꧁ꦱꦼꦫꦠꦸꦭꦸꦏ꧀ꦓꦲꦶꦧ꧀꧂
SERAT SULUK GA’IB
Suluk Ga’ib punika piwucal peparingipun Eyang Kangjeng
Susuhunan Kalijaga, punika mboten dipun tembangaken,
namung dipun waos lan dipun raos.
S I N O M
Iki kang dadi lelarangan, kalimah tan kambah singgih, den ira
kang sampun awas, panggolah ngelmu sejati, nugrahaning Hyang
Widdi, kang wus wikan rahea iku, pan tunggal tinunggalan,
tunggal wujud tunggal kapti, iya Muhammad kalawan Allah.
Tunggal karoning tunggal, tunggale maksih kekalih, Muhammad
yaiku Allah, Muhammad ingkang sejati, ing jaba jero pesthi,
Muhammad sirna kadulu, kaliyan sipat kidam, mulane kaya
dhuk nguni, yaiku sampurnaning puji sembah.
Poma kaki den krosowa, ujar linarangan yekti, tan kena den
ucapna, tanpa krasa jasadneki, pan iku sabda jati, sampurnaning
pangrungu, sampurnaning paningal, paningal ingkang sejati,
yaiku sampurnaning rahsa Dzat.
Anuhung satriya iku, idhepe tan polah singgih, ngarah dadining
sahadat, tan wikan dununging puji, tan wruh Pangeran neki,
panembahe estu suwung, kaliwat denya nembah, idhepe urip
kekalih, tekad ira tuna liwat dahat sasar.
Den ora aksara punika, den estokna tan gingsir, tatanira tuna
kaliwat, den umyung wartane tulis, sedaya nembah muji,
panembahe estu suwung, kang utama luwih nglela, wau den ira
ngabekti, satingale dadi puji lawan sembah.
Lahir batin pan katingal, Muhammad lan Allah yekti, dinulu
perek gumampang, jro kandhaga isi warih, jaba jero keeling-
keling, sirna kandhaga dinulu, kalingan madu mangsa, dadi
madu iku singgih, sirna ilang Muhammad kalingan sukma.
Sajroning batin Muhammad, ya Muhammad lahir batin, ya Allah
ing badanira, iya lahir iya batin, lir ombaking jaladri, tungagae
ana ing banyu, pan tunggal tinunggalan, poma sirna den nastiti,
iya iku aran ngelmu rasa.
Wonten malih cinadriya, kang dadi jagad puniki, ing salira kang
sanyata, pan saking patang prakawis, bumi pan dadi Alip, angin
dadi Lam puniku, banyu dadi Lam akhir ika, geni He dadi nireki,
Alip iku wujuding saliranira.
Ingkang Lam awal punika, jenenge napsu nireki, Lam kang akhir
tegesira, nyawa sejatinireki, aksara He kang dadi, paningal
sejatinipun, sampun jangkep sekawan, ing mangke pinusthi
malih, ingkang badan Jabrail sejatinira.
Jeneng nepsu punika, Mikail sejati nireki, utawi kang saking
nyawa, Isropil tegese kaki, kang saking tingal sejati, Ijroil
sejatinipun, den samya ngawruhana, aja lali sira kaki, samya
tunggal punika dipun waspada.
Kang Jabrail punika, ijo warnanireki kaki, asta kanan mapanira,
utawi Mikail yekti, ing roh panggonan neki, kuning warnane
punika, miwah Isropil ika, putih warnanira kaki, wedaliriku kaki
saking wuntat.
Ijroil ing tegesira, saking gigir wedalireki, pan ireng ing warnanira,
miwah ing panebut kaki, marang kang Mha Suci, beda-beda
pujinipun, lamun muji Ilallah, Ijrail pujinireki, Minallahi Isropil
ing puji nira.
Yen muji Lillahi ika, Mikail iku kang muji, Jabrail muji Hu Allah,
lamun ana cahya putih, wetune saking rai, ireng urub ira iku,
warnaning ingkang cahya, punika nugrah Hyang Widdi, yaiku
aran kang luwih utama.
Punika den kawruhana, Alip kang sahadat jati, kathahe limang
prakara, sadat mutakalim wakhid, utawi guluneki, ing kana
sejatinipun, kaping kalih tegesnya, Alip He namanireki, iya iku
otote gulu kang kiwa.
Yen medal mandhuwur lirnya, Alip kallam nama neki, pan iku
wimbuhing jagad, manungsa jati nireki, kallam panjingireki, ing puad sejatinipun, miwah ing kalbunira, yen medal anganan
malih, sejatine iku kang ran mulya.
DHANDHANGGULA
Sapa wonge kang angawruhi, sejatine kang kitab punika, dadi
gedhe ing begjane, wikan ing badanipun, kang waspada ing kitab
iki, ingaranan pustaka, Nugrayen Hyang Agung, kang kasebut
sajroning kitab, Ngalam Kabir miwah Ngalam Sapir, tan ana
bedanira.
Ngalam Kabir Ngalam Sapir kaki, bedanira ana ing sira, yen wus
wikan ing tuduhe, sarta wulaning pan, lungguhe Ngalam Sejati,
pinanggih ngelmu rasa, ing gegebenganipun, miwah kathahing
aksara, lamun malih lungguhe sawiji-wiji, kang ana ing salira.
Pira kehe bebalung puniki, kalih atus pan punjul sawidak, otot
nem ewu kathahe, lawan punjul nem atus, lan sawidak
punjulireki, sakethi wulunira, iku punjulipun, tigang leksa
punjulira, lan tri ewu atus tri dasa nenggih, punjulu tigang
lembar.
Apan rambut saleksa puniki, tigang ewu miwah punjulira, iku tri
atus punjule, tri dasa lawan telu, sampun jangkep wilangan neki,
padha sira estokna, rekmane Njeng Rasul, lan aja katungkul sira,
angupaya ngelmu kang lewih-lewih, slamet ndonya akherat.
Wulu badan pan kathahe sami, lawan rambut iku kathahira, alis
pitung atus kehe, sawidak punjulipun, lawan enem langkungireki,
idep pan karo belah, ing wilanganipun, napas kang metu punika,
pan karone sedina lawan sawengi, nem ewu langkungira.
Pan nem atus swidak gunggung neki, iku kaki muga estokna, aja
mung katungkul, anenggih kang sumambung, parincene raga
sejati, angrawruhana sira, aja salah surup, iku kaki den waspada,
ngelmu kang katemu ing ngalam akhir, poma ing wekas ing wang.
Kang pinurwa carita utami, ingkang pinencer parinci nira, raga
ing jaba jerone, den mantep ing pandulu, aja sasar sabarang
kardi, den ambeg amartapa, martapeng pandulu, aja tuna aja
kaliwat, iya iku dadine kawula Gusti, aja tinggal kaliwatan.
Mulanira ngaurip puniki, tlatenana mumpung aneng donya, wong
urip akeh arale, wong lelaku ing mbesuk, dununge awit saiki,
mumpung sira sih gesang, lawan susur ngulati jabane bumi,
temahan ora ana.
Bumi langit banyu lawan geni, angin lintang surya lawan candra,
kabeh ana ing dheweke, jurang tanapi gunung, padhang peteng
wonten ing ngireki, adoh lawan perak, pan ana ing sireku, miwah
salumahing jagad, atanapi miwah sakubering langit, kabeh ana
ing sira.
Ujar iku apan luwih adi, sasat simpen jumanten kumala, yen wus
wikan rahsane, aja sira katungkul, amintaha samaning urip,
manungsa sawidak warsa, dawane kang umur, mumpung sira
makih gesang, takokna jalma ingkang lewih ngerti, kaluwihaning
donya.
Iku ujar kaki kang sayekti, Nabi Wali kalawan Mukminnya, kabeh
ana ing dheweke, kalawan Kangjeng Rasul, dununge sawiji-wiji,
Allah lawan Muhammad, kabeh neng sireku, patrapna kang
prayoga, aja nganti salah surup iku kaki, Allah lawan
Muhammad.
Iku tuduhe apan iku singgih, lawan pituduh ingkang sanyata, yen
bangke ala dadine, tegese bangke iku, kawruhana mumpung isih
urip, yen sira durung wikan, satemene iku, jatining aneng
pusaka, iya iku pusakaning ingkang ening, anane kang pusaka.
Sajeroning ning iya ana urip, jroning urip pan ana ningnya,
jroning ning iku rahsane, jroning rahsa puniku, pan ana sir
jatinireki, sajroning sir punika, aran Dzat satuhu, sajroning Dzat
ana sipat, iya iku swara kang lewih ening, jro swara ana apa.
Jrone swara ana urip, iya iku urip kang sanyata, sanyatane urip
mangkene, urip ingkang satuhu, anuhoni niyat ingkang ning,
ning sejati nira, rupane wa Khayu, khayune sundhul ngakasa,
bumi langit asmara sejati neki, jroning asmara rupa.
Kang wikan makripatireki, sejatine muni-muna, iku panengerane,
tuture asor amamadu, iya iku samane gendhis, rahsane kudu
wikan, ing sajroning madu, apa ana ing jaba, miwah apa aneng
jro badanireki, poma kaki den wikan.
Peksi iku pan gangsal perkawis, ingkang dhingin iya kresna, peksi
ijo kapindhone, nenggih ping tiganipun, peksi kuning punika
singgih, kaping catur warnanya, putih ulesipun, kang tengah
peksi dewata, peksi iku yektine limang perkawis, kang neng
badan manungsa.
Peksi lima padha adi-adi, iya padha angon lakunira, padha
mencok dhewe-dhewe, sawiji aneng pusuh, panggonane punika
nenggih, Hu Wallahu dhikirnya, kaping kalihipun, peksi ijo aneng
limpa, iya panggonane ingkang peksi, Muhammad dhikir ira.
Kaping tiga peksi kuning, panggonane ana sekar gedhang,
Rasulullah dhikire, anenggih kaping catur, peksi putih puniku
kaki, tengah peksi dewata, dhindhing jalal iku, poma kaki den
waspada, panjagane ingkang aran peksi, iku padha takokna.
Alip iku kurungane yekti, sejatine Alip iku sira, munthilane deg-
adege, angadeg dhewekipun, iya saking Hyang Maha Suci, kang
kaya munthila, iku mulanipun, iya kabeh apan ana, sejatine iya
iku rupaning ning, endi ingkang nyata.
Pan wus nate kang tigang prakawis, ingkang dhingin Allah lan
Muhammad, Rasulullah ping tigane, lawan Gusti Kang Agung,
nyatakna kang tri prakawis, iku dipun waspada, yen wus wruh
satuhu, yen wikan ingkang sanyata, waspadakna nora samar
barang kardi, rupane kaya sira.
Lamun sira sampun anggrawuhi, wus tetela rupane kang sanyata,
den awasa sak enggon-enggone, ja nganti salah surup, ing wong
ngurip den angati-ati, kang sanyata wus cetha, Allah iya iku, Hu
Wallah Hu iya iku, Ya Alllah Hu iya iku wus angenggoni, iya aran
pramana.
Iya iku jeneng nyata kaki, Maha Suci ing sarira nira, carita iku
rupane, Gusti Kang Maha Agung, kang murba misesa jati, iya iku Kang Tunggal, kalawan Hyang Agung, kabeh iku pan kagungan,
iya iku kang aran Muhammad suci, enggone aneng raga.
Yen wus wus emut anggonira kaki, iya iku poma den waspada, aja
sasar pandelenge, ja nganti sasar susur, wong urip padha
ngrawuhi, ngluwihi marga padhang, yen sira wus weruh, ing
marga Maha Mulya, iya iku kaki den nastiti, titenana jroning tyas.
Sejatine kanyatan kaki, iya nyatane patang prakara, dununge
sakabehe, warna dhikiripun, ya dhikire patang prakawis, poma
den estokna, ing satunggalipun, wong urip den waspada, ing
dhikirnya lawan laku kang sejati, poma yekti den wikan.
Yen wau manggon kang patang perkawis, ingkang aran wau kang
amurba, endi arane samangke, lamun ora dumunung, lakunira
pan ora dadi, tan sampurna kang tinggal, apa ta wong iku wong
ngaji, patang perkara, iya iku wong ngaku kang during dadi,
ngajine nawuyungan.
Reyang-reyong pangaji neki, anane tan adoh keblatullah,
keblatullah satemen, mulane kang rumuhun, pan wus weruh,
anggonira ngaji, ja sira kasmaran, ing wong ngaji iku, poma kaki
kawruhana, aja sira api-api ngaji, kaki aja mangkana.
MASKUMAMBANG
Kuneng gantya ingkang cinarita nenggih, lungguhe kang sukma,
aneng badane pribadi, padha sira kawruhana.
Ping sepuluh punika ingkang winarni, kaki wastanira; mannik
kastuba ran neki, lungguhe aneng lak-lakan.
Ping sawelas mannik tala aneng mannik, lungguhe punika,
kaping rolas mannik wijil, lungguhe aneng salira.
Ping telulas jejuluke luyut jati, lungguhe aneng badan, ping
patbelas sang nurjati, aneng utek lungguh ira.
Ping limalas arane sang purwajati, neng napsu lungguhnya, ping
nembelas kang winarni, buwana balung lungguhnya.
Sang Taljati lungguhnya aneng daging, walulas sangalas, sang
lirmaya aran neki, ana ing otot punika.
Kaping kalihdasa punika winarni, ingkang aran burak, ngikut
ping selikur nenggih, arane sang sukma mulya.
Anenggih getih kaping selikur winarni, aran sukma wisesa,
lungguhe suku kekalih, ping telulikur gumantya.
Ingkang aran Sukma Purba iku kaki, asta dwi lungguhnya,
kaping pitlikur winarni, aran sukma adimulya.
Pelanangan lungguhe punika kaki, kaping slawe wastanya,
sukma kembar aran neki, lungguhe aneng gantungan.
Ping nemlikur sukma liyep wasta neki, lungguhe neng nala, ping
pitulikur anenggih aran sukma rasa mulya.
Iya iku lungguhe ampere kaki, ping wolulikurnya, sukma ragajati
nenggih, lungguhe aneng jaja.
Sangalikur ingkang aran kurasjati, neng wulu punika, tigang
dasanipun winarni, sukma kuru nama nira.
Lungguhe aneng rambut iku kaki, aneng adep ira, tri dasa neng
puser kaki, kang aran pas buwana.
Mulane ana nahwu usul pekih, saking ananira, saking tri dasa
puniki, iya sukma tigang dasa.
Mula ana aksara Alip sawiji, Alip namanira, iku urip kang sejati,
lawan malih kang Alip Lam.
Tegese Alip Lam puniku kaki, ana ing manungsa, ujare kitab
nganasir, iku kaki kawruhana.
Pan mulane Allip puniku miwiti, kabehing aksara, kang dadi
wiwitane Alip, marga asal saking grana.
Iya eleng grana kekalih, sangane puniku, Ba Ta Sa dadi nireki,
asta kanan lawan kiwa.
Jim Kha iku epek-epek asta kalih, kalawan Kho besar, kaping
kalih Dal cilik, rambut sirah Dal besar.
Ra Yha pundhak kanan lawan kering, Sin Sha bokong kiwa, Shot
Dzot geger tengen neki, iya ingkang dadi manah.
To Dzo iku pupu dadi neki, Ngain wentis kiwa; aksara Kap dadi
kulit, Kop gedhe ing daging ira.
Aksara Lam Alip anggitan neki, apan dadi jagad, ing manungsa
dadi neki, kalimputan dening sukma.
Ula-ula Lam Mim Nun dunugireki, Wawu Ha badan manungsa.
ASMARADANA
Yogya kawruhana iki, pusering jagad dumadya, patang perkawis
kathahe, ya wadi kang satunggal, madi kaping pindhonya, mani
ingkang kaping tiga.
Kaping pat manikem nenggih, iku padha kawruhana, ja nganti
salah ing batos, poma-poma den weruha, padha angestokna, yen
tan wikan dunungipun, tuna jenenging gesang.
Iku ujare wong kang luwih, kaya ing wong kathah, pan sampun
angsal gurune, yen lamun ora weruha, takokna ngelmu ika, aja
sira katungkul, dipun padha anggraita.
Tegese kang aran wadi, nggone rasa ingkang mulya, tegese madi
ta mangke, rasa kang luwih sampurna, mani iku tegesira, sejatine
rasa iku, kaping pat tegesira.
Maningkem punika nenggih, ajima’ rasa kang mulya, wanudya
lawan kakunge, tegese kang madi ika, dadinira sasotya, wadi iku
napsunipun, mani uger-uger netra.
Tegesi maningkem nenggih, wewedhah jatining sukma, kaya getih
daging mangke, dadi getih dagingira, kadadeyan kang rasa,
sawijining rasa iku, warna rupa Johar Awal.
Ula-ula tegese neki, dhingin dhatan kadhinginan, tegese Johar
samangke, iya Roh ilapi lirnya, kang dhingin kadhinginan, tegese
ing uripipun, ilapi iku pratandha.
Tegese roh ilapi suci, iya kang kadim mulya, iku ing lesan jatine,
kinarya la ulanira, Betal Mukhadas lirnya tegese betal puniku,
kepala ingkang sampurna.
Tegese mukhadas nenggih, wadana kang mulya mangkya,
liningena ing Hyang Manon, pan sotya ingkang mulya, lah iku
dadinira, sajroning netra kadulu, ingaranan Jalalullah.
DHANDHANGGULA
Purwaningreh kang patang perkawis, iku kaki padha estokna, den
bisa andunungake, sawiji-wijinipun, ingkang aran sarengat kaki,
kalawan tarekat, hakekat ping telu, kaping pat ira makripat, den
tetela prayoganira ngrawuhi, dunung kang sanyata.
Nyatakna dununge sawiji, yen tan weruh dununging sarengat,
nora syah sembahyange, pan dadi sasar susur, lungguhe sarengat
nenggih, iku lungguhe badan, tarekat puniku, ana ing roh
dunungira, aneng ati dununging hakekat nenggih, aneng rasa
makripat.
Sampun jangkep kang patang perkawis, lungguhira satunggal-
satunggalnya, kari pilahe wae, sarengate Njeng Rasul, kalawan
Nabi Muhammad, yaiku dununge sawiji-wiji, sarengat Rasulullah.
Sareng Njeng Nabi puniki, lungguhira ana ing pangucap, kang
mengku rasa kabeh, tarekatipun, ing pangambu dunungireki,
amengku rasa mulya, hakekatireku, yaiku lungguhira, aneng
kuping makripat dunungireki, kang amengku rasa nala.
0 Komentar