕrmèn pĕraṅiku kaᶇ muŧawatiri ḍéwé lan wragadé ĕntèkakèḥ ḍéwé; tumĕka tahun 1884 bahé wis‍ĕntèk wragad ±150 yuta rupiyaḥ, laniᶇ sabañjuré wragadé iᶇ dalĕm satahuné kuraᶇ luwiḥ 7 yuta rupiyaḥ. 

ḍèk sĕmana acihiku praja kaṅisiḥ madĕg ḍéwé, ora kĕbawahiᶇ ṅĕndi ĕndi. rèḥné tumindakiᶇ paṅrèḥ praja ora bĕcik, mulané kĕrĕp gawé pakéwuhiᶇ tanaḥ jajahan nédérland laniṅgris. woṅiṅacihakèḥ kaᶇ gawé gawatiᶇ dalaniᶇ lahutan, yahiku saraṇa ambĕbajag, ṅalaṅalaṅi tumindakiᶇ dagaᶇ layar lanisiḥ nindakaké dol tinuku batur tukon. 

katoné saka iᶇ jaba aciḥ nalika sĕmana praja sĕwiji wĕwĕṅkoné sultaniṅaciḥ, anaṅiᶇ satĕmĕné pĕcaḥ pĕcaḥ dadi praja cilik cilikakèḥ, paṅgĕḍéné prasasat madĕg ḍéwé ḍéwé, ora rèhiṅĕrèḥ. śrī sultaniya muᶇ kari paṅaranaran bahé : ratu iṅaciḥ, naṅiᶇ satĕmĕné ora duwé paṅwasa maraᶇ pĕṅgĕḍé pĕṅgĕḍéniᶇ tanaḥ, muᶇ yèn lalawanan rĕmbug karo mañcanāgara śrī sultanisiḥ diyaṅgĕp susulihiᶇ satanahaciḥ kabèḥ. muṅguḥ paméraṅé tanahacihiku mĕṅkéné : 

kampuᶇ kampuᶇ sawatara ṅumpul dadi satanaḥ, diyĕrèhiᶇ paṅgĕḍé apaṅkatulubalaᶇ. wĕwĕṅkoné ulubalaᶇ sawĕtara ṅumpul dadi sapĕpréntahan, jĕnĕṅé sagi dipĕṅgĕḍèni ulubalaᶇ pipilihaniᶇ kono asĕbutan paṅlima sagi. aciḥ bĕsariku kapéraᶇ dadi tĕluᶇ sagi, jĕnĕṅé mukim ⅹⅻ, mukim ⅹⅹⅴ lan mukim ⅹⅹⅵ. 

mukim mono kumpuliᶇ kampuᶇ kampuᶇ kaᶇ tuṅgal samaśjid. sabĕn samukimana pĕṅgĕḍéné tumrapiṅagama, apaṅkatimam, sarta imamiku iya duwé paṅwasa tumrapiᶇ pṛêkara pĕpréntahan, naṅiṅisiḥ kawĕṅku iᶇ paṅwasaniṅulubalaᶇ. paṅlima sagi iᶇ mukim ⅹⅹⅶ sinĕbut paṅlima polĕm (polĕm = kakaᶇ, raka) lan kajèn kèriṅan ḍéwé. 

ulubalaṅiku kĕrĕp sulaya iᶇ panĕmu karo téyuṅku uŧawa ulama, kaᶇ mèlu mèlu ṅṛêmbug pṛêkara paṅrèḥ praja awawaton kitab kor'an. 

sri sultanĕṅgoné isiḥ dipuṇḍi puṇḍi iṅakèhiku muᶇ marga ṅlĕluri nalikané sultanacihisiḥ kuwaśa kaya ḍèk jamané sultaniskandar (1636), naṅiᶇ sajroniṅabad 18 19 kwaśané muᶇ kari iᶇ sakubĕṅé kuṭa aciḥ, kaḍatoné wis rusak lanora kopèn. jumĕnĕṅé sultan saka pĕmilihiᶇ paṅlima sagi, naṅiᶇ sultan lan para paṅlima sagi iku paḍa madĕg ḍéwé ḍéwé, ora bawaḥ binawaḥ. mula iya layak bahé yèn tumindakiᶇ praja rusuḥ lanora ana tĕntṛêmé (anarchiyé). 

marga saka iku aciḥ kĕrĕp ndadèkaké karibĕdaniᶇ papréntahaniṅgris, nédérland lan liya liyané. iᶇ tahun 1824 iṅgris lan nédérland gawé pṛêjañjiyan, karan tractahat van londén, surasané nédérland dipasrahi ñjaga kaslamĕtaniᶇ prahu prahu kaᶇ ṅambaḥ sĕgara wĕwĕṅkoné aciḥ, naṅiᶇ nédérlandora kĕna ñahak kamardikaniṅaciḥ, awit disumĕlaṅaké manawa paṅwasaniᶇ nédérlandana iᶇ sumatra bañjur muṇḍak muṇḍak. 

iᶇ tahun 1857 śrī sultanibrahim mansur syaḥ kĕtamuwanutusaniᶇ gowuvérnéyur générahal bĕtawi. tĕkané utusan samĕkta kapal pĕraᶇ, ṅgawa nawala kaṇṭi baraᶇ warna warna, katur śrī sultan. nalika iku śrī sultan lan gupĕrmèn yasa pṛêjañjiyan minaṅka taṇḍaniᶇ pamitran : ĕṅgoné dagaᶇ layar baṅsa walanda ora bakal dimunasika, bajag sĕgara, bégaliṅurut pasisir lan dol tinuku baturarĕp diyalaṅalaṅi. pṛêjañjiyaniku śrī sultanora sagĕd nĕtĕpi, awitora kaguṅan paṅwasa tumrap maraᶇ sagi uŧawa kampuᶇ liyané. 

iᶇ tahun 1858 nédérland pṛêjañjiyan karo śrī sultan siyak (siyak tractahat) surasané : siyak lan sawĕwĕṅkoné dadi jajahan nédérland. maṅka jajahan siyakiku satĕmĕné jajahanaciḥ, tĕka sahiki dadi bawaḥ nédérland. prakara iku naṅèkaké kasujananiᶇ woṅaciḥ maraᶇ woᶇ walanda, ṅaṅgĕp yèn woᶇ walanda ṅlaṅgaṛĕṅgoné pṛêjañjiyan mimitran karo sultanibrahim mansur syaḥ. woṅaciḥ bañjur wani mbajag prahu walanda lan wani mbĕḍili bètèᶇ walanda iᶇ batubara ana iᶇ wĕwĕṅkon siyak. 

wiwit tahun 1869 yahiku sabukakiᶇ kanahal suwéz, dalaniᶇ dagaᶇ layar mĕñaṅasiyaḥ mĕtu iᶇ sĕgara loriᶇ sumatra, dadi baṅsa kaᶇ paḍa dagaᶇ layariku mahu mĕṣṭiné paḍa sĕnĕᶇ muṅguḥ bisowa olèḥ palérénanana iṅacihuŧawa duwé taṇḍonarĕᶇ watu ana iᶇ kono. baṅsa walanda laniṅgris malahora bisa ṅaraḥ kaᶇ maṅkono iku, awit woᶇ walanda digĕṭiṅiᶇ woṅaciḥ lan woṅiṅgris kĕpalaᶇ tractahat 1824, wis‍ora arĕp duwé karĕpapa apa ana iᶇ sumatra. 

maṅka woṅaciḥ, rèhniᶇ praja mĕrdika, iᶇ samaṅsa maṅsa bisa sarĕmbug karo praja liyané, kaya ta : turki, italiyé, vérénigdé statén lan frankrijk. 

marga saka pṛêkara iku mahu kabèḥ, iṅgris lan walanda rumaṅsa pṛêlu ṅowahi tractahat londén. iᶇ tahun 1872 gawé pṛêjañjiyanañar kaᶇ jĕnĕᶇ sumatra tractahat, surasané : nédérlandana iᶇ sumatra kĕna tumindakiᶇ sakarĕpé, muᶇ bahé iṅgris‍olèḥ jajahan nédérland kaṅana pasisiré tanaḥ guwinéya iᶇ ƀuwana afrika, sarta ana iᶇ siyak lanana iᶇ tanaḥ tanaḥ sumatra kaᶇ bakal dadi jajahan nédérland, iṅgris kĕna dadagaṅan lan sapanuṅgalané, kayadéné woᶇ walanda. 

préntaḥ walanda bañjur tumindak ṅlaraṅi dagaᶇ batur tukon lan ṅgusahi bajagiṅaciḥ, sarta mèlu ṅṛêmbug pṛêkaraniᶇ nāgara nāgara cilik. mĕṣṭi bahé woṅaciḥ saya gĕṭiᶇ baṅĕt maraᶇ walanda. utusaniᶇ sultan kĕtĕmu karo résiḍèn walanda iᶇ riyowuw ṅṛêmbug muriḥ bĕcikiṅaciḥ lan nédérland, gupĕrmèn nuruti apa kaᶇ dadi karĕpiṅaciḥ, baliniṅutusan malaḥ ditĕraké ṅaṅgo kapal pĕraᶇ, lakuné ṅliwati siṅapura. sajroné lèrènana iᶇ siṅapura iku, utusan tĕpuᶇ rĕmbug karo consulitaliyé lanamérika, ñjaluk supaya dibiyantoni mĕnawa aciḥ klakon mumuṅsuhan karo nédérland. consulamérika ñaguhi. kĕjaba iku woṅacihiya golèk bantu mĕñaᶇ frankrijk. 

préntaḥ walanda ṅuniṅani iku kabèḥ. tinimbaᶇ kĕḍisikan tĕkaniᶇ bantu saka amérika uŧawa praja liya, ministér van koloniyén franssén van dé putté ḍawuḥ maraᶇ gowuvérnéyur générahal mr. j. lowudon supaya nĕmĕnani ĕṅgoné rĕmbugan karo aciḥ. g.g.j. lowundon bañjurutusan ⅵ cé présidént rahad vanindiyé mĕñaṅaciḥ kaṇṭi kapal pĕraᶇ papat lan pṛêjuritora kuraᶇ saka 3.800 aṅgĕnahaké bab pṛêkara rĕrĕmbugan karo consulamérika lanitaliyé ana iᶇ siṅapura. barĕᶇ katraṅané aciḥ diyaṅgĕpora saḥ, utusan nédérland bañjur nantaᶇ pĕraᶇ, laniya klakon dadi pĕraᶇ, suwéné ṅanti 31 tahun. 

sénapatiniᶇ pṛêjurit walanda mĕḍun saka prahu niṇḍihi bala kèhé 3.800. woṅaciḥ wus prayitna. campuhiᶇ pĕraᶇ gègèt gĕnti kaliṇḍiḥ, waṣaṇa sénapatiniᶇ walanda générahal kohlér kèsisan wadya, kĕna rinaṅsaṅiᶇ pĕḍaṅé woṅaciḥ, ambruk kapisanan, nĕmahi tiwas. 

bala walanda biluluṅan biṅuᶇ kélaṅan sénapati, bañjur kĕpĕkṣa mundur, muṅgaḥ mĕñaᶇ paru, bali mĕñaᶇ bĕtawi. 

woṅaciḥ baṅĕt gambiraniṅatiné, rumaṅsa uṅguliᶇ jurit, ora ṅira yèn bañjur ditĕkani générahal van swiyétén ṅgawa bala 8.000, lan kapal pĕraᶇ piraᶇ piraᶇ. prajuritacihora kuwat naḍahi paṅamukiᶇ wadya walanda, sasisaniᶇ kaᶇ mati paḍa mundur ṅuṅsi urip. kaḍatoné śrī sultan dijègi bala walanda, lan bañjur digawé ĕṅgon klumpukaniᶇ saraḍaḍu lan papan padunuṅaniᶇ paṅwasa gupĕrmèn, sarta jĕnĕṅé lĕstari sinĕbut kottaraja. ora lĕt suwé śrī sultan séda, kĕcaṇḍakiᶇ choléra, anaṅiᶇ sédaniᶇ śrī sultan prasasatora ṅowahaké lalakonapa apa. 

tumĕkaniᶇ praja nédérland goloṅan walanda sĕnĕᶇ baṅĕt kruṅu yèn kaḍatonaciḥ wis kĕna dijègi, paṅrasané, woṅaciḥ kabèḥ wis prasasat kĕna ditĕlukaké. déné kañatahané ora mĕṅkono. para paṅlima, ulubalaᶇ lan liya liyané isiḥ ṅiṅgitiṅgit baṅĕt maraᶇ woᶇ walanda. paṅlima polĕm kaᶇ minaṅka tutuwané. préntaḥ walanda bañjur wis‍ĕmoḥ ṅaṅgĕp maraᶇ para paṅlima iku, sawĕwĕṅkoniṅaciḥ bĕsar diyaṅgĕp dadi duwèkiᶇ walanda, ṅgĕntèni paṅwasaniᶇ sultan. van swiyétén sèlèḥ, digĕntèni kolonél pél, ṅwasani pĕpréntahan civiyél lan militahir. wadya walanda akèḥ kaloṅé marga kĕtrajaṅiᶇ choléra, malahiᶇ tahun 1876 pél piyambakiya séda. iᶇ tahun 1879 kèhiᶇ wadyabala walanda kaᶇ maju pĕraṅana 11.000, yènana kaloṅé bañjur digĕnĕpi manèḥ. 

iᶇ tahun 1878 générahal karél van dér héyijdén ñĕkĕl paṅwasa iᶇ kottaraja apaṅkat militahir gowuvérnéyur. pĕraṅé wadyabala walanda bisa olèḥ gawé, jajahan walanda muṇḍak muṇḍak, para paṅlima lanulubalaṅakèḥ kaᶇ nuṅkul. aciḥ bĕsar wus kĕna kawĕṅku babar pisan. gupĕrnur van dér héyijdén diyaṅgĕp wis rampuᶇ gawéné, ḍinawuhan sèlèḥ paṅuwasa, kapasraḥna maraᶇ pruwijs van dér howévén, apaṅkat civiyél gowuvérnéyur. 

panĕmuné gowuvérnéyur van dér howévén mĕnawa gowuvérnémént bĕcik paṅrèhé lanora pijĕr gora goḍa mĕraṅi woṅaciḥ, mĕṣṭi bañjur gawé tĕntṛêmiᶇ tanahaciḥ, woᶇ woṅé bakal mapan ḍéwé, manut maraᶇ pṛênatanañar. kĕdadéyané panĕmu iku kliru, awit woṅaciḥ bañjur malaḥ muṇḍak kwanèné, ora rumaṅsa yèn dikalahi. 

bégal kaya diyuṅgar karĕpé. kampuᶇ kampuᶇ kaᶇ wis tĕluk maraᶇ gowuvérnémént dirusak, dijaraḥ rayaḥ, pṛêjurité téyuṅku umar ṅṛêrusak tanaḥ pĕsisir kulon. luwiḥ manèḥ kwanèné woṅaciḥ barĕᶇ niyaté ĕṅgoné pĕraᶇ diyaṅgĕp pĕraᶇ sabil, saṅśaya suwé wus‍ora wĕdi iᶇ baƀaya, ṅanti kottaraja pisaniya arĕp ditĕmpuḥ. pruwijs van dér howévén rumaṅsa ora kwagaᶇ ṅantĕpi panĕmuné ḍéwé, bañjur lèrèḥ. kaᶇ ṅgĕntèni ora suwé iya nrima sèlèḥ, awitora kwagaᶇ nindakaké paṅrèḥ civiyél mahu. 

iᶇ tahun 1884 gupĕrmèn salin gĕlar kaᶇ diyarani coñcéntratiyé stélsél. paṅrèhiᶇ militahir lan civiyél dadi siji. wadyabala diklumpukaké ana iᶇ kottaraja lan sakiwa tĕṅĕné. wiwit saka pasisir kulon tĕkan pasisir wétan didĕgi bètèᶇ bètèᶇ, digaṇḍèᶇ sraṇa dalan trèm. pĕsisiraciḥ dijaga iᶇ suraḍaḍu lahutan. coñcéntratiyé stélséliki wragadé muᶇ watara f 7,000,000 sĕtahun tahuné, maṅka kaṅuwisuwis kanan kériṅé f 15 uŧawa 20,000,000 satahun. tanahiᶇ sajroniᶇ pajagan suraḍaḍu tĕntṛêm. paṅarĕparĕpé supaya para paṅlima wĕruḥ kaᶇ mĕṅkono iku bisowa paḍa nuṅkularis saka karĕpé ḍéwé, jĕbuliya isiḥ diyaṅgĕp yèn walanda ora wani nĕmpuḥ, dadi sajabaniᶇ pajagan coñcéntratiyé stélsél lĕstari rusuḥ lan mumuṅsuhan. 

iᶇ tahun 1893 téyuṅku umar nuṅkul maraᶇ gupĕrmèn bañjur ṅajak nĕlukaké sa aciḥ kabèḥ. gupĕrmèn nuruti, laniya klakon téyuṅku umar katon lalabuhané, mulané bañjur pinarcaya, kĕna tinĕmbuṅaké kandĕliᶇ pasuwitané. barĕᶇ kĕlénan téyuṅku umar bañjur lolos ṅgawa ḍuwit lan gagamaniᶇ walanda, ṅumpul karo baṅsané manèḥ (1896). baṅsa aciḥ bisa muṇḍak santosa, awitolèḥ wragad, olèḥ tambaḥ gagaman, lan muṇḍak paṅṛêtèné maraᶇ muṅsuḥ. 

iᶇ tahun 1893 sarjana c. snowuck hurgroñjé ṅĕtokaké buku kaᶇ dijĕnĕṅaké"dé acéhéṙṣ" ṅĕmot kahananiᶇ tanaḥ lan woṅaciḥ, bab cara lan pranatané iṅaciḥ, babĕṅgoné pĕraᶇ lan bab kliruné trajaṅiᶇ gupĕrmèn. 

kĕbarĕṅaniᶇ wĕktu iku major j.b. van héyutsz ñĕbar layaᶇ surasané : acihiku kĕna ditĕlukaké sraṇa saraḍaḍu kaṅana acihiku bahé, ora susaḥ muṇḍak wragad, aṅgĕré woṅaciḥ diwĕruḥna yèn muṅsuhé luwiḥ kwaśa lan santosa. pranatan coñcéntratiyé isiha lĕstari naṅiᶇ saraḍaḍuné tumandaṅa ṅṛêbut tanahaciḥ bĕsar, sawusé iku bañjur nĕluk nĕlukna sagi liyané. ministér van koloniyén j.t. crémér lan g.g. van dér wijckambomboᶇ kakarĕpaniᶇ van héyutsz. 

préntaḥ gupĕrmènaṅgéga panĕmuniᶇ sarjana loro iku mahu. iᶇ tahun 1896 générahal véttér ṅaṅsahaké wadyabala. iᶇ tahun 1899 téyuṅku umarasor jurité nĕmu pati iᶇ satĕṅahiᶇ papraṅan. iᶇ tahun 1897 aciḥ bĕsar wis kĕna diyaṅgĕp tĕntṛêm. wadya walanda bañjur ṅlurugi pĕdir (pidiyé) paṅgonané muṅsuḥ kaᶇ ṅaṅkaḥ dadi sultan. tĕlukiᶇ pĕdir nalika van héyutsz jumĕnĕᶇ gowuvérnéyuriṅaciḥ. 

iᶇ tahun 1901 samalaṅan wis bisa tĕluk. para paṅlima, ulubalaᶇ sapĕpaḍané kaṅora gĕlĕm nuṅkul paḍa ṅumpulana iᶇ tanaḥ kidul. ovéṙṣté van dahaléniᶇ tahun 1904 ṅlĕboni tanaḥ gayulanalas, tanaḥ kaᶇ duruᶇ tahu kambahiᶇ woṅéyuropa, gawé girisiᶇ muṅsuhaciḥ. iᶇ tahun 1904 iku puṅkas puṅkasané praṅaciḥ, awitiᶇ tahun ṅarĕpé 1904 muhamad dawot (kaᶇ bakal kahaṅkat sultan) paṅlima polĕm lan rāja iᶇ kéyumala wus nuṅkul tĕmĕnanan maraᶇ paṅwasaniᶇ nédérland. para rāja kaᶇ wis tĕlukiku, manawa isiḥ dilĕstarèkaké mréntaḥ nāgarané, ṅaṅgo kudu naṇḍani pṛêjañjiyan kaᶇ diyarani korté vérklariᶇ yasané g.g. van héyutsz. (paṇḍiṅĕn k. 111). sabubariᶇ pĕraᶇ gupĕrmèn mṛêlokaké baṅĕtĕṅgoné ndandani tanahaciḥ, lan mumuliḥ katĕntṛêmaniṅatiné woᶇ. 

plabuhan sabaṅiᶇ tahun 1903 iku nambahi ajuniᶇ padagaṅan. bab tatanèn lan ṅiṅu rajakaya dipĕṙṣudi baṅĕt. sĕkolaḥ sĕkolahaniya ora kari. woṅaciḥ katon sĕnĕᶇ maraṅanané pamulaṅan, mulané cacahiᶇ pamulaṅan tansaḥ muṇḍak. ananiᶇ dalan, kṛêtĕg lan trèm nambahi rĕjané tanahaciḥ. 

siji loro isiḥ sokana woᶇ kaᶇ nĕdya ala ṅrusak katĕntṛêman. woᶇ kaᶇ mĕṅkono iku iya prasasat muᶇ ñiḍam bĕḍiliᶇ saraḍaḍu, naṅiᶇ tumĕkaniᶇ sahiki wisaraᶇ baṅĕtanané. 

muṅguhiᶇ pĕpréntahanaciḥ civiyél lan militahirisiḥ winĕṅku dadi siji ana iᶇ kwaśaniᶇ gowuvérnéyur civiyél, awit paréntahisiḥ kwatir, mĕnawa kliru manèḥ kaya ḍèk tahun 1881. 

sahiki aciḥ kĕrta. tanaḥ lan woṅé krasa maraṅénakiᶇ pĕpréntahan walanda, awitiᶇ mahuné muᶇ tansahorĕgorĕgan, kèlu maraṅardaniᶇ para pĕṅgĕḍé.

bab 8. gagragañar. i. tindakiᶇ pĕpréntahan.

watara wiwitabad 19 akir tindakiᶇ gupĕrmèn muṅguhiṅaṅgoné ṅajokaké baṅsa pri ƀumi owahowaḥ saka saṭiṭik, kĕtara yènarĕp ṅaṅgo gagragañar. 

marga saka apa? iᶇ tahun 1860 ana layaṅaṅgitané"max havélahar" ñaritakaké alaniᶇ kahananiᶇ tanaḥ jawa. buku iku ana iᶇ nédérlandakèḥ kaᶇ maca, kaya ta : para puṅgawa narapraja, lan liya liyané.

saduruṅé iku, prédikant baron van howévéll wiwit ḍèk tahun 1848 ana iᶇ twédé kamér wis baṅĕtĕṅgoné ṅuṅsiluṅsilaké supaya woᶇ pri ƀumi dirĕmbuga kabutuhané. waṣaṇa iᶇ tahun 1899 mr. van dévéntér ṅaṇḍaraké panĕmuné ana layaᶇ kabar"dé gids" iᶇ ḍuwur ditulisi : éréśchuld; tĕgĕsé : utaᶇ kahutaman. 

tĕluᶇ babiku kaᶇ nanarikatiné woᶇ nédérland, supaya mbĕcikna kahananiᶇ tanahiṇḍiya.

zéndiᶇ lan missiyé, luwiḥ luwihana iᶇ jajahan sajabaniᶇ tanaḥ jawa, malaḥ wis ṇḍisiki ṅgoné ṅajokaké baṅsa, yahiku sraṇa gawé pamulaṅan lan panti roga.

sĕnajan wis‍ora pṛêlu baṅĕt kaṅgo mituluṅi karusakaniᶇ kas nédérland, babaṭèné cultūṙṣtélsélisiḥ digawa mĕñaᶇ nédérland bahé. tujuné pṛênatan kaᶇ kaya maṅkono iku saka saṭiṭik bisa suwak (paṇḍiṅĕn kaca 108), mulané woᶇ pri ƀumi iᶇ wĕktu iku (± wiwit tahun 1872) wis‍olèḥ kamayaran.

iᶇ tahun 1882 pṛênatan gugur gunuᶇ kaṅgo para paṅgĕḍé pri ƀumi wus disuwak, disalini pajĕg siraḥ klawan mayar. nalika tahun 1827 pajĕg siraḥ disuwakuga. gugur gunuᶇ tumrap pakaryan nāgara (gupṛêmèn) isiḥ lĕstari, naṅiᶇ muᶇ kari sĕṭiṭik baṅĕt. mahuné 40 uŧawa 50 dina iᶇ satahuné, dikarèkaké 7 uŧawa 8 dina iᶇ dalĕm sĕtahun. 

anané crédiyétwézén, pranatan lumbuᶇ déśa lan pĕgaḍéyan gupĕrmèniku uga mahédahi baṅĕt tumrap kabutuhaniᶇ baṅsa pri ƀumi, awit rada bisa sumiṅkir saka nafsuniᶇ para kaᶇ gawé cilakaniᶇ woᶇ kĕmlaratan sraṇa motaṅi ṅaṅgo anakan kaᶇ luwiḥ saka ṅékat. 

ananiᶇ lalara warna warna iku dadi papalaṅiᶇ kĕmajuwan, mulané gupĕrmèn yasa burgérlijké généskundigé diyénst (sahiki diyénst vor volkṣgézoṇḍéyid. d.v.g.) kaṅgo naṅgulaᶇ lalara mahu, supaya ora ṅambra ambra. 

iᶇ sakawit woᶇ pri ƀumi ora pati gĕlĕm tatamba cara éyuropa, awit saka diyaṅgĕp ñulayani karo adat tatacarané uŧawa marga ora pati wani maraᶇ baṅsa éyuropa sarta pañcèn saka kuraṅiᶇ paṅṛêtiné. 

bañu ombèn saka yĕyasan nāgara ana iᶇ kuṭa kuṭa gĕḍé, iku ñĕgaḥ tumulariᶇ lalara choléra, tyꝑus, dyséntériyé lan sapituruté. 

sumĕbariᶇ kĕnini (tablèt), apadéné paṅĕsatiᶇ rawa rawa lan jĕjĕmbĕg, agawé tintrimé si satru malariya. pira bahé wragadé nāgara kaᶇ kaṅgo naṅgulaṅardaniᶇ pĕñakit pést. suntik choléra, suntik tyꝑus lan suntik cacariku gĕḍé baṅĕt pahédahé. ('s lands kowépokinrichtiṅéninstitūt pastéyur). lan suntik lalara paṭèk lagi saḍéla bahé wis bisa marasaké woᶇ mahèwu èwu. sĕkolahanindiśché artséniᶇ bĕtawi lan surabaya sabĕn tahun ṅĕtokaké ḍoktĕrakèḥ. vérplégéṙṣ lan vérplégstéṙṣ baṅsa pri ƀumi uṇḍaké sabĕn tahuniya ora sĕṭiṭik. 

paṅgarapé lĕmaḥ woṅiṇḍiya isiḥ kuraᶇ sampurna, kari baṅĕt yèn ditaṇḍiᶇ karo iᶇ tanaḥ tanaḥ liyané. piranti lan rabuk rabuk cara panĕmu añar, sĕnajanana iᶇ tanaḥ jawa pisan mĕkṣa duruṅakèḥ kaṅgoné. ananiṅirrigatiyé gĕḍé baṅĕt pahédahé. ƀumi jĕmbaré guṅguᶇ 500,000 bahu, kaᶇ mahuné muṅañjagakaké tibaniᶇ bañu udan, bañjur bisa dadi sawaḥ sorotan, naṅiᶇ wragadé kaṅjĕᶇ gupĕrmèniya akèḥ. sapréné wis‍ĕntèk watara 50 yuta rupiyaḥ kaᶇ kaṅgo yasa irrigatiyé mahu. biyèn kali solo ana iᶇ bawaḥ rĕmbaṅarĕp dibĕnduᶇ, naṅiṅora bisa kasil, tur wus ṅĕntèkaké wragad 17 yuta rupiyah! éwadéné sahiki mĕkṣa isiharĕp ditandaṅi manèḥ. yèn baṅsa iṇḍiya ora olèḥ piwulaᶇ kaᶇ tĕmĕnan, mokal bisané ambĕcikaké kahanané kaya kaᶇ kasĕbutiṅaṅka 1, 2, 3, iᶇ ḍuwuriku. lan manèḥ sarèḥné cacahiᶇ woᶇ muṇḍak muṇḍak (jiwa iᶇ tanaḥ jawa lan madura nalika 1845 ana 9 yuta; tahun 1905 dadi 30 yuta luwiḥ, iᶇ tahun 1912 wis 35 yuta), suwé suwé apa bisa tatanèn kabèh? laḥ sapira ambaniᶇ sawah! ora wuruᶇ yènora ana dalan liya, mĕṣṭi bakal rĕkasa ĕṅgoné paḍa ṅupajiwa. marga saka iku tumĕkané sĕpréné bab pamulaṅan diyaṅgĕp pṛêlu ḍéwé tumrapé kĕmajuwaniᶇ baṅsa pri ƀumi.

sajroniᶇ pĕpréntahané gowuvérnéyur générahal rochussén (1845-1851) wisana pipintaniᶇ wragad (f 25.000) kaṅgo pamulaṅan tumrap baṅsa pri ƀumi. iᶇ tahun 1866 adĕgé sĕkolahan guru pri ƀumi kaᶇ sapisanan (baṇḍuᶇ). iᶇ tahun 1872 wragadé pamulaṅan pri ƀumi diyuṇḍakaké dadi akèḥ lan sabañjuré pṛênatané tansaḥ dibĕcikaké lan wragad diyuṇḍaki, ṅanti tumĕkané sĕpréné. 

goloṅan zéndiᶇ kaya kaᶇ wus kapratélakaké iᶇ ṅarĕpĕṅgoné ṅréwaṅi kamajuwaniᶇ woᶇ tanahiṇḍiya sraṇa yasa sĕkolahan, malahaṇḍisiki gupĕrmèn, iᶇ tahun 1835 wis duwé kwékśchol calon guru pri ƀumi ana iṅambon. 

cacahé pamulaṅan tumrap baṅsa pri ƀumi iᶇ tanaḥ jawa lan madura ḍèk tahun 1865 muᶇ 58; iᶇ tahun 1910 ana 613, volkṣścholén : 1161. 

cacahé pamulaṅaniᶇ satanahiṇḍiya ḍèk tahun 1927 kaya iᶇ ṅisoriki : 

volkṣondérwijs : pamulaṅan 14.211, guruné 21.398, muridé 1.018.560. 

standahardondérwijs : pamulaṅan 2.621, guruné 9.735, muridé 361.669.

h. i . s. śchakélścḥ. : pamulaṅan 335, muridé 61.740.

bocaḥ pri ƀumi, kaᶇ sinahu ana iᶇ pamulaṅan walanda iᶇ nalika iku 4.314, ana iᶇ mulo 5.091, ana iᶇ ḥ.b.s. 197, ana iṅa.m.s. 457 (iᶇ tahun 1919 : 22), ana iᶇ t.s. 493, ana inambachtsśchol 2.410, ana iᶇ pamul. ḍoktĕr 321, ana iᶇ généskundigé hogéśchol 7, ana iᶇ réchtshogéśchol 70.

kĕjaba iku iᶇ tahun 1927 cacahiṅopléyidiṅsśchol vorinl. ambténarén 5, muridé 289, kwékśchol 838, normahalśchol 1.780, cuṙṣus vor volkṣondérwijzéṙṣ 4.297.

goloṅan partikĕliriya duwé pamulaṅan calon guru ṅanti ana 20 cacahé. kaṅakèhakèḥ pamulaṅaniki muᶇ gawé guru kaṅgo iᶇ pamulaṅan déśa, naṅiṅiya ana kaṅajiné dipaḍakaké karo yĕyasan gupĕrmèn, kaya ta kwékśchol lan normahalśchol muntilan, kwékśchol majawarna.

kartiniścholéniku yĕyasané pakumpulané, kaṅgo paṅéliṅéliᶇ maraṅasmané saᶇ linaṅkuᶇ radènajĕᶇ kartini, putri winasisiᶇ jĕpara. muridiᶇ kartiniśchol muᶇ bocaḥ wadon ṭok, wulaṅané kaya iᶇ ḥ.i.s.

déné van dévéntérścholiya muᶇ kaṅgo bocaḥ wadon, lan digaḍaᶇ bisowa dadi guru; maṅkono uga sĕkolahaniᶇ mĕndut. 

iᶇ tahun 1916 racaké woᶇ kaᶇ wĕruhiᶇ sastra muᶇ 15; iᶇ tahun 1926 : 89; bocaḥ lanaᶇ : 144 iᶇ dalĕm sèwuné. 

ondérwijsrahadiku adĕgé ḍèk tahun 1918. kaᶇ dadi wargané para sarjana kaᶇ jajaḥ kawruhé tumrapiᶇ bab pamulaṅan. pṛĕluniṅondérwijsrahadatur pamrayoga maraᶇ ḍĕpartĕmènondérwijsiᶇ bab kahanan lanuṇḍakiᶇ sĕkolahan lan piwulaᶇ. 

iᶇ sasi juli tahun 1920 iᶇ baṇḍuᶇ didĕgi pamulaṅan luhur kaṅgo caloniṅéniyéyuṙṣ. kaᶇ ṅĕdĕgaké pakumpulané koninklijkinstitūt vor hogér téchniśchondérwijsin nédérlandśchindiyé, gupĕrmèn muṅurun sĕparoniᶇ wragad kabèḥ. iᶇ tahun 1923 cacahiᶇ studéntén 60, pri ƀumi 16. 

iᶇ sasi octobér 1924 téchniśché hogéścholiku diliyĕr dadi kaguṅané gupĕrmèn, lan bañjur diwuwuhi pamulaṅan luhur siji ĕṅkas, yahiku : réchtshogéścholiᶇ bĕtawi, bukaké taṅgal 28 octobér 1924 malaḥ wisana proféssoré jawa siji, yahiku prof. dr. r.a.ḥ. djajadiniṅrat, satriya saka bantĕn. 

iᶇ tahun 1927 tambaḥ pamulaṅan luhur bab kaḍoktĕran, yahiku médiśché hogéścholiᶇ bĕtawi. 

ⅱ. ombyakiᶇ woᶇ pri ƀumi. marga saka iᶇ ḍuwuriku kabèḥ, woᶇ pri ƀumi sĕṅkutĕṅgoné ṅudi maraᶇ kahuṇḍakaniᶇ kabisan lan kawruḥ muriḥ muṇḍaka gĕḍéniᶇ paṅupajiwané.

kahananiᶇ sahiki wis béda baṅĕt karo ḍèk sĕlawé tahun kĕpuṅkur. 

ĕṅgoné paḍa gawé pĕkumpulan lan maca layaᶇ kabariku bahé wis kĕna kaṅgo titikanuṇḍakiᶇ kapintĕran. déné pĕkumpulan pĕkumpulaniku kaᶇ kahaṅgĕp gĕḍé ḍéwé : budđi utama lan sarékatislam.

budđi utama iku pakumpulané baṅsa jawa, suṇḍa lan madura, dunuṅé ana iᶇ ṅayoja. ĕṅgoné tampa réchtspéṙṣonlijꝁéyid wis ḍèk 28 déc. 1909. (g.b. 28 déc. 1909 no. 52). kaᶇ dadi jaṅkané : ṅĕjokaké woᶇ pri ƀumi iᶇ tanaḥ jawa lan madura sarta woᶇ pri ƀumi iṅiṇḍiya nédérland kaᶇ paḍa ana iᶇ tanaḥ jawa lan ṅgampaṅaké iᶇ bab paṅupajiwané baṅsa mahu.

madĕgé pĕkumpulaniku marga saka ichtiyaré mas wahidin sudira usada, ḍoktĕr pĕnsiyuniᶇ ṅayogyakarta. ḍèk tahun 1906 mas wahidin ñjajaḥ tanaḥ jawa lan madura pṛêlu ṅaṇḍaraké panĕmuné, arĕpañjuñjuᶇ dlajadé woᶇ pri ƀumi lan ṅajak maraᶇ goloṅanambténahar gawé studiyéfonds kaṅgo bocaḥ jawa kaᶇ woᶇ tuwané ora bisa ṅragadi pasinahoné. déné kaᶇ diyaṅgo waton nuluṅi bocaḥ muᶇ kapintĕran lan klakuwané, dadi ora ṅétuᶇ dlajaduŧawa kaluhuraniᶇ darahé. kaᶇ miwiti tumandaᶇ murid murid stoviya iᶇ wéltévrédén, iᶇ sasi mèi 1908 ṅĕdĕgaké pakumpulan budđi utama, trajaṅé kaya paṅajaké mas wahidin. ora suwé akèḥ para murid murid kaᶇ paḍa mlĕbu dadi warga b.u. yahiku murid véyartsénśchol lan landbowuwścholiᶇ bogor, b.a.s. iᶇ surabaya, osviya magĕlaᶇ lan prabaliṅga, kwékśchol baṇḍuᶇ, ṅayoja lan prabaliṅga lanakèḥ para priyayi jawa kaᶇ paḍa mlĕbu dadi warga uga. iᶇ sabĕn sĕkolahan kaᶇ kasĕbut mahu diyadĕgi paᶇ b.u. iᶇ kuṭa ṅayoja mĕṅkono uga; kaᶇ dadi wargané : para priyayi gupĕrménan lan paku alaman.

iᶇ wĕkasané tahun 1909 cacahiᶇ warga budđi utama ana 10.000, cacahiᶇ cabaᶇ cabaṅé ana 40, kaᶇ tĕlu ora dumunuṅana iᶇ tanaḥ jawa uŧawa madura.

adĕgé sarékatislamiᶇ tahun 1911 ana iᶇ surakarta kampuᶇ lawéyan, kĕsuwur paṅgonaniᶇ dagaᶇ baṭik. kaᶇ ṅadĕgaké kaji samanhudi sudagar baṭik, ayaké dibantoni r.m. tirta adisūṙyya kaᶇ wus wiwit tahun 1909 gawé pakumpulan sarékat dagaṅislamiyahana iᶇ bĕtawi.

sĕdyaniᶇ pakumpulaniᶇ sĕkawit ṅumpulaké sudagar pri ƀumi supaya bisowa taṇḍiṅĕṅgoné sudagaran karo baṅsa cina.

s.i. iᶇ sĕkawit disujanani iᶇ para kaᶇ kĕjibaḥ ṅṛêkṣa maraᶇ katĕntṛêmanumum, éwasĕmono iᶇ tahun 1912 bisa tumindak klawanora ana kaᶇ ṅalaṅalaṅi.

déné céntralé s.i. iᶇ tahun 1916 iya wus diyaṅgĕpiᶇ pamaréntaḥ luhur. 

s.i. sawisé dadi pĕkumpulan politiyék, wargané muṇḍakakèḥ, malaḥ ṅanti tĕkan sumatra lan sèlèbĕs. trajaṅiᶇ para warga ĕṅgoné arĕpaṅgayuḥ maraᶇ kasĕmbadaniᶇ sĕdyané, sok béda béda, malaḥ ṅanti ana kaᶇ ñimpaᶇ baṅĕt saka wawatoné. kaᶇ kasĕbut s.i. afdéliᶇ biᶇ tanaḥ pĕsuṇḍan ḍèkiᶇ tahun 1920 dibubaraké iᶇ paréntaḥ, awit niyaté arĕpambubraḥ paṅrèhiᶇ praja ana iᶇ tanaḥ kéné.

waṣaṇa sapéraṅaniᶇ warga s.i. mĕṭal gawé partij kaᶇ dijĕnĕṅaké péṙṣérikatan komunistiṇḍiya, ṅajak mogokiᶇ baṅsa puṅgawa sĕpur, tujuné ora bisa kĕlakon. trajaṅiᶇ partijiku lanuga partij liyané kaᶇ tuṅgalañcas, kaya ta sarékat rayat, paḍa ora pati dipahèlu karo para pri ƀumi kaṅakèhakèḥ, malahiᶇ priyaṅan tahu ana pĕkumpulan jĕnĕṅé sarékat hijowu, muᶇ pṛêlu naṅgulaᶇ maraᶇ trajaṅiᶇ communismé.

kĕjaba pĕkumpulan gĕḍé gĕḍé iku mahu, isihakèḥ pĕkumpulan pakumpulan liyané kaᶇ sĕdyané luwiḥ luwiḥ ṅṛêmbug kabutuhaniᶇ siji sijiniᶇ tanahuŧawa goloṅan goloṅané ḍéwé, kaya ta pasuṇḍan, ambonśché vérénigiᶇ, péṙṣérikatan minahasa, joᶇ java, pakumpulan politiyék kaṭoliyék jawa, 1.1.1. wus mĕṣṭi bahé yèn baṅsa liyané iṅiṇḍiya kéné, kaya ta baṅsa éropaḥ, iya paḍa gawé kumpulan manut kahantĕpané ḍéwé ḍéwé, muᶇ baṅsa cina kaṅakèhakèḥ paḍa ora ṅṛêmbug maraᶇ pṛêkara politiyék. kumpulané para baṅsa éropahiku mahu jĕnĕṅé : christélijkéṭiśché partij, indiśché kaṭoliyéké partij, nédérlandśchindiśché vrijzinnigé bond lanindiśché sociyahal démocratiśché partij. ana pĕkumpulan manèḥ kaᶇ wargané waᶇ baṅsa warna warna, kaya ta : politiyékéconomiśché bond, wosiᶇ sĕdyané añjuñjuᶇ drajadiᶇ baṅsa. sarékat hiṇḍiya, añjaṅkaḥ supaya tanaḥ hiṇḍiya bisa mardika babar pisan.

para walanda iṇḍo, ṅuwatiraké yèn kĕḍĕsĕgiᶇ baṅsa pri ƀumi, bañjur gawé pakumpulan jĕnĕṅé iṇḍo éyuropéścḥ vérbond, gaṇḍèᶇ panĕmu karo p.é.b. kasbutiᶇ ṅarĕp ⅰ.é.v. ṅĕdĕgaké sĕkolahan sĕkolahan, lan mragadi bocaḥ bocaḥ sĕkolaḥ, kaᶇ mĕṅkono iku ṅaraḥ muriḥ santosaniᶇ goloṅané. 

kuminis. baṅsa kominis ḍèk novèmbĕr 1926 gawé antranantran, luwiḥ luwihana iᶇ tanaḥ pasuṇḍan, sarta uga ana iᶇ jawa tĕṅaḥ lan sumatra pĕsisir kulon. tandaṅé agawé rusak, natasi kawat tilpun lan tilgram, ṇḍuṅkari dalan sĕpur, mamatèni puṅgawa déśa lan pulisi. mirit layaᶇ layaᶇ kaᶇ tinĕmu, sĕdyaniᶇ gégéranarĕp mamatèni puṅgawa nāgara kaᶇ gĕḍé gĕḍé ḍisik, bañjurarĕp gawé papréntahanañar. ora ṅanti sapirowa kraman wis sirĕp déniᶇ tandaṅiᶇ puṅgawa militahir. januwari 1927 iᶇ sumatĕra pasisir kulonuga kĕtrajaᶇ gégéran, laniᶇ palémbaṅana titiké yènarĕpana rurusuḥ. naṅiᶇ kabèhiku mahu paréntaḥ nāgara bisa ambéṅkas, iᶇ satĕmaḥ sahiki sirĕp, ora ana sawiji apa. tinĕmuniᶇ pĕprikṣan kramaniku mahu marga saka pĕṅgawéné baṅsa kuminisiᶇ rusland lan canton, mawa lantaran matapitayané kaᶇ paḍa ana iᶇ siṅapur. kĕmlarataniᶇ baṅsa pri ƀumi iᶇ sawatara paṅgonaniku kĕna digawé sraṇa kaṅgo aṅgĕgasaḥ muriḥ muntabiṅatiné woṅakèḥ, waṣaṇa kèlu maraᶇ paṅajaké kahum kuminis. miritaṇḍaraniᶇ volkṣrahad, tétéla yèn baṅsa pri ƀumi umumé pañcèn malaḥ sĕṅit maraṅambĕg roda paripĕkṣa kaya kasĕbutiᶇ ḍuwur mahu. sanajan para kaᶇ sinĕbut natiyonalistén pisan (kaᶇ ṅaraḥ supaya iṇḍiya mardika, ucul saka wĕwĕṅkon nédérland) iya ṅrumaṅsani, yèn trajaṅiᶇ communismé ora mikolèhaké apa apa, kajaba muᶇ gawé rusak. 

pĕnuntuniᶇ kraman kominis paḍa disiṅkiraké mĕñaṅiᶇ tanaḥ diguliᶇ niyéyuw guwinéya. 

ⅲ. tumapak ṅambaḥ dalan maraᶇ zélfbéstūr. nadyanakèhalaṅan warna warna éwadéné paréntaḥ luhur, babarĕṅan lan para pri ƀumi kaᶇ ṅaraḥ maraᶇ kĕmajuwan sĕjati, ora kĕmba ĕṅgoné tumandaṅambudidaya supaya tanahiṇḍiya bisowa jĕmbar kawruhé lan waṣaṇané bisowa mĕṅku papréntahan pribadi (zélfbéstūr). 

iᶇ tahun 1903 statén générahal ṅanakaké pṛênatan tumrapiṇḍiya kaᶇ diyarani décéntralisatiyé wét, namtokaké yèn parésiḍénan parésiḍénanuŧawa kuṭa kuṭa bakal diwĕnaṅaké mĕṅku papréntahan ḍéwé, ora susaḥ ṅatas kaparĕṅiᶇ paréntaḥ luhur tumrapiᶇ kabutuhané ḍéwé ḍéwé. ora suwé sakabèhiᶇ parésiḍénaniᶇ tanaḥ jawa kajaba surakarta lan ṅayojakarta bañjur winĕṅku iᶇ papréntahaniᶇ géwéstélijké rahad; iᶇ cultūrgébiyéd sumatra pasisir wétanana cultūr rahad, lan manèḥ sahiki wis luwiḥ 30 kuṭa kaᶇ wus winĕṅku iᶇ géménté rad. rahad rahadiᶇ ḍuwuriku kabèḥ garbané dijĕnĕṅaké localé radén. 

warganiᶇ géwéstélijké radén kaᶇ misuḍa paréntaḥ luhur piyambak, déné warga géménté rahad dadiné sraṇa pinilihiᶇ woṅiᶇ kuṭa kono. iᶇ rahad woᶇ wĕrna iku uga ditamtokaké kudu ana wargané baṅsa pri ƀumi. wiwit tahun 1917 géménté rahad kaᶇ gĕḍé gĕḍé wis ṅanakaké burgéméstér. 

iᶇ tahun 1917 marga saka panuwuné (voṙṣtél) ministér pléyté, iṅiṇḍiya didĕgi volkṣrahad kaᶇ diyaṅgĕp pupucukiᶇ parlémént. wargané volkṣrahadana 48 kĕjaba vorzittér lan sécrétaris. warga 48 mahu kaᶇ sĕparo dumadi saka pilihaniᶇ localé radén, déné kaᶇ sĕparoné wisuḍané k.t. gowuvérnéyur générahal sarĕmbug lan rahad vanindiyé. wajibiᶇ volkṣrahad cahos pamrayoga maraᶇ kaṅjĕᶇ paréntaḥ luhur, déné k.t. gowuvénéyur générahal kuwajiban muṇḍut panimbaṅé volkṣrahad mahu iᶇ bab kaᶇ pṛêlu pṛêlu, kaya ta yèn yasa rañcaṅan bab lĕbu wĕtuniᶇ wragad nāgara (bégrotiᶇ) lan liya liyané.

volkṣrahaduga duwé wĕwĕnaṅaṅusilusilaké kabutuhaniṅiṇḍiya, supaya dadi paṅgalihaniᶇ śrī maharaja, statén générahal lan gowuvérnéyur générahal.

yèn parĕpatan, volkṣrahadiku kĕna ditontoniᶇ saḍéṅaḥ woṅa. 

wiwit tahun 1918 akèḥ para kawula ñuwun maraᶇ paréntaḥ luhur, supaya dipariṅana"parlémént" kaᶇ wargané pilihané woᶇ kabèḥ sarta parlémént mahu duwéya wĕwĕnaᶇ kaᶇ sampurna tumrapiᶇ yasa aṅgĕraṅgĕr. marga saka iku paréntaḥ luhur bañjur yasa commissiyé kaᶇ bakal ṅṛêmbug kĕpriyé ĕṅgoné arĕp gawé pranatanañar (hérvormiṅén). 

kaᶇ dadi warganiᶇ commissiyé para wawakiliᶇ pakumpulan pakumpulan (organisatiyés) warna warna. 

commissiyé kasĕbutiᶇ ḍuwur mahu dadiné diyarani commissiyé béstūṙṣ hérvormiᶇ, sarta wus ṅladèkaké panĕmu panĕmuné kaᶇ bañjur diyaṅgo wawatonĕṅgoné yasa owahowahan tumrap tumindakiᶇ papréntahan. 

déné wosiṅowahowahaniku ṅaraḥ, supaya :

1. péraṅan péraṅan kaᶇ wis bawa ḍéwé, bisowa tumandaᶇ ṅéguhaké butuhé ḍéwé ḍéwé, ora muᶇ gumantuṅiᶇ kĕparĕṅiᶇ paréntaḥ luhur.

2. para paṅrèḥ praja kaᶇ baṅsa pri ƀumi muṇḍaka jĕmbar pĕṅwasané. 

3. para kawulaniᶇ praja bisowa mèlu ṅṛêmbugiᶇ bab paṅĕmbatiᶇ praja. cĕkaké pĕpréntahaniṅiṇḍiya supaya saya bisa bawa ḍéwé, ora gumantuᶇ baṅĕt baṅĕt maraṅiᶇ préntahan nāgara walanda. kĕlakoniᶇ tahun 1922 wisana owahowahan grondwét, lanuga owahowahan régériṅsréglémént van néd. indiyé. iᶇ tahuniku uga tumapakiṅowahowahan tumrapiᶇ papréntahan; laniᶇ tahun 1925 régériṅsréglémént dibaṅun manèḥ lan salin jĕnĕᶇ, dadi indiśché stahatsinrichtiᶇ.

iᶇ tahun 1925 iku tanaḥ jawa kulon wis didadèkaké péraṅan kaᶇ mṛênata lan maréntahiᶇ sawĕwĕṅkoné ḍéwé, jĕnĕṅé proviñciyé pasuṇḍan. kaᶇ ñĕkĕl pĕpréntahan jĕnĕṅé proviñciyalé rahad wargané 45, yahiku kaᶇ 20 baṅsa walanda, 20 pri ƀumi lan 5 baṅsa mañca asiyaḥ. dumadiné warga iku ana kaᶇ dipiliḥ (11. 13. 3). lanana kaᶇ wisuḍan saka kaparĕṅé k.t. bĕsar. déné kaᶇ tumandaᶇ ṅasta papréntahaniᶇ sabĕn dinané yahiku tuwan gupĕrnur, pĕṅgĕḍéniᶇ proviñciyé, lan pilihaniᶇ warga prov. rahad sawatara, jĕnĕṅé collégé van gédéputérdén. proviñciyé pinéraᶇ dadi piraᶇ piraᶇ résiḍénan lan résiḍénan pinéraᶇ dadi kaƀupatèn kaƀupatèn. sakaƀupatèniku pinaréntahiᶇ rahad kaƀupatèn dipĕṅgĕḍèni iᶇ ƀupati. wargané rahad kaƀupatèn cacahé manut kèḥ sĕṭiṭikiᶇ wĕwĕṅkoné, kaya ta iᶇ bĕtawi wargané 27, kajaba paṅaṙṣané (ƀupati), yahiku pri ƀumi 20, woᶇ mañca asiyaḥ 5, walanda 2, warga pri ƀumi kaᶇ 14 dumadi saraṇa pilihan, déné wargané liyané kabèḥ paḍa wisuḍan saka kĕparĕṅé k.t. bĕsar. 

indiśché stahatsinrichtiᶇ kasbutiᶇ ṅarĕp mahu tumrapiᶇ paréntahaguᶇ mṛênata mĕṅkéné. 

k.t. bĕsar g.g. ṅasta tuntunaniᶇ paréntahaguṅatasasma dalĕm śrī maharaja, kaguṅan paṅwasa nindakaké pĕpréntahan (uwitvowéréndé macht) lan yasa aṅgĕr (wétgévéndé macht). 

k.t. bĕsar kabantu iᶇ rahad vanindiyé, wargané 5, kaᶇ siji paṅkat muḍa paṅaṙṣa. ḍèk saduruṅé tahun 1925 warga 5 iku kudu baṅsa walanda kabèḥ, naṅiᶇ sahiki muᶇ sinĕbut kudu kawulaniᶇ praja walanda (nédérlandśché ondérdanén), dadi pri ƀumi uŧawa cina iṇḍiya mĕṣṭi iya kĕna. iᶇ sajroniᶇ tahun 1928 iki ana usul, supaya warga walanda 5 iku diwuwuhana 2, baṅsa pri ƀumi uŧawa cina. wĕwĕnaṅé r.v.i. lawas : yasa aṅgĕr, cahos panimbaᶇ maraᶇ g.g. lan milu ṅĕrèḥ praja. iᶇ sahiki wĕwĕnaṅé yasa aṅgĕr wis dipasrahaké maraᶇ volkṣrahad. k.t. bĕsar yèn nindakaké pakaryan kaᶇ pṛêlu pṛêlu, kudu wus kalawan sarujuké r.v.i. 

déné volkṣrahad sahiki wargané 61. woᶇ wadonuga kĕna dadi warga. cacaḥ 61 iku pinilaḥ mĕṅkéné : 1. paṅaṙṣa aṅkatan dalĕm śrī maharaja, 30 baṅsa walanda, 25 pri ƀumi lan 5 woᶇ mañca asiyaḥ (cina). guṅguᶇ kumpul kaᶇ 38 dadi warga pilihan, kaᶇ 28 wisuḍan. 

volkṣrahadiku ĕṅgoné parĕpatan sĕtahun kapiᶇ piṇḍo, yahiku wiwit 15 mèi tĕkan suwé suwéné 3 sasi, lan wiwitoctobériᶇ dina sĕlasa kaᶇ katĕlu, tĕkan kañcané 20, dipasrahi nindakaké pakaryaniᶇ volkṣrahad yèn nuju ora maṅsa parĕpatan, sarta 20 iku dijĕnĕṅaké collégé van gédélégérdén. 

wĕwĕnaṅé volkṣrahad lan k.t. bĕsar, yasa mèḥ sakabèhiṅaṅgĕraṅgĕr (wét) lan kabèḥ pṛênatan pṛênatan (ordonantiyé) kaᶇ kaṅgo iṅiṇḍiya kéné. tumrapiᶇ bégrotiᶇ (rañcaṅan wragad nāgara) volkṣrahad mahuné muᶇ wĕnaṅusul lan ṅaturi pĕnimbaᶇ maraṅiᶇ statén générahaliᶇ nāgara walanda, déné sahiki kari nĕtĕpaké uŧawa nulak, ora wĕnaᶇ ṅowahowaḥ surasané. dadi guṅguᶇ kumpuliṇḍiya wis pṛêsasat bawa ḍéwé, wĕnaᶇ nata kabutuhané ḍéwé. 

yèn sakabèhiᶇ woᶇ ṅṛêti lan nuhoni apa kaᶇ dadi karĕpiᶇ pṛênatan pṛênatanañariku mahu, kaya kaya ora suwé tanaḥ jawa bakal muṇḍak karta raharja ṅluwihi kaṅuwisuwis. iᶇ kono ayaké kĕlakon tumapakiᶇ jaman"kala suka" kasbutiᶇ layaᶇ jaṅka kahé.

ya muᶇ muǥa kĕlakona!

karajan bantĕn : s. gunuᶇ jati 1552 
1570 hasanudin 
1570-1580 p. yusup 
1580-1596 mahulana mohamad ranamaṅgala adĕgé ṿ.o.c.
karajan dĕmak : pan. jimbun ± 1500-1518 pati unus
1518-1521 s. tṛêṅgana
1521-1550 karajan pajaᶇ : adiwijaya 1550-1582
karajan mataram : 1582-1601 
sénapati 1500 1600 (1596)
1624-1643 s. abu'l mafachir 
1643-1651 s. abu'l mahali 
1609-1614 g.g. boṭ 
1619-1623 g.g. j.p. cowén 
1623-1627 g.g. dé carpéntiyér 
1627-1629 g.g. j.p. cowén 
1636-1645 g.g. van diyémén 
1601-1613 p. séda krapyak
1613-1645 s. aguᶇ 
1600 (±)1650-1651-1683 s. abu'l fataḥ (i) tirtayasa, s. aguᶇ (1671) 1684-1687 s. abu'n natsar (s. haji) 
1650-1653 g.g. réyiniyéṙṣ 
1653♀1678 g.g. mahétsuyckér 
1678-1681 g.g. rijkloff van gowéns 
1681-1684 g.g. spélman 
1645-1677 maṅkurat ⅰ 
1677-1703 maṅkurat ⅱ 
(±)1650 (±)1700 1687-1690 s. abu'l faḍl 
1690♀1733 s. abu'l mahasin 
1691♀1704 g.g. vanowuṭorn 
1704♀1709 g.g. van horn 
1703-1704 (1708) maṅkurat ⅲ 
1704-1719 paku ƀuwana ⅰ 
1719-1727 maṅkurat ⅳ 
±1700 ±1800 1733-1749 s. abu'l fataḥ zéyinu'larifin 
1750-1753 s. abu'l mahali (p. arya adi santika) 
1753-1777 s. abu'n natsar (p. gusti) 
1777-1832 s. abu'l mafachir 
1725-1729 g.g. dé hahan 
1737-1741 g.g. valckéniyér 
1743-1750 g.g. vanimhoff 
1750-1761 g.g. mossél 
1761-1775 g.g. van dér parra
1783-1796 g.g. altiᶇ 
1727-1749 paku ƀuwana ⅱ 
1749-1787 paku ƀuwana ⅲ 
1787-1820 paku ƀuwana ⅳ (mas garéndi. maṅkurat ⅴ) yogyakarta 
1755-1792 hamaṅku ƀuwana ⅰ 
1792-1812 hamaṅku ƀuwana ⅱ (s. sĕpuḥ) maṅkunāgaran 
1757-1795 maṅkunāgara ⅰ 
1832 kasultanan bantĕn disuwak. 
1808-1811 g.g. dahéndéls 
1811-1816 l.g. rafflés 
1819-1826 g.g. van dér capéllén 
1830-1833 g.g. van dén boścḥ 

1904-1909 g.g. van héyutz 1909 
1916 g.g. idénburg 
1916-1921 g.g. grahaf van limburg stirum 
1921 g.g. fock 
1820-1823 p. ƀuwana ⅴ 
1823-1830 p. ƀuwana ⅵ 1830 1858 p. ƀuwana ⅶ 
1858-1861 p. ƀuwana ⅷ 
1862-1893 p. ƀuwana ⅸ 1893 p. ƀuwana ⅹ 
1812-1814 hamaṅku ƀuwana ⅲ 
1814-1822 hamaṅku ƀuwana ⅳ 
(1814-1820 diyĕmbani paku alam ⅰ)
1822-1855 hamaṅku ƀuwana ⅴ 
1855-1877 hamaṅku ƀuwana ⅵ 
1877-1921 hamaṅku ƀuwana ⅶ 
1921 hamaṅku ƀuwana vⅲ.
±1800 sahiki

tambahan 1. bab kahananiᶇ baṅsa pri ƀumi.

bab 1. kuṭa kuṭa lan dalan dalan.

ḍèk jaman kuna woṅiku racaké paḍa maṅgonana iᶇ padéśan. dumadiné kuṭa uŧawa nāgara siṅakèhakèhawit saka dinalĕman para ratu uŧawa ađipati, uŧawa manèḥ, luwiḥ luwiḥ sahuruté pasisir marga saka anané palajaran tuwin padagaṅan.

nāgara kono ana ratuné suwé, bañjur dadi gĕḍé, akèḥ woṅé atĕka luṅa paḍa dol tinuku lan liya liyané sarta bañjurana paṅgahotan warna warna.

déśa sala nalika tahun 1746 dadi kaḍatoné saᶇ praƀu, bañjur dadi nāgara dadakan, dijĕnĕṅaké nāgara surakarta adiniṅrat. kaḍatoniku ana péraṅané loro : dalĕm lan kĕputrèn, kinubĕṅaniᶇ témbok ḍuwur, raṅkĕp loro. témbok kaḍaton kaṅiᶇ jĕro kinubĕṅaniᶇ dalan cilik, jĕnĕṅé supituraᶇ, lĕbuné mĕñaᶇ kaḍaton mĕtu iᶇ gapura lawaṅé gĕḍé kandĕl sinĕbut lawaᶇ gapit. iᶇ palataraniᶇ pĕṇḍapa iᶇ sisiḥ lor diyasani paṅguᶇ ḍuwuré 30 m., jĕnĕṅé paṅguᶇ saṅga ƀuwana. saka iᶇ paṅguᶇ kana salumahiᶇ nāgara bisa katon, sirapiᶇ dalĕm dalĕm kraton katon cĕṭa.

tĕmbuᶇ"paṅguᶇ saṅga ƀuwana" kĕjaba jĕnĕᶇ pañcèn ṅiras kaṅgo paṅéliṅéliṅaṅkaniᶇ tahun, kaᶇ mĕṅkono iku kĕgoloᶇ baṅsaniᶇ sĕṅkalan mĕmĕt, muṅguḥ tĕraṅé maṅkéné :"paṅguᶇ" kahaṅgĕpa muni pahaguᶇ, wujudé 8 lahiku aṅka 8. tĕmbuᶇ"saṅga" kapéraṅa dadi"soᶇ" lan"ga". déné soṅiku ana iᶇ sĕṅkalanawatĕk 9, ga = 1 pañcènaṅka 1, ƀuwana watĕk 1. dadi muni tahun 1198, mĕṣṭiné tahunarab, (= 1783 t. wal. = jé 1710). iᶇ pucakiᶇ paṅguᶇ kono ana pandomanañcĕraṅin, wujud gambar naga dituṅgaṅi iᶇ woᶇ, iku uga sĕṅkalan mĕmĕt, muni : naga muluk tinitihan janma, dadi aṅka : 1708, iki mĕṣṭiné iᶇ tahun jawa éhé = 1781 = 1196 tahunarab. yèn mĕṅkono ĕṅgoné añjĕnĕṅi"saṅga ƀuwana" iku wis‍ĕlĕt roᶇ tahun karo nalika dadiné, lan kaᶇ yasa tétéla kaṅjĕᶇ sunan paku ƀuwana ⅲ (1749 1787).

sajabaniᶇ témbokiᶇ jĕro dadi pomahaniᶇ para sĕntana lanabdi dalĕm. sakabèhé iku kinubĕṅiᶇ témbok bañjur waṅun pĕsagi dawa, alaṅujuré 500 lan 700 m., kĕna diyĕṅgoni jiwa 10.000. iᶇ sisihĕlor lan kidulana alunaluné, iᶇ tĕṅaḥ paḍa tinanduran riṅin kuruᶇ sakĕmbaran. tumrapiṅalunalun lor sitiṅgilé ana iᶇ sisiḥ kidul, bañjur pagĕlaran papan pasowananiᶇ para abdi dalĕm mĕnawa saᶇ praƀu sinéwaka ana iᶇ sitiṅgil. déné pasar pasaré paḍa ana iᶇ ñjaban témbok, iᶇ piṅgir dalan gĕḍé.

kĕputrèniku padunuṅané para putri putra sĕntananiᶇ saᶇ praƀu lan sabdi abdiné. putra kakuᶇ nalikané isiḥ timuriya ana iᶇ kĕputrèn. kaᶇ ṅuwasani lan mṛênata sakĕputrèn kono priyaguᶇ putri sinĕbut ñahi ađipati sĕḍaḥ miraḥ, dibantu iᶇ para ñahi mĕṅguᶇ, ñahi luraḥ l.s.

déné k.g.p.a. maṅkunāgara dalĕmé sinĕbut"pura maṅkunāgaran", ana iᶇ braᶇ kiduliᶇ kali pépé, pañcènapik. sapralimaniᶇ kuṭa surakarta klĕbu wĕwĕṅkon maṅkunāgaran, déné kaᶇ liyané klĕbu iᶇ kasunanan.

2. kaḍaton ṅayogyakarta iku yasan ḍèk tahun 1760, alaṅujuré 750 lan 1.100 m., mubĕṅé lakon sahĕjam. ḍuwuriᶇ bètèᶇ 3¾ m., kandĕlé ana siᶇ tĕkan 4 m., iᶇ pojokan majupat bètèṅé ṅaṅgo yĕyasan pranti pajagan prajurit sarta ana mĕnara mĕnarané. iᶇ jaba ḍèk biyèné ṅaṅgo jagaᶇ mubĕᶇ. uranuran kaṅgo ṅéliṅéliᶇ ḍèk jamané sĕmana, muni mĕṅkéné : (mijil : iᶇ ṅayogya bètèṅira iṅgil, ṅubĕṅi kaḍaton. plĕṅkuᶇ (gapura) lima muᶇ papat wĕṅané, jagaᶇ jĕro toyanira wĕniᶇ, tur pinañcak suji, gayam turut luruᶇ).

kaṅjĕᶇ sultanisiḥ kaguṅan prajurit dipraboti cara kuna. baṅsa kriya akèḥ kaᶇ pañcèn pinuñjul kaguṇané, kaya ta uṇḍagi, juru suṅgiᶇ gĕmblok (paṇḍé baṅsa kuniṅan) l.s.

iᶇ sajroniᶇ bètèᶇ kono ana patilasan padalĕmaniᶇ k. sultan, arané tamansari, cara walandané sinĕbut watérkastél. iku yasan ḍèk jaman sinuwun kapisan, iᶇ tahun 1758, kaṅaṅgarap kasĕbut kyahi tumĕṅguᶇ maṅundipura kaṇṭi abdi dalĕm baṅsa bugis, jĕnĕṅé luraḥ dawĕliṅi. tamansari iku pañcèn wus gagragéyuropa, minaṅka pasaṅgrahan dalĕm kaṅjĕᶇ sultan yèn pinuju amoᶇ laṅĕn. dunuṅiᶇ dalĕmana pulo gawéyanaran pulo kĕnaṅa. saka iᶇ dalĕmiku ana dalané kaya uruṅuruᶇ, mubaᶇ mubĕᶇ mĕñaᶇ ṅĕndi ĕndi, olèhé papaḍaᶇ saka iᶇ mĕnara mĕnara kaṅiᶇ ḍuwur ṅaṅgo boloᶇ boloṅan kaṅgo dalan hawa. woᶇ woṅiᶇ wĕwĕṅkon kraton sala ṅayogya kĕna pinéraᶇ dadi roᶇ goloṅan.

a. para sĕntana (= para daraḥ), para abdi dalĕm yahiku para kaᶇ cĕkĕl gawé lan para ṅulama.

b. woᶇ lumraḥ, sinĕbut : kawula dalĕm.

goloṅana. iku pinéraᶇ 5"kawĕdanan", yahiku :

1. rèḥ kađipatèn, mĕṅkoni para paṅéran gusti lan sapituruté, wadanané k.g.p. ađipati anom.

2. rèḥ kamisĕpuhan, mĕṅkoni para paṅéran bĕndara lan sapituruté, kaᶇ dadi wĕdanané sinĕbut paṅéran kamisĕpuḥ, yahiku rayi dalĕm tumuli uŧawa putra dalĕm pambajĕᶇ saka iᶇ buri kaṅasma paṅéranaṅabèhi.

3. rèḥ kapatihan, yahiku sakabèhiᶇ para abdi dalĕm kaᶇ cĕkĕl gawé, diwadanani kaṅjĕᶇ radènađipati (papatiḥ dalĕm).

4. rèḥ kaprajuritan, mĕṅkoni para goloṅan prajurit sasanak kadaṅé. wadanané apaṅkat paṅéran kolonèl comandant.

5. rèḥ kaƀupatèn paṅulon, mĕṅkoni para ṅulama kabèḥ, kaᶇ madanani sinĕbut kaṅjĕᶇ pĕṅulu, apaṅkat ƀupati.

3. kuṭa cirĕbon yasané sunan gunuṅjati, iᶇ wiwitan dadi kuṭa pĕdagaṅan rada gĕḍé naṅiᶇ bañjur kalaḥ karo bantĕn lan nuli kĕḍĕsukiᶇ bĕtawi. iᶇ tahun 1632 cirĕboniku dadi jajahan mataram. barĕᶇ diwarisiᶇ para putra, praja cirĕbon bañjur baṅĕt saya riṅkihé. kaᶇ tampa warisaniku asmané : 1. paṅéran martawijaya, bañjur jumĕnĕᶇ sultan sĕpuḥ. 2. paṅéran kartawijaya, jumĕnĕᶇ sultananom. sultan loro iku bañjur kĕpĕkṣa ṅaṅkat kaᶇ rayi, radèn goḍoṅuŧawa paṅéran waṅsakarta, dadi panĕmbahan, sinĕkṣèniᶇ kontraké ṿ.o.c. tahun 1681. panĕmbahan kaᶇ kalima séda iᶇ tahun 1773 ora apuputra, tanahé bañjur tumiba maraᶇ kasĕpuhan lan kanoman. iᶇ tahun 1813 lan 1815 ḍèk jamaniᶇ gupĕrmèniṅgris, papréntahan kasultanan disuwak, didadèkaké tanaḥ gupĕrménan. kaᶇ maṅkono iku kacarita mĕrga saka pĕnuwuniᶇ woᶇ cilik.

tanaḥ cirĕboniku kĕgoloᶇ cĕṅkar, maṅka nalika ṿ.o.c. wis puṅkas puṅkasan pañcèn baṅĕtiᶇ pamliṇḍĕsé. woᶇ woᶇ paḍa kĕmlaratan, akèḥ kaᶇ wis‍ora rikuḥ ṅṛêrĕbut, ambĕbégal. iᶇ wĕktu sĕmana uṅsum pacĕklik lanuṅsum lalara warna warna babarĕṅan. kĕrĕp bahé woᶇ cirĕbon nékad ṅraman muṅsuḥ baṅsa cina, ambaléla maraᶇ para sultan lan maraᶇ ṿ.o.c.

iᶇ wĕktu sahiki cirĕbonisihana pĕdalĕman tĕtĕlu, sinĕbut kraton, yahiku kraton kasĕpuhan, kanoman, lan kratoné paṅéranarya cirĕbon kaṅuga sinĕbut sultan. paṅéranarya iku tĕḍaké paṅéranarya cirĕbon rayi sultan sĕpuhī, kaᶇ nalika sĕmana uga ṅasta praja, babarĕṅan lan sultan sĕpuḥ sarta sultananom. déné kraton tĕtĕlu mahu kaᶇ gĕḍé ḍéwé kaḍaton kasĕpuhan, iᶇ kono ana guwané yasan, dijĕnĕṅaké suñaragé.

4. surabaya iku madĕgé ḍèkakiriṅabad ⅹⅴ, kaᶇ yasa radèn rachmat, sinĕbut sunan ṅampèl, awit déśané iku aran déśa ṅampèl. radèn rachmat yasa mĕśjid gĕḍé, kaᶇ tumĕkané sĕpréné isiḥ, dumunuṅiᶇ satĕṅahiᶇ kuṭa.

ƀupati surabaya bañjur kĕbawaḥ dĕmak lan nuli kĕbawaḥ mataram ṅanti tĕkan tahun 1743. kuṭa surabaya gĕḍéné iya sajroniᶇ dikuwaśani iᶇ para ƀupati iku, papané pañcènaḍakan, kaliné kĕna diyambahiᶇ prahu, naṅiᶇ suwé suwé walĕd, mulané g.g. dahéndéls bañjur ḍawuḥ ṅowahi lanandawakaké pĕlabuhan pĕlabuhan sarta añjĕrokaké kali mas. iᶇ satĕrusé gupĕrmèn ṅudi baṅĕt supaya pĕlabuhaniᶇ surabaya aja ṅanti kĕbañjur kĕbak wĕḍi, malaḥ muwaraniᶇ bĕṅawan sala diyĕliḥ mĕṅalor, laniṅujuṅpiriᶇ (madura) dipasaṅi taṅgul mlĕbu mĕñaᶇ sĕgara dawané 13 k.m. pṛêluné taṅguliku supaya iliniᶇ bañu iᶇ supitan kono (wéstgat) bisa santĕr, dadi supaya ĕṇḍuté bisa katut, ora maṇḍĕg. iᶇ tahun 1917 iᶇ surabaya diyasani pĕlabuhanañar lanapik (tañjuᶇ pérak).

kĕjaba kuṭa kuṭa kasbutiᶇ ḍuwur mahu, kuṭa tĕgal lan sĕmaraṅiṅabad 17 uga wis rada gĕḍé, akèḥ woᶇ pĕdagaṅan. déné bantĕn lan kuṭa liyané wis kasbut rambaḥ rambaḥ, ora pṛêlu dibalèni manèḥ. muṅguḥ baṇḍuᶇ dadiné kuṭa gĕḍé lagi iṅabad kĕpuṅkuriki bahé.

wis mĕṣṭi bahé yèn ratan ratan ḍèk jaman sĕmana ora alus kaya ratan sahiki. rataniᶇ jaman sahiki iki akèḥ kaᶇ pañcèn ratan kuna, sarta ratan gĕḍé uŧawa dĕlaṅguᶇ (= dalanaguᶇ) ḍèk biyèniya ana, muᶇ bahé sokora kopèn, yèn kaᶇ ñĕkĕl pĕpréntahan rada kĕṇḍo malaḥ ṅanti sok rusak baṅĕt. iᶇ saduruᶇ lan sajroniᶇ jaman ṿ.o.c. akèḥ dalan siᶇ muᶇ kari aran bahé, aṅèlambahambahané.

ratan siᶇ gĕḍé gĕḍé yahiku : saka sĕmaraᶇ ṅliwati uṅaran lan salatiga mĕñaṅiᶇ mataram. ana caṭĕtaniᶇ woᶇ luluṅan ṅaṇḍakaké yèn ṅliwati kali dĕmakana iᶇ tanaḥ pagunuṅan, ana kṛêtĕgé acagak kayu jati gĕḍé gĕḍé, lan blabagé watara 10 uŧawa 12 dim pĕsagi, kĕna diyambaḥ prajurit kaᶇ samĕkta gajahéwon lan mriyĕm mriyĕm gĕḍé. dawané kṛêtĕgiku mahu 300 tindak.

saka iᶇ nāgara mataramana dalan gĕḍé tĕtĕlu : 1. kaᶇ mĕñaṅiᶇ sĕmaraᶇ mĕtu iᶇ gapura tadi. iki dalan kaᶇ kapénak ḍéwé ambahambahané. 2. dalan mĕñaᶇ tĕgal, aṅèlambahambahané, ṅliwati gapura turayam. 3. dalan mĕṅétan mĕñaᶇ blambaṅan ṅaṅgo simpaṅan mĕñaᶇ gṛêsik ṅliwati gapura boṅor (boṅoriku uga jĕnĕṅé kali kaᶇ gĕḍé ḍéwé iᶇ satanaḥ kono).

iᶇ sakidul gunuᶇ lawu iya ana ratané, awit kasĕbut yèn kapitan hurdt sabalané nalika ambantu kaṅjĕᶇ sunanarĕp ñĕkĕl tarunajaya, maṅkat saka jĕpara liwatiᶇ kidul gunuᶇ lawu mĕñaᶇ madiyun, suwéné sĕsasi muput.

iᶇ tahun 1746 g.g. vanimhoff saka surabaya arĕp tindak mĕñaᶇ gṛêsik, naṅiṅora sida, awit dalané mĕtu iᶇ tĕṅaḥ sawaḥ duruᶇ diyambakaké. dalan dalaniᶇ pasuruwan nalika iᶇ sabubariᶇ pĕpĕraṅaniya paḍa rusak baṅĕt. déné dalan saka sĕmaraᶇ mĕñaᶇ surakarta kĕna diyambaḥ kréta titihané k.t. jéndral sĕsarĕṅan karo kaṅjĕᶇ sunan. barĕᶇ wis kliwat surakarta tindaké k.t. jéndral kĕpĕkṣa nitiḥ taṇḍu uŧawa jaran, dalané légok gĕnĕᶇ lan jĕblog ṅanti tĕkan dĕlaṅgu, tĕrus mĕñaᶇ ñayogyakarta, brosot, gomboᶇ, bañumas, margasari, tĕgal. iᶇ sadalan dalan sokandadak ṅrampasi wit witaniᶇ ṅalas, marga dalané kĕciyutĕnora sĕḍĕᶇ taṇḍu, tur muᶇ taṇḍu kuṙṣi. ojowa k.t. bĕsariya ora klakon tindak mĕṅkono iku. papatihiᶇ surakarta lan ṅayogyakarta sarta para ƀupati ƀupati paḍa aṇḍèrèk, guṅguᶇ kumpulora kuraᶇ 2.000 uwoᶇ siṅaṅgṛêbĕg tindaké k.t. imhoff iku; déné dragondér cacahé 40. tĕkan tĕgal dipétuᶇ saka sala lakon 86 jam, naṅiᶇ karo maṇḍĕgé baraᶇ, dadi 12 dina. ratan kaguṅané para sultaniᶇ cirĕbon, siᶇ wiwit cirĕbon tĕkanindramayu, pañcèn kopèn tĕmĕnan, mulané k.t. jéndral bañjur sagĕd nitiḥ kréta. kali kali akèḥ kaṅora ana kṛêtĕgé, muᶇ ṅaṅgo prahu tambaṅanuŧawa prahu dijèjèr, minaṅka kṛêtĕg.

iᶇ jajahan ṿ.o.c. dalan dalané iya ora bĕcik. dalan saka bĕtawi mĕñaᶇ bogor sukĕté ruṅkut, sok mèhora kĕna diyambaḥ, luwiḥ luwiḥ tumrapiᶇ kréta. iᶇ tanaḥ kono iku nalika sĕmana isiḥ saṭiṭik baṅĕt woṅé.

miturut carita ḍèk jaman majapahit wisana baṅsaniᶇ kréta, jĕnĕṅé gṛêboᶇ, ṅaṅgo diklamboni mubĕᶇ. radèn pataḥ tampa gañjaran saka majapahitawujud gajaḥ, jaran, pĕḍati lan gṛêboᶇ. rāja iᶇ bali mĕṭukaké tĕkané walanda ana iᶇ pasisir, nitiḥ kréta diyukirukir pèni, pĕnariké kĕbo putiḥ sĕrakit diyompyoṅompyoṅiᶇ rĕrĕṅgan (1597). kaṅgoné kréta tumrapiᶇ ṅakèhiku wis jaman dahéndéls. saduruṅé iku kumpĕni malaḥ ṇḍawuhaké laraṅan, ora kĕna ṅaṅgo kréta apikapik lanora kĕna akèhakèḥ (ana iᶇ bĕtawi).

siᶇ kĕlumraḥ yahiku taṇḍu, joli. siᶇ gĕḍé ṅaṅgo émpérémpéranuŧawa plataran mubĕᶇ, jĕnĕṅé jolaṅuŧawa jĕmpana l.s.

lagi iᶇ jaman dahéndéls bahé bĕcikiᶇ dalan lan tutuṅgaṅaniᶇ tanaḥ jawa iki. ṅanti rada suwé kĕsuwurapik ḍéwé iṅasiyaḥ wétanan kéné, malahakèḥ tanaḥ tanahiṅéyuropa kaᶇ kalaḥ karo tanaḥ jawa iṅatasé bab ratan ratan mahu. iᶇ tahun 1809 bĕtawi lan surabaya wis bisa gaṇḍèᶇ saraṇa kréta jaran (karaniṅakèḥ jĕnĕᶇ kréta pos, cara landané : postwagén).

kĕjaba iᶇ buwiténzorgisihana 11 paṅgonan manèḥ kaᶇ didĕgi hotèl cilik cilikan (hérbérg), kamaré pĕturonapikapik cacahé 5 tumĕkané 8. iᶇ papan papan liyané diyarani pasaṅgrahan. woᶇ lèrèniᶇ kono ambayar f 2,55 iᶇ dalĕm sadina sawĕṅi wis samaṅsané pisan. déné séwaniᶇ kréta 5 kĕlipiᶇ dalĕm sahĕpal tumrap woᶇ siji, woᶇ kaᶇ paṅkat cilik disĕḍiyani tuṅgaṅan pĕḍati, séwané luwiḥ muraḥ. tarip kréta lan tarip hotèliku mahu iᶇ tĕmbéné isiḥ dilaraṅaké manèḥ.

lakuniᶇ layaᶇ layaᶇ béda baṅĕt karo jaman sahiki. layaᶇ kaᶇ mĕtu maraᶇ sajabaniṅiṇḍiya ṅaṅgo dipasrahaké maraᶇ rahad van justitiyé iᶇ bĕtawi, diprikṣa surasané lan dibukoni, awitiᶇ nalika iku ana laraṅan, ora kĕna nulis bab pĕdagaṅan ṿ.o.c. kĕjaba puṅgawa ṿ.o.c. ḍéwé. déné yèn tampa layaṅiya ṅaṅgo ñaḍoᶇ maraᶇ justitiyé mahu. mulané kĕpétuṅaraᶇ baṅĕtĕṅgoné paḍa kirim kiriman layaᶇ saka nāgara walanda lan saka iṇḍiya. iᶇ sajroniᶇ tanahiṇḍiya ḍéwé wiwitiᶇ tahun 1754 wisana layaᶇ pos, digawa iᶇ prahu pĕṇḍak 14 dina sapisan, ĕṇḍĕgĕṇḍĕgané prahu ana iᶇ bĕtawi, cirĕbon, tĕgal lan sĕmaraᶇ. postkantor kaᶇ ḍisik ḍéwé ana iᶇ bĕtawi, adĕgé ḍèk tahun 1746, sĕkabèhiᶇ layaᶇ kudu ṅaṅgo disĕkṣèkaké maraᶇ puṅgawa pos, saraṇa dicaṭĕti (ahaṅétékénd). awit saka pranatan dahéndéls lakuniᶇ layaᶇ bisa luwiḥ rikat. yèn rikat rikatan baṅĕt wiwit saka poñcot kulon tĕkan tĕmbiᶇ wétaniᶇ tanaḥ jawa bisa tĕkaniᶇ dalĕm 6½ dina. bĕtawi lan bogor sabĕn dina ana playaṅan. tumrapiᶇ kuṭa kuṭa liyané pituᶇ dina kapiᶇ piṇḍo. palayaṅané (postillon) ṅaṅgo dipraboti minaṅka tĕtĕṅĕr, lalaᶇ layaṅé diwaḍahi iᶇ tas walulaᶇ, déné lakuné diyĕtĕraké woᶇ kaᶇ tuduḥ dalan, yèn bĕṅi kaṇṭi woᶇ kaṅaṅgawa obor ṅiras kaṅgo ñiṅkiraké sato galak. yèn ḍoᶇ ṅambaḥ dalan gawat ṅaṅgo kaṇṭi woᶇ loro samĕkta gagaman. palayaṅan bĕtawi bogor maṅkaté pĕṇḍak jam 9 soré, sawisé olèḥ 6 pal (nĕnuṅgaᶇ) gawané dituṇḍakaké playaṅan liya kaᶇ wus ṅaḍaṅana iᶇ kono.

yèn tĕkaniᶇ bogoruŧawa bĕtawi ṅanti kĕrinan, kĕḍisikan plĕṭèkiᶇ sṛêṅéṅé, palayaṅané tampa pahukuman.

bab 2. kahanané woᶇ cilik lan para ƀupati.

muṅguhiᶇ kahanané baṅsa woᶇ cilik ḍèkabad 16 lan 17 iku iᶇ sahikiné ora pati kawruhan cĕṭa, awit layaᶇ layaᶇ babad tumrapé jamaniku pṛêsasat muᶇ ṅaṇḍakaké bab para ratu lan para gĕḍé bahé, woᶇ cilik kĕsilĕb.

utusan ṿ.o.c. muliḥ saka nāgara mataram ḍèk jamané sultanaguᶇ maṅun pĕraᶇ, mratélakaké yèn tĕgal sawahé woᶇ mataram paḍa kĕmĕton baṅĕt. babiku sañatané duruᶇ kĕna kaṅgo pasĕkṣèn tumrapiᶇ karaharjaniᶇ woᶇ cilik, awit tanahiᶇ kono iku ƀumi luṅguḥ kabèḥ, gaḍuhaniᶇ para patuḥ. yèniᶇ sabubariᶇ pĕpĕraṅan sultanaguṅan, pañcèn wis tétéla yèn woᶇ cilik rĕkasa tĕmĕnanuripé, marga mahuné akèḥ kaṅora kobĕr tatanèn.

déné kahanané tanaḥ priyaṅan, kacarita yèn kaᶇ sisiḥ kulon ḍèkiᶇ tahun ±1650 isihawujudalas gĕḍé. cacaḥ jiwa iᶇ satanaḥ priyaṅan pañcèn muᶇ saṭiṭik. layaᶇ palapuran ḍèk tahun 1686 ñĕbutaké yèn déśa déśa iᶇ priyaṅan kaᶇ 70% kèḥ kèhé muṅisi 10 somaḥ. kaṅisi luwiḥ saka 20 somaḥ muᶇ 11% niᶇ cacaḥ déśa. iᶇ satanaḥ priyaṅan tĕkanindramayu déśané kaᶇ gĕḍé ḍéwé jĕnĕṅé timbaṅantĕn (dumunuṅana iᶇ tanaḥ ṅaré saloriᶇ lĕlĕs‍ora adoḥ karo baṇḍuᶇ), jiwané 77 somaḥ. woᶇ woᶇ duruᶇ paḍa sĕsawah; ĕṅgoné nanandurisiḥ ṅolaḥ ṅaliḥ miliḥ ƀumi kaᶇ gampaᶇ paṅgarapé. tanaḥ ṅaré muᶇ sĕṭiṭik tatandurané, awit kĕrĕp kĕbañjiran lanakèḥ kéwané bahé, dadi pirantiné woᶇ tani kaya sahiki isiḥ duruᶇ kaṅgo, luku bahé duruṅana. malaḥ ḍèkiᶇ tahun 1809 akèḥ woᶇ luṅa niṅgal balé pomahané, amarga gupĕrmènarĕpañjajalaṇḍawuhaké supaya woᶇ woᶇ paḍa sĕsawaḥ.

woᶇ cilikĕṅgoné ñaṅga pajĕg sokabot baṅĕt. akèḥ tanaḥ tanaḥ kaᶇ kĕjibaḥ ṅlĕboni baraᶇ baraᶇ kaᶇ dadi kabĕtahaniᶇ ratu. tanaḥ krawaṅiku cacaḥ jiwané saṭiṭik baṅĕt, kĕjaba iᶇ sahurutiᶇ kali citarum, kaṭikandadak kĕbagéyan lĕbon kayu maraᶇ saᶇ praƀu iᶇ mataram! nalika jaman susuhunan tĕgalwaṅi akèḥ tanaḥ kaᶇ ditĕmtokaké ambayar pajĕg siraḥ, luwiḥ luwiḥ tanaḥ kaṅadoḥ saka mataram. kaya ta woᶇ woṅiᶇ tĕgal ṅanti tumandaᶇ nĕgori kayu iṅalas, didol maraᶇ ṿ.o.c., muᶇ supaya bisa mbayar pajĕg siraḥ mahu. tumrapiᶇ tanaḥ priyaṅan kèhiᶇ pajĕg sirahiᶇ dalĕm sacacaḥ (= sadéśa uŧawa sajuᶇ) saréyal.

nalika susuhunan tĕgalwaṅi yasa kaḍaton, woᶇ woṅiᶇ tĕgalora kobĕraṅgarap sawaḥ, ṅanti añjalari pacĕklik gĕḍé. kĕjaba iku sakabèhiᶇ tanaḥ kudu ṅlĕboni èdi èdiniᶇ baraᶇ pamĕtuné iᶇ kono : baṇḍuᶇ kĕbagéyan ṅlĕboni jaran kagĕm saᶇ praƀu, saraᶇ buruᶇ lan watu kaṅgo wuṅkal. ukur (sacĕḍakiᶇ sumĕḍaᶇ) ṅlĕboni ḍèṇḍèᶇ mĕñjaṅan, galuḥ bakal tĕnunan (coraké pĕsagèn pĕsagèn), lawé lan nila. pamotaniᶇ pasisir sĕgara anakan muᶇ cacahos trasi.

paṅétuṅiᶇ lĕbuné pajĕgiku awawaton kèhiᶇ"cacaḥ", déné gĕḍéniᶇ cacahora ajĕg, jiwané sokakèḥ sok sĕṭiṭik, éwadéné upama sawijiniᶇ ƀupati iᶇ priyaṅan buminé gaḍuhan sèwu cacaḥ, lĕboné pajĕg siraḥ mĕñaᶇ mataram bañjur diracak bahé : 1.000 réyal. yèn kaṅgoné iᶇ sajroniᶇ tanaḥ mataram pĕméraṅé tanahawawaton 1.000 uŧawa 100 somaḥ.

bab ratu mariṅi ƀumi luṅguḥ minaṅka blañja uŧawa nugraha maraᶇ sĕntana uŧawa puṅgawa, iku wĕrata iᶇ sa iṇḍiya kéné. ƀumi mahu tĕmbuṅé jawa ƀumi luṅguhuŧawa ƀumi gaḍuhan. iᶇ tanaḥ mĕlayu jĕnĕṅé kurniya uŧawa pĕrwatasan. kaᶇ duwé gaḍuhaniku jĕnĕṅé cara jawa patuḥ, wĕnaᶇ narik pajĕgawujud wulu wĕtu, ḍuwituŧawa bahu suku. patuhiᶇ tanaḥ mataram, kuwaśané tumrap buminé gaḍuhan, gĕḍé baṅĕt, wus prasat duwèké ḍéwé, ditĕmbuṅaké wĕnaᶇ ñjĕnaṅébor. lĕṅgahiᶇ para paṅéran malaḥ sok turun tumurun, déné luṅguhé para abdi dalĕm racaké ora. woᶇ cilikiᶇ kono siᶇ mĕṣṭi luwihabot sĕsaṅgané tinimbaᶇ karo woᶇ woṅiᶇ sajabaniᶇ ƀumi luṅguhiku mahu.

lĕmaḥ kaᶇ muᶇ dipuṇḍuti lĕbon wulu wĕtu ṭok, tanpa pajĕg ḍuwit, iku jĕnĕṅé ƀumi paṅṛêmbé.

woᶇ cilikiᶇ sajroniᶇ bawaḥ karaton jawa paḍa kĕna iᶇ pĕṅgawéyan kaṅgo kabĕtahaniᶇ saᶇ praƀu, para putra sĕntana dalĕm, lan malahiya kaṅgo butuhiṅabdi dalĕm gĕḍé cilik. wujudiᶇ pĕṅgawéyan warna warna, kaya ta pĕṅgawéyaniᶇ ṅomaḥ : rĕsik rĕsik, ñapu, ṅaṅsu l.s., pĕṅgawéyan liyané kaya ta : ñiṭak tĕgal sawaḥ, yasa blumbaᶇ kaṅgo ṅiṅu iwak (tambak), gawé ratan, gawé bĕnduṅan lan waṅan l.s. ana tanaḥ kaᶇ kĕbagéyan ṅlĕboni bahu glaḍag, jaran momotan lan grobag pranti kaṅgo ṅusuṅusuᶇ baraᶇ kaguṅan dalĕm. para pĕṅgĕḍé ĕṅgoné maṅgawèkaké woᶇ woᶇ mahu dikon ṅgarap tĕgal sawaḥ. ana kaᶇ pañcèn dipatahaṇḍèrèk yèn tindakanuŧawa yèn mlĕbu mĕñaᶇ nāgara (mataram). iᶇ sajabaniᶇ tanaḥ jawa cara mĕṅkono iku mahu kabèhiya tumindak, minaṅka dadi pĕṅasilanaṅka siji tumrap para paṅgĕḍé.

ṿ.o.c. ĕṅgoné ṅĕtrapi pĕṅgawéyan maraᶇ woᶇ cilikiya abot baṅĕt, iya iku dikon ṅusuṅi baraᶇ baraṅana iᶇ ḍaratuŧawa mĕñaᶇ pĕlabuhané, ñambutgawé (ṅuli) ana iᶇ pabrik pabrik, goḍaᶇ goḍaᶇ laniᶇ bètèᶇ bètèṅ; jaran, grobag, prahu iya dipèk gawéné maraᶇ ṿ.o.c. kĕbo dikon ñèrèdi kayu (gloṇḍoᶇ) saka ṅalas; woᶇ woṅé paḍa kudu dadi blaṇḍoᶇ.

pĕṅgawéyaniku mahu kabèḥ racaké tumindak tanpa ṅaṅgo bayaran, maṅsa kala ana kaᶇ ṅaṅgo iṅon sĕpisanuŧawa ditĕbas mĕntahawujud bĕras sĕkati lan ḍuwit saṭiṭik.

g.g. dahéndéls kaguṅan niyatarĕp ñuwakananiᶇ gugur gunuᶇ, naṅiᶇ nalika sĕmana gupĕrmènora kaguṅan ḍuwit, maṅka k.t. dahéndéls kumĕdaḥ ṅanakaké yĕyasan gĕḍé gĕḍé, kaya ta ratan kaᶇ sĕpréné karan ratan dahéndéls. dadi niyat mahu sidané muṅana iᶇ tulis, mĕṅkono uga sĕdiyané k.t. rafflésiya ora ṅanti bisa kalĕkṣanan. iᶇ jaman cultūṙṣtélsél pĕṅgawéyan mahu malaḥ saya diyabotaké.

ana iᶇ nāgara walanda pṛêkara iku kĕrĕp dadi rĕmbug, pĕnĕmuniṅakèḥ saya suwé saya kĕñcĕᶇ murihilaṅiᶇ babiku. kĕlakoniᶇ tahun 1882 pĕṅgawéyané woᶇ cilik kaᶇ minaṅka papañcèniᶇ para priyayi wis disuwak, mĕṅkono uga pĕṅgawéyan mikul woᶇ kaᶇ luluṅan ṅlakoni ayahaniᶇ nāgara. kèḥ kèhiᶇ pĕṅgawéyan gugur gunuṅiku mahuné 52 dina iᶇ dalĕm satahun, iᶇ nalika iku disuda kari kèḥ kèhé 42 dina, naṅiᶇ supaya nāgara ora bañjur kakéhan tomboké wragad, woᶇ cilik bañjur ditĕtĕpaké ambayar f 1, (pajĕg siraḥ) iᶇ dalĕm satahun tumrap siji sijiné woᶇ kaᶇ bĕnĕré ñaṅga gawé. suwéniᶇ suwé gugur gunuṅiku saya disuda suda. tumĕkané tahun 1911 muᶇ kari 5 dina satahuné, laniᶇ tahun 1916 wisilaᶇ babar pisan kĕjaba iᶇ tanaḥ kĕjawan laniᶇ tanaḥ partikĕlir. muᶇ kari yèn pṛêlu baṅĕtisiḥ kudu ditindakaké, kaya ta yèn nuju ana kacilakanuŧawa kaṅgo baƀaya kaṅarĕp nĕkani.

déné pĕgawéyan rukun dĕsa, kaya ta : roṇḍa ṭèṭèk, andadani dalaniᶇ déśa l.s. mĕṣṭi bahé isiḥ lĕstari tumindak, naṅiᶇ mĕkṣa ṅaṅgo dipṛênata wawaton kakañciṅan résidént.

pajĕg siraḥ kaᶇ wus dadi baṅsa tĕluᶇ rupiyahan satahun, nalika tahun 1927 wis disuwak babar pisan.

déné tumrapé tanaḥ tanaḥ saliyané tanaḥ jawa pṛênatané kuraᶇ luwihiya mèmpĕr mèmpĕr bahé karo iᶇ tanaḥ jawa.

wis wiwitiᶇ wĕktu iku bab sĕsawaḥ wisumum satanaḥ jawa, naṅiᶇ rèḥné cacahiᶇ woᶇ duruᶇ pati akèḥ, iᶇ sawĕnèhiᶇ papan woᶇ woṅĕṅgoné aṅgarap lĕmahisiḥ sagĕlĕm gĕlĕm, ṅanti pèrèᶇ pèrèṅiᶇ pagunuṅan sokĕntèk wit witané, marakaké laraṅudan. pari racaké ora kukuraṅan, awitiya saka saṭiṭikiᶇ jiwa mahu. malaḥ ṅanti tumĕkané tahun 1825 cacaḥ jiwa tanaḥ jawa mĕkṣa lagi 6 yuta, maṅka lĕmahé cĕkaké ora kalaḥ loḥ karo jamané sahiki. lahiku jalarané, déné ḍèk sĕmana muraḥ bĕras muraḥ pari, saḍéṅahuwoᶇ klawan gampaṅĕṅgoné bisa olèḥ paṅan, sĕmono manawa nuju ora ana kacilakan, ora ana pĕraᶇ, uŧawa mĕnawa ora nuju kabotan pĕṅgawéyan kaᶇ ṅanti sokora kobĕr ṅgarap sawaḥ.

pĕṅgawéyan nāgara iku mahu kĕrĕp ṅèṭèraké woᶇ cilikĕṅgoné aṅgarap sawaḥ, luwiḥ luwiḥ tumrapiᶇ tanaḥ kĕjawan kaya kaᶇ kasbutiᶇ ṅarĕp, naṅiṅiᶇ jajahan ṿ.o.c. malahiya sok saya baṅĕt, kaya ta tumrapiᶇ tanaḥ priyaṅan ḍèkabad 18 akir. iᶇ kono woᶇ woṅé marga saka kĕpĕkṣa nandur kopi gupĕrmèn, bañjur wiwit paḍa maṅgrokora ṅolaḥ ṅaliḥ papan, lanĕṅgoné tatanèniya wis maṅgon. dumadakan pĕnanduriᶇ kopi iṅabad 18 akir nuli dikèhi bahé, ṅanti pĕmĕtuniᶇ pari ora ñukupi kaya mahuné.

iᶇ priyaṅan kidul malaḥ ṅanti kukuraṅan pari. pĕnènané racak muᶇ sĕḍĕᶇ dipaṅaniᶇ dalĕm 3 uŧawa 4 sasi, bañjur paḍa utaṅutaᶇ bĕrasuŧawa pari, pĕñahuré ṅĕntèni yèn wis panèn manèḥ. yènora bisa olèhutaṅan, bañjur paḍa kĕpĕkṣa muᶇ maṅan katuluŧawa krowodan wĕtuniṅalas, kaya ta : gaḍuᶇ. siji loro woᶇ kaᶇ kĕcukupan, paṅané luwihénak, kaya ta sĕga, lawuhé uyaḥ, mrica, baluruŧawa gĕrèḥ, ḍèṇḍèᶇ kĕbo, lan jaṅan gogoḍoṅan.

yèn woᶇ surabaya paṅané iᶇ jamaniku awujud sĕga, lawuhé uyaḥ, lombok, kuluban, lan maṅsa kala ṅaṅgo iwak lohuŧawa iwak ḍèṇḍèᶇ.

iᶇ tanaḥ kĕjawan paṅané woᶇ kaᶇ rada kĕcukupan, awujud sĕga, lawuḥ gĕrèhuŧawa balur, lan lombok. wĕtara iᶇ tahun 1824 paṅané woᶇ lanaᶇ siji, pĕṅaji 12 ḍuwitiᶇ sĕdinané : 6 ḍuwit kaṅgo sĕga, 3 ḍuwit kaṅgo lawuḥ, lan 3 ḍuwit suruḥ kambi bako. maṅané iwak muᶇ maṅsa kala, kaya ta yèn nuju duwé gawé, bĕṙṣiḥ déśa l.s. (iwak kĕbo, sapi, uŧawa sokiwak pitik).

critané tanaḥ ciyañjuriᶇ wĕktu sĕmana akèḥ bocaḥ kaṅora lĕstari urip, jalaran mĕrga saka kuraṅé paṅan.

rèhniṅiᶇ jamaniku anané woᶇ dagaᶇ lan tutuṅgaṅan duruᶇ kaya jaman sahiki, woᶇ woᶇ pṛêsasatora tahu luluṅan, lan pṛêsasatora tahu wĕruḥ woᶇ mañca uŧawa baraᶇ mañca. toko toko iya muᶇ siji loro, lan butuhiᶇ woᶇ pañcèniya muᶇ sĕṭiṭik, awit duruṅakèḥ kaᶇ diwĕruhi, dadi gampaᶇ narimané. guṅguᶇ kumpul karaharjaniᶇ tanaḥ muᶇ gumantuᶇ maraᶇ wĕtuniᶇ sawaḥ. aṅgĕr sawahé kĕmĕton, iya cukup dipaṅan, awit cacaḥ jiwa pañcèn lagi sĕṭiṭik lan butuhiᶇ woᶇ ṅĕmuṅaké maṅan. yèn sawahé ora kĕmĕton, bañjur paḍa tumiba iᶇ kĕmlaratan! déné jalaraniṅora kĕmĕtoniᶇ sawaḥ warna warna, kaya ta : ama, kukuraṅan bañu, kèṭèriᶇ paṅgarap marga saka pĕṅgawéyan nāgara uŧawa mĕrga saka kĕñcĕṅiᶇ pṛênatan pĕṅgarapiᶇ kĕbon kopi, kĕbon kapas, l.l.

saṇḍaᶇ pĕṅaṅgoné woᶇ tanaḥ priyaṅaniᶇ jaman sĕmana isiḥ baṅĕtiᶇ kuciwané. woᶇ lanaᶇ muᶇ cawĕtan ṭok ṭok. kaᶇ digawé cawĕt lumrahé pupusiᶇ gĕbaᶇ, (panuṅgalané kaᶇ diyĕṅgo bakaliᶇ karuᶇ). yèn nuju pĕsĕmuwanuga ṅaṅgo klambi lanikĕt. saṇḍaṅan kaya carané sahiki : saruᶇ, kaṭok, ikĕt, sĕmuné iᶇ jaman sĕmana iya wisana. déné para wadon paḍa mĕṅaṅgo saruᶇ wĕdĕlan (biru tuwa), tanpa klambi. barĕᶇ jamané muṇḍak raharja laniya marga saka saya rumasukiṅagama islam, woᶇ woᶇ wadon bañjur paḍa mṛêlokaké klambèn.

woᶇ lumrahiᶇ tanaḥ kĕjawan pĕṅaṅgoné ḍèk wĕtara abad 19 awalarupa : ikĕt sok wis sroṭal sraṭil, kaṭok mori kasar, lan klambi kotaᶇ tukon pasar rĕga 5 kĕlip. déné woᶇ pĕgunuṅaniya lumraḥ paḍa muᶇ cawĕtan.

iᶇ jaman sĕmana iya wus sokuṅsum lalara kaṅaṅgĕgirisi, kaya ta ḍèk tahun 1757 ana pĕgĕblug baṅsaniᶇ pést, ṅĕntèkaké woṅatusatusan, luwiḥ luwihiᶇ ciyañjur, bogor, baṇḍuᶇ lan krawaᶇ, ṅanti ñuwuṅaké sĕwĕnèhiᶇ déśa iᶇ bawaḥ baṇḍuᶇ lan krawaᶇ mahu. cirĕboniya kĕtrajaṅuga. saka kono tumular mĕñaᶇ bañumas lan bagĕlèn. papati iᶇ priyaṅan laniᶇ ḍistrikindramayu guṅguᶇ luwiḥ saka 27.000. iᶇ tanaḥ kĕjawan malaḥ saya luwiḥ déniṅakèḥ kaloṅiᶇ cacaḥ jiwané.

lĕlara cacaruga ṅrusak ṅrusakaké woᶇ, awit kĕlumrahané woᶇ woᶇ paḍa ora gĕlĕm dicacar kaya carané sahiki. iᶇ tahun 1800 akèḥ woᶇ surakarta kaᶇ kĕna lara cacar, ṅanti dadi lan patiné. mĕṅkono uga iᶇ bĕtawi, iᶇ paḍaṅhulu lan lampoᶇ, sumatra. éwadéné nalika gupĕrmènarĕp ṅlumrahaké cacaran ṅaṅgo wiji cacariᶇ sapi, akèḥ woᶇ pĕgunuṅan kaᶇ milahurumpĕtanana iṅalas. tatuniᶇ cacaraniku pĕṅrasané woᶇ priyaṅan minaṅka taṇḍa yèn woṅé bakal digawé suraḍaḍu. anamanèḥ kaᶇ duwé pĕṅira, yèn cacaraniku sulaya karo adatiṅagama. kajaba iku, mĕrga saka kuraᶇ sampurnané kawruḥ ḍèkiᶇ jamaniku, ṅanti kĕlakonana bocaḥ kaᶇ mĕntas dicacar, tĕka iya isiḥ bisa mati jalaran kĕna iᶇ cacar, kaya ta putrané sultananomiᶇ cirĕbon. mĕṣṭi bahé woᶇ sakaḍaton kono bañjurora ṅandĕl maraᶇ dayaniᶇ cacar. ḍèk jamané rafflés tumindakiᶇ cacaran dikĕñcĕṅaké manèḥ. suwéniᶇ suwé woᶇ woᶇ wis ṅṛêti maraᶇ pahédahiᶇ cacaraniku mahu, añjalari kaslamĕtaniᶇ woṅakèḥ.

uṇḍakiᶇ cacaḥ jiwa iṅabad puṅkas puṅkasaniki tikĕl matikĕl tinimbaᶇ karo siṅuwisuwis, muṅguḥ kaᶇ dadi sĕbabé ora liya kĕjaba saka cukupiᶇ paṅan, ganĕpiᶇ saṇḍaᶇ pĕṅaṅgo, lan marga saka sraṇa sraṇa panulakiᶇ lalara, irrigatiyé, léyidiᶇ bañu ombèn l.s. déné woᶇ woṅiᶇ sahiki, racaké kalaḥ tĕntṛêm tinimbaᶇ karo woṅiᶇ jaman sĕmana, iku ora marga saka kahananiṅuripé luwiḥ rĕkasa tinimbaṅiᶇ jamané biyèn. sañatané marga saka uṇḍaké jĕmbariᶇ kawruhé kĕgawa saka kèhé wĕrna wĕrnaniᶇ tutumpakan lan baraᶇ dagaṅan, waṣaṇa salumrahiᶇ woᶇ butuhé ora muᶇ bab paṅan lan saṇḍaᶇ ṭok, kaya kaṅuwisuwis.

iᶇ jaman kuna aṅgĕré nāgara arĕp yasa pṛênatan pṛênatan siᶇ mahédahi, tĕka araᶇ bisané tumindak bĕcik. iku jalarané luwiḥ luwiḥ marga woᶇ woᶇ pri ƀumi isiḥ paḍa tuna iᶇ budđi duruᶇ paja paja wĕruḥ pojokiᶇ pamulaṅan.

iṅawaliṅabad 19 pṛêsasat duruṅana pamulaṅan, anané muᶇ siji loro. iᶇ déśa indihiyan lan cilolohaniᶇ sakidul tasikmalaya, wis wiwit kuna mula ana pamulaṅané kaṅgo bocaḥ bocaḥ, déné wulaṅané : basa arab lan babagama islam. iᶇ bogoruga ana pamulaṅan mĕṅkono iku. kaᶇ paḍa sinahu luwiḥ luwiḥ muṅanakiᶇ para priyayi. iᶇ tanaḥ krawaṅakèḥ pĕṅgĕḍé ḍistrik (wĕdana) kaᶇ sasatora bisa maca nulis, dalasan para pĕṅulu, nahibakèhuga kaᶇ duruᶇ tahu olèḥ wulaṅan maca nulis. kaᶇ paḍa sinahu iᶇ pamulaṅaniᶇ para pĕṅulu uŧawa nahib, muᶇ putraniᶇ para pĕṅgĕḍé. iᶇ sudalaraᶇ wĕwĕṅkon limbaṅan sĕkolahané gĕḍé ḍéwé, yasanađipati suriyanāgara iᶇ sumĕḍaᶇ. sĕkolahan kaᶇ luwiḥ ḍuwur sĕmuné iya wisana, wulaṅané bab kawruhagama, nulis lan maca. étuᶇ lan sastra jawa lumrahé ora kawulaṅaké. déné kaᶇ ditulisi : bumbuᶇ, wilaḥ, uŧawa lontar. kaᶇ kaṅgo nulis : paṅot cilik. anèhé woᶇ priyaṅan déné basané ḍéwé diyaṅgĕp rèmèḥ, ora pantĕs klĕbu iᶇ tulis. yèn nulis lumrahé ṅaṅgo basa mlayu katulisiᶇ sastra arab. nalika pĕsuṇḍan kĕbawaḥ mataram, kaᶇ diyĕṅgo basa ḍinĕs yahiku basa jawa. tĕkané akiriṅabad 19 basa jawa ana iᶇ priyaṅan wis saya ora kaṅgo.

iṅantéro krawaᶇ mahu akèḥ para pĕṅgĕḍé kaᶇ lémpoḥ maraᶇ tulisan. iᶇ mataram sĕmuné kaṅjĕᶇ sunan (1677) lan para niyakané sawĕtara, iya ora sagĕd ñĕrat, déné para ƀupati lan pĕṅgĕḍé pĕṅgĕḍé liyané racaké paḍa bisa nulis. éwadéné layaṅé ƀupati iᶇ taṅgĕraᶇ katitimaṅsan tahun 1756 tĕka muᶇ ditèkĕn cakar pitik (cap dumuk). iᶇ sajroniṅabad kĕpuṅkuriki ana pĕṅéran dipitakèni sagĕd ñĕrat lanorané, bañjur maṅsuli :"kula botĕn baḍé dados jurusĕrat!"

ṅanti suwé basa jawa dadi basané para pintĕriᶇ tanaḥ pĕsuṇḍan. sĕraté para ƀupati mĕṣṭi ṅaṅgo akṣara lan basa jawa. naṅiᶇ basané jawa iku ṅaṅgo dicampuri tĕmbuᶇ suṇḍa, lan dijĕnĕṅaké basa jawarèḥ (= jawa sawarèḥ = jawa muᶇ sapéraṅan), malaḥ céṅkoké iya wis suṇḍa blĕjĕd. iᶇ sahiki basa jawarèhiku mahu wis mèhilaᶇ lariné, ḍasar mahuné ya muᶇ kaṅgo iᶇ tulis, ora tahu kaṅgo omoṅomoṅan lumraḥ.

satusan tahun kĕpuṅkur para gĕḍé iᶇ priyaṅan duruᶇ miguṇakaké basa mlayu. para ƀupati yèn ṅĕndikan ḍinĕsan malaḥ cara jawa. piwulaᶇ mlayu ana iᶇ sĕkolahan santri (para putra ƀupati iya sĕkolaḥ mrono), duruᶇ ñukupi apa apa, malaḥ gunĕmané mĕlayu bahé isihaṅèl ṅṛêtèn ṅṛêtènané. yèn caturan karo woᶇ kaṅora ṅṛêti cara jawa uŧawa suṇḍa, muᶇ paḍa ṅaṅgo basa mlayu pasaran.

bab pĕṅgahotan kriya racak kĕna sinĕbutora ana, awit woᶇ tani cilik cilikaniku wis ṅiras dadi tukaᶇ wĕrna wĕrna. gawé omaḥ, gawé grobag, ṅuṇḍagi, nukaᶇ kayu l.s. iya tumindak, déné kaᶇ wadon ṅantiḥ lan nunun. muᶇ woᶇ woṅiᶇ sacĕḍaké kuṭa kuṭa lan nāgara paḍa gĕlĕm dadi tukaᶇ tĕmĕnan, marga kĕtarik saka kĕparĕṅiᶇ saᶇ nāŧa uŧawa para gĕḍé liyané. baṅsa ṅanamanam, ṅukirukir, gawé grabaḥ l.s. bañjur dadi pĕṅgahotan tĕmĕnan. ana kampuṅuŧawa déśa siᶇ muᶇ diyĕṅgoni iᶇ para paṇḍé ṭok (pandéyan), uŧawa paṇḍé gĕṇḍiᶇ (gĕṇḍiṅan), paṇḍé gawé dandanan kuniṅan (gĕmblak, gĕmblĕkan) l.s. woᶇ mbaṭikiya wisakèḥ.

jĕpara iᶇ wĕktu sĕmana uga wus kĕsuwuriᶇ babukirukiran lan bĕkakas rĕrĕṅganiṅomaḥ. sumĕḍaᶇ kacarita ṅanti 33 déśa muᶇ diyĕṅgoni iᶇ baṅsa sayaᶇ kabèḥ.

iᶇ wiwitané jamaniku bab lalayaranisiḥ rada gĕḍé, naṅiᶇ bañjur kalaḥ paṅgaḥ karo baṅsa mañca, jalaran bab pĕdagaṅan wis karĕgĕmiᶇ baṅsa mañca mahu. ḍèk jamané pati unus jĕpara isiḥ sugiḥ prahu lan woᶇ jawa bisa mbiyantoni woᶇ mĕlaka pĕraᶇ muṅsuḥ woᶇ portĕgis.

iᶇ mataramana pĕṅadilan warna loro : 1. pṛêdata. kaᶇ ṅadili saᶇ nāŧa piyambak, yahiku tumrap pṛêkara kaᶇ gawé dukaniᶇ saᶇ praƀu uŧawa pṛêkara kaᶇ ṅlaṅgaraṅgĕraṅgĕriᶇ saᶇ praƀu. 2. pĕṅadilan kaᶇ ṅrampuṅi pṛêkara bab gugat ginugat, bab pasulayan karo paḍa déné kawula dalĕm saᶇ praƀu. déné kaᶇ mutusi para jakṣa. para jakṣa uga kĕna kaḍawuhaniᶇ saᶇ praƀu nitiprikṣa lan ṅadili pṛêkara kaᶇ kasbutaṅka 1. kaṅjĕᶇ sultanaguᶇ yasa pĕṅadilanañar, ṅadili pṛêkara coloᶇ jupuk, apus lan sapanuṅgalané; déné kaᶇ nindakaké goloṅaniᶇ para ṅulama, putusané isiḥ ṅaṅgo disuwunaké kakañciṅan maraᶇ saᶇ praƀu. pṛêkara salaki rabi lan warisaniya klĕbu iᶇ wĕwĕṅkoniᶇ pĕṅadilanañariku. barĕᶇ jumĕnĕṅé sunan praƀu maṅkurat ⅰ para ṅulama mahu ilaᶇ paṅwasané. iᶇ bésuké paṅwasaniᶇ ṅulama iku puliḥ manèḥ marga saka dayaniᶇ ṿ.o.c. déné layaṅaṅgĕr kaᶇ kaṅgo wiwit ḍèk dumadiniᶇ kraton mataram, jĕnĕṅé layaᶇ sūṙyyaṅalam, surasané cara islam saṭiṭik cara iṇḍu saṭiṭik.

woᶇ woṅiᶇ tanaḥ jajahaniᶇ ṿ.o.c. ĕṅgoné ṅadili isiḥ wawaton tata carané ḍéwé ḍéwé : kaᶇ ṅasta adil para ƀupati, naṅiᶇ bab putusan putusan kudu dilapuraké maraᶇ ṿ.o.c. éwadéné iᶇ tahun 1747 ṿ.o.c. yasa landrahadana iᶇ sĕmaraᶇ, yahiku landrahad kaᶇ sapisanan. kaᶇ dadi paṅaṙṣa tuwan gowuvérnéyur, wargané para ƀupati, 7 cacahé, lan ṅaṅgo jakṣa gĕḍé (bĕskal = fiskahal) siji, puṅgawa walanda apaṅkat ścriba siji lan sécrétaris jawa siji. déné ƀupati ḍéwé isiḥ wĕnaᶇ mutusi pṛêkara cilik cilik. kĕjaba iku ana rahad van yustitiyé, kaṅgo mutusi pṛêkarané woᶇ saliyané baṅsa pri ƀumi.

guṅguᶇ kumpul pĕṅadilan ḍèk jaman sĕmana isiḥ kuciwa baṅĕt.

tumĕkané jaman mataramisiḥ lĕstari ana woᶇ tukon, luwiḥ luwihiᶇ tanaḥ pasuṇḍanakèḥ bapa biyuᶇ paḍa ṅĕdoli anaké. woᶇ dodosanana kaᶇ diputusiᶇ pĕṅadilan dadi woᶇ tukon. pĕpĕraṅan bantĕn kambi mataramuga dadi jalaraniᶇ cilakané woᶇ cilik, awitakèḥ woᶇ woᶇ tani paḍa dibaṇḍaᶇ para pṛêjurit kaᶇ kĕsasar sasar, didadèkaké woᶇ tukon. malaḥ sokana ƀupati kaᶇ ṅĕdol woṅiᶇ bawahé.

iᶇ sumatra iya akèḥ woᶇ tukon, kaya ta iᶇ minaṅkabahu lanaciḥ. lan manèhiᶇ sèlèbĕsiya ana (minahasa), iᶇ kapulowan suṇḍa cilik sarta iᶇ mĕloko wis kĕlumraḥ baṅĕt.

muᶇ bahé uripé woᶇ tukon mahu ora pati saṅsara. yènapik kĕlakuwané, uŧawa yèn laki rabi uŧawa manèḥ yèn bisa nĕbusi l.s. bañjur sok puliḥ kamardikané. ana iᶇ sawĕnèhiᶇ paṅgonan woᶇ tukon dibĕciki baṅĕt. pĕṅgawéyané luwiḥ luwihaṅgarap lĕmaḥ, kaṅakèhiya muṅaṅgarap pĕṅgawéyan ṅomaḥ. para puṅgawa ṿ.o.c. milu milu adaté woᶇ pri ƀumi : ṅiṅu batur tukon, naṅiᶇ paṅṛêṅkuhé iya bĕcik. ṅĕdoluwoᶇ mĕñaᶇ sajabaniṅiṇḍiya babar pisanora kĕna, lan"ñoloᶇ woᶇ" gantuṅané ukum pati.

woṅutaṅora bisa ñahur, kĕna pinĕkṣa dadi gaḍèn ṅanti sahĕsahé utaṅé, tĕrkaḍaṅĕṅgoné dadi gaḍèn ṅanti salawasé urip, awit pĕṅgawéyaniᶇ sadinané ditañjakaké maraṅanakan bahé sok duruᶇ cukup. iᶇ sawĕnèhiᶇ tanaḥ woᶇ dadi gaḍèniku tumurun maraṅanak bojo, malaḥ kĕbañjur dadi woᶇ tukon. iᶇ tanaḥ jakĕrta lan cirĕbon ḍèkabad 18 mahèwu èwu kèhiᶇ woᶇ kaᶇ dadi gaḍènana paṅwasaniᶇ walanda lan cina. layaṅaṅgĕr kaṅaran nawala pradata ñĕbutaké yèn woᶇ gaḍènolèḥ paṅan lan ḍuwit sakĕṭip sadina, uŧawa roᶇ kĕṭip tanpa paṅan. yèn layaṅaṅgĕriᶇ tanaḥ mĕlayu anak bojo ora kĕna dipĕkṣa nĕrusaké dadi gaḍèn, samono iku yènanak bojo mahu ora ṅṛêti pṛêkara utaṅé. mĕnawa isiḥ duruᶇ lunasanak bojo muᶇ ditĕtĕpaké ñahur saparoniᶇ kĕkèrèné utaᶇ. yèn cara bugis lan cara mĕkasar woᶇ gaḍèniku prasasat dipaḍakaké bahé karo woᶇ tukon.

sawijiniᶇ paṅgĕḍé iᶇ ciyañjur tahu mujaṅaké woᶇ woᶇ bawahé, pṛêlu kaṅgo mbayar ḍĕṇḍan, awit paṅgĕḍé mahu kĕbĕnĕr diḍĕṇḍa marga sawijiniᶇ warisé dosa akon matèni uwoᶇ.

déné ṿ.o.c. ḍéwé ora coṇḍoᶇ karo bab woᶇ gaḍèniku. wis wiwitiᶇ tahun 1696 mula ṿ.o.c. ṅoṇḍaṅaké laraṅanora kĕna motaṅaké maraᶇ woᶇ pri ƀumi kaᶇ ṅaṅgo pṛêjañji dadi gaḍèn. yènana pṛêkara utaᶇ mĕṅkono iku bañjur disalini utaᶇ cara lumraḥ bahé. laraṅaniku saya suwé saya diyuṇḍaki kĕñcĕṅé, luwiḥ luwiḥ nalika jaman g.g. dahéndéls tahun 1808.

ƀupati iku jamané sahiki sĕnadyan jĕnĕᶇ priyaguᶇ luhur, pĕṅgĕḍéniᶇ paṅrèḥ praja iᶇ sawĕwĕṅkoniᶇ kaƀupatèné, naṅiṅiya klĕbu wilaṅaniᶇ puṅgawa gupĕrmèn, béda karo jamané biyèn, kaya ta iᶇ jaman ṿ.o.c. iᶇ nalika sĕmana ƀupati iku prasasat bawa ḍéwé, dudu puṅgawaniᶇ ṿ.o.c., jumĕnĕṅé dadi ƀupati marga gumanti waris, nĕrusaké lalakoné para luluhuré ḍèk jaman mataram, yahiku para ađipati kaᶇ paḍa mĕṅkoni ƀumi gaḍuhan. tanaḥ sakaƀupatèn kabèḥ dadi gaḍuhané, wis prasasat kaguṅané ḍéwé, mulané bisa turun tumurun maraᶇ putra wayahiᶇ sapituruté. paṅwasané wis mèḥ saratu, yasa pranatan lan papréntahan ḍéwé, misuḍa lan ṅundur para priyayi iᶇ sawĕwĕṅkoné. sanajanisiḥ diwajibaké cahos bulu ƀĕkti maraᶇ saᶇ praƀu sarta urun prajurit yèn nuju ana pĕraᶇ lan liya liyané, naṅiᶇ tumindaké ora tĕrusanatas kaṙṣané saᶇ praƀu, lanora dititiprikṣa iᶇ saᶇ praƀu. dadi kaᶇ kuwaśa iᶇ sakaƀupatèn kono tĕtĕp muṅiṅkaᶇ ƀupati. samono mahu tumrapiᶇ para ƀupati iᶇ mañcanāgara. déné para ƀupati iᶇ nāgara guᶇ rada luwiḥ kawĕṅku iᶇ pañjĕnĕṅan nata, kuraᶇ mardikané tumrapĕṅgoné ñĕkĕl papréntahan. gampaṅané bahé aṅgĕr saya adoḥ karo mataramiya saya gĕḍé kamardikané. éwadéné maṅsa kala, luwiḥ luwiḥ nalika jaman sultanaguᶇ, paṅwasané saᶇ praƀu tumrap para ƀupati mañcanāgara gĕḍé baṅĕt. yèn nuju pĕraᶇ para ƀupati mahu abot tataṅguṅané. mĕnawa ana ƀupati dilurugaké, maṅka ora bisa uṅgul, iku bañjur diyélokaké iᶇ sadosané, mĕṣṭi tampa pahukuman siṅaṅgĕgirisi. tĕrkaḍaᶇ woᶇ woṅiᶇ sabawaḥ kaƀupatèniya sinikṣa luwiḥ déniṅabot.

barĕᶇ ṿ.o.c. olèḥ ƀumi, paṅrèhé ṅlĕstarèkaké kaya siṅuwisuwis, awit cara mĕṅkono iku ṿ.o.c. iya ṅaṅgĕp yènakèḥ pahédahé, dadiné para ƀupati lĕstari mĕṅkoni uŧawa ṅuwasani woᶇ woṅiᶇ sabawahé.

woᶇ woᶇ pañcèn gĕḍé piyandĕlé maraṅiṅkaᶇ ƀupati, paḍa wĕdi asiḥ, baṅĕtiᶇ suṅkĕmé maraᶇ ƀupati lan sasĕntanané, awit rumaṅsa dadi rèḥ rèhané tĕrkaḍaᶇ wis turun maturun ṅanti atusan tahun. cacadé déné kĕrĕp bahé ana sĕntananiᶇ ƀupati kaṅora pantĕs tampa paṅaji ajiniṅakèhiku, jalaran saka cĕṇḍalaniᶇ budđiné, mĕntala agawé pitunaniᶇ woᶇ cilik. kaᶇ mĕṅkono iku iya kĕrĕp kĕlakonana iᶇ tanaḥ priyaṅan lan tanaḥ liyané, kaṅarĕp dilĕboni pṛênatanañar karo ṿ.o.c. lumantariᶇ para ƀupati.

iᶇ sajroniṅabad 18 yakin yèn ṿ.o.c. saya muṇḍak muṇḍakĕṅgoné ṅuṭikuṭikiᶇ bab papréntahané para ƀupati, malahawawatoniᶇ sakarĕp karĕpé ḍéwé.

sawĕnèhiᶇ para ƀupati iᶇ tanaḥ pasuṇḍan, luwiḥ luwiḥ ḍèk jaman gĕḍé gĕḍéniᶇ babaṭèn kopi, sugĕṅé wis prasasat ratu. ana kaᶇ muᶇ saka kopi bahé bisa tampa 10.000 riṅgit. dalĕmé gĕḍé gĕḍé; yèn mĕñaᶇ bĕtawi, sĕtahun sĕpisan, ṅaṅgo ginarĕbĕgiṅabdi paṇḍèrèkakèḥ ṅampilupacara iᶇ saganĕpé. woᶇ woᶇ paḍa baṅĕtéram lan moṅkogatiné mĕnawa mĕruhi ƀupatiné tindak mĕṅagĕm sikĕpan gĕḍé bludru, jaṅgané binludiṛĕmas, ṅagĕm cĕnéla apikiᶇ ṅarĕp dawa ñlĕkĕṇṭuᶇ, ṅagĕm soṅkok waṅun maju tĕlu, ñĕṅkĕlit waṅkiṅan pusaka turunan saka luluhuré, dīriṅiᶇ pĕṇḍèrèkakèḥ. satĕkané iᶇ bĕtawi ditampi gubĕrnur jéndral ḍisik ḍéwé. tamu liyané kudu nrima kèri. para ƀupati mahu ṅaturaké kasugĕṅan, ñahosaké pisuṅsuᶇ, lan bañjur ṅuñjukaṅgur.

kaṅakèḥ para ƀupati iku mahu paḍa kaguṅan dalĕm poṇḍokanana iᶇ bĕtawi kono, mulané iya krasan, tĕrkaḍaᶇ sok ṅanti sasèn sasèn lan kĕrĕp sok nĕlasaké ḍuwitakèḥ.

ƀupati kaṅora pati sugihiya ana, maṅsakala asilé para ƀupati sok suda ṅanti akèḥ baṅĕt.

para ƀupati iᶇ saliyané tanaḥ pasuṇḍan racaké ora sugiḥ kaya mĕṅkono.

g.g. dahéndéls ṅowahi caraniᶇ para ƀupati aṅgoné ñĕkĕl paṅwasa. para ƀupati mahu bañjur didadèkaké puṅgawa dalĕm saᶇ praƀu iᶇ nāgara walanda, lan bañjurilaᶇ jĕjĕré ĕṅgoné bawa madĕg ḍéwé. kaᶇ misuḍa para priyayi sor soraniᶇ ƀupati g.g. piyambak lan sakabèhiᶇ papréntahan sarta pṛênatan tumrap woᶇ pri ƀumi ṅaṅgo diyawatawati iᶇ puṅgawa nāgara baṅsa éyuropa. ƀupati tampa blañja tĕtĕp, ladèn wulu wĕtu disuwak. gañjaran mĕrga wĕtuniᶇ kopi wis‍ora ditampa iᶇ ƀupati, ditampakaké woᶇ cilik minaṅka kahuntuṅané. tumrapiᶇ pĕṅadilaniya diyanani pṛênatanañar. ƀupati muᶇ kari kuwaśa mutusi pṛêkara cilik cilik.

miturut surasaniᶇ régériṅsréglémént kaᶇ gumanti ƀupati iku putra uŧawa warisé iṅkaᶇ ƀupati. wajibiᶇ ƀupati ṅĕrèḥ lan mṛênata woᶇ cilik, cahos kĕtraṅan maraᶇ résidént lan kudu manutiᶇ putusaniᶇ résidént. ƀupati karo résidént mono suṅkĕmé kayadéné maraᶇ sĕdulur tuwa. ƀupati ora kuwaśa bab yasa aṅgĕr, ora campur karo pṛêkara ḍuwit lanora mṛênata pajĕg. bab 3. kaguṇan lan kasusastran.

èdi èdiniᶇ kaguṇan luwiḥ luwiḥ tinĕmu ana iᶇ sajroniᶇ kraton kraton. kasbutiᶇ tulisan kuna : wis wiwit ḍèk jamaniṇḍu mula aṅgĕr woṅaguᶇ, kĕjaba kudu wruhiᶇ sastra, gĕṇḍiᶇ, pṛênata maṅsa lan kriḍaniᶇ basa, isiḥ kudu mĕṅkoni kawigñan 10 warna, kaṅaṅka siji : ñuṅgiᶇ.

siᶇ diyĕṅgo ñuṅgiᶇ jĕnĕṅé pulas, awujud bubukan, bañjur diyĕjuri ṅaṅgo añcur. déné kaᶇ kaṅgo mbañoni añcuriku laṇḍa jankaᶇ kĕpoḥ. kaᶇ disuṅgiᶇ kaya ta mori ciyut naṅiᶇ dawa, suṅgiṅané apik. wayaᶇ bèbèriku iya panuṅgalané. nalika jaman duruṅana mori siᶇ diyaṅgo klikaniᶇ wit witan, digĕmbloᶇ dadi amba dawa kaya mori. para ratu sok yasa suṅgiṅan kaya mĕṅkono iku, corèkiᶇ gambaré pĕpĕṭaniᶇ salirané ḍéwé ginarĕbĕgiᶇ wadyabala, awahana liman lan turaṅga, uŧawa pĕpĕṭaniᶇ pṛêjurit campuḥ pĕraᶇ l.s. raṅka sahukirané iya sok disuṅgiᶇ luwiḥ déniᶇ pèni, gambarané baṅsa luᶇ luṅan, modaṅan l.l. iᶇ surakarta tumĕkaniᶇ waktu sahiki raṅka suṅgiṅiku isiḥ kaṅgo.

iᶇ bali, aciḥ lan tanaḥ liyané kaguṇan ñuṅgiṅiya kombul.

kombuliᶇ kasusastran nalika antaraniᶇ tahun 1601 lan 1755. iᶇ wĕktu iku dumadiné layaᶇ bratayudđa jawa lan rama jawa, lan manèḥ layaᶇ manikmaya, ñaritakaké dumadiniᶇ jagad sarta para déwa déwa, layaᶇ baṇḍuᶇ lan layaṅajisaka. sĕmono uga layaᶇ layaᶇ pañji, layaᶇ ménak lan layaᶇ damarwulan.

layaᶇ layaᶇ babad yasan jamaniku kasusastrané ora sĕpirowa, caritané ora kabèḥ kĕna digugu. layaᶇ babad siᶇ gĕḍé ṅanti 18 jilid foliyo, guṅguᶇ 9.000 kaca, caritané wiwitadam tumĕka tahun 1770.

layaṅambiya ñaritakaké para nabi, kasusastrané iya ora sapirowa.

sinuwun paku ƀuwana ⅳ ñalirani yasa layaᶇ wulaᶇ bĕcik, dijĕnĕṅaké layaᶇ wulaᶇ rèḥ, piwulaṅé cara islam lan ṅaṅgo rasa iṇḍu sĕṭiṭik.

layaᶇ doṅèᶇ sato kéwan, sinĕbut layaᶇ kañcil, iya sumĕbariṅakèḥ.

kaṅaṅgilut kasusastraniku para pujaṅga, baṅĕtiṅaji aji. pĕṅaṅgĕpé para kaᶇ ṅaji aji baṅĕt, pujaṅga iku ṅaṅgo kĕturunan wahyu, dadi ora muᶇ sawantahé ahowé. pujaṅga kĕsuwur yahiku yasadipura ⅰ, pinaṅkat ƀupati ḍèk jaman kaṅjĕᶇ sunan paku ⅲ. turun turuné iya akèḥ kaᶇ kĕsuwur yèn pujaṅga. iṅakiré jaré wis‍ora ana pujaṅga manèh; raṅgawaṙṣita kaᶇ yasa layaᶇ pustakaraja purwa l.s. iku kaᶇ minaṅka puṅkas puṅkasané pujaṅga.

anané wayaṅiku gĕnaḥ wis kuna baṅĕt. kaᶇ wis mĕṣṭi bahé ḍèkabad 11 wayaᶇ purwa wisana. wayaᶇ gĕḍog lan wayaᶇ kruciliku yasan ḍèk jaman majapahit. wayaᶇ golèkayaké yasan pasuṇḍan. wayaᶇ bèbèranané ḍèk saduruṅé abad 15. topèṅiku anané ora kalaḥ ḍisik karo wayaᶇ purwa.

nalika madĕgiᶇ kraton mataramañarañaran cacahiᶇ kĕḍok topèᶇ diwuwuhi lan wiwit diprada baraᶇ. layaᶇ layaᶇ carita topèṅuṇḍaké ḍèk jaman kartasura (1680) tĕkan pañjĕnĕṅané sinuwun paku ƀuwana ⅲ.

nadyan topèṅisiḥ lĕstari kaṅgo, naṅiᶇ maṅkunāgara ⅰ ḍèk tĕṅaḥ tĕṅahané abad 18 yasa wayaᶇ tanpa topèᶇ, karan jĕnĕᶇ wayaᶇ woᶇ, iᶇ mahuné wayaᶇ woṅiku kaya kaya arĕpora lana, awitiṅabad 19 muᶇ kari kaṅgo ana iᶇ ṅayoja ṭok. maṅkunāgara ⅴ ±1887 ṅudi kĕlumrahiᶇ tontonan wayaᶇ woᶇ mahu ana iᶇ tanaḥ kĕjawan lan bisa kĕlakon kombul tĕmĕnan. p. maṅkunāgara ⅳ yasa baṅsaniᶇ wayaᶇ woᶇ, pocapané ṅaṅgo tĕmbaᶇ lan sinawuṅiᶇ gĕṇḍiᶇ, lakoné carita damarwulan ménakjiṅga. yasanañariku dijĕnĕṅaké laṅĕndriya.

malaka, sumatra lan riyowuw kawruhé bab wayaᶇ pañcèn tĕmpilan saka tanaḥ jawa.

wayaᶇ woṅiᶇ sumatra caritané pĕṭuka saka layaᶇ śrī rama (ramayana), laniya saka layaᶇ layaᶇ mĕlayu liya liyané. wayaᶇ topèᶇ tumular tĕkaniᶇ bali, tĕkan tanaḥ mĕlayu, lan maraᶇ timur.

sahunduré kraton majapahit bab kasusastran rada kapiran, awit lagi uṅsumiᶇ pĕpĕraṅan kan pasulayan. agama islamiᶇ wiwitané uga añjalari kĕṇḍoniᶇ paṅudi maraᶇ kasusastran kuna. barĕᶇ kasusastran jawa kombul manèḥ, woᶇ woᶇ wis kĕbañjurora pati ṅṛêti maraᶇ surasaniᶇ layaᶇ layaᶇ kuna, tĕmahan carita carita wayaᶇ l.s. kĕpĕkṣa akèhowahé, maṅka owahowahan mono ora mĕṣṭi yèn dadi lanapiké.

wis wiwitiᶇ mahu mahuné gamĕlaniku kaṅgo nabuhi tontonan wayaᶇ, naṅiᶇ kombulé manèḥ lagi ḍèk jaman sultanaguṅan. ana gĕṇḍiᶇ siṅapikapikiya ḍèk jamaniku. gamĕlaniᶇ karaton sahiki, kaᶇ tuwa ḍéwé sinĕbut"kaṅjĕᶇ kyahi moṅgaᶇ", apĕsé wisumur 400 tahun, pĕpriñcèné mĕṅkéné : 3 rañcak kaya bonaᶇ naṅiᶇ muᶇ salarik gĕḍé gĕḍé, 2 kĕṇḍaᶇ, gĕḍé lan cilik, 2 goᶇ, 1 kĕnoᶇ, 2 bĕṇḍé cilik lan kĕcèr sawĕtara kèhé.

"kaṅjĕᶇ kyahi gunturmadu" iya kĕsuwur, jaréné iku gamĕlanasal saka dĕmak.

__________

tambahan 2. babad walanda lan tanaḥ liyané.

__________

péraṅan ⅰ. tanaḥ walanda ḍèkiᶇ jaman kuna.

wujudiᶇ ƀumi tanaḥ walanda ḍèk jamané kuna akèḥ bédané karo jaman sahiki. ana kaᶇ biyèn sĕgara uŧawa rawa, sahiki dadi ḍaratan, lan kosokbaliné ana kaᶇ mahuné lĕmaḥ, sahiki kĕlĕmiᶇ bañu. gumuk gumuk wĕḍi urut pĕsisiriku ḍèk kunané malaḥ kĕpara ṅlañjak mĕṅulon, dadi yèn mirit saka iku buminé muṇḍak ciyut. zuwidérzé kaᶇ sahiki nĕdiya diyĕsat, iku iᶇ biyèn biyèné iya muᶇ tlaga, jĕnĕṅé tlaga flévo. déné suṅloniᶇ jaman kuna kaᶇ jĕnĕᶇ middélzé (friyésland) sahiki wusawujud lĕmaḥ. iᶇ zuwid holland lan zéland mahuné pṛêsasat rawa lan tlaga ṭok; suṅlon suṅlon lan supitan supitaniᶇ kono amba amba. alas lanara ara mluwa ṅĕbaki tanaḥ tanaḥ kaṅora kacakan bañu.

kira kira satus tahun saduruṅé tahun walanda tanaḥ walanda wiwit diyĕṅgoni woᶇ jérman, asalé saka iṅéropaḥ tĕṅaḥ. kaṅana iᶇ sisiḥ lor lan lor kulon jĕnĕṅé baṅsa friyés, déné kaṅana iᶇ sahantaraniᶇ kali rijn lan mahasaran woᶇ bataviyér. kaᶇ maṅgoniᶇ papan liyané iya paḍa nduwèni jĕnĕᶇ ḍéwé ḍéwé.

mirit katraṅané baṅsa rum, paṅupajiwané baṅsa jérman piraᶇ piraᶇ goloṅaniku mahu, paḍa mbĕburu, misaya iwak, miyara rajakaya lan nanandur. prabotiᶇ woṅomahomahisiḥ sarwa pṛêsaja baṅĕt naṅiᶇ wisana gagaman wĕsi.

woᶇ jérman pĕṅèḍĕpé maraᶇ déwa déwa akèḥ kaṅaran wodan, donar, frigga lan liya liyané.

iᶇ jamaniku iṅéropahana praja gĕḍé lan kuwaśa, jĕnĕṅé praja rum. mahuné tanpa ṅaṅgo ratu (républiyék), barĕṅiᶇ tahun 27 saduruṅé tahun walanda ana kaᶇ jumĕnĕᶇ ratu aguᶇ, jujulukahugustus. wiwit nalika isiḥ républiyék wisambawahaké éropaḥ kaᶇ sisiḥ kidul, afrika sisiḥ lor lan tanaḥ tanahasiyaḥ cilik. iᶇ tĕmbéné, iᶇ jamané para ratu aguᶇ, jajahan rum mĕṅalor tĕkaniṅgris, mĕṅétan tĕkaniṇḍu.

kĕsuwuriᶇ rum marga saka moñcèré para sénapatiniᶇ praᶇ, para ahli kukum, ahli micara lanahli sastra apadéné para pintĕr yĕyasa (architéct). sanadiyan mĕṅkonowa naṅiᶇ woᶇ rumiku iya isiḥ kapir kaya para baṅsa liyané iᶇ jamaniku. kaᶇ nĕmbaḥ maraᶇ paṅéran sĕjati muᶇ sabaṅsa, yahiku baṅsa yahudi. déwa sĕsĕmbahané woᶇ rum dijĕnĕṅaké jupitĕr, apollo, maṙṣ, vénus, bacchus, saturnus, l.l. iᶇ jamané saᶇ kéyizér karélaguṅ

para ratu aguᶇ mahu uripiᶇ woᶇ sarwa mubra mubru, aṅgĕḍèkaké karoyalan lan nĕṅĕnaké pĕṅgawé makṣiyat.

saᶇ kristus miyos nalika jaman ratu aguṅahugustus, ana iᶇ tanaḥ palèstina (yahudi) kaṅuga wus kĕbawaḥ maraṅiᶇ rum. agama kristĕn gĕlis pĕñcaré ana iᶇ tanaḥ rum, naṅiᶇ para ratu aguᶇ mahu paḍa ora réna maraṅagama kristĕn, malahakèhumat kristĕn kaᶇ siniyasat lan đipatèni.

iᶇ tahun 313 woᶇ kristĕnolèḥ kamardikanĕṅgoné ṅlakoni agama, yahiku marga saka pranatané kéyizér constantinus, ratu kristĕn kaᶇ sapisananiᶇ nāgara rum.

wĕtara 50 tahun saduruṅé tahun walanda, sénapati rumaran juliyus cahésar, nĕlukaké tanaḥ galliyé (muṅguha sahiki frankrijk lan bélgiyé kidul). barĕᶇ woᶇ rum saya ṅaṅsĕg mĕṅalor, baṅsa walanda aṇḍisiki nuṅkularis, awit dirasa bakal tanpa pṛêlu upama aṅlawana.

tanaḥ tanaḥ kaᶇ wus ditĕlukaké iᶇ baṅsa rum nuli diyasani bètèᶇ bètèᶇ pṛêjurit, lan bètèᶇ bètèṅiku digaṇḍèṅiᶇ dalan gĕḍé, muriḥ cikat lan gampaṅé lakuniᶇ wadyabala. iᶇ sahubĕṅiᶇ bètèṅakèḥ kaᶇ ṅĕṅgoni, suwé suwé dadi rĕja, kaya nijmégén, mahastricht. kĕjaba yasa dalan woᶇ rumuga yasa taṅgul lan susukan dalan bañu, ṅĕsat rawa lan tindak mĕñaᶇ nijmégén

babadalas. woᶇ walanda baṭi muṇḍak kawruhé, lan muṇḍak bĕcik basané.

wĕtara tahun 400 praja rum pĕcaḥ, jalaran wus suwé para pĕṅgĕḍé ĕṅgoné ṅgĕḍèkaké maraᶇ kamuktèn lan karoyalan, budđiné rĕgĕd lan wus saya ora tolèḥ maraᶇ kahutaman.

baṅsa jérman bañjur mardika, malaḥ wani ṅṛêbut jajahan rum kaᶇ sisiḥ kulon, kaṇṭi ṅṛêrusak sakabèhiᶇ patilasané woᶇ rum. nuṅgal jamaniku tanahéropaḥ wétan karoban muṅsuḥ saka iṅasiyaḥ, arané baṅsa hunnén. akèḥ kuṭa kuṭa kaᶇ jinaraḥ rayaḥ lan rinusak, woᶇ woṅé đipatèni. kĕkèrèné paḍa rĕbuturip ṅuṅsi maraᶇ tanaḥ ṅamañca (volkṣvérhuwiziᶇ). suwéné pĕpĕraṅaniku ṅanti tĕkan ± tahun 600.

wĕtara ṅarĕpaké tahun 500 ana pĕṅgĕḍéniᶇ baṅsa jérman kaᶇ bisa jumĕnĕᶇ ratu, jĕmbar jajahané, jujuluk saᶇ nāŧa clovis, nāgarané aran frankén. paḍa paḍa ratu frankén, kaᶇ moñjo ḍéwé jujuluk saᶇ karélaguᶇ (768 814), kĕsuwuriᶇ kasudiran lan kawicakṣanané, ṅanti iᶇ satanahéropaḥ tĕluk kabèhora ana kaᶇ kuwawa ṅlawan yudđané pṛêjurit frankén. koṇḍaṅiᶇ kaluwihané praƀu karél tĕkaniᶇ tanaḥ wétananuga. harunal rasyid kalif iᶇ bahdad, masrahaké kuñciniᶇ pasaréyané saᶇ kristusiᶇ yèrusalèm, maraᶇ karélaguᶇ mahu.

iᶇ wĕktu iku sa éropaḥ ṅumpul dadi karajan siji, tĕntṛêm, santosa, raharja. iᶇ tahun 800 karélaguᶇ winisuḍa iᶇ kañjĕᶇ pahus léyo ⅲ ana iᶇ rum, sinĕbut kéyizér : (ratu aguᶇ), awit lalabuhané tumrapiᶇ praja kristĕn wis pṛêsasat paḍa karo kéyizér constantinusiᶇ rum biyèn.

kéyizér karél ṅĕjokaké baṅĕt maraᶇ paṅgahotané kawulané luwiḥ luwihiᶇ bab tatanèn, sraṇa ṅanakaké contoniᶇ pĕtanèn, mratakaké wiji laniṅoniṅon kaᶇ mahédahi (modél bowédérij), laniᶇ maṅsa kala kasiliᶇ tatanèn laniṅoniṅoniku ditontonaké iᶇ ṅakèḥ.

para ratu frankén wiwit sĕkawit mula sĕnĕᶇ mbabadalas lan ṅurug rawa, bañjur digawé paṅonan lan patĕgalan. ƀumi añariku dadi kaguṅaniᶇ ratu, lanana uga kaᶇ bañjur digañjaraké maraᶇ para wirya kaᶇ gĕḍé labuhé maraᶇ nāgara. sawĕnèhiᶇ para wirya buminé gañjaraniku saya tambaḥ tambaḥ, mulané saya gĕḍé kuwaśané, malaḥ bañjur rumaṅsa mardika ora mṛêduli maraṅiᶇ ratuné. jaman karélaguᶇ para wirya iku mahu muᶇ diwĕnaṅaké aṅgaḍuḥ ƀumi ƀumi mahu, ṅaṅgo diwajibaké mbantu iᶇ saᶇ praƀu mĕnawa nuju pĕraᶇ, sarta kudu prasĕtya tuhu maraṅiᶇ saᶇ ratu (lénhér). samaṅsa ana ađipati (lénman) kaᶇ nĕrak prasĕtyané lan lirwa iᶇ wajibé, gaḍuhané ƀumi bañjur diḍèḍèl. kaᶇ mĕṅkono iku añjalari santosaniᶇ praja lan ṅuṇḍakaké kṛêta arjaniᶇ nāgara. balikiᶇ jamané para ratu sahuṅkuré karél, wis‍ora pati diyériṅi karo para ađipati, bañjur paḍa rumaṅsa mardika madĕg ḍéwé ḍéwé, buminé gaḍuhan diyaṅgĕp duwèké ḍéwé.

iṅantaraniᶇ tahun 900 1000 kađipatèn kađipatèn kaᶇ mĕṅkono iku mahu, tumrapiᶇ tanaḥ walanda kaya ta : holland, géldér, brabant lanutrécht.

kĕmajuwaniᶇ tanaḥ tanahiṅéropahiku kaṅakèḥ marga saka dayaniᶇ klostér klostér (wiyara), papaniᶇ para tapa (monnik). para tapa mahu ana kaᶇ ṅawaki babadalas, ṅĕsat rawa, ṅolaḥ sawaḥ, ṅgulawĕṇṭaḥ woᶇ lara, lanana kaᶇ nulis lan ṅaṅgitaṅgit, maṙṣudi kawruḥ, mumulaᶇ lan liya liyané. malaḥ woᶇ butuḥ pĕṅinĕpan lan pituluṅan liyané, playuné iya mĕñaṅiᶇ wiyara. tĕtĕpiᶇ tapané iku dumunuṅana iṅolèhé ṅlakoni kasuciyan, mati raga lan ñambutgawé kaṅiᶇ sabisa bisané, dadi ora muṅiᶇ sakĕpénaké. wis lumraḥ dadi adaté woᶇ kristĕn ḍèk jaman samana, akèḥ kaᶇ mṛêlokaké sujaraḥ maraṅiᶇ patilasan patilasan lan pasaréyan saᶇ kristusana iᶇ tanaḥ palèstina. nalika palèstina iṅabad 11 ditĕlukaké iᶇ woṅarab, baṅsa kristĕnisiḥ kĕna bahé sujaraḥ mrono, barĕᶇ kaᶇ kuwaśa iᶇ kono wiwitiᶇ tahun 1050 baṅsa turki, para woᶇ sujaraḥ paḍa nĕmoni saṅsara, marga kinaniyaya, dipilara, malaḥ sok ṅanti tĕkaniᶇ pati. lahiku jalarané ana kruwistochtén, baṅsa kristĕn ṅlurugarĕp ṅṛêbut palèstina.

iᶇ tahun 1096 woᶇ ṅlurugiku mahu kèhé 300.000; paḍa ṅaṅgo taṇḍa salibabaṅana iᶇ ḍaḍa, disénapatèni sinatriya utama asma godfriyéd van bowuwillon. woᶇ sĕmono iku kaᶇ bisa tĕkan yérusalèm muᶇ kari 25.000, klakon bisa mbĕḍaḥ kuṭa, lan godfriyéd bañjur diyaṅkat jumĕnĕᶇ nata ana iᶇ kana. iᶇ sasédané godfriyéd kuṭa yèrusalèm kĕna rinĕbutiᶇ woᶇ turki, nuli dadi pĕpĕraṅan manèḥ, mĕṅkono iᶇ sabañjuré. lurugan kaᶇ puṅkasanana iᶇ tahun 1270 disénapatèni ratu iᶇ frankrijk, naṅiṅiya mĕkṣa ora bisa olèḥ gawé; palèstina lĕstari dikukuhi iᶇ baṅsa turki. marga saka lurugan bola bali iku, akèḥ loṅé cacahiᶇ para wirya iᶇ tanahéropaḥ, iᶇ wĕkasan para kawulané paḍa mardika, paḍa kukumpulan maṅgahota ḍéwé ḍéwé, gawé rĕjaniᶇ kuṭa kuṭa kaᶇ diyĕṅgoni. mardikané woᶇ woᶇ mahu ana kaᶇ marga saka lilaniᶇ bĕndarané, minaṅka gañjaranĕṅgoné tuhu sajroniᶇ ditiṅgal ṅlurug pĕraᶇ, uŧawa gañjaran marga mèlu ṅlurug l.s.

déśa iku dadiné kuṭa (yahiku kĕnané ṅaṅgo bètèᶇ lan jagaᶇ mubĕᶇ), mĕnawa olèḥ privilégiyé (= idin) saka rāja, grahaf uŧawa hértog, kaṅambawahaké. layaṅé priviligiyé iku ñĕbutaké kuwajibaniᶇ kuṭa maraᶇ saᶇ rāja, lan wĕwĕnaᶇ wĕwĕnaṅé woṅiᶇ kuṭa, kaya ta : iᶇ bab sĕṭiṭikiᶇ pajĕg, mayariᶇ wajibé bab mbantu pṛêjurit, kamardikaniᶇ woṅiᶇ sakuṭa kono l.s.

rèḥné kuṭa kuṭa saya gĕḍé, dadagaṅané uga saya maju, luwiḥ luwiḥ tumrapiṅéropaḥ lor lan kidul. muriḥ kasantosaniᶇ para kaᶇ dagaᶇ layar, kuṭa kuṭa bañjur paḍa pirukunan ṅanakaké sarékat. déné sarékat kaᶇ kĕsuwur ḍéwé jĕnĕṅé"dé hanza"; kuṭa kuṭa iᶇ nāgara walanda iya paḍa mlĕbu sarékat. muṅguḥ kaᶇ duwé ada ṅĕdĕgaké dé hanza iku mahu iᶇ sĕkawit kuṭa kuṭa hamburg lan lubéck. para kriya uga ṅumpul lan sagoloᶇ goloṅané ḍéwé, pĕkumpulané iku mahu aran"gildé", piguṇané pañcènakèḥ. wĕrna wĕrnaniᶇ gildé kaya ta : timmérgildé, wévéṙṣgildé, smédéṅildé, métsélahaṙṣgildé, lan liya liyané. baṅsa tukaᶇ tukaᶇ lĕbda maraṅiᶇ pĕṅgawéyané, olèḥ pĕṅaji aji pṛêsasat baṅsa wirya uŧawa baṅsa winasis, sĕsĕbutané : méstér.

péraṅan ⅱ. tanaḥ walanda dadi siji (1435), tĕkan jaman dahuru iṅéropaḥ (± 1800).

kađipatèn (hértogdom)"bowurgondiyé" dumunuṅiᶇ tanaḥ frankrijk, sawisé umur satusan tahun bisa dadi gĕḍé lan kuwaśa, ađipatiné jujuluk philips, iᶇ tahun 1435 ṅĕlun kađipatèn kađipatèniᶇ tanaḥ walanda, yahiku holland, utrécht, brabant lan géldér, didadèkaké praja siji bañjur diyanani rékénkamér tĕluᶇ paṅgonan, kaṅgo ñĕtitèkaké lĕbu wĕtuniᶇ ḍuwit nāgara. iyag tahun 1465 hértog philips ṅlumpukaké para wawakiliᶇ kawula iᶇ sa nèdĕrland, ṅṛêmbug kabutuhaniᶇ praja kaya ta bab lĕbuniᶇ ḍuwit kaṅgo ragad praja, kaᶇ ḍèk sĕmana isiḥ jĕnĕᶇ"bédé" (raja puṇḍut). parĕpataniku jĕnĕṅé algéméné statén, lĕstari tĕkaniᶇ jaman satĕrusé, añjalari tĕntṛêmiᶇ praja, awit kađipatèn kađipatèniᶇ sa wĕwĕṅkon nédérland nuli mari pasulayan, paḍa ṅṛêti yèn nuṅgal dadi sapraja, wajib tuluᶇ tinuluᶇ.

caṅgahé hértog philips van bowurgondiyé kaᶇ jujuluk karél ⅴ, putra ratu iᶇ spañol, jumĕnĕᶇ ratu luwiḥ déniᶇ gĕḍé, ṅĕrèḥ nāgara sépañol, nédérland lor lan nédérland kidul (bélgiyé lan bowurgondiyé) malahiᶇ tahun 1516 jumĕnĕᶇ kéyizériᶇ duwitśchland. iᶇ nalika iku karaharjaniᶇ nédérland saya muṇḍak muṇḍak, awit dipĕṅgaliḥ baṅĕt karo iᶇ saᶇ ratu aguᶇ, jalaran saᶇ nāŧa ṅrumahosi yèn kalahiraniᶇ kono.

nédérlandora kĕna sinĕbut kĕbawaḥ sépañol, awit pañcèn duruᶇ tahu ditĕlukaké; ĕṅgoné tuṅgal ratu karo sépañol muᶇ marga saka pikramané philips dé śchoné daraḥ bowurgondiyé olèḥ putri paṅéran pati iᶇ spañol kaᶇ bañjur puputra karél ⅴ. mulané iᶇ jamané karél ⅴ iku nédérland wĕnaᶇ ṅaṅgo pṛênatan lanadat tatacarané ḍéwé, ora kĕwĕṅku iṅaṅgĕraṅgĕriᶇ praja spañol, waṣaṇa nalika jaman philips ⅱ, putra karél ⅴ, kamardikaniᶇ nédérland mahu ora pati diyèṅĕti. abad 15 lan 16 iku tumrapiᶇ ƀuwana éropaḥ sinĕbut jamanowahowahan, jalaran marga saka moñjoniᶇ kawruḥ lalayaran. iṅabad 15 woṅéropaḥ paḍa añjajaḥ jagad ṅubĕṅi ƀumi, aṅgolèki tanaḥ tanaḥ kaᶇ duruᶇ tahu kawruhan (dĕlĕṅĕn kaca 41 44). déné iṅabad 16 owahiᶇ jamaniku marga saka lahiriṅagama protèstan.

sasédané karél ⅴ spañol lan nédérland tumiba maraᶇ putra ĕnom jujuluk philips ⅱ, déné putra sĕpuḥ, saᶇ férdinand, jumĕnĕᶇ kéyizériᶇ duwitśchland.

umumé woᶇ walanda paḍa ora tṛêṣṇa maraᶇ praƀu philips ⅱ, kĕtambahan rada kĕkĕrĕpĕnĕṅgoné muṇḍuti"bédé", mulané woᶇ cilikakèḥ kaᶇ grundĕlan. para darahuga paḍa rumaṅsa ora sĕnĕᶇ, jalaran :

1. paṅkat paṅkat luhur kaᶇ gĕḍé paṅwasané, akèḥ kaṅora tumiba maraᶇ woᶇ walanda.

2. para daraḥ kaᶇ mañjiṅagama protèstanora nrimakaké ananiᶇ laraṅaniᶇ bab pĕñcariṅagama protèstan mahu.

3. para darahiᶇ jamaniku wisakèḥ kaᶇ kĕmlaratan, mulané ṅimpi impi ananiᶇ kraman, pĕṅarĕparĕpé bokmĕnawa bañjur bisa olèḥ paṅwasa lan kasugihan kaya jaman biyèn biyèné.

para kaᶇ gorèhatiné iku paḍa ṅayom maraᶇ satriya kaṅasma willém ⅴan nassahu jujuluk prins vanorañjé, asal saka daraḥ nassahu iᶇ tanaḥ duwitśchland, kaguṅan ƀumi ana iᶇ tanaḥ frankrijkaranorañjé.

para daraḥ kaṅanduwèni paṅunĕgunĕg mahu iᶇ tahun 1566 paḍa ṅanakaké pakumpulan, babarĕṅan sowan maraᶇ saᶇ putri margaréṭa van parma, kaᶇ nalika iku dadi gupĕrnur wakilé praƀu philips. déné pṛĕluné ñuwun suwakiᶇ laraṅan tumrap pĕñcariṅagama protèstan, naṅiᶇ pañuwuné iku ora kasil.

para guru mulaᶇ protèstan, bañjur mbĕbaṅus maraᶇ saḍéṅaḥ woᶇ, nuli akèḥ kaᶇ koboṅatiné, ṅlĕboni gréja gréja ṅṛêrusak rĕca lanaltahar sahuparĕṅgané. wohiᶇ kaguṇan kaṅèdipèni akèḥ kaᶇ lĕbur tanpa lari. lalakoniku sinĕbut : béldénstrom, titimaṅsané tahun 1566.

praƀu philips mirĕᶇ kaᶇ mĕṅkono iku baṅĕtiᶇ dukané, jéndralalva kaḍawuhan nitiprikṣa kaṇṭi pinariṅan pĕṅwasa gĕḍé muriḥ bisané muṅkasi gawé, lan ṅaṅgo samĕkta prajurit sagĕlar sapapan. gupĕrnur margaréṭa narima mundur, alva bañjur gumanti pisan. muṅguḥ trajaṅé alva pañcèn kĕras tĕmĕnan.

jalaran saka kĕrĕṅé alva, malaḥ saya akèḥ woᶇ kaᶇ paḍa ora narima lan paḍa ambaléla, ṅaṅkat gupĕrnur ḍéwé, yahiku willém ⅴanorañjé didadèkaké gupĕrnur déniᶇ woᶇ holland, zéland lanutrécht. iᶇ tahun 1583 séda cinidra ana iᶇ délft. iᶇ tahun 1585 gupĕrnur parma, yahiku gĕgĕntiné alva, ṅalahaké antwérpén. jalaran saka iku dagaṅaniṅantwérpén mundur baṅĕt, amarga śchéldé diyalaṅalaṅi déniᶇ baṅsa zéland, lanuga añjalari péraṅan sisiḥ kidul mahu uwal saka nédérland. amstérdam bañjur saya mumbul, dadi kuṭa pĕdaṅan gĕḍé.

tanaḥ nédérland bañjur diyĕrèhiᶇ baṅsa nédérland ḍéwé, siᶇ ñĕkĕl paṅwasa umum : statén générahal, iya iku wakiliᶇ proviñciyé proviñciyé kabèḥ, lan wiwit tahun 1588 bañjuraran républiyék dér zévén vérénigdé proviñciyén (républiyék kumpulé proviñciyé pitu).

wiwit tahun 1580 tĕkan tahun 1640 nāgara portĕgis kabawahaké baṅsa spañol, mulané uga dimuṅsuhiᶇ baṅsa walanda.

barĕᶇ putrané willém ⅴanorañjé asma mahurits wis jumĕnĕᶇ staḍowudér, wadyabalané woᶇ walanda tansaḥ mĕnaᶇ. saᶇ paṅéran dadi sénapati pinuñjul, mbĕḍaḥ kuṭa kuṭa akèḥ. pĕraṅé ana iᶇ sĕgara, baṅsa spañoliya apĕs. prahu pĕraᶇ gĕḍé gĕḍé akèḥ, sinĕbutarmada uŧawa onovérwinnélijké vlot kaᶇ kalurugaké mĕñaᶇ nāgara walanda iᶇ tahun 1588 sida kawus‍ora mrantasi iᶇ gawé, baliné muᶇ kari sĕpṛêtĕlon tur karusakan baṅĕt.

iᶇ tahun 1625 paṅéran mahurits séda, digĕntèni kaᶇ rayi frédérik héndrik kaᶇ pinaraban :"saᶇ paṅrabasèᶇ kuṭa". ora lawas paṅwasané frédérik bañjur kaya rāja. jalaran saka iku para pĕṅgĕḍéniᶇ kuṭa (régént) apadéné paṅrèhiᶇ proviñciyé, luwiḥ luwiḥ proviñciyé holland, paḍa kuraᶇ sĕnĕṅ; naṅiᶇ saᶇ frédérikiku ora dak mĕnaᶇ kaya mahurits, mulané ora ṅanti ana pasulayan gĕḍé.

iᶇ wĕktu sĕmono wis wiwit pĕraᶇ manèḥ kara spañol. frankrijkambantoni nédérland. frédérik héndrik nĕlukaké dén boścḥ, vénlo, rowérmond, mahastricht lan bréda.

pĕraṅé baṅsa spañolana iᶇ sĕgara kalaḥ babar pisan taṇḍiᶇ karo admirahal mahartén tromp lan witté dé wiṭ ana iᶇ sacĕḍaké duwins. éwadéné nédérland kidul makṣa ora ṅanti bisa karĕbut. waṣaṇa barĕᶇ tahun 1648 bañjur bĕḍami, bubar pĕraṅ; ĕṅgoné bĕḍami ana iᶇ munstér, surasaniᶇ jañjiné :

1. républiyék nédérland tĕtĕp dadi praja kaᶇ bawa ḍéwé;

2. nédérland lĕstari mĕṅkoni tanaḥ tanaḥ kaᶇ wis ditĕlukaké;

3. baṅsa sĕpañolora kĕna ṅĕlar jajahanana iṅiṇḍiya wétan;

4. kali śchéldé kĕna ditutupiᶇ salawasé. brabant, limburg lan stahats vlahandérén dadi jajahané républiyék nédérland sinĕbut proviñciyé proviñciyé rèḥ réhan (généralitéyitslandén). sanajaniᶇ kono ora ana woᶇ protèstan, éwadéné woᶇ katoliyék dilaraṅi ora kĕna ṅlakoni apa sacaraniṅagamané. wĕkasané pĕraᶇ 80 tahuniku lumraḥ diyarani jaman kuñcara kuñcarané républiyék nédérland, kalĕbu praja kaᶇ sugiḥ lan kuwaśa baṅĕtiṅéropaḥ. amstérdam jamaniku kuṭa padagaṅan kaᶇ gĕḍé ḍéwé iᶇ sadońya, amarga padagaṅanantwérpén lan lissabon ṅaliḥ mrono. krajan gĕḍé paḍa ṅajak rurukunan lan mimitran karo nédérland. kawruḥ lan kaguṇaniya lagi kombul kombulé.

sawisé tahun 1648 krajan spañol suda baṅĕt kuñcarané, jalaran kĕntékan daya déniᶇ maṅun praᶇ. nédérlandĕṅgoné ora ambrukiku jalaran saka dadagaṅané ana iṅiṇḍiya wétan laniṇḍiya kulon. jajahan spañol lan portégal mĕkṣa isihakèḥ, ana iṅamérikaḥ lor lanamérikaḥ kidul, iᶇ pilippijnén (spañol) laniṅiṇḍu (portégal). ora suwé spañol pĕpĕraṅan manèḥ, waṣaṇa bañjur mlorot dadi nāgara kaᶇ kuwaśané kĕgoloᶇ cilik. iᶇ duwitśchlandiya pijĕrana pĕpĕraṅan bahé tu pĕraᶇ gĕḍé, mulané ṅanti mèḥ roṅatusan tahun bisané pulihotot bayuné. muᶇ frankrijk kaᶇ saya muṇḍak muṇḍak kuwaśané, malaḥ ṅaraḥ supaya putus putusané diguguwa iᶇ nāgara nāgara éropaḥ kabèḥ, naṅiᶇ luwiḥ luwiḥ répubilék laniṅgris muᶇ tansaḥ malaᶇ malaṅi kakarĕpané franktijk mahu. zwédĕn tanahé jĕṅkar, jiwané sĕṭiṭik, ṅaraḥ bisowa ṅuwasani iṅostzé, awitiᶇ kono woᶇ dagaᶇ layarakèḥ. iṅgris lan nédérland paḍa déné ñjaṅkaḥ bisané kuwaśa ḍéwé ana iᶇ lahutan. jalaran saka iku kabèḥ, iᶇ jaman caṇḍaké maṅsa iku, pijĕrana pĕpĕraṅan bahé, ora ana uwisuwisé.

iᶇ jaman sĕmana nédréland ṅuwasani iṇḍiya wétan, laniṇḍiya kulon. iᶇ wĕktu iku, siᶇ klĕbu iṇḍiya kulon ya iku niyéyuw nédréland (sahiki jĕnĕṅé néw york), braziliyé, curacaho lan guwinéya iṅaprikaḥ. sarèhniṅiṅgrisana iᶇ pakumpulané woᶇ walanda kaṅ

kalaḥ karo walanda, praja loro iku kabañjur kĕrĕp kapasulayan. iᶇ tahun 1600 iṅgris ṅĕdĕgaké ostindiśché compagniyé lan pĕkumpulan pĕkumpulan dagaᶇ piraᶇ piraᶇ paṅgonan. iᶇ tahun 1652 54 lan 1665 1667 iṅgris karo walanda sida klakon pĕraᶇ. sĕnapati kaᶇ katon baṅĕtiᶇ kawantarané nalika sĕmana, ya iku mahartén tromp lan michiyél dé ruytér. tumĕkaniᶇ bĕḍami woṅiṅgris gĕlĕm ñuda pĕñjaluké iᶇ sawatara.

johan dé witt, narapraja pĕᶇ pĕṅan jagoniᶇ tanaḥ walanda, panasiṅati déné ratu frankrijk baṅĕt tĕmĕnĕṅgoné kumudu kudu ṅĕrèhiᶇ praja praja liya. iṅgris lan zwédén dijak pṛêjañjiyan tĕlon, añjagani panĕmpuhiᶇ frankrijk. iṅgris wuṣaṇané bisa wuḍar saka ĕṅgoné pṛêjañjiyaniku, lan nédérland bañjur ṅrasakaké wawalĕsiᶇ frankrijk. iṅgris, frankrijk lan praja cilik cilik loro iᶇ duwitśchland, babarĕṅan ṅajak pĕraᶇ kambi nédérland 1672. ratu frankrijk lodéwijk ⅹⅳ mundur marga saka paṅamuké staḍowudér willém ⅲ, lan karo muṅsuḥ muṅsuḥ liyané iya bañjur bisa bĕḍami. nédérland karo iṅgris malaḥ nuli bisa rukun baṅĕt, kĕgawa saka pikramané willém ⅲ olèḥ rājaputri iṅgris; iᶇ tahun 1688 willém ṅiras dadi ratu iṅiṅgris. 

lodéwijk ⅹⅳ isiḥ nĕrusaké babad tanaḥ jawi, misuwur ṅudi sastra, gĕṇḍiᶇ, l.s.± tahun 1617 ĕṅgoné arĕp nĕnĕlukaké. pĕraᶇ karo willém ⅲ isiḥ piᶇ piṇḍo ĕṅkas. iᶇ tahun 1713 praƀu iᶇ frankrijk kĕlakon wis kawus tĕmĕnan.

sabubariᶇ pĕraṅan pĕraṅan mahu praja frankrijkĕntèk kukuwatané. iṅggris saya malaḥ mĕmpĕᶇ, tansaḥ muṇḍak gĕḍé. praƀu frédérik ⅱ iᶇ pruwisén (duwitśchland) sagĕd ñjuñjuᶇ dĕrajatiᶇ nāgarané, ṅanti sinĕbut dadi nāgara kuwaśa. républiyék nédérlandiṅabad 18 baṅĕtiᶇ munduré, jalaran saka sĕbab warna warna.

uga marga pĕraᶇ pĕraᶇ mahu utaṅiᶇ nāgara muṇḍak dadi 350 yuta rupiyaḥ. prajurit ḍaratan lan lahutan kĕpĕkṣa diloṅi akèḥ. républiyék bañjur suda kajèn kèriṅané, béda baṅĕt karo iᶇ mahu mahuné.

paṅrèḥ praja iᶇ nédérlandiᶇ jamaniku ora bĕcik. statén générahal lan proviñciyalé statén paḍa ora sapirowa kuwaśané. paṅrèhiᶇ kuṭa dikuwaśani woᶇ gĕḍé sawĕtara kèhé (para régént), turun tumurun maraᶇ waris. para régéntiku mahu kayadéné wus sahéka praya, kaᶇ dipĕlĕᶇ muᶇ kahuntuṅané ḍéwé, bab kabutuhaniᶇ praja tiba aṅka loro. ora kuraᶇ para wicakṣana kaᶇ paḍa mbudidaya supaya kuñcaraniᶇ républiyék bisowa timbul manèḥ, naṅiṅora akèḥ kaṅambantu iᶇ sĕdyané, kalahokol karo goloṅaniᶇ para régént. sanadyan willémiv bañjur bisa gĕḍé paṅwasané, dadi staḍowudér ṅĕmbani sakabèhiᶇ proviñciyé, éwadéné mĕkṣa ora bisa mbéṅkas piyalaniᶇ para kaᶇ ṅajak rusak. ḍasar willémiv luguné pañcèn kuraᶇ wicakṣana.

wiwit tahun 1672 iᶇ tanaḥ walanda tansahana cocoṅkrahan rĕbut paṅwasa añjalari rusakiᶇ tanaḥ. pasulayané woᶇ roᶇ goloṅan yahiku stahatsgézidén (siᶇ sĕnĕᶇ maraᶇ kuwaśané statém) karo staḍowudéṙṣgézindén (siᶇ sĕnĕᶇ maraᶇ kuwaśané staḍowudér gĕnti uṅgul bahé. lĕrĕm sĕḍéla bañjur ramé manèḥ, mĕṅkono sabañjuré. iᶇ mahu mahuné siᶇ paḍa pasulayaniku muᶇ baṅsaniᶇ priyayi, barĕᶇ jamané willém ⅱ woᶇ cilik baraᶇ mèlu ṅgrubyuk stahatsgézindén, añjalari gĕḍéniᶇ paṅwasané.

goloṅanañariku karan patriyottén, wani mamañcahi lan ñéñéda ana iᶇ layaᶇ layaṅuŧawa iᶇ kumpulan kumpulan maraᶇ pañjĕnĕṅané staḍowudér willém ⅴ, laḥ bañjur cocoṅkrahan karo staḍowudér gézindén sinĕbutorañjé klantĕn).

iᶇ tahun 1780 nédérland wiwit kambahiᶇ bĕñcana manèḥ : dipĕraṅi woṅiṅgris. muṅguḥ siᶇ dadi ḍaḍakané prakara maṅkéné : nalika vérénigdé statén vanamérikahambaṅkaᶇ maraᶇ papréntahaniṅgris, frankrijk mbiyantoni. ḍèk samana walanda lawanan dagaᶇ karo frankrijk lan vérénigdé statén vanamérikah; kĕrĕp ṅĕdoli kayu mĕñaᶇ frankrijk digawé prahu, sarta ṅĕdoli timbĕl lanobat maraᶇ woṅamérikaḥ. kaᶇ mĕṅkono iku nāgara walanda diyaṅgĕp ṅréwaṅi iṅgris, mulané iya bañjur dilawan pĕraᶇ. sajroné sasasi ana prahu dagaᶇ 200 siᶇ wis dirĕbutiᶇ woṅiṅgris, pĕṅaji 15 yuta rupiyah; lakuné prahu dagaᶇ babar pisan maṇḍĕg; iᶇ tahun ṅarĕpé nédérlandisiḥ ṅaṅkataké prahu dagaṅan 2.000 iᶇ supitan sont, naṅiᶇ tahuniku muᶇ 10; kapitunané gĕḍé baṅĕt.

iᶇ tahun 1784 pĕraᶇ bisa lèrèn, bĕḍami iᶇ parijs. tanaḥ darbèké walanda siᶇ mahuné dirĕbutiṅgris, dibalèkaké muᶇ négapatnam kaṅora, lan woṅiṅgris kĕna lalayaranana iṅiṇḍiya wétan.

kacarita goloṅan patriyottén kalaḥ karo orañjéklantén, awitolèḥ bantu saka ratu iᶇ pruwisén. patriyottén kĕpĕkṣa mundur, akèḥ kaᶇ lolos, luṅa saka nédérland. péraṅan ⅲ. jamanañar, wiwit tahun 1789 tumĕka sahiki.

praƀu lodéwijk ⅹⅳ kalok yèn ṅĕntèkĕntèkaké ḍuwit, nāgara frankrijk ṅanti kukuraṅan wragad. putra kaᶇ gumanti jumĕnĕᶇ, jujuluk lodéwijk ⅹⅴ (1715 1774) ora sagĕd mulihaké karaharjaniᶇ nāgara. woᶇ cilik saya ṅṛêkasa, pajĕgé muṇḍakabot. muᶇ baṅsa daraḥ kaṅisiḥ katon kĕpénak, awit muᶇ ditarik pajĕg sĕṭiṭik.

woᶇ pintĕr sawatara ana siᶇ mĕntala ṅaṅgit layaᶇ layaᶇ kaᶇ surasané baṅsa mbomboᶇ lan ṅajakajaki supaya woᶇ woᶇ ṅanakaké gégéran ñuwak kĕpraƀon lanagama.

ora suwé iᶇ frankrijkana gégéran tĕmĕnan, papréntahan praja digawé suṅsaᶇ bĕwana balik (franśché révolutiyé). praƀu lodéwijk ⅹⅵ kĕcĕkĕliᶇ bala kraman, kinuñjara. praja praja kaya ta osténrijk lan pruwisén, ṅañcamarĕp ṅgĕmpur kuṭa parijs mĕnawa lodéwijk ṅanti dipisakit gĕḍéné disédani. éwadéné iᶇ tahun1793 saᶇ nāŧa sagarwané mĕkṣa disédani, sraṇa piranti kaᶇ jĕnĕṅé"guwillotiné".

barĕᶇ kaᶇ ñĕkĕl paṅwasa praja baṅsaniᶇ para duṙṣila, kaya ta robéspiyérré, iᶇ parijs laniᶇ sawĕwĕṅkon frankrijk kabèḥ, kĕna sinĕbutudan taṅis, marga saka kèhé woᶇ kaᶇ paḍa kinisas. papréntahan praja dirombak, salin pṛênatanañar ṅaṅgo wawaton constitutiyé uŧawa grondwét (bakuniṅaṅgĕraṅgĕr, iᶇ kéné dijĕnĕṅaké aṅgĕragĕᶇ), praja frankrijk bañjur républiyék. karo pruwisén lanosténrijk lĕstari mémuṅsuhan. goloṅan patriyottén saka nédérlandusul maraᶇ paṅrèḥ frankrijk, supaya ṅlurugana staḍowudér willém ⅴ. kĕlakoniᶇ tahun 1794 ṅaṅkataké lurugan ditiṇḍihi sénapati kaṅaran pichégru, lan dibantu panuntuniᶇ baṅsa patriyottén, jĕnĕṅé dahéndéls. willém ⅴ iᶇ tahun 1795 ṅuṅsi mĕñaṅiṅgris. républiyék dér zévén vérénigdé proviñciyénambruk, dadi praja añar dijĕnĕṅaké batahafśché républiyék, caraniᶇ papréntahané diyèmpĕraké karo républiyék frankrijk, yahiku ṅaṅgo aṅgĕragĕᶇ lan wawakiliᶇ para kawula, jĕnĕṅé parlémént, uŧawa iᶇ basa walanda kamér. frankrijk ṅaṅgĕp maraṅadĕgé batahafśché républiyékiku mahu, naṅiᶇ ṅaṅgo pṛêjañji ambayar wragad pĕraᶇ 100 yuta rupiyaḥ, apadéné kudu ṅiṅoni prajurit frankrijk 25.000, kaᶇ dibantokaké ana iᶇ nédérland kono. républiyékañar kĕrépotanĕṅgoné mbayar wragad pĕraᶇ mahu. surasa lan tumindakiᶇ grondwét, akèḥ kaṅora ṅrujuki. lakuniᶇ dagaᶇ layar maṇḍĕg, iku kabèhandadèkaké saṅsarané tanaḥ walanda.

kacarita tanaḥ frankrijk nalika iku tansaḥ kisruḥ bahé. ana jéndral jĕnĕṅé napoléyon bonaparté, kaᶇ marga kaprawīrané diyériṅi iᶇ woᶇ sanāgara.

barĕᶇ napoléyon wis mĕnaᶇ muṅsuhosténrijk lanitaliyé, bañjur bali mĕñaᶇ parijs. papréntahan praja wis katon riṅkih

baṅĕt, nuli dirombak. napoléyon gawé constitutiyé añar, lan ṅasta paṅrèḥ, sĕsĕbutané"consul" (1799). papréntahané napoléyon mèmpĕr krajan lawas bahé, wakiliᶇ kawula pṛêsasat tanpa daya. bala frankrijk disénapatèni napoléyon nĕrusaké pĕraᶇ, muṅsuḥ nāgara nāgara éropaḥ kabèḥ. waṣaṇa napoléyon jumĕnĕᶇ kéyizériᶇ frankrijk (1804), nāgara nāgara éropaḥ liyané dipĕkṣa ṅaṅkat ratu maraᶇ saḍèrèk saḍèrèké napoléyon.

rèhniᶇ batahafśché républiyék kumpul karo frankrijk, mulané tansaḥ dimuṅsuḥ karo iṅgris. jajahané tanaḥ walanda dirĕbuti iṅgris, kaᶇ kari muᶇ tanaḥ jawa. éwadéné iᶇ tahun 1802 (bĕḍami amiyéns), jajahan jajahan mahu dibalèkaké, kĕjaba céylon. barĕᶇ napoléyon wis jumĕnĕᶇ kéyizér kaṙṣané arĕp ñirnakaké batahafśché républiyék; ora antara suwé (iᶇ tahun 1806) rayiné napoléyonasma lodéwijk napoléyon diyaṅkat dadi ratu iᶇ nédérland.

saᶇ praƀu añar ṅṛêkṣa baṅĕt maraᶇ karaharjaniᶇ kawula, kĕna dibasakaké ambĕg paramarta, ora diguṅadiguna kaya kaᶇ raka. kaᶇ dipiliḥ dadi puṅgawa kaᶇ pṛĕlu pṛĕlu iya woᶇ walanda. kĕjaba iku saᶇ praƀu ṅaṅkaḥ supaya nāgara walanda aja ṅṛêkasa baṅĕtĕṅgoné dadi sĕkutuniᶇ frankrijk (bondgénot). bab kaguṇan lan kawruḥ saᶇ praƀu uga mĕṅgaliḥ.

papréntahané tanaḥ jawa iya dipĕṅgaliḥ. dahéndéls kawisuḍa dadi g.g., dipasrahi mṛênata muriḥ bĕciké, tĕmahan klakon kĕrusakaniᶇ tanaḥ jawa pṛêsasat puliḥ.

anadéné ratu aguᶇ napoléyon mĕkṣa duruᶇ bisa ṅalahaké iṅgris. muriḥ riṅkihé iṅgris, napoléyon yasa pṛênatan, surasané : praja praja tĕtĕlukaniᶇ frankrijk dilaraṅi lalawanan dagaᶇ karo iṅgris. pṛênataniku jĕnĕṅé continéntahalstélsél.

lodéwijk napoléyon diyaṅgĕp kuraᶇ kĕñcĕṅĕṅgoné nindakaké continéntahalstélsél. mulané iᶇ sasi juni 1810 pinĕkṣa sèlèḥ kĕpraƀon.

tanaḥ walanda bañjur dadi jajahan frankrijk (1810 1813). aṅgĕraṅgĕr lan pṛênatané kéyizér napoléyon ndadèkaké saṅsarané woᶇ walanda (conścriptiyé, tiyércériᶇ). woᶇ walanda ora bisa dagaᶇ layar, jajahané ilaᶇ kabèḥ, karĕbutiᶇ muṅsuḥ.

tahun 1812 kéyizér napowélon ṅlurugi ruslan, aṅgawa prajurit 600.000, naṅiᶇ kĕpĕkṣa mundur; balané rusak baṅĕt kĕtambahanana iᶇ léyipzig dipĕṭukaké bala duwitścḥ, zwédén lanosténrijk 1813. kéyizér napoléyon kapikut sarta dikéṇḍaᶇ mĕñaṅélba. woᶇ walanda bañjur bisa ṅipataké papréntahan frankrijk. prins vanorañjé (putrané staḍowudér willém ⅴ) kaṅisihana iṅiṅgris, diyaturi kondur mĕñaᶇ nāgara walanda ṅasta pusaraniᶇ praja. taṅgal 30 novémbér 1813 saᶇ paṅéran willém frédérik tĕkaniᶇ vlissiṅén, baṅĕt dikurmati iᶇ para kawula nédérland, dijumĕnĕṅaké nata iya kaṙṣa, naṅiᶇ muṇḍut supaya ĕṅgoné ṅasta praja iku ṅaṅgo wawatonaṅgĕragĕᶇ. saᶇ paṅéran bañjur tĕtĕp jumĕnĕᶇ ratu. déné dadiné aṅgĕragĕṅana iᶇ tahun 1814. miturut grondwétiku (gawéyané hogéndorp) kaᶇ ñĕkĕl baᶇ baᶇ paṅalumalumiᶇ praja nédérland : ratu, sabiyantu lan statén générahal. ratu lan statén générahal dikuwaśakaké gawé aṅgĕraṅgĕr, sarta ratu kawajibaké nindakaké aṅgĕraṅgĕr mahu, lan para ministéṙṣ. sakèhiᶇ proviñciyé kumpul dadi sapapréntahan, tuṅgal paḍa ṅaṅgo aṅgĕraṅgĕr sawiji.

sakéṇḍaṅé napoléyon, para ratu iṅéropaḥ paḍa parĕpatan. iᶇ kono uga nĕtĕpaké yèn nédérland kidul (bélgiyé) kagamblokaké mĕñaᶇ nédérland lor, kaparéntahiᶇ ratu siji darahorañjé. iṅgrisiya bañjur mari mumuṅsuhan karo nédérland, jajahan dibalèkaké kabèḥ kĕjaba démérary, ésséquwébo lan kahapkoloniyé. baliné jajahaniku kasĕbutiᶇ pṛêjañjiyan tahun 1814.

nalika para rāja isiḥ parĕpatanana iᶇ wénén, kéyizér napoléyonoñcat saka iṅélba mlĕbu tanaḥ frankrijk, ditampani iᶇ para prajurité lawas kĕlawan giyak giyak, baṅĕt paḍa gambira iṅati. praƀu lodéwijk ⅹⅷ kaᶇ jumĕnĕṅiᶇ frankrijk sapĕṅkĕré napoléyon, nuli lolos mĕñaᶇ kuṭa gént.

para rāja kaᶇ parĕpatanana iᶇ wénénéṅgal tumandaᶇ ṅlawan napoléyon. prajurit frankrijk ṅlurugi nédérland kidul dipĕṭukaké wadyabala gĕḍé, klumpukané saka iṅgris, walanda, hannovér lan pruwisén disénapatèni wélliṅton. taṅgal 8 juni 1815 campuḥ pĕraṅana iᶇ watérlo. bala frankrijk kasoran, napoléyon kĕcĕkĕl bañjur kakéṇḍaᶇ mĕñaṅiᶇ st. héléna, iᶇ tahun 1821 séda.

praƀu willém ⅰ lĕstari jumĕnĕṅana iᶇ nédérland. sanajan saᶇ nāŧa ṅudi maraᶇ karaharjaniᶇ praja, naṅiṅora sagĕd ṅrukunaké pasulayané nédérland lor karo nédérland kidul. goloṅan libérahalora cocogé maraᶇ saᶇ praƀu, déné kamardikaniᶇ piwulaᶇ lan sapituruté. ora ditĕtĕpi; goloṅan katoliyék pĕṅgrundĕlé, déné dipṛênata manut pṛênataniṅagama protéstan. wuṣaṇané woṅiᶇ nédérland kidul paḍa ambaléla.

saᶇ praƀu willém ṅaṅkataké prajurit kèhé 100.000 kaṅgo ñirĕp kraman. wiwitané kraman kasoran, naṅiᶇ bañjurolèḥ bantu saka frankrijk kèhé 40.000. pṛêjurité praƀu willém gĕnti kĕliṇḍiḥ. krajan liya liyané wis paḍa ṅaṅgĕp maraṅadĕgiᶇ krajan bélgiyé, muᶇ saᶇ nāŧa willém kaṅisiḥ puguḥ. woᶇ frankrijk tumandaᶇ manèḥ, lan woṅiṅgris nimbruᶇ ṅĕdrèli pĕlabuhan pĕlabuhan walanda. waṣaṇa saᶇ praƀu kĕpĕkṣa ṅlèrèni ĕṅgoné mumuṅsuhan; éwadéné bĕḍaminé ṅanti tahun 1839. iᶇ tahun 1840 saᶇ praƀu willém ⅰ, sèlèḥ kĕpraƀon, awitora sagĕd ñĕmbadani pañuwuné kawula, ya iku uṇḍakiᶇ wĕwĕnaᶇ lan kamardikan; kaᶇ putra gumanti kĕpraƀon, jujuluk willém ⅱ.

iᶇ wĕktu iku iᶇ sa éropahuṅsum kraman, luwiḥ luwihiᶇ tahun 1848 1849. déné jalarané mĕrga para ratu aguᶇ lan para ratu kaᶇ ḍisik ḍisik, kaya ta napoléyoniᶇ frankrijk lan willém ⅰ iᶇ nédérland, paḍa ṅrampas paṅwasaniᶇ parlémént; sasat muᶇ kari diyĕṅgo jĕṅgĕr bahé. para goloṅan libérahal ṅudi baṅĕt maraṅuṇḍakiᶇ kamardikan, lan ṅaraḥ supaya para wawakiliᶇ kawula digugu rĕmbugé. akèḥ tanaḥ tanaḥ kaᶇ paḍa katrajaṅiᶇ gégéran révolutiyé. praƀu willém ⅱ iᶇ nédérland pañcèn wicakṣana tur tinṛêṣṇaniᶇ kawula, sagĕd nulakananiᶇ gégéran gĕḍé, marga saka ĕṅgoné ḍawuḥ ṅowahi aṅgĕragĕᶇ. wiwit nalika iku papréntahan praja nédérland ṅaṅgo parlémént tĕmĕnan, ora muᶇ maṇḍĕgiᶇ pĕṅaranaran bahé.

bab baṇḍa nāgara, iᶇ jaman willém ⅱ iya muṇḍak bĕcik.

kraman bélgiyé ṅĕkèhaké utaṅiᶇ nāgara, ṅanti kuraᶇ luwihana f 2.200.000.000. pambayaré anakan bahé satahuné luwiḥ saka f 34.000.000. saka ririgĕné mr. van hall, nāgara utaᶇ f 127.000.000. maraᶇ woᶇ cilikanakané 3%, pṛĕlu kaṅgo ṅĕsahi utaᶇ kaṅanakané luwiḥ gĕḍé. marga saka ḍuwit baṭèn saka tanahiṇḍiya, apadéné marga saka gĕmi lan pĕṅati ati karusakané kas nāgara mèḥ bisa puliḥ.

iᶇ sasuwéné kaᶇ jumĕnĕᶇ ratu praƀu willém ⅲ (1849 1890) lan praƀu putri wilhélmina (1890 tĕkan sahiki) nédérland mĕnaṅi jaman kṛêta. dagaᶇ layar, kawruḥ lan kaguṇan bisa kombul tĕmĕnan, titimbaṅané ora kèri karo praja praja liya kaᶇ gĕḍé gĕḍé. paṅrèhiᶇ praja katon yèn kaṇṭi pĕṅati ati, luwiḥ luwihiᶇ bab kabutuhané kawula cilik tansaḥ mindĕᶇ dipĕṅgalihiᶇ nāgara. déné pṛêkara trajaṅé mĕñaᶇ praja liya uga ora kuraᶇ surti ṅati ati, ṅanti bisa sumiṅkir saka baƀaya pĕraṅ; sĕnajan ḍèkuṅsum pĕraᶇ 1914 1918 pisan, nédérlandiya ora katut. owahowahanaṅgĕragĕṅiᶇ tahun 1917 nĕtĕpaké wĕwĕnaᶇ miliḥ tumrap sakabèhiᶇ kawula (algémén kiyésrécht) lan wragad nāgara tumrap pamulaṅan partikĕlir dipaḍakaké karo pamulaṅan gupĕrmèn.

sanajaniᶇ sajabaniᶇ nédérlandiya kĕgoloᶇ tĕntṛêm, naṅiᶇ wiwitiṅabad 20 awal, sajak pijĕr kudu ana pĕpĕraṅan bahé. kaᶇ mĕṅkono iku kĕgawa saka kamurkaniᶇ praja sawĕtara kaᶇ kumudu kudu ṅĕlar jajahan, nĕdya nĕnĕlukaké.

marga saka ĕṅgoné sujana sinujanan bañjur paḍa rurukunan pṛêjañji tuluᶇ tinuluᶇ mĕnawa ana baƀaya pĕraᶇ,

sri maharaja wilhélmina

ya iku duwitśchland sĕkutu karo osténrijk lanitaliyé, lalawaniṅgris sĕkutu karo frankrijk lan ruslan. wis bola bali arĕpana pĕraᶇ, kĕna diwuruṅaké marga saka pirĕmbugan, dadi muᶇ maṇḍĕg"pĕraᶇ catur". barĕᶇ ḍèkiᶇ tahun 1914 osténrijkarĕp ṅajar sérviyé, jalaran saka sédaniᶇ paṅéran pati osténrijk cinidra iᶇ sawijiniᶇ woᶇ sérviyé, bañjur makgṛêᶇ dadi pĕraᶇ gĕḍé, ṅorĕgaké iᶇ sadońya.

woᶇ duwitśchlandana iᶇ ruslan mĕnaᶇ, ana iᶇ frankrijkasor yudđané marga dibyuki muṅsuḥ pṛêjurit frankrijk, iṅgris, bélgiyé lan vérénigdé statén. italiyé ṅoñcati ĕṅgoné rurukunan kasbutiᶇ ḍuwur mahu, bañjur ditĕmpuḥ pṛêjuritosténrijk, naṅiᶇ bisa tumaṅgaḥ. turki maju pĕraᶇ ṅréwaṅi duwitśchland, naṅiᶇ malaḥ kĕḍĕsuk ḍĕsuk, buminé kaᶇ sisiḥ kulonakèḥ kaloṅé. nāgara cina lan jĕpaᶇ lanakèḥ tanaḥ liyané manèḥ, paḍa buṅaḥ marga milu olèḥ kamĕnaṅan.

duwitśchland kĕpĕkṣa ṅuluṅaké sapéraṅaniᶇ buminé lan tanaḥ tanaḥ jajahané sarta manèḥ kĕtĕmpuḥ mbayar ḍuwit liliruniᶇ karusakan, ora karuwan kèhé. turki ana iṅéropaḥ muᶇ kari anduwèni constantinopél, ana iᶇ sajabaniṅéropaḥ muᶇ kari mĕṅku asiyaḥ cilik, jajahan jajahan liyané paḍa mrucut kabèḥ.

cacahiᶇ papati iᶇ sajroniᶇ pĕraᶇ gĕḍé mahu kĕna sinĕbut tanpa wilaṅan, ĕntèkiᶇ baṇḍa ora kĕna pinétuᶇ. kaᶇ mĕṅkono iku añjalari gégér gégéran wĕrata sa éropaḥ. akèḥ papréntahanambruk déniᶇ brontakan révolutiyé. gĕḍé gĕḍéniᶇ brontakanana iᶇ tanaḥ ruslan. iᶇ kono bañjur disalini pĕpréntahan kaᶇ dijĕnĕṅaké soviyét républiyék, kaᶇ sĕpréné kalokiᶇ piyalané, ambubraḥ tataniᶇ mĕnuṅsa lan muṅsuḥ sakabèhiṅagama. ṅèlmuniᶇ soviyét républiyék tular tumular lumĕbu maraᶇ tanaḥ liya; mirit saka iku maṅsané sahiki kĕna sinĕbut jaman kaᶇ ñumĕlaṅi. para kaᶇ ṅayomi pṛênatan bĕcik lan para kaᶇ pinataḥ prakara agama, paḍa baṅĕtiᶇ paṅudiné, supaya bisa nulak pĕṅrusaké ṅlèmu kuminis.

jĕpaᶇ wiwit sèkĕt tahunan kĕpuṅkur kĕpétuᶇ klĕbu wiwilaṅaniᶇ praja gĕḍé iᶇ dońya iki. iᶇ tahun 1904 1905 mĕnaᶇ praᶇ muṅsuḥ ruslan. marga saka lohiᶇ tanaḥ lan kèhiᶇ baṅsa pĕlikan, jĕpaᶇ bisa santosa lan raharja, iku kĕna kaṅgo tulaḍa tumrapiᶇ tanaḥ liyané iᶇ wétanan kéné. bisané gaduk maraᶇ kamardikanabawa pribadi, iku dalané luwiḥ luwiḥ kudu saraṇa wis‍ora kuraᶇ baṇḍa béya lan wis‍ora butuḥ maraᶇ pituluṅaniᶇ liyan.

tumrapiᶇ jagadislamiᶇ sabubariᶇ maṅsa pĕraᶇ gĕḍé iku mahu, iya akèhowahowahané. rèhniᶇ turki dadi républiyék, bañjur wis‍ora ana kaᶇ jumĕnĕᶇ kalifat. praja turki wis‍ora dadi pĕṅarĕpiᶇ praja praja islam liyané, maṅka ora ana kaᶇ ditĕtĕpaké gumanti dadi pĕṅarĕpiku.
@ꦒꦸꦒꦲꦼꦤ꧀ꦚꦮꦏꦸ

Posting Komentar

0 Komentar